COBANEN IKI
Seneng Nggolèki Hal Anyar Wektu Belajar
Sakdurungé mulai belajar, kadhang awaké dhéwé wis isa nebak mengko bakal éntuk pelajaran apa. Tapi meskipun awaké dhéwé wis isa nebak, isa waé Yéhuwah sakjané arep ngajari sesuatu sing anyar. Dadi wektu belajar, awaké dhéwé kudu piyé?
Ndonga njaluk kawicaksanan. Njaluka Yéhuwah mbantu bèn njenengan paham apa sing péngin diajarké Yéhuwah saiki. (Yak. 1:5) Aja puas karo pengetahuan sing wis diduwèni.—WB. 3:5, 6.
Gelem dituntun omongané Gusti Allah. ”Omongané Gusti Allah kuwi urip.” (Ibr. 4:12) Makané, saben maca Alkitab, awaké dhéwé mesthi bakal éntuk pengetahuan utawa penerapan anyar. Nah bèn isa kaya ngono, kudu sadhar nèk ana hal-hal sing awaké dhéwé ora ngerti, lan ngertiné kuwi mung nèk mempelajari Alkitab.
Menghargai kabèh persediaan saka Yéhuwah. Yéhuwah wis nyiapké persediaan rohani sing akèh banget kaya panganan sing berlimpah ing ”pésta”. (Yés. 25:6) Aja nganti awaké dhéwé ora gelem mempelajari topik-topik tertentu sing kétoké ora menarik. Nèk menikmati kabèh persediaan saka Yéhuwah, njenengan ora mung bakal éntuk manfaat, tapi ya dadi seneng belajar.