PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwbr18 April hlm. 1-11
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2018
  • Subjudhul
  • 2-8 APRIL
  • 9-15 APRIL
  • 16-22 APRIL
  • 23-29 APRIL
  • 30 APRIL–6 MEI
Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2018
mwbr18 April hlm. 1-11

Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

2-8 APRIL

SINAU SAKA ALKITAB | MATIUS 26

”Paskah lan Pèngetan—Bédané lan Padhané”

(Matius 26:17-20) Ing dina kapisan Riyaya Roti Tanpa Ragi, murid-murid marani Yésus lan takon, ”Panjenengan péngin aku nyiapké maeman kanggo Riyaya Paskah ing ngendi?” 18 Yésus njawab, ”Mlebua ing kutha lan kowé bakal ketemu karo sawijiné wong, lan kandhaa marang dhèwèké, ’Guru kandha, ”Wektu sing wis ditemtokké kanggo aku wis cedhak. Aku arep ngrayakké Paskah karo murid-muridku ing omahmu.”’” 19 Mula murid-murid nindakké kuwi persis kaya préntahé Yésus lan nyiapké Paskah. 20 Wektu wis wengi, Yésus lungguh lan maem bareng karo 12 muridé.

nwtsty média

Mangan Paskah

Panganan sing utama ing Paskah yaiku: wedhus gèmbèl panggang (ora ana balungé sing diceklèk) (1); roti tanpa ragi (2); lan jangan pait (3). (Pa 12:5, 8; Wi 9:11) Miturut Misnah, jangan pait kuwi isa waé selada, lof Brussel (chikori), andewi, dandelion (rumput jombang). Kuwi kanggo ngélingké bangsa Israèl nèk mbiyèn dadi budhak ing Mesir. Yésus nggunakké roti tanpa ragi dadi lambang badané sing sampurna. (Mat 26:26) Rasul Paulus nyebut Yésus ”Cempé Paskah kita”. (1Kor 5:7) Ing abad kapisan, anggur (4) uga disiapké kanggo mangan Paskah. Yésus nggunakké anggur dadi lambang getihé, sing bakal diecurké kanggo tebusan.​—Mat 26:27, 28.

(Matius 26:26) Wektu isih padha maem, Yésus njupuk roti, lan sakwisé ndonga, Yésus nyuwil-nyuwil roti kuwi banjur diwènèhké marang murid-muridé karo kandha, ”Jupuken, maemen. Iki nglambangké badanku.”

nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 26:26

nglambangké: Tembung Yunani estin (literal ”tegesé”) iki maknané ”artiné, maksudé, nglambangké, wakilé”. Para rasul ngerti maksudé tembung kuwi. Badané Yésus sing sampurna ana ing ngarepé para rasul lan roti tanpa ragi sing arep dipangan uga ana ing kono. Dadi cetha nèk roti kuwi dudu badané Yésus sing saktenané. Tembung Yunani sing padha uga digunakké ing Matius 12:7, lan akèh terjemahan Alkitab uga nggunakké tembung ”nglambangké”.

(Matius 26:27, 28) Sakwisé kuwi, Yésus njupuk cawan, banjur ngucap sokur lan mènèhké marang murid-muridé karo kandha, ”Kowé kabèh padha ngombéa saka cawan iki, 28 merga iki nglambangké getihku, yaiku ’getih kanggo perjanjian’, sing bakal diecurké kanggo ngapurani dosané akèh wong.

nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 26:28

getih kanggo perjanjian: Perjanjian anyar antarané Yéhuwah lan wong Kristen terurap sing sah merga korban tebusan Yésus. (Ibr 8:10) Yésus nggunakké istilah sing uga digunakké karo Musa wektu dadi perantara lan ngesahké perjanjian Hukum karo bangsa Israèl ing Gunung Sinai. (Pa 24:8; Ibr 9:19-21) Getihé sapi lan wedhus ngesahké perjanjian Hukum antarané Gusti Allah karo bangsa Israèl. Semono uga, getihé Yésus ngesahké perjanjian anyar sing digawé Yéhuwah karo Israèl rohani. Perjanjian kuwi mulai kanggo wektu Péntakosta 33 M.​—Ibr 9:14, 15.

Wulangan Penting

(Matius 26:17) Ing dina kapisan Riyaya Roti Tanpa Ragi, murid-murid marani Yésus lan takon, ”Panjenengan péngin aku nyiapké maeman kanggo Riyaya Paskah ing ngendi?”

nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 26:17

Ing dina kapisan Riyaya Roti Tanpa Ragi: Riyaya Roti Tanpa Ragi dimulai tanggal 15 Nisan, sedina sakwisé Paskah (14 Nisan), lan suwéné pitung dina. (Deloken bagéan 19 ing buku Tuntunan kanggo Sinau Alkitab.) Ning ing jamané Yésus, riyaya Paskah ana hubungané karo riyaya iki, dadi riyaya iki suwéné wolung dina, klebu tanggal 14 Nisan. Kadhang kala, Paskah uga disebut ”Riyaya Roti Tanpa Ragi”. (Luk 22:1) Ing ayat-ayat iki, tembung ”Ing dina kapisan” isa diterjemahké ”Sedina sakdurungé”. (Bandhingna Yoh 1:15, 30, tembung Yunani kanggo ”kapisan” [protos] diterjemahké ”sakdurungé” lan susunané mèh padha, yaiku ”dhèwèké wis ana sakdurungé [protos] aku”.) Dadi miturut tembung Yunaniné, lan miturut kebiasaan Yahudi, lumrah nèk murid-murid takon bab kuwi karo Yésus pas tanggal 13 Nisan. Pas awan tanggal 13 Nisan, murid-murid nyiapké kanggo Paskah, sing bakal dirayakké ’wektu wengi’, yaiku wiwitané tanggal 14 Nisan.​—Mrk 14:16, 17.

(Matius 26:39) Sakwisé maju sithik saka kono, Yésus banjur sujud lan ndonga, ”Bapakku, nèk isa, tulung singkirna cawan iki saka aku. Nanging dudu karepku sing kuduné kelakon, mung kersané Panjenengan sing kudu kelakon.”

nwtsty  katrangan kanggo sinau Mat 26:39

tulung singkirna cawan iki: Ing Alkitab, tembung ”cawan” kerep digunakké kanggo nglambangké kersané Gusti Allah utawa ”bagéan sing ditugaské” marang wong. Yésus mesthi kuwatir nèk matiné isa ngrusak réputasi lan asmané Gusti Allah, merga dhèwèké ditudhuh dadi wong sing ngrèmèhké lan ngécé Gusti Allah. Mula dhèwèké nyuwun bèn ”cawan” iki disingkirké saka dhèwèké.

Maca Alkitab

(Matius 26:1-19) Sakwisé Yésus ngomongké kuwi kabèh, Yésus banjur kandha marang murid-muridé, 2 ”Kowé ngerti nèk rong dina manèh ana Riyaya Paskah, lan Putrané manungsa bakal ditangkep kanggo dihukum mati ing cagak.” 3 Wektu kuwi, para imam kepala lan para pemimpin bangsa kuwi nglumpuk ing halaman omahé imam agung sing jenengé Kayafas. 4 Wong-wong kuwi padha nggawé rencana jahat kanggo nangkep Yésus nganggo cara sing licik lan matèni dhèwèké. 5 Nanging wong-wong kuwi kandha, ”Aja pas riyaya, mengko ndhak marakké gègèran.” 6 Wektu Yésus ing Bétani, ing omahé Simon sing mbiyèn lara kusta, 7 ana wong wadon sing marani Yésus wektu Yésus lagi maem. Wong wadon kuwi nggawa botol marmer isi lenga wangi sing larang banget, banjur disokké alon-alon ing sirahé Yésus. 8 Wektu ndelok kuwi, murid-muridé Yésus dadi nesu lan kandha, ”Ngapa kok lengané dibuwang-buwang kaya ngono? 9 Kuwi kan isa diedol lan regané mesthi larang, terus dhuwité isa diwènèhké marang wong miskin.” 10 Merga ngerti iki, Yésus banjur kandha marang murid-muridé, ”Ngapa kok kowé ngomong kaya ngono bab wong wadon iki? Dhèwèké wis tumindak apik marang aku. 11 Merga wong miskin bakal terus ana karo kowé, nanging aku ora bakal terus ana karo kowé. 12 Wektu dhèwèké ngesokké lenga wangi kuwi ing awakku, dhèwèké nindakké kuwi kanggo nyiapké penguburanku. 13 Saktenané aku kandha marang kowé, ing ngendi waé kabar apik diwartakké ing saklumahing bumi, sing ditindakké wong wadon iki uga bakal dicritakké kanggo ngéling-éling dhèwèké.” 14 Banjur, salah siji saka antarané 12 rasul, sing disebut Yudas Iskariot, lunga nemoni para imam kepala. 15 Dhèwèké kandha, ”Apa sing bakal kok wènèhké marang aku nèk aku masrahké Yésus marang kowé?” Para imam kepala nawakké 30 dhuwit pérak. 16 Dadi wiwit kuwi, Yudas terus nggolèk kesempatan kanggo masrahké Yésus. 17 Ing dina kapisan Riyaya Roti Tanpa Ragi, murid-murid marani Yésus lan takon, ”Panjenengan péngin aku nyiapké maeman kanggo Riyaya Paskah ing ngendi?” 18 Yésus njawab, ”Mlebua ing kutha lan kowé bakal ketemu karo sawijiné wong, lan kandhaa marang dhèwèké, ’Guru kandha, ”Wektu sing wis ditemtokké kanggo aku wis cedhak. Aku arep ngrayakké Paskah karo murid-muridku ing omahmu.”’” 19 Mula murid-murid nindakké kuwi persis kaya préntahé Yésus lan nyiapké Paskah.

9-15 APRIL

SINAU SAKA ALKITAB | MATTHEW 27-28

”Apa Sebabé, Ing Endi, lan Piyé Carané Ndadèkké Murid?”

(Matius 28:18) Yésus nyedhak lan kandha marang para muridé, ”Kabèh kuwasa ing swarga lan ing bumi wis diwènèhké marang aku.

w04-IN 1/7 8 ¶4

’Padha Lungaa lan Dadèkna Wong-Wong Dadi Murid’

4 Yésus nduwé wewenang marang jemaat-jemaaté. Wiwit taun 1914 Yésus nduwé wewenang ing Kraton sing lagi waé madeg. (Kol. 1:13; Why. 11:15) Yésus kuwi pemimpiné para malaékat lan isa mréntah pasukan malaékat sing cacahé atusan yuta. (1 Tés. 4:16; 1 Ptr. 3:22; Why. 19:14-16) Yésus diparingi wewenang karo Bapaké bèn nyirnakké ”kabèh pamréntahan lan kabèh sing nduwé kuwasa” sing ora gelem manut karo pathokan-pathokané Gusti Allah. (1 Kor. 15:24-26; Éf. 1:20-23) Yésus ora mung nduwé wewenang marang wong-wong sing isih urip. Dhèwèké uga ”hakimé wong urip lan wong mati” lan nduwé kuwasa saka Gusti Allah kanggo nguripké manèh wong-wong sing wis mati. (Kis. 10:42; Yoh. 5:26-28) Mesthiné, préntah sing diwènèhké saka Pribadi sing nduwé wewenang sing gedhé banget kuwi kudu dianggep bab sing paling penting. Mula, kita kudu ngajèni lan lila manut karo prentahé Yésus, yaiku ’padha lungaa lan dadèkna wong-wong dadi murid’.

(Matius 28:19) Mula, padha lungaa lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku, baptisen wong-wong kuwi nganggo asmané Bapak lan Putra lan roh suci,

nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 28:19

dadèkna wong-wong . .  dadi muridku: Tembung Yunani matheteuo isa diterjemahké ”mulang” sing maksudé ndadèkké murid utawa siswa. (Bandhingna karo Mat 13:52, sing diterjemahké ”diwulang”.) Kata kerja ”baptisen” lan ”wulangen” kuwi nduduhké apa waé sing kudu ditindakké kanggo ’ndadèkké murid’.

wong-wong saka kabèh bangsa: Arti sing saktenané yaiku ”kabèh bangsa”. Ning sing dirembug kuwi maksudé saben wong sing asalé saka kabèh bangsa. Ing basa Yunani, kata ganti ”wong-wong kuwi” ing ukara baptisen wong-wong kuwi maskulin lan maksudé wong-wong. Sing dimaksud dudu ”bangsa” merga tembung ”bangsa” ing basa Yunani kuwi nétral. Préntah kanggo nginjil marang ”wong-wong saka kabèh bangsa” kuwi préntah sing anyar. Sakdurungé pelayanané Yésus, Kitab Suci nduduhké nèk wong-wong saka bangsa liya isa nggabung karo bangsa Israèl nèk wong-wong kuwi ngabdi marang Yéhuwah. (1Ra 8:41-43) Ning Yésus mréntahké para muridé kanggo nginjil marang bangsa-bangsa liya, ora mung marang bangsa Yahudi. Kuwi nduduhké nèk préntah kanggo ndadèkké murid kudu ditindakké sakdonya.​—Mat 10:1, 5-7; Why 7:9.

(Matius 28:20) wulangen wong-wong kuwi supaya nindakké kabèh sing tak préntahké marang kowé. Élinga, aku terus ngancani kowé nganti pungkasané jaman iki.”

nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 28:20

wulangen wong-wong kuwi: Tembung Yunani sing diterjemahké ”wulangen” klebu mènèhi arahan, penjelasan, nduduhké alesan, lan nduduhké bukti. Mulang wong-wong kanggo nindakké kabèh sing dipréntahké Yésus kuwi terus-terusan, klebu mulang préntah-préntahé Yésus, ngetrapké préntahé Yésus, lan niru tuladhané Yésus.​—Yoh 13:17; Éf 4:21; 1Ptr 2:21.

Wulangan Penting

(Matius 27:51) Ujug-ujug geber ing bait suwèk dadi loro, saka ndhuwur tekan ngisor, lan bumi goncang uga bukit-bukit watu bengkah.

nwtsty katrangan kanggo sinau Mt 27:51

geber: Iki gordèn sing apik, sing misahké Ruang Maha Suci lan Ruang Suci ing bait. Miturut tradisi Yahudi, dawané gordèn iki 18 m (60 kaki), ambané 9 m (30 kaki), lan kandelé 7,4 cm (2.9 inci). Gordèn sing suwèk dadi loro nduduhké nèk Yéhuwah ora mung nesu marang wong-wong sing matèni Putrané, ning uga nduduhké nèk saiki wong-wong isa munggah swarga.​—Ibr 10:19, 20; deloken Daftar Istilah.

bait: Basa Yunaniné naos. Maksudé pusat ibadah, klebu Ruang Suci lan Ruang Maha Suci.

(Matius 28:7) Cepet lungaa lan kabarana murid-muridé Yésus nèk Yésus wis diuripké manèh saka antarané wong mati. Dhèwèké lagi lunga ndhisiki kowé menyang Galiléa, lan kowé kabèh bakal ketemu karo dhèwèké ing kana. Padha élinga apa sing tak omongké iki.”

nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 28:7

kabarana murid-muridé Yésus nèk Yésus wis diuripké manèh: Para wong wédok iki ora mung murid-murid kapisan sing dikandhani nèk Yésus wis diuripké manèh, ning uga murid-murid kapisan sing dikongkon ngandhani murid-murid liyané. (Mat 28:2, 5, 7) Miturut kebiasaané wong-wong Yahudi, wong wédok ora éntuk ngomong ing pengadilan. Kuwi dhasaré ora saka Kitab Suci. Malaékaté Yéhuwah ngajèni wong wédok nganggo cara mènèhi tugas sing nyenengké.

Maca Alkitab

(Matius 27:38-54) Ana rampok loro uga dihukum mati ing cagak ing sisihé Yésus, siji ing sisih tengen lan siji ing sisih kiwa. 39 Wong-wong sing liwat padha ngécé Yésus lan gèdhèg-gèdhèg 40 karo kandha, ”Kowé sing jaréné arep ngambrukké bait lan mbangun manèh ing wektu telung dina, slametna awakmu dhéwé! Nèk kowé pancèn putrané Gusti Allah, mudhuna saka cagak paukuman!” 41 Semono uga para imam kepala lan para ahli Taurat, uga para pemimpin, mulai ngécé Yésus, kandhané, 42 ”Wong liya dislametké, nanging ora isa nylametké dhèwèké dhéwé! Dhèwèké kan Raja Israèl, kuduné isa mudhun saka cagak paukuman lan kita bakal percaya karo dhèwèké. 43 Dhèwèké percaya marang Gusti Allah, mula bèn Gusti Allah sing nylametké, nèk pancèn Gusti Allah tresna marang dhèwèké. Merga dhèwèké ngomong, ’Aku Putrané Gusti Allah.’” 44 Malah, para rampok sing ana ing cagak ing sisihé Yésus uga ngécé kaya ngono. 45 Wiwit jam 12 awan, kabèh dhaérah ing kono dadi peteng nganti jam 3 soré. 46 Kira-kira jam telu soré, Yésus mbengok, ”Eli, Eli, lama sabakhtani?” sing tegesé, ”Allahku, Allahku, ngapa Panjenengan ninggalké aku?” 47 Wektu krungu kuwi, wong-wong sing ngadeg ing kono mulai kandha, ”Wong iki nyeluki Élia.” 48 Lan salah siji wong ing kono langsung mlayu njupuk kembang karang, ngekum kuwi ing anggur kecut, banjur ndèlèhké ing sak lonjor kayu, lan diwènèhké Yésus supaya diombé. 49 Nanging sing liyané kandha, ”Ejarna waé dhèwèké! Ayo didelok apa Élia bakal teka kanggo nylametké dhèwèké.” 50 Banjur Yésus mbengok manèh lan séda. 51 Ujug-ujug geber ing bait suwèk dadi loro, saka ndhuwur tekan ngisor, lan bumi goncang uga bukit-bukit watu bengkah. 52 Kuburan-kuburan padha kebukak, lan akèh mayit para wong suci sing wis mati padha mencelat metu 53 lan akèh wong sing weruh. (Sakwisé Yésus diuripké manèh, wong-wong sing ana ing dhaérah kuburan-kuburan mau padha mlebu menyang kutha suci.) 54 Wektu perwira lan wong-wong sing njaga Yésus ndelok gempa kuwi lan kabèh sing wis kedadéan, wong-wong kuwi dadi kewedèn lan kandha, ”Wong iki mesthi Putrané Gusti Allah.”

16-22 APRIL

SINAU SAKA ALKITAB | MARKUS 1-2

”Dosamu Wis Diapura”

(Markus 2:3-5) Terus ana wong papat teka ngusung wong lanang sing lumpuh. 4 Nanging wong-wong kuwi ora isa ngusung wong lanang mau menyang ngarepé Yésus, merga ana akèh wong. Dadi wong-wong kuwi mbobol atapé omah sing ana ing ndhuwuré Yésus, saka kono wong lumpuh mau banjur diedhunké nganggo tandhu. 5 Wektu weruh imané wong-wong kuwi, Yésus kandha marang wong lumpuh mau, ”Lé, dosamu wis diapura.”

jy 67 ¶3-5

”Dosamu Wis Diapura”

Wektu Yésus lagi mulang ing ruangan sing kebak kuwi, ana wong papat teka ngusung wong lanang sing lumpuh. Wong-wong kuwi péngin Yésus marèkké wong lumpuh kuwi. Nanging, merga ana akèh wong, wong-wong kuwi ora isa ”ngusung wong lanang mau menyang ngarepé Yésus”. (Markus 2:4) Mesthi wong-wong kuwi dadi gela banget. Wong-wong kuwi banjur munggah menyang atap lan mbobol atapé omah kuwi, wong lumpuh mau banjur diedhunké nganggo tandhu.

Apa Yésus dadi nesu? Babar blas ora. Dhèwèké malah nggumun karo imané wong-wong kuwi, lan kandha marang wong lumpuh mau, ”Dosamu wis diapura.” (Matius 9:2) Nanging apa Yésus pancèn isa ngapurani dosa? Para ahli Taurat lan wong-wong Farisi ora seneng, lan padha mbatin, ’Kok isa-isané wong iki ngomong kaya ngono? Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. Apa ana sing isa ngapurani dosa sakliyané Gusti Allah?’​—Markus 2:7.

Nanging, merga ngerti apa sing dibatin wong-wong kuwi, mula Yésus kandha, ”Ngapa kowé mbatin kaya ngono? Luwih gampang endi, ngomong marang wong lumpuh iki, ’Dosamu wis diapura,’ utawa ngomong, ’Ngadega, angkaten tandhumu lan mlakua’? (Markus 2:8, 9) Yésus pancèn isa ngapurani dosa, merga nèk wis wektuné, Yésus bakal mènèhké badané dadi kurban sing dadi dhasar kanggo ngapurani dosa.

(Markus 2:6-12) Ana para ahli Taurat sing lungguh ing kono padha mbatin, 7 ’Kok isa-isané wong iki ngomong kaya ngono? Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. Apa ana sing isa ngapurani dosa sakliyané Gusti Allah?’ 8 Nanging Yésus langsung ngerti apa sing dibatin wong-wong kuwi. Mula Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Ngapa kowé mbatin kaya ngono? 9 Luwih gampang endi, ngomong marang wong lumpuh iki, ’Dosamu wis diapura,’ utawa ngomong, ’Ngadega, angkaten tandhumu lan mlakua’? 10 Nanging, supaya kowé ngerti nèk Putrané manungsa nduwé kuwasa kanggo ngapurani dosa ing bumi . . . ” Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, 11 ”Aku kandha marang kowé, ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.” 12 Wong lumpuh kuwi ngadeg lan langsung ngangkat tandhuné, banjur mlaku ing ngarepé wong akèh kuwi. Mula wong-wong dadi nggumun lan ngluhurké Gusti Allah, uga kandha, ”Awaké dhéwé durung tau ndelok kaya ngéné iki sakdurungé.”

nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 2:9

Luwih gampang endi: Pancèn gampang nèk ngomong isa ngapura dosa, senajan ora ana bukti sing nduduhké omongan kuwi. Ning merga Yésus kandha Ngadega . . . lan mlakua, kuwi nduduhké nèk kudu ana mukjijat sing kelakon. Dadi cetha nèk Yésus nduwé wewenang kanggo ngapurani dosa. Crita iki lan ayat ing Yésaya 33:24 nduduhké nèk lara kuwi ana hubungané karo dosa.

Wulangan Penting

(Markus 1:11) Terus ana swara saka langit, ”Kowé Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.”

nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 1:11

swara saka langit: Kedadéan kapisan saka telung kedadéan sing dicathet ing Kitab Injil wektu Yéhuwah ngomong langsung karo manungsa.

Kowé Putra-Ku: Wektu dadi makhluk roh, Yésus Putrané Gusti Allah. (Yoh 3:16) Wiwit Yésus lair dadi manungsa, Yésus kuwi ”Putrané Gusti Allah” kaya Adam mbiyèn wektu isih sampurna (Luk 1:35; 3:38). Ning, ngendikané Gusti Allah kuwi ora mung arep nduduhké sapa saktenané Yésus kuwi. Saka ngendikané kuwi lan roh suci sing diparingké Gusti Allah, nduduhké nèk Yésus kuwi Putra rohaniné Gusti Allah sing ”dilairké manèh” lan nduwé pengarep-arep diuripké manèh ing swarga sarta dipilih nganggo roh suci bèn dadi Raja lan Imam Agung sing dilantik Gusti Allah.​—Bandhingna Yoh 3:3-6; 6:51; Luk 1:31-33; Ibr 2:17; 5:1, 4-10; 7:1-3.

sing nggawé senengé ati-Ku: Utawa ”Kowé wis nggawé senengé atiku; Aku seneng karo kabèh tumindakmu.” Ukara iki uga digunakké ing Mat 12:18, sing dicuplik saka Yé 42:1 bab Mèsias sing dijanjèkké utawa Kristus. Roh suci sing diparingké Gusti Allah lan ngendikané Gusti Allah bab Putrané kuwi cetha nduduhké nèk Yésus kuwi Mèsias sing dijanjèkké.

(Markus 2:27, 28) Yésus neruské omongané, ”Sabat digawé kanggo kepentingané manungsa, nanging manungsa ora digawé kanggo Sabat. 28 Putrané manungsa kuwi Gusti, malah uga kanggo dina Sabat.”

nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 2:28

Gusti . . . kanggo dina Sabat: Yésus nggunakké sebutan iki kanggo awaké dhéwé. (Mat 12:8; Luk 6:5) Kuwi nduduhké nèk dhèwèké gelem nindakké gawéan sing dipréntahké Bapaké ing dina Sabat. (Bandhingna Yoh 5:19; 10:37, 38.) Ing dina Sabat, Yésus nggawé mukjijat sing nggumunké, klebu marèkké wong sing lara. (Luk 13:10-13; Yoh 5:5-9; 9:1-14) Iki nggambarké keadaan sing bakal kelakon wektu Yésus mréntah dadi raja ing Kratoné. Keadaané kaya dina istirahat sing kaya dina sabat.​—Ibr 10:1.

Maca Alkitab

(Markus 1:1-15) Iki wiwitané kabar apik bab Yésus Kristus, Putrané Gusti Allah: 2 Kaya sing wis ditulis ing kitab Nabi Yésaya, yaiku, ”(Aku ngirim utusan-Ku ndhisiki kowé, yaiku wong sing bakal nyiapké dalan kanggo kowé.) 3 Ana swara wong mbengok ing padhang belantara, ’Siapna dalan kanggo Yéhuwah! Lurusna dalan-dalané.’” 4 Yohanes Pembaptis ana ing padhang belantara. Dhèwèké martakké bab baptisan sing dadi lambang pertobatan kanggo ngapurani dosa. 5 Mula, kabèh wong ing wilayah Yudéa lan kabèh penduduk Yérusalèm teka marani Yohanes. Wong-wong kuwi dibaptis Yohanes ing Kali Yordan lan ngakoni dosa-dosané kanthi blaka. 6 Yohanes nganggo klambi saka wulu unta lan sabuké saka kulit, lan dhèwèké mangan walang lan madu alas. 7 Dhèwèké martakké, ”Sakwisé aku, bakal teka wong sing luwih kuwasa ketimbang aku. Aku ora pantes mbungkuk lan nyopot tali sandhalé. 8 Aku mbaptis kowé nganggo banyu, nanging dhèwèké bakal mbaptis kowé nganggo roh suci.” 9 Wektu kuwi, Yésus teka saka Nazarèt ing Galiléa lan dibaptis Yohanes ing Kali Yordan. 10 Ora let suwé sakwisé mentas saka banyu, Yésus ndelok langit kebukak lan roh suciné Gusti Allah sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré. 11 Terus ana swara saka langit, ”Kowé Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.” 12 Ora suwé sakwisé kuwi, roh suci nuntun Yésus menyang padhang belantara. 13 Yésus ana ing padhang belantara 40 dina lan digodha Sétan. Yésus manggon ing antarané kéwan liar, nanging para malaékat ngladèni dhèwèké. 14 Sakwisé Yohanes ditangkep, Yésus lunga menyang Galiléa kanggo martakké kabar apik saka Gusti Allah. 15 Yésus kandha, ”Wektuné wis teka, lan Kratoné Allah wis cedhak. Mertobata, lan nduwéa iman marang kabar apik.”

23-29 APRIL

SINAU SAKA ALKITAB | MARKUS 3-4

”Marèkké Wong ing Dina Sabat”

(Markus 3:1, 2) Sepisan manèh, Yésus mlebu ing sinagogé, lan ing kono ana wong sing tangané lumpuh sebelah. 2 Mula wong-wong Farisi ngamati Yésus tenanan kanggo ndelok apa Yésus bakal marèkké wong kuwi ing dina Sabat, supaya nduwé alesan kanggo nudhuh Yésus.

jy 78 ¶1-2

Apa sing Éntuk Ditindakké ing Dina Sabat?

Ing dina Sabat liyané, Yésus mlebu ing sawijiné sinagogé, kayané ing Galiléa. Ing kana, Yésus ketemu karo wong lanang sing tangané tengen lumpuh. (Lukas 6:6) Para ahli Taurat lan wong-wong Farisi ngematké Yésus tenanan. Tujuané, kétok saka pitakonané wong-wong kuwi, ”Apa miturut hukum éntuk marèkké wong ing dina Sabat?”​—Matius 12:10.

Para ahli Taurat lan wong-wong Farisi takon kaya ngono ora merga prihatin karo wong lanang sing lagi sengsara kuwi. Nanging, wong-wong kuwi lagi nggolèk-nggolèk alesan kanggo nudhuh Yésus. Miturut para pemimpin agama Yahudi, marèkké wong ing dina Sabat kuwi éntuk ditindakké mung nèk nyawané ana ing bebaya. Contoné, pas dina Sabat wong ora éntuk marèkké wong sing patah tulang utawa keseléo, merga kuwi kahanan sing ora mbebayani nyawané.

(Markus 3:3, 4) Yésus kandha marang wong sing tangané lumpuh kuwi, ”Tangia, ngadega ing tengah.” 4 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Miturut hukum, endi sing éntuk ditindakké ing dina Sabat: tumindak apik utawa tumindak jahat, nylametké nyawa utawa matèni?” Nanging wong-wong kuwi meneng waé.

jy 78 ¶3

Apa sing Éntuk Ditindakké ing Dina Sabat?

Nanging Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi wis nggawé dhéwé aturan sing kaku bab larangan kanggo nyambut gawé pas dina Sabat. Aturan kuwi ora miturut Kitab Suci. (Pangentasan 20:8-10) Yésus wis kerep dikritik merga tumindak apik pas dina Sabat. Saiki Yésus mesthi bakal saya disengiti, merga dhèwèké kandha marang wong lanang lumpuh kuwi, ”Tangia, ngadega ing tengah.”​—Markus 3:3.

(Markus 3:5) Yésus nyawang wong-wong kuwi karo nesu lan dhèwèké sedhih banget merga ngerti nèk atiné wong-wong kuwi ora tanggap. Yésus banjur kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Ethungna tanganmu.” Wong kuwi ngethungké tangané, lan tangané mari.

nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 3:5

karo nesu lan dhèwèké sedhih banget: Mung Markus sing nyathet tanggepané Yésus wektu ngerti nèk atiné para pemimpin agama padha ora tanggap. (Mat 12:13; Luk 6:10) Markus isa waé ngerti katrangan kuwi saka Pétrus, yaiku rasul sing perasaané alus.​—Deloken video ”Katrangan Buku Markus”.

Wulangan Penting

(Markus 3:29) Nanging, sapa waé sing ngrèmèhké roh suci ora bakal diapura. Kuwi dosa sing langgeng.”

nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 3:29

ngrèmèhké roh suci: Ngrèmèhké kuwi klebu omongan sing kasar, nyilakani, utawa nentang Gusti Allah lan bab-bab sing suci. Roh suci asalé saka Gusti Allah. Dadi nèk sengaja nentang utawa nolak roh suci, kuwi padha kaya ngrèmèhké Gusti Allah. Mat 12:24, 28 lan Mrk 3:22 nduduhké nèk sakjané para pemimpin agama Yahudi ngerti nèk roh suciné Gusti Allah mbantu Yésus nggawé mukjijat, ning wong-wong kuwi malah kandha nèk Yésus nggawé mukjijat merga kekuwatan saka Sétan.

dosa sing langgeng: Iki kétoké dosa sing disengaja lan akibaté nganti saklawasé. Dosa kaya ngono ora isa ditebus.

(Markus 4:26-29) Yésus neruské omongané, ”Kratoné Allah kuwi kaya wong sing nyebar winih ing lemah. 27 Saben wengi wong kuwi turu lan ésuké tangi. Winihé thukul lan saya dhuwur, nanging dhèwèké ora ngerti piyé kuwi isa kelakon. 28 Lemah kuwi dhéwé sing ngasilké woh, sing dhisik dhéwé gagangé, banjur woh gandum, lan akiré woh gandum sing wis tuwa. 29 Wektu gandumé wis tuwa, wong mau nyabetké arité, merga mangsa panèn wis teka.”

w14-IN 15/12 12-13 ¶6-8

Apa Panjenengan ”Ngerti Tenan Maknané”?

6 Apa sing isa kita sinaoni saka perumpamaan iki? Kapisan, kita kudu ngerti nèk kita ora isa ngendhalèni kemajuané sing sinau Alkitab. Senajan kita wis ngupaya kanggo ndhukung lan mbantu sing sinau Alkitab, kita ora isa meksa dhèwèké dibaptis. Kita kudu ngerti nèk sing sinau Alkitab kudu mutuské dhéwé apa bakal dadi abdiné Yéhuwah. Yéhuwah mung nampa ibadah sing dhasaré tresna marang Yéhuwah.​—Ms. 51:14; 54:8; 110:3.

7 Kapindho, nèk paham maknané perumpamaan iki, kita ora bakal cilik ati nèk ora langsung ngrasakké hasilé. (Yak. 5:7, 8) Senajan wis ngupaya tenanan kanggo mbantu sing sinau Alkitab, ning nèk piwulang sing bener ora tekan atiné, kuwi dudu tegesé nèk kita guru sing ora apik. Yéhuwah dhéwé sing nukulké winih, yaiku wulangan sing bener ing atiné wong-wong sing andhap asor lan gelem berubah. (Mat. 13:23) Dadi aja nganggep dinas kita apik apa ora mung saka jumlah wong sing wis dibantu nganti dibaptis. Yéhuwah ngajèni kita merga kita tekun lan semangat nginjil, dudu merga tanggepané wong-wong.​—Wacanen Lukas 10:17-20; 1 Korintus 3:8.

8 Katelu, kita ora ngerti apa wis ana perubahan ing atiné sing sinau Alkitab. Contoné, ana wong bebojoan sinau Alkitab karo utusan injil. Wong loro kuwi kandha karo utusan injil nèk péngin dadi penginjil sing durung dibaptis. Utusan injil kuwi ngélingké nèk kudu mandheg ngrokok. Ning utusan injil kuwi kagèt merga wong loro kuwi jebulé wis pirang-pirang sasi mandheg ngrokok. Wong loro kuwi yakin nèk isih ngrokok ndhelik-ndhelik, Yéhuwah isih tetep weruh lan Yéhuwah gething karo wong sing munafik. Dadi wong loro kuwi nduwé pilihan, ngrokok ing ngarepé utusan injil utawa mandheg babar blas. Utusan injil kuwi ora ngerti perubahan apa sing wis ditindakké wong bebojoan kuwi. Wong loro kuwi isa berubah merga tresna banget karo Yéhuwah lan dibantu kanggo nggawé keputusan sing bener.

Maca Alkitab

(Markus 3:1-19a) Sepisan manèh, Yésus mlebu ing sinagogé, lan ing kono ana wong sing tangané lumpuh sebelah. 2 Mula wong-wong Farisi ngamati Yésus tenanan kanggo ndelok apa Yésus bakal marèkké wong kuwi ing dina Sabat, supaya nduwé alesan kanggo nudhuh Yésus. 3 Yésus kandha marang wong sing tangané lumpuh kuwi, ”Tangia, ngadega ing tengah.” 4 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Miturut hukum, endi sing éntuk ditindakké ing dina Sabat: tumindak apik utawa tumindak jahat, nylametké nyawa utawa matèni?” Nanging wong-wong kuwi meneng waé. 5 Yésus nyawang wong-wong kuwi karo nesu lan dhèwèké sedhih banget merga ngerti nèk atiné wong-wong kuwi ora tanggap. Yésus banjur kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Ethungna tanganmu.” Wong kuwi ngethungké tangané, lan tangané mari. 6 Wektu ndelok kuwi, wong-wong Farisi metu lan langsung rembugan karo para pengikuté partai Hérodès kanggo matèni Yésus. 7 Banjur, Yésus lunga menyang pinggir laut bareng karo para muridé. Akèh wong saka Galiléa lan Yudéa ngetutké Yésus. 8 Uga akèh wong saka Yérusalèm, Iduméa, sebrangé Kali Yordan, lan saka dhaérah sakcedhaké Tirus lan Sidon, teka marang Yésus sakwisé krungu akèh bab sing ditindakké Yésus. 9 Yésus ngongkon murid-muridé nyiapké prau cilik supaya dhèwèké ora kedhesek-dhesek wong akèh kuwi. 10 Merga Yésus wis marèkké wong akèh, kabèh wong sing lara parah padha dhesek-dhesekan supaya isa ndemèk Yésus. 11 Malah roh-roh najis, saben ndelok Yésus, bakal sujud ing ngarepé Yésus karo mbengok, ”Kowé Putrané Gusti Allah.” 12 Nanging bola-bali, Yésus kanthi tegas nglarang roh-roh najis kuwi supaya ora crita bab Yésus. 13 Yésus munggah ing sawijiné gunung lan ngundang sapérangan wong saka antarané murid-muridé, lan wong-wong kuwi ngetutké Yésus. 14 Yésus nggawé kelompok sing anggotané 12 wong, sing uga Yésus sebut rasul-rasul. Wong-wong kuwi sing bakal ngancani Yésus, lan sing bakal diutus kanggo martakké kabar apik 15 uga bakal diwènèhi kuwasa kanggo ngusir roh-roh jahat. 16 Lan 12 wong ing kelompok kuwi yaiku Simon, sing uga dijenengi Pétrus, 17 Yakobus anaké Zébédéus lan Yohanes seduluré Yakobus (Yésus uga njenengi wong loro kuwi Boanèrgès, sing tegesé ”Anak-Anak Gludhug”), 18 Andréas, Filipus, Bartoloméus, Matius, Tomas, Yakobus anaké Alféus, Tadéus, Simon wong Kanani, 19 lan Yudas Iskariot sing akiré ngianati Yésus.

30 APRIL–6 MEI

SINAU SAKA ALKITAB | MARKUS 5-6

”Yésus Nduwé Kuwasa Nguripké Manèh Wong-Wong sing Wis Mati”

(Markus 5:38) Wektu tekan omahé Yairus, Yésus ndelok ing kana wis ramé banget lan wong-wong lagi padha nangis karo sambat nganggo swara seru.

(Markus 5:39-41) Sakwisé mlebu, Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Ngapa kowé padha nangis lan ribut kaya ngéné? Bocah iki ora mati, nanging lagi turu.” 40 Wong-wong kuwi mulai nggeguyu Yésus karo ngécé. Nanging Yésus ngongkon wong-wong kuwi metu kabèh. Banjur, Yésus mlebu bareng karo wong tuwané bocah kuwi lan murid-muridé sing mèlu dhèwèké, menyang panggonané bocah kuwi diturokké. 41 Yésus banjur nyekel tangané bocah kuwi lan kandha, ”Talita kumi,” sing nèk diterjemahké tegesé: ”Ndhuk, kowé tak kandhani, tangia!”

nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 5:39

ora mati, nanging lagi turu: Ing Alkitab, wong mati dipadhakké kaya wong turu. (Ms 13:3; Yoh 11:11-14; Kis 7:60; 1Kor 7:39; 15:51; 1Tés 4:13) Yésus arep nguripké manèh bocah kuwi, mula Yésus kandha nèk bocah kuwi ora mati, ning lagi turu. Iki nduduhké nèk wong-wong sing wis mati isa diuripké manèh, kaya nangèkké wong sing lagi turu angler. Kuwasané Yésus kanggo nguripké manèh bocah kuwi saka Yéhuwah, sing ”nguripké manèh wong mati lan ngendika bab perkara-perkara sing durung kelakon, kaya-kayané kuwi wis kelakon.”​—Rm 4:17.

(Markus 5:42) Bocah wadon kuwi langsung tangi lan mulai mlaku. (Umuré 12 taun.) Wong tuwané seneng banget nganti ora isa ngempet rasa senengé.

jy 118 ¶6

Bocah Wadon sing Urip Manèh!

Iki sing kaping pindhoné Yésus nguripké manèh wong mati. Kaya biasané, Yésus uga ngongkon wong tuwané bocah wadon kuwi supaya ora ngandhani sapa-sapa bab kedadéan kuwi. Nanging warta kuwi ”nyebar ing kabèh dhaérah kuwi”. (Matius 9:26) Wektu wong sing panjenengan tresnani diuripké manèh, panjenengan mesthi uga bakal ngandhani wong-wong bab kedadéan kuwi, ta?

Wulangan Penting

(Markus 5:19, 20) Nanging, Yésus ora ngéntukké wong kuwi mèlu, lan kandha, ”Balia marang keluargamu, lan critakna kabèh sing wis Yéhuwah tindakké kanggo kowé lan welas asih sing wis diduduhké marang kowé.” 20 Wong lanang kuwi banjur lunga lan mulai nyritakké ing Dékapolis kabèh sing wis ditindakké Yésus kanggo dhèwèké, lan kabèh wong padha nggumun.

nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 5:19

critakna: Iki béda karo préntahé Yésus sing biasané, sing nglarang wong nyritakké mukjijat sing ditindakké. (Mrk 1:44; 3:12; 7:36) Yésus mréntahké wong iki bèn ngandhani keluargané bab apa sing wis dialami. Yésus mréntahké kuwi mbokmenawa merga arep diusir saka wilayah kana lan ora isa nginjil manèh karo wong-wong ing kana. Kuwi uga bakal njawab tudhuhan sing ora bener bab babi-babi sing ilang.

(Markus 6:11) Nèk ing salah siji dhaérah ora ana sing gelem nampa utawa ngrungokké kowé, wektu kowé lunga saka kono, kebutna bledug saka sikilmu supaya dadi pangéling-éling kanggo wong-wong kuwi.”

nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 6:11

kebutna bledug saka sikilmu: Iki nduduhké nèk para muridé Yésus ora tanggung jawab karo hukuman saka Gusti Allah. Tembung iki uga ana ing Mat 10:14; Luk 9:5. Markus lan Lukas nambahké tembung dadi pangéling-éling kanggo [utawa, ”marang”] wong-wong kuwi. Paulus lan Barnabas ngetrapké pathokan iki wektu ing Antiokhia Pisidia (Kis 13:51), lan rasul Paulus uga nindakké sing padha ing Korintus yaiku ngebutké klambiné, lan dhèwèké kandha, ”Kowé bakal nanggung getihmu dhéwé. Aku resik saka getihmu.” (Kis 18:6) Kanggoné murid-muridé Yésus, ngebutké bledug saka sikil kuwi wis biasa. Wong-wong Yahudi sing salèh, sing bar lunga saka negara liya bakal ngebutké bledug saka sandhalé merga bledug kuwi dianggep najis. Kuwi ditindakké sakdurungé mlebu manèh ing wilayah Yahudi. Ning wektu mènèhi préntah kanggo muridé, maksudé Yésus dudu nindakké kuwi.

Maca Alkitab

(Markus 6:1-13) Saka kono, Yésus banjur mangkat lan tekan ing dhaérah asalé. Murid-muridé uga ngetutké Yésus. 2 Ing dina Sabat, Yésus mulai mulang ing sinagogé lan wong akèh sing ngrungokké Yésus dadi padha nggumun. Wong-wong kuwi kandha, ”Saka ngendi wong kuwi isa éntuk bab-bab iki? Apa sebabé wong kuwi diwènèhi kawicaksanan kaya ngono lan isa nindakké mukjijat-mukjijat iki? 3 Wong iki kan tukang kayu, anaké Maria, lan adhiné jenengé Yakobus, Yusuf, Yudas, lan Simon? Adhi-adhiné wadon ya ana ing kéné, ta?” Wong-wong kuwi mulai kesandhung merga Yésus. 4 Mula Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Ing ngendi-endi, nabi mesthi diajèni, kejaba ing dhaérah asalé, ing antarané keluargané, lan ing omahé dhéwé.” 5 Mulané, Yésus ora nggawé akèh mukjijat ing kono. Yésus mung numpangké tangané marang sapérangan wong sing lara lan marèkké wong-wong kuwi. 6 Yésus nggumun merga wong-wong kuwi ora nduwé iman. Mula Yésus banjur lunga menyang désa-désa ing sakiwa-tengené kanggo mulang. 7 Yésus nyeluk 12 rasulé lan ngongkon wong-wong kuwi lunga loro-loro, Yésus uga mènèhi wong-wong kuwi kuwasa kanggo ngusir roh-roh najis. 8 Yésus mréntahké para rasulé supaya ora nggawa apa-apa kejaba teken, ora nggawa roti, ora nggawa kanthong panganan, lan ora nggawa dhuwit ing kanthongé, 9 nanging nganggo sandhal, lan ora nggawa salin. 10 Yésus kandha manèh, ”Nèk kowé mlebu ing salah siji omah, manggona ing kono nganti kowé lunga saka dhaérah kuwi. 11 Nèk ing salah siji dhaérah ora ana sing gelem nampa utawa ngrungokké kowé, wektu kowé lunga saka kono, kebutna bledug saka sikilmu supaya dadi pangéling-éling kanggo wong-wong kuwi.” 12 Para rasul banjur padha mangkat lan martakké nèk wong-wong kudu mertobat, 13 para rasul uga ngusir akèh roh-roh jahat, lan ngolèsi wong lara nganggo lenga lan marèkké wong-wong kuwi.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim