Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
2-8 JULI
SINAU SAKA ALKITAB | LUKAS 6-7
”Takeran sing Kebak”
(Lukas 6:37) ”Sakliyané kuwi, aja ngadili wong manèh, supaya kowé ora diadili. Aja nyacad wong liya, supaya kowé ora dicacad. Terusa ngapura, supaya kowé diapura.
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 6:37
Terusa ngapura, supaya kowé diapura: Utawa ”Terusa mbébaské, supaya kowé dibébaské”. Tembung Yunani sing diterjemahké dadi ”ngapura” maksudé ”ngongkon lunga; ngeculké; mbébaské (contoné, wong sing dipenjara)”. Ing ayat iki, tembung kuwi digunakké bareng karo ”ngadili” lan ”nyacad”. Dadi, kuwi maksudé ngapurani utawa nganggep ora salah, senajan wong kuwi kuduné pancèn pantes dihukum.
w08-IN 15/5 9¶13-14
Terusa Nindakké Apa sing Apik
13 Injil Matius ngutip omongané Yésus, ”Aja ngadili wong manèh supaya kowé ora diadili.” (Mat. 7:1) Nurut Lukas, Yésus kandha, ”Aja ngadili wong manèh, supaya kowé ora diadili. Aja nyacad wong liya, supaya kowé ora dicacad. Terusa ngapura, supaya kowé diapura.” (Luk. 6:37) Wong-wong Farisi ing abad kapisan senengané ngadili wong liya nurut tradhisi-tradhisi sing ora ana dhasaré Kitab Suci. Yésus ngélikké wong-wong supaya ora ”ngadili wong manèh”, ning kudu ’terus ngapura’ kesalahané wong liya. Kaya sing wis disebutké ing ndhuwur, rasul Paulus uga mènèhi naséhat sing padha.
14 Nèk seneng ngapurani, wong liya uga bakal nanggepi kanthi apik. ”Kowé bakal diadili miturut caramu ngadili, lan caramu tumindak marang wong liya, ya kaya ngono uga wong liya bakal tumindak marang kowé.” (Mat. 7:2) Alkitab kandha nèk kita bakal ngundhuh apa sing ditabur.—Gal. 6:7.
(Lukas 6:38) Terusa mènèhi, lan kowé bakal diwènèhi. Wong bakal ngesokké sak takeran kebak ing kanthongmu, sing dienet-enet, dioyog-oyog, lan lubèr. Merga takeran sing kok enggo naker wong liya bakal digunakké kanggo naker kowé.
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 6:38
Terusa mènèhi: Kata kerja Yunani sing digunakké ing ayat iki kanggo kata ”mènèhi” nduduhké kagiyatan sing ditindakké terus-terusan.
(Lukas 6:38) Terusa mènèhi, lan kowé bakal diwènèhi. Wong bakal ngesokké sak takeran kebak ing kanthongmu, sing dienet-enet, dioyog-oyog, lan lubèr. Merga takeran sing kok enggo naker wong liya bakal digunakké kanggo naker kowé.
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 6:38
kanthongmu: Utawa, ”pangkonmu”. Tembung Yunani sing digunakké ing kéné asliné nduwé arti ”dhadhamu”. Ning, kétoké sing dimaksud ing ayat iki yaiku kanthong sing digawé nganggo cara jubahé ditekuk munggah. ’Ngesokké ing pangkonmu (utawa kanthongmu)’ mungkin nduduhké kebiasaan sing ditindakké para pedagang sing ngesokké barang sing dituku ing kanthong kuwi.
Wulangan Penting
(Lukas 6:12, 13) Ing sawijiné dina, Yésus munggah gunung kanggo ndonga. Yésus ndonga marang Gusti Allah sewengi muput. 13 Wektu wis padhang dinané, Yésus nyeluk murid-muridé lan milih 12 wong saka ing antarané, sing uga Yésus sebut rasul-rasul:
w07-IN 1/8 6 ¶1
Piyé Carané Bèn Dadi Wong sing Rohaniné Kuwat
Yésus kerep ndonga suwé. (Yoh. 17:1-26) Contoné, sakdurungé milih rasulé 12, Yésus ’munggah gunung kanggo ndonga marang Gusti Allah sewengi muput’. (Luk. 6:12) Wong-wong sing nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah niru tuladhané Yésus, senajan ora perlu nganti ndonga sewengi muput. Sakdurungé nggawé keputusan sing penting, kudu nyedhiyakké wektu kanggo ndonga lan nggolèk tuntunané roh suci, bèn keputusané isa nggawé hubungané karo Yéhuwah dadi tambah cedhak.
(Lukas 7:35) Senajan ngono, kawicaksanané wong kebukti bener saka tumindaké.”
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 7:35
tumindaké: Utawa, ”hasilé”. Hasilé kawicaksanan, yaiku sing ditindakké karo Yohanes Pembaptis lan Yésus, mbuktèkké nèk tudhuhan marang Yohanes lan Yésus kuwi ora bener. Dadi, Yésus kaya-kayané kandha, ’Deloken tumindaké sing bener kuwi lan kowé bakal ngerti nèk tudhuhan kuwi ora bener.’
Maca Alkitab
(Lukas 7:36-50) Ana salah siji wong Farisi sing njaluk terus marang Yésus supaya isa mangan bareng karo Yésus. Mula Yésus mlebu ing omahé wong Farisi kuwi, banjur lungguh lan mangan. 37 Ana wong wadon, sing dikenal dadi wong dosa ing kutha kuwi, weruh nèk Yésus lagi mangan ing omahé wong Farisi. Wong wadon mau teka nggawa botol marmer isi lenga wangi. 38 Wong wadon kuwi jèngkèng ing cedhak sikilé Yésus, banjur nangis lan eluhé nètès nganti nelesi sikilé Yésus. Dhèwèké ngusapi sikilé Yésus nganggo rambuté, ngambung sikilé Yésus, sarta mblonyohi nganggo lenga wangi. 39 Wektu ndelok kuwi, wong Farisi sing ngundang Yésus mbatin, ’Nèk wong iki bener-bener nabi, kuduné dhèwèké ngerti sapa lan kaya apa wong wadon sing ndemèk dhèwèké. Wong wadon kuwi wong dosa.’ 40 Merga ngerti apa sing dipikirké wong kuwi, Yésus kandha marang dhèwèké, ”Simon, ana sing arep tak omongké karo kowé.” Simon kandha, ”Apa, Guru?” 41 ”Ana wong loro sing nduwé utang marang salah siji wong. Sing siji utangé 500 dinar, sing sijiné 50 dinar. 42 Wektu wong loro kuwi ora nduwé apa-apa kanggo nglunasi utangé, wong sing ngutangi mbébaské utangé wong loro mau. Dadi, saka antarané wong loro kuwi, sapa sing bakal luwih nresnani wong mau?” 43 Simon njawab, ”Miturutku, wong sing utangé luwih gedhé.” Yésus kandha, ”Bener kandhamu.” 44 Banjur Yésus nyawang wong wadon kuwi lan kandha marang Simon, ”Apa kowé weruh wong wadon iki? Aku teka ing omahmu lan kowé ora mènèhi aku banyu kanggo ngwijiki sikilku. Nanging wong wadon iki nelesi sikilku nganggo eluhé, lan ngusapi nganggo rambuté. 45 Kowé ora ngambung aku kanggo nyambut aku, nanging wong wadon iki terus ngambungi sikilku wiwit aku teka. 46 Kowé ora ngesokké lenga ing sirahku, nanging wong wadon iki ngesokké lenga wangi ing sikilku. 47 Mula, aku ngandhani kowé, senajan wong wadon iki dosané gedhé, nanging kuwi wis diapura, merga dhèwèké nduduhké katresnan sing gedhé. Nanging wong sing diapura sithik, mung nduduhké katresnan sing sithik.” 48 Banjur Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Dosa-dosamu wis diapura.” 49 Wong-wong sing mangan bareng Yésus mulai kandha marang siji lan sijiné, ”Sapa ta sakjané wong iki, kok nganti isa ngapurani dosa?” 50 Nanging Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Imanmu wis nylametké kowé. Lungaa kanthi tentrem.”
9-15 JULI
SINAU SAKA ALKITAB | LUKAS 8-9
”Apa sing Dibutuhké kanggo Dadi Muridé Yésus?”
(Lukas 9:57, 58) Wektu ing perjalanan, ana wong sing kandha marang Yésus, ”Aku bakal mèlu menyang ngendi waé panjenengan lunga.” 58 Nanging Yésus kandha, ”Rubah nduwé erong lan manuk ing langit nduwé susuh, nanging Putrané manungsa ora nduwé omah.”
it-2-IN 731-732
Sarang
Ana penulis sing takon marang Yésus, ”Guru, aku bakal mèlu menyang ngendi waé panjenengan lunga.” Yésus njawab, ”Rubah nduwé erong lan manuk ing langit nduwé susuh, nanging Putrané manungsa ora nduwé omah.” (Mat 8:19, 20; Luk 9:57, 58) Yésus arep ngandhani wong lanang kuwi supaya aja nganggep nèk dadi muridé Yésus kuwi mesthi urip kepénak lan nyaman. Dadi muridé Yésus kuwi kudu bener-bener ngendelké Yéhuwah. Mula, Yésus ya ngajari murid-muridé bab conto donga iki: ”Paringana aku kabèh maeman sing tak butuhké dina iki.” Yésus uga kandha, ”Semono uga, élinga, kowé ora isa dadi muridku nèk kowé ora ninggalké kabèh bandhamu.”—Mat 6:11; Luk 14:33.
(Lukas 9:59, 60) Banjur, Yésus kandha marang wong liyané, ”Dadia muridku.” Wong lanang kuwi kandha, ”Gusti, nèk éntuk aku tak ngubur bapakku dhisik.” 60 Nanging Yésus njawab, ”Ejarna wong mati ngubur wong mati, nanging kowé, wartakna Kratoné Allah ing ngendi-endi.”
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 9:59, 60
ngubur bapakku dhisik: Mesthiné bapaké wong lanang kuwi dudu lagi waé mati, terus dhèwèké njaluk ijin mung kanggo ngubur bapaké. Merga nèk ngono kahanané, ora mungkin wong lanang kuwi ana ing kono lan omong-omongan karo Yésus. Ing Timur Tengah jaman mbiyèn, wong mati biasané langsung dikubur ing dina kuwi uga. Dadi, mungkin bapaké wong lanang kuwi isih urip, nanging wis tuwa banget utawa lagi lara parah. Sakliyané kuwi, Yésus ora mungkin ngongkon wong lanang kuwi supaya ninggalké wong tuwané sing lagi lara lan mbutuhké bantuan. Dadi, mesthiné ana wong liya ing keluargané sing isa ngrawat bapaké. (Mrk 7:9-13) Dadi, sing dimaksud wong lanang kuwi mungkin, ’Aku gelem dadi muridmu, ning ngentèni mengko sakwisé bapakku mati lan wis tak kubur.’ Nanging, kanggoné Yésus wong lanang kuwi dadi kélangan kesempatan kanggo ngutamakké Kratoné Allah ing uripé.—Luk 9:60, 62.
Ejarna wong mati ngubur wong mati: Kaya sing dijelaské ing katrangan kanggo sinau Luk 9:59, bapaké wong lanang sing omong-omongan karo Yésus kuwi ora mati, tapi mungkin pancèn wis tuwa banget utawa lagi lara parah. Mula, sing dimaksud Yésus kuwi isa waé, ’Ejarna wong sing mati rohani ngubur wong mati.’ Kuduné bèn keluargané waé sing ngrawat bapaké nganti sak matiné banjur dikubur. Nèk dadi muridé Yésus, wong lanang kuwi isa éntuk urip langgeng lan ora dadi mati rohani. Dadi, sing dimaksud Yésus wektu njawab wong lanang kuwi yaiku nèk ngutamakké lan martakké Kratoné Allah kuwi penting banget bèn isa tetep urip langgeng.
(Lukas 9:61, 62) Sing liyané manèh kandha, ”Gusti, aku bakal mèlu panjenengan, nanging nèk éntuk aku tak pamit dhisik karo keluargaku.” 62 Yésus kandha marang wong kuwi, ”Wong sing ngluku karo ndelok mburi, wong kuwi ora cocog kanggo Kratoné Allah.”
nwtsty média
Ngluku
Pas musim panas, biasané tanahé atos merga kepanasen. Nanging pas musim gugur, tanahé wis empuk merga kena udan. (Deloken buku Tuntunan kanggo Sinau Alkitab bab 19) Pak tani biasané ngluku pas musim gugur kuwi. Alat sing nggo ngluku kuwi biasané saka kayu, bentuké lancip, pucuké mungkin dilapisi logam, ditancepké ing balok kayu lan ditarik karo kéwan siji utawa luwih saka siji. Sakwisé ngluku tanah, winihé disebar. Ing Kitab-Kitab Ibrani, kerep ana perumpamaan sing nyritakké bab kagiyatan ngluku kuwi. (PH 14:18; Yé 2:4; Ym 4:3; Mi 4:3) Wektu mulang, Yésus kerep nggunakké perumpamaan sing nyritakké kagiyatan pertanian. Contoné, Yésus nyebutké bab ngluku kanggo nandheské pentingé dadi murid sing ngabdi sakwutuhé atiné. (Luk 9:62) Nèk wong sing lagi ngluku ora fokus, gawéané isa berantakan. Semono uga, muridé Yésus sing ora fokus lan nyimpang saka tanggung jawabé ora bakal isa éntuk berkah-berkah saka Kratoné Allah.
w12-IN 15/4 15-16 ¶11-13
Terus Ngabdi Marang Yéhuwah Sakwutuhé Ati
11 Bèn isa ngerti apa tegesé perumpamaané Yésus kuwi, kita perlu ngrembug katrangan tambahan. Pak tani kuwi lagi ngluku, utawa mbajak sawah. Ning, dhèwèké terus mikirké lan mbayangké omahé, keluargané, kanca-kancané, lan kahanan sing nyenengké ing omahé. Saya suwé dhèwèké saya kangen karo bab-bab kuwi, nganti akhiré dhèwèké nolèh lan ”ndelok mburi”. Pak tani kuwi ora fokus manèh lan gawéané dadi berantakan, padahal isih akèh sing kudu digarap. Mesthiné sing nduwé sawah dadi gela.
12 Coba bayangna kahanan sing mèh padha ing jaman saiki. Pak tani kuwi kaya wong Kristen sing kétoké apik-apik waé, ning sakjané lagi lemah rohaniné. Contoné, mungkin dhèwèké ajeg ngibadah lan sregep dinas. Ning, dhèwèké isih mikirké lan kepéngin ngrasakké bab-bab ing ndonya iki sing kétoké luwih nyenengké. Sakwisé pirang-pirang taun, kepénginan kuwi dadi saya kuwat. Akhiré dhèwèké nolèh lan ”ndelok mburi”. Dhèwèké wis ora ”terus nggegem kenceng sabda sing marakké urip”, padahal gawéan nginjil isih akèh. Gawéan nginjilé dadi berantakan. (Flp. 2:16) ”Sing Nduwé panènan”, yaiku Yéhuwah, mesthi dadi gela.—Luk. 10:2.
13 Piwulangé cetha. Pancèn apik nèk kita ajeg ngibadah lan sregep dinas. Ning, ngabdi marang Yéhuwah sakwutuhé ati kuwi ora mung kaya ngono thok. (2 Bb. 25:1, 2, 27) Nèk wong Kristen isih nresnani bab-bab ndonya sing wis ditinggalké, dhèwèké isa kélangan hubungan sing akrab karo Yéhuwah. (Luk. 17:32) Kita isa ”cocog kanggo Kratoné Allah” mung nèk ”bener-bener sengit karo apa sing ala, lan terus nresnani apa sing apik”. (Rm. 12:9; Luk. 9:62) Kita kabèh kudu ngedohi bab-bab sing kétoké nyenengké ing ndonya Sétan iki, bèn isa tetep ngabdi marang Yéhuwah sakwutuhé ati.—2 Kor. 11:14; wacanen Filipi 3:13, 14.
Wulangan Penting
(Lukas 8:3) Yohana bojoné Khuza yaiku pengurus istanané Hérodès, uga Susana, lan akèh wong wadon liyané. Kabèh wong wadon kuwi nggunakké bandhané kanggo ngladèni Yésus lan rasul-rasulé.
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 8:3
ngladèni Yésus lan rasul-rasulé: Utawa ”nyedhiakké kanggo wong-wong kuwi”. Tembung Yunani diakoneo kuwi isa nduwé arti nyedhiakké kebutuhan jasmani, contoné masak, nyedhiakké panganan, lan liya-liyané. Tembung kuwi uga digunakké ing Luk 10:40 (”nandangi kabèh”), Luk 12:37 (”ngladèni”), Luk 17:8 (”ladènana”), lan Kis 6:2 (”mbagèk-mbagèkké panganan”), ning kuwi uga isa digunakké kanggo nerangké pelayanan ing bab kebutuhan liyané. Dadi, para wong wadon sing disebutké ing ayat 2 lan 3 kuwi ngladèni lan mbantu Yésus uga rasul-rasulé bèn isa nindakké tugas saka Yéhuwah. Kuwi bukti nèk wong-wong wadon kuwi ngluhurké Yéhuwah. Yéhuwah ngajèni wong-wong wadon kuwi lan ngatur bèn sipat apikané ditulis ing Alkitab. (WB 19:17; Ibr 6:10) Tembung Yunani sing padha uga digunakké kanggo njelaské katrangan bab wong-wong wadon sing dicathet ing Mat 27:55; Mrk 15:41.
(Lukas 9:49, 50) Mula Yohanes kandha, ”Guru, aku kabèh ndelok ana wong sing ngusir roh jahat nganggo jenengé panjenengan, lan aku kabèh wis nyoba ngalang-alangi dhèwèké, merga wong kuwi ora mèlu kita.” 50 Nanging Yésus kandha, ”Aja ngalang-alangi wong kuwi. Wong sing ora nglawan kowé, wong kuwi ing pihakmu.”
w08-IN 15/3 31 ¶2
Piwulang Penting saka Buku Lukas
9:49, 50—Kenapa Yésus ora ngalang-alangi wong sing ngusir roh jahat, padahal wong kuwi dudu muridé Yésus? Yésus ora ngalang-alangi wong lanang kuwi merga jemaat Kristen durung ana. Mula, wong kuwi isa nduduhké iman marang Yésus lan ngusir roh-roh jahat, senajan ora bener-bener ngetutké Yésus.—Mrk. 9:38-40.
Maca Alkitab
(Lukas 8:1-15) Ora let suwé, Yésus lunga saka kutha menyang kutha liyané lan saka désa menyang désa liyané kanggo martakké kabar apik bab Kratoné Allah. Yésus lunga bareng karo 12 rasulé 2 lan wong-wong wadon sing wis dibébaské saka roh-roh jahat lan dimarèkké saka penyakité, yaiku Maria sing disebut Magdaléna sing tau dibébaské saka roh jahat pitu, 3 Yohana bojoné Khuza yaiku pengurus istanané Hérodès, uga Susana, lan akèh wong wadon liyané. Kabèh wong wadon kuwi nggunakké bandhané kanggo ngladèni Yésus lan rasul-rasulé. 4 Banjur, wektu akèh wong padha teka lan nggabung karo wong-wong sing marani Yésus saka kutha-kutha liyané, Yésus ngomong marang wong-wong kuwi nggunakké umpama iki: 5 ”Ana petani sing metu kanggo nyebar winihé. Wektu petani kuwi nyebar winih, ana winih sing tiba ing pinggir dalan lan kepidak-pidak, banjur manuk-manuk notholi nganti entèk. 6 Ana winih sing tiba ing ndhuwur watu, sakwisé thukul, winih-winih kuwi garing merga ora éntuk banyu. 7 Winih-winih liyané tiba ing antarané suket eri, lan suket-suket eri sing tuwuh bareng, njiret thukulan kuwi. 8 Nanging winih-winih liyané tiba ing lemah sing subur, lan sakwisé thukul, winih kuwi ngasilké woh tikel 100.” Sakwisé nyritakké kabèh kuwi, Yésus kandha, ”Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan.” 9 Nanging murid-muridé takon marang Yésus apa tegesé umpama kuwi. 10 Yésus njawab, ”Kowé wis diijinké ngerti rahasia suci Kratoné Allah, nanging wong-wong liyané mung krungu bab umpamané waé. Mula senajan ndeleng, nanging padha ora weruh, lan senajan krungu, nanging padha ora ngerti artiné. 11 Iki tegesé umpama mau: Winih kuwi yaiku pangandikané Gusti Allah. 12 Lemah ing pinggir dalan panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi, nanging Iblis teka lan ngrampas pangandika kuwi saka njero atiné, supaya wong-wong kuwi ora percaya lan ora dislametké. 13 Watu panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi lan nampa kanthi bungah, nanging pangandika kuwi ora ngoyod ing njero atiné. Wong-wong kuwi percaya mung sedhéla, nanging wektu ngadhepi ujian ing urip, imané wong-wong kuwi dadi ilang. 14 Suket eri panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi, nanging keslimur karo kekuwatiran, kasugihan, lan kesenengan ing urip. Dadi pangandika kuwi bener-bener kejiret lan ora ngasilké woh sing mateng. 15 Lemah sing subur panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing atiné tulus lan apik. Sakwisé ngrungokké pangandika kuwi, dhèwèké nyimpen kuwi ing atiné lan ngasilké woh kanthi tekun.
16-22 JULI
SINAU SAKA ALKITAB | LUKAS 10-11
”Perumpamaan bab Wong Samaria sing Apikan”
(Lukas 10:29-32) Nanging merga péngin mbuktèkké nèk dhèwèké bener, wong kuwi takon marang Yésus, ”Sapa sakjané pepadhaku kuwi?” 30 Yésus njawab, ”Ana wong lanang sing mudhun saka Yérusalèm menyang Yérikho, lan dirampok. Para perampok kuwi ngrampas klambi lan bandhané, nggebugi wong kuwi nganti arep mati, banjur ninggalké wong kuwi. 31 Ndilalah ana imam sing uga mudhun liwat dalan kuwi. Nanging wektu ndelok wong lanang mau, imam kuwi mlaku terus ing sebrang dalan. 32 Semono uga wong Lèwi. Wektu tekan ing panggonan kuwi lan ndelok wong lanang mau, wong Lèwi kuwi mlaku terus ing sebrang dalan.
nwtsty média
Dalan saka Yérusalèm menyang Yérikho
Dalan (1) sing diduduhké ing video iki mungkin mirip karo dalan sing ngubungké kutha Yérusalèm karo Yérikho ing jamané Yésus mbiyèn. Dhaérah Yérusalèm kuwi posisiné luwih dhuwur 1.000 mèter timbang Yérikho. Berarti saka Yérusalèm menyang Yérikho kuwi dalané mudhun lan ménggak-ménggok, dawané luwih saka 20 kilomèter. Dhaérah kuwi kaya padhang belantara lan sepi dadi kerep ana akèh rampok, nganti kudu ana tentara sing njaga dalan kuwi. Kutha Yérikho Romawi (2) ana ing ujung dalan saka padhang belantara Yudéa. Kutha Yérikho sing luwih kuna (3) kira-kira 2 km ing cedhaké kutha Yérikho Romawi.
w02-IN 1/9 16¶14-15
”Yésus Mulang Mesthi Nganggo Perumpamaan”
14 Kapindho, élinga karo perumpamaan bab wong Samaria sing apikan. Yésus nyritakké, ”Ana wong lanang sing mudhun saka Yérusalèm menyang Yérikho, lan dirampok. Para perampok kuwi ngrampas klambi lan bandhané, nggebugi wong kuwi nganti arep mati, banjur ninggalké wong kuwi.” (Luk. 10:30) Yésus nyebutké dalan ”mudhun saka Yérusalèm menyang Yérikho”. Wektu kuwi Yésus lagi ana ing Yudéa, ora adoh saka Yérusalèm. Dadi wong-wong sing ngrungokké Yésus mungkin ngerti bab dalan kuwi. Dalan kuwi pancèn rawan apa manèh nèk mlaku dhéwé. Dalané ménggak-ménggok ngliwati dalan sing sepi, dadi akèh rampok sing ndhelik ing kono.
15 Ana katrangan liya sing apik bab dalan ”mudhun saka Yérusalèm menyang Yérikho” sing disebutké Yésus. Ing crita kuwi, ana imam lan wong Lèwi sing uga liwat kono. Wong loro kuwi ora mandheg kanggo nulungi wong sing bar dirampok. (Luk 10:31, 32) Para imam ngabdi ing bait Yérusalèm lan dibantu karo wong-wong Lèwi. Nèk lagi ora ngabdi ing bait, para imam lan wong Lèwi manggon ing Yérikho, kira-kira 23 km saka Yérusalèm. Dadi, para imam lan wong Lèwi mesthiné wis biasa liwat dalan kuwi. Ing crita kuwi, wong Lèwi lan imam mlaku ing dalan ”saka Yérusalèm”, dadi bar mulih saka bait. Dadi ora ana alesan kanggo kandha, ’Wong-wong kuwi ora gelem nulungi merga wong sing dirampok kuwi kétoké wis mati, lan dhèwèké isa dadi najis, ora pantes ngabdi ing bait nèk nyekel mayat.’ (Km. 21:1; Wi. 19:11, 16) Dadi perumpamaané Yésus pancèn nggunakké katrangan sing wis dikenal karo wong-wong sing ngrungokké.
(Lukas 10:33-35) Nanging, ana wong Samaria sing liwat ing dalan kuwi. Wektu ndelok wong lanang mau, dhèwèké ngrasa mesakké. 34 Mula wong Samaria kuwi nyedhaki wong lanang mau, terus ngesokké lenga lan anggur ing luka-lukané, banjur diperban. Sakwisé kuwi, wong Samaria kuwi ngunggahké wong lanang mau ing ndhuwur keledainé, nggawa dhèwèké menyang penginepan, lan ngrumat dhèwèké. 35 Ing dina sakbanjuré, wong kuwi ngetokké dhuwit rong dinar, banjur mènèhké marang wong sing nduwé penginepan, lan kandha, ’Rumaten wong iki, lan nèk ragad sing kok wetokké luwih saka iki, aku bakal ngijoli wektu aku bali.’
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 10:33, 34
ana wong Samaria: Wong-wong Yahudi biasané ngrèmèhké lan ora gelem srawung karo wong Samaria. (Yoh 4:9) Ana wong Yahudi sing nggunakké tembung ”wong Samaria” kanggo dadi sebutan sing tegesé ngenyèk lan ngécé. (Yoh 8:48) Ana salah siji rabi sing omongané dikutip ing Misnah: ”Wong sing mangan rotiné wong Samaria kuwi padha karo wong sing mangan daging babi.” (Shebith 8:10) Akèh wong Yahudi sing ora gelem dilayani utawa percaya karo omongané wong Samaria. Yésus ngerti nèk akèh wong Yahudi nduwé pandhangan sing èlèk kaya ngono. Mula Yésus nggunakké perumpamaan sing apik iki, sing biasané disebut perumpamaan bab wong Samaria sing apikan.
ngesokké lenga lan anggur ing luka-lukané, banjur diperban: Lukas, sing dadi dokter, nyritakké perumpamaané Yésus kanthi rinci. Lukas njelaské nèk luka-lukané wong lanang kuwi ditambani nganggo cara sing wis umum ing jaman semono. Lenga lan anggur wis biasa digunakké kanggo ngobati luka. Lenga biasané dinggo ngurangi rasa lara (bandhingna karo Yé 1:6). Anggur isa kanggo matèni kuman bèn ora inféksi. Lukas uga njelaské nèk luka-lukané kuwi diperban bèn ora tambah parah.
penginepan: Tembung Yunaniné nduwé arti ”panggonan kanggo nampung utawa nginep”. Wong sing lagi lelungan isa nginep ing panggonan sing kaya ngono, bareng karo kéwan-kéwané. Wong sing nduwé penginepan biasané nyedhiakké barang-barang sing dibutuhké karo wong sing nginep. Dhèwèké mungkin uga gelem ngrawat wong sing dititipké ing kono lan njaluk bayaran.
(Lukas 10:36, 37) Miturutmu, saka antarané wong telu mau, endi sing dadi pepadhané wong sing dirampok kuwi?” 37 Wong kuwi njawab, ”Wong sing nduduhké welas asih marang wong sing dirampok mau.” Yésus banjur kandha, ”Lungaa lan tindakna sing padha.”
w98-IN 1/7 31 ¶2
Wong Samaria sing Apikan
Perumpamaané Yésus nduduhké nèk wong sing bener-bener tulus kuwi ora mung manut karo hukumé Allah, ning uga niru sipat-sipaté Allah. (Éf. 5:1) Misalé, Alkitab kandha nèk ”Gusti Allah ora mbédak-mbédakké wong”. (Kis. 10:34) Apa kita uga niru Gusti Allah? Perumpamaané Yésus nduduhké nèk kita kudu apikan marang kabèh wong ora soal asalé, budayané, utawa agamané. Wong Kristen dikongkon supaya ”nindakké apa sing apik marang kabèh wong”, ora mung marang wong sing ras, bangsa, lan kedudukané padha lan ora mung marang sedulur seiman thok.—Gal. 6:10.
Wulangan Penting
(Lukas 10:18) Mula Yésus kandha, ”Aku ndelok Sétan wis tiba kaya kilat saka langit.
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 10:18
Aku ndelok Sétan wis tiba kaya kilat saka langit: Sing diomongké Yésus iki nubuat sing kaya-kayané wis kedadéan, yaiku bab Sétan sing bakal diusir saka swarga. Why 12:7-9 nyritakké perang ing swarga lan Sétan dikalahké wektu Kratoné Mèsias madeg. Dadi Yésus lagi nyritakké nèk Sétan lan para pengikuté sukmbèn mesthi bakal dikalahké, merga ing jamané Yésus waé Yéhuwah isa ngekèki kuwasa marang 70 murid sing ora sampurna kanggo ngusir roh-roh jahat.—Luk 10:17.
w08-IN 15/3 31 ¶11
Piwulang Penting saka Buku Lukas
10:18—Apa maksudé Yésus wektu kandha marang 70 muridé, ”Aku ndelok Sétan wis tiba kaya kilat saka langit”? Yésus ora kandha nèk Sétan wektu kuwi wis diusir saka swarga. Kuwi kelakon sakwisé Yésus mréntah dadi Raja ing taun 1914. (Why. 12:1-10) Dadi, peristiwa sing durung kelakon wektu kuwi disebutké Yésus kaya-kayané wis kelakon. Mbokmenawa kuwi isa nduduhké nèk peristiwa kuwi mesthi bakal kelakon.
(Lukas 11:5-9) Banjur Yésus kandha, ”Saumpama salah siji saka antaramu nduwé kanca, lan kowé marani kancamu kuwi ing tengah wengi banjur kandha, ’Kanca, aku silihana roti telu, 6 merga kancaku sing lagi lelungan mampir ing omahku lan aku ora nduwé apa-apa kanggo disuguhké.’ 7 Nanging, kancamu njawab saka njero omahé, ’Aja ngrépoti aku. Lawang wis tak kunci, lan anak-anakku lagi turu bareng karo aku. Dadi aku ora isa tangi lan mènèhi apa-apa marang kowé.’ 8 Aku ngandhani kowé, senajan kowé kancané, kancamu kuwi ora gelem tangi lan mènèhi apa-apa marang kowé. Nanging, merga kowé terus ngotot, kancamu kuwi mesthi bakal tangi lan mènèhi apa sing kok butuhké. 9 Mula aku kandha marang kowé, terusa njaluk lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog lan kowé bakal dibukakké lawang.
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 11:5-9
Kanca, aku silihana roti telu: Ing kebudayaan Timur Tengah, wong-wong seneng nampa tamu kaya sing dicritakké ing perumpamaan iki. Ing crita kuwi, tamuné ujug-ujug teka ing tengah wengi, mungkin merga perjalanané adoh. Tapi sing nduwé omah rumangsa wajib nyedhiakké panganan kanggo tamuné. Mula, dhèwèké nganti kudu ngganggu kancané bengi-bengi kanggo nyilih panganan.
Aja ngrépoti aku: Kanca ing perumpamaan kuwi ora gelem nulungi dudu merga pelit, ning merga dhèwèké wis turu. Ing jaman kuwi, biasané ing omah mung ana kamar gedhé siji, apa manèh nèk kuwi omahé wong miskin. Dadi nèk wong kuwi tangi, kabéh keluargané klebu anak-anaké sing wis turu bakal keganggu.
terus ngotot: Tembung Yunani sing digunakké isa nduwé arti ”ora nduwé isin”. Ning, crita iki nggambarké wong sing ora gampang nyerah lan terus ngupaya. Wong lanang sing dicritakké Yésus kuwi ora isin utawa sungkan wektu ngotot njaluk tulung. Dadi, Yésus ngajari para muridé supaya terus ndonga tanpa nyerah kaya ngono kuwi.—Luk 11:9, 10.
Maca Alkitab
(Lukas 10:1-16) Sakwisé kuwi, Yésus milih 70 wong liyané lan ngutus wong-wong kuwi loro-loro kanggo ndhisiki dhèwèké menyang saben kutha lan panggonan sing bakal diparani. 2 Banjur Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Panènané pancèn akèh, nanging sing manèn mung sithik. Mula, nyuwuna marang Sing Nduwé panènan supaya ngutus luwih akèh wong kanggo nglumpukké panènané. 3 Lungaa! Padha gatèkna! Aku ngutus kowé kaya anak wedhus gèmbèl ing antarané serigala. 4 Aja nggawa kanthong dhuwit, kanthong panganan, utawa sandhal, lan aja mènèhi salam marang sapa waé wektu ana ing dalan. 5 Wektu kowé mlebu ing salah siji omah, kandhaa dhisik, ’Muga-muga ana katentreman ing omah iki.’ 6 Nèk ing kono ana wong sing seneng marang katentreman, dhèwèké bakal éntuk katentreman sing kok suwunké. Nanging nèk ora ana, katentreman kuwi bakal bali marang kowé. 7 Manggona ing omahé, uga mangana lan ngombéa apa sing disedhiyakké wong kuwi, merga wong sing nyambut gawé pantes nampa opahé. Aja pindhah-pindhah saka siji omah menyang omah liyané. 8 ”Lan nèk kowé mlebu ing salah siji kutha lan wong-wongé nampa kowé, panganen apa sing disuguhké marang kowé, 9 marèkna wong lara sing ana ing kono, uga kandhaa, ’Kratoné Allah wis cedhak.’ 10 Nanging, nèk kowé mlebu ing salah siji kutha lan wong-wongé ora nampa kowé, lungaa menyang dalan-dalan utama kutha kuwi lan kandhaa, 11 ’Aku kabèh ngebutké bledug saka kuthamu sing nèmplèk ing sikilku, supaya dadi pangéling-éling kanggo kowé. Nanging kowé kudu ngerti nèk Kratoné Allah wis cedhak.’ 12 Aku ngandhani kowé nèk ing Dina Pengadilan, hukuman kanggo kutha Sodom bakal luwih ènthèng ketimbang hukuman kanggo kutha kuwi. 13 ”Cilaka kowé, kutha Khorazin! Cilaka kowé, kutha Bètsaida! Merga saumpama mukjijat-mukjijat sing kok delok kuwi kelakon ing kutha Tirus lan Sidon, wong-wong ing kana wiwit mbiyèn mesthi wis mertobat, lungguh nganggo kain goni lan awu. 14 Mula ing Dina Pengadilan, hukuman kanggo Tirus lan Sidon bakal luwih ènthèng ketimbang hukuman kanggo kowé. 15 Lan kowé, Kapernaum, apa kowé bakal diluhurké nganti tekan langit? Ora! Kowé bakal mlebu ing Kuburan. 16 ”Sapa waé sing ngrungokké kowé, ngrungokké aku. Sapa waé sing nolak kowé, uga nolak aku. Lan sapa waé sing nolak aku, uga nolak Panjenengané sing ngutus aku.”
23-29 JULI
SINAU SAKA ALKITAB | LUKAS 12-13
”Kowé Luwih Aji Ketimbang Akèh Manuk Emprit”
(Luka 12:6) Manuk emprit lima nèk diedol regané mung rong dhuwit rècèh cilik, ta? Nanging, ora ana manuk emprit siji waé sing dilalèkké Gusti Allah.
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 12:6
Manuk emprit: Tembung Yunani strouthion isa digunakké kanggo kabèh jenis manuk cilik, ning biasané sing dimaksud kuwi manuk emprit, manuk sing paling murah regané.
(Lukas 12:7) Malah, rambut ing sirahmu waé Bapakmu ngerti cacahé. Aja wedi, kowé luwih aji ketimbang akèh manuk emprit.
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 12:7
Malah, rambut ing sirahmu waé Bapakmu ngerti cacahé: Cacahé rambuté manungsa kira-kira luwih saka 100.000. Ayat iki nduduhké nèk Yéhuwah ngerti tenan bab manungsa nganti rincian sing paling cilik. Kuwi dadi jaminan nèk Yéhuwah bener-bener nggatèkké saben pengikuté Yésus.
(Lukas 12:7) Malah, rambut ing sirahmu waé Bapakmu ngerti cacahé. Aja wedi, kowé luwih aji ketimbang akèh manuk emprit.
cl-IN 241 ¶4-5
Ora Ana sing ”Isa Misahké Kita saka Katresnané Gusti Allah”
4 Sing kapisan, Alkitab mulang nèk Gusti Allah nganggep kabèh abdiné kuwi aji. Contoné Yésus kandha, ”Manuk emprit loro nèk diedol regané mung sak dhuwit rècèh cilik, ta? Nanging, ora ana manuk siji waé sing tiba ing lemah, tanpa dingertèni Bapakmu. Malah, rambut ing sirahmu waé Bapakmu ngerti cacahé. Mula aja wedi, kowé luwih aji ketimbang akèh manuk emprit.” (Matius 10:29-31) Apa artiné kuwi kanggo wong-wong sing ngrungokké Yésus ing abad kapisan?
5 Mbokmenawa kita nggumun apa sebabé ana sing tuku manuk emprit. Ing jamané Yésus, manuk emprit kuwi manuk sing regané paling murah sing didol kanggo dipangan. Dhuwit rècèh cilik siji isa éntuk manuk emprit loro. Ning, Yésus kandha nèk ”rong dhuwit rècèh cilik” isa éntuk manuk emprit lima, ora mung papat. Dadi, kaya-kayané manuk kuwi ora ana ajiné nganti sing tuku isa diimbuhi manuk siji manèh. Mungkin kanggoné manungsa manuk kuwi ora ana ajiné, tapi kanggoné Yéhuwah ora ngono. Yésus kandha, ”Ora ana manuk emprit siji waé sing dilalèkké Gusti Allah.” (Lukas 12:6, 7) Dadi maksudé Yésus, nèk manuk emprit siji waé dianggep aji karo Yéhuwah, apa manèh manungsa. Yéhuwah ngerti tenan bab manungsa nganti rincian sing paling cilik. Rambuté manungsa waé Yéhuwah ngerti cacahé.
Wulangan Penting
(Lukas 13:24) ”Ngupayaa sakuwaté tenagamu kanggo mlebu liwat lawang sing sempit. Merga aku ngandhani kowé, akèh sing péngin mlebu nanging ora isa.
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 13:24
Ngupayaa sakuwaté tenagamu: Utawa, ”Terusa ngupaya”. Yésus ngélingké nèk kita kudu ngupaya sing tenanan bèn isa mlebu liwat lawang sing sempit. Ing ayat iki, ana karya-karya referensi sing nerjemahké iki dadi ”Ngupaya sak isa-isané; Nindakké sakabèhé”. Kata kerja Yunani agonizomai ana hubungané karo kata benda agon, sing biasané ana gandhèngané karo pertandingan atlétik. Ing Ibr 12:1, kata benda iki uga digunakké kanggo wong-wong Kristen sing mèlu ”balapan” ing urip. Iki uga digunakké kanggo kata sing luwih umum, yaiku ”berjuang”. (Flp 1:30; Kol 2:1; 1Tim 6:12; 2Tim 4:7). Kata kerja Yunaniné digunakké ing Luk 13:24 sing diterjemahké dadi ”mèlu balapan” (1Kor 9:25), ”ngupaya tenanan” (Kol 1:29), lan ”berjuang” (1Tim 6:12). Dadi, omongané Yésus kuwi ana hubungané karo pertandingan atlétik. Mula, ana sing kandha nèk maksudé Yésus kuwi kita kudu ngupaya kaya atlét sing ngupaya sakuwat tenagané bèn isa menang.
(Lukas 13:33) Senajan ngono, aku kudu tetep neruské perjalananku dina iki, sésuk, lan sésuké manèh, merga ora mungkin nabi dipatèni ing njaba kutha Yérusalèm.
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 13:33
ora mungkin: Utawa ”ora masuk akal (mustahil)”. Nubuat ing Dn 9:24-26 isa waé nduduhké nèk Mèsias bakal mati ing Yérusalèm, senajan ora ana nubuat Alkitab sing nyebutké bab kuwi kanthi cetha. Sakliyané kuwi, nèk wong-wong Yahudi arep matèni nabi, apa manèh nèk kuwi Mèsias, mesthi ing kutha kuwi. Mahkamah agung lan 71 anggota Sanhèdrin ngumpul ing Yérusalèm, dadi biasané para nabi palsu diadili ing kono. Sakliyané kuwi, Yésus mungkin ngomong kaya ngono merga wong-wong ajeg mènèhi kurban lan mbelèh cempé Paskah ing Yérusalèm. Apa sing dikandhakké Yésus kuwi kelakon tenan. Yésus diadili karo Sanhèdrin lan dihukum ing Yérusalèm. Lan Yésus mati dadi ”Cempé Paskah” ing cedhak témbok kutha Yérusalèm.—1Kor 5:7.
Maca Alkitab
(Lukas 12:22-40) Banjur Yésus kandha marang murid-muridé, ”Mula aku ngandhani kowé: Aja kuwatir manèh bab uripmu yaiku apa sing arep kok pangan, utawa bab badanmu yaiku apa sing arep kok enggo. 23 Merga urip kuwi luwih aji ketimbang panganan, lan badan kuwi luwih aji ketimbang sandhangan. 24 Coba gatèkna manuk gagak. Manuk gagak ora nyebar winih utawa manèn, lan ora nduwé lumbung utawa gudhang, nanging Gusti Allah maringi pangan manuk-manuk kuwi. Kowé luwih aji ketimbang manuk-manuk, ta? 25 Sapa ta ing antaramu sing merga kuwatir isa nggawé umuré rada dawa sithik? 26 Dadi, nèk perkara sepélé kaya ngono waé ora isa kok tindakké, kanggo apa kuwatir bab perkara-perkara liyané? 27 Gatèkna piyé kembang lili thukul: Kembang-kembang kuwi ora nyambut gawé utawa njahit, nanging aku kandha marang kowé, senajan Salomo sugih banget, sandhangané ora luwih apik ketimbang kembang-kembang kuwi.28 Nèk tanduran ing kebon sing saiki urip terus sésuk diobong waé diparingi sandhangan sing éndah karo Gusti Allah, apa manèh kowé. Wis mesthi Gusti Allah bakal maringi kowé sandhangan, hé kowé sing imané cilik! 29 Mula aja kuwatir manèh bab apa sing arep kok pangan lan apa sing arep kok ombé, lan aja terlalu kuwatir manèh.30 Sebab, kabèh kuwi perkara-perkara sing digolèki bangsa-bangsa ing donya kanthi mempeng, nanging Bapakmu pirsa nèk kowé mbutuhké kuwi. 31 Mula, terus utamakna dhisik Kratoné Allah, lan perkara-perkara iki bakal diparingké marang kowé. 32 ”Aja wedi, kelompok cilik, merga Bapakmu wis kersa kanggo maringi kowé Kraton kuwi. 33 Edolen barang-barangmu lan wènèhana sedhekah. Nggawéa kanthong dhuwit sing ora bakal rusak, yaiku bandha ing swarga sing ora bakal entèk. Ing kono, bandha kuwi ora isa dicolong wong utawa dirusak renget. 34 Sebab ing ngendi bandhamu, ya ing kono kuwi uga atimu. 35 ”Nganggoa klambi lan siap-siapa, lan pastèkna lampu minyakmu murub terus. 36 Kowé kudu kaya budhak-budhak sing ngentèni majikané mulih saka pésta mantèn. Wektu majikané teka lan ndhodhog lawang, budhak-budhaké isa langsung mbukakké. 37 Bungah budhak-budhak kuwi wektu majikané teka ngonangi budhak-budhaké tetep jaga-jaga. Saktenané aku kandha marang kowé, majikan kuwi bakal siap-siap, lan ngongkon budhak-budhaké lungguh ing ngarep méja, banjur dhèwèké bakal mara nyedhak lan ngladèni budhak-budhaké. 38 Bungah budhak-budhak kuwi nèk majikané teka ing giliran jaga kapindho, utawa malah katelu, lan weruh budhak-budhaké tetep siap. 39 Pikirna bab iki, nèk sing nduwé omah wis ngerti jam pira maling arep teka, dhèwèké mesthi ora bakal ngejarké omahé dibobol. 40 Mula, kowé tetepa siap merga Putrané manungsa bakal teka ing jam sing ora kok sangka.”
30 JULI–5 AGUSTUS
SINAU SAKA ALKITAB | LUKAS 14-16
”Perumpamaan bab Anak sing Ilang”
(Lukas 15:11-16) Banjur Yésus kandha, ”Ana wong lanang sing nduwé anak lanang loro.12 Sing ragil kandha marang bapaké, ’Bapak, wènèhana aku bandha sing dadi bagéanku.’ Banjur bapaké ngedum bandhané kanggo anaké loro kuwi. 13 Pirang-pirang dina sakwisé kuwi, anak sing ragil mau nglumpukké kabèh bandhané lan lunga menyang negara sing adoh. Ing kana, dhèwèké ngentèk-entèkké bandhané lan urip sakarepé dhéwé. 14 Sakwisé bandhané entèk, kabèh dhaérah ing negara kuwi ngalami kurang pangan sing parah. Akiré dhèwèké dadi miskin. 15 Malah dhèwèké njaluk gawéan marang salah siji penduduk negara kuwi, lan dhèwèké dikongkon njaga babi ing ladhang. 16 Dhèwèké luwé banget nganti péngin ngisèni wetengé nganggo pakan sing dipangan babi-babi kuwi. Nanging ora ana wong sing gelem mènèhi dhèwèké apa-apa kanggo dipangan.
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 15:11-16
Ana wong lanang sing nduwé anak lanang loro: Ana katrangan-katrangan sing unik ing perumpamaan bab anak sing ilang. Iki perumpamaané Yésus sing paling dawa. Perumpamaan iki uga unik merga nggambarké crita bab keluarga. Ing perumpamaan sing liyané, Yésus kerep nyebutké benda mati, contoné kaya wiji, lemah, utawa hubungané majikan lan budhaké. (Mat 13:18-30; 25:14-30; Luk 19:12-27) Ning, ing perumpamaan iki Yésus nyritakké hubungan sing akrab antarané bapak lan anak. Akèh sing ngrungokké Yésus mungkin ora nduwé bapak sing welas asih kaya ngono. Perumpamaan iki nggambarké katresnan lan welas asihé Bapak kita ing swarga marang anak-anaké ing bumi, yaiku wong-wong sing tetep setya lan sing mertobat sakwisé nindakké dosa.
Sing ragil: Nurut Hukum Musa, anak mbarep éntuk warisan rong bagéan. (PT 21:17) Dadi, anak sing ragil mesthiné nampa warisan setengah bagéan saka sing mbarep.
ngentèk-entèkké: Tembung Yunani sing digunakké ing kéné maksudé ”nyebar-nyebar”. (Luk 1:51; Kis 5:37) Ing Mat 25:24, 26, kuwi diterjemahké dadi ”napèni”. Dadi sing dimaksud kuwi mboros-boroské.
urip sakarepé dhéwé: Utawa ”urip boros (liar; sembrana)”. Tembung Yunani sing mèh padha karo kuwi ana ing Éf 5:18; Tit 1:6; 1Ptr 4:4. Mula, ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nerjemahké dadi ”nguja nafsuné”.
njaga babi: Nurut Hukum, babi kuwi najis. Dadi, kanggoné wong-wong Yahudi, gawéan kuwi gawéan sing rendahan lan njijiki.—Km 11:7, 8.
pakan sing dipangan babi-babi: Utawa ”polong saka wit keratonia”. Polong iki kulité ungu-ungu coklat mengkilap lan mlengkung kaya sungu. Basa Yunani asliné yaiku keration, sing artiné ”sungu cilik”. Polong iki biasané kanggo pakan jaran, sapi, lan babi. Uripé cah enom kuwi susah banget nganti gelem mangan panganané babi.—Deloken katrangan kanggo sinau Luk 15:15.
(Lukas 15:17-24) ”Akiré dhèwèké sadhar lan kandha, ’Kabèh pegawéné bapakku nduwé panganan sing akèh, nanging aku ing kéné kaliren nganti arep mati. 18 Aku bakal mangkat lan lunga menyang omahé bapakku lan kandha marang bapakku, ”Bapak, aku wis dosa marang Gusti Allah lan marang panjenengan. 19 Aku ora pantes manèh disebut anaké Bapak. Aku dadèkna pegawéné Bapak waé.”’ 20 Banjur dhèwèké mangkat lan lunga menyang omahé bapaké. Wektu dhèwèké isih adoh, bapaké weruh dhèwèké lan ngrasa mesakké. Mula bapaké mlayu, banjur ngrangkul lan ngambung dhèwèké. 21 Banjur anaké kandha, ’Bapak, aku wis dosa marang Gusti Allah lan marang panjenengan. Aku ora pantes manèh disebut anaké Bapak.’ 22 Nanging bapaké kandha marang budhak-budhaké, ’Cepet! Jupukna jubah sing paling apik lan enggokna marang dhèwèké. Drijiné enggonana cincin lan sikilé enggonana sandhal. 23 Uga njupuka anak sapi sing lemu banjur belèhen. Ayo kita padha mangan lan ngrayakké iki, 24 merga anakku iki wis mati nanging urip manèh. Dhèwèké ilang nanging wis ditemokké.’ Wong-wong kuwi banjur padha bungah.
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 15:17-24
pegawé: Rencanané, wektu balik menyang omah, anak ragil kuwi njaluk bèn isa ditampa dadi pegawéné bapaké, dudu dadi anaké. Pegawé kuwi kaya budhak lan dudu bagéan saka keluarga. Biasané sing disebut pegawé kuwi wong sing dibayar kanggo kerja harian.—Mat 20:1, 2, 8.
ngambung dhèwèké: Tembung Yunaniné ana hubungané karo kata kerja phileo, sing kadhang kala diterjemahké dadi ”ngambung” (Mat 26:48; Mrk 14:44; Luk 22:47) ning kerep-kerepé nduwé arti ”nresnani” (Yoh 5:20; 11:3; 16:27). Bapak ing perumpamaan kuwi seneng banget lan kanthi welas asih gelem nampa manèh anaké sing wis bali lan mertobat.
disebut anaké Bapak: Ana manuskrip sing nambahké katrangan, ”Dadèkna aku pegawému.” Ning, Terjemahan Donya Anyar dhasaré saka manuskrip-manuskrip sing luwih kuna lan isa dipercaya. Para pakar kandha nèk ana sing nambahi katrangan kuwi supaya isa selaras karo Luk 15:19.
jubah. . . cincin. . . sandhal: Jubah iki dudu klambi biasa, tapi klambi sing paling apik. Mungkin iki jubah sing méwah lan akèh bordirané, biasané dinggo karo tamu sing diurmati. Bapak kuwi uga ngekèki cincin ing drijiné anaké, kuwi nduduhké nèk bapaké ngajèni lan nampa manèh anaké sing wis bali. Budhak biasané ora nganggo cincin lan sandhal. Dadi, bapak ing crita kuwi kanthi cetha nduduhké nèk anaké ditampa manèh dadi bagéan saka keluargané.
(Lukas 15:25-32) ”Wektu kuwi, anaké sing mbarep lagi ana ing ladhang. Wektu mulih lan wis arep tekan omah, dhèwèké krungu swara musik lan tarian. 26 Mula, dhèwèké nyeluk salah siji pelayan lan takon apa sing lagi kelakon. 27 Pelayan kuwi njawab, ’Adhiné panjenengan wis mulih, lan bapaké panjenengan mbelèh anak sapi sing lemu, merga adhiné panjenengan mulih kanthi slamet.’ 28 Nanging dhèwèké nesu lan ora gelem mlebu. Banjur bapaké metu lan ngerih-erih supaya dhèwèké mlebu. 29 Dhèwèké kandha marang bapaké, ’Wis pirang-pirang taun aku nyambut gawé kaya budhak kanggo Bapak, lan babar blas aku ora tau nglawan préntahé Bapak. Nanging Bapak ora tau mènèhi aku anak wedhus kanggo dimaem bareng karo kanca-kancaku. 30 Nanging wektu anaké Bapak kuwi mulih, anak sing ngentèk-entèkké bandhané Bapak bareng karo para pelacur, Bapak malah mbelèh anak sapi sing lemu kanggo dhèwèké.’ 31 Banjur bapaké kandha marang dhèwèké, ’Anakku, kowé terus ana ing kéné karo Bapak. Kabèh duwèké Bapak, kuwi uga duwèkmu. 32 Nanging, awaké dhéwé kudu ngrayakké iki lan seneng-seneng, merga adhimu wis mati nanging urip manèh. Dhèwèké ilang nanging wis ditemokké.’”
Wulangan Penting
(Lukas 14:26) ”Nèk ana wong marani aku lan dhèwèké luwih nresnani bapaké, ibuné, bojoné, anaké, kakangé, adhiné, mbakyuné, lan malah luwih nresnani nyawané dhéwé, wong kuwi ora isa dadi muridku.
Sepira Pentingé Dadi Muridé Yésus?
Ing perjalanan, Yésus ngomongké bab sing mungkin nggawé sebagéan wong kagèt. Yésus kandha, ”Nèk ana wong marani aku lan dhèwèké luwih nresnani bapaké, ibuné, bojoné, anaké, kakangé, adhiné, mbakyuné, lan malah luwih nresnani nyawané dhéwé, wong kuwi ora isa dadi muridku.” (Lukas 14:26) Apa maksudé Yésus?
Kuwi dudu maksudé tenanan sengit karo keluarga. Nanging, maksudé Yésus yaiku para murid kudu luwih nresnani Yésus ketimbang keluargané. Para murid ora éntuk kaya wong lanang sing nolak undangan penting ing pésta gedhé merga dhèwèké lagi waé nikah.—Lukas 14:20.
Yésus uga kandha nèk para muridé ora éntuk ”nresnani nyawané dhéwé”. Iki tegesé para murid kudu luwih nresnani Yésus ketimbang nyawané dhéwé, malah kudu lila mati kanggo Yésus. Cetha, dadi muridé Yésus kuwi tanggung jawab sing gedhé. Iki ora éntuk disepèlèkké nanging kudu dipikir tenanan.
(Lukas 16:10-13) Wong sing setya ing perkara sing cilik, uga setya ing perkara sing gedhé, lan wong sing ora bener ing perkara sing cilik uga ora bener ing perkara sing gedhé. 11 Mula, nèk kowé ora setya wektu nggunakké bandha saka donya sing ora bener iki, sapa sing bakal mercayakké bandha sing sejati marang kowé? 12 Lan nèk kowé ora setya wektu ngurus bandhané wong liya, sapa sing bakal mènèhi kowé opah sing wis disiapké kanggo kowé? 13 Ora ana abdi sing isa dadi budhak kanggo majikan loro. Merga dhèwèké bakal gething marang sing siji lan nresnani sijiné, utawa dhèwèké bakal setya marang sing siji lan ngrèmèhké sijiné. Kowé ora isa dadi budhaké Gusti Allah lan ing wektu sing padha dadi budhaké Bandha.”
Ngupaya ”Bandha kang Sanyata”
7 Wacanen Lukas 16:10-13. Pengurus ing critané Yésus mau nggolèk kanca kanggo kepentingané dhéwé. Ning, Yésus péngin para muridé ora mikirké kepentingané dhéwé wektu ngupaya dadi kancané Yéhuwah. Yésus mulang nèk kita isa mbuktèkké kasetyan kita marang Yéhuwah liwat carané kita nggunakké bandha. Piyé carané?
8 Salah siji cara nggunakké bandha kanggo nduduhké kasetyan yaiku nyumbang kanggo gawéan nginjil sakdonya sing wis diramalké Yésus. (Mt. 24:14) Ana bocah wédok ing India sing sregep nyèlèngi. Malah, dhèwèké diréwangi ora sida tuku dolanan. Bareng cèlèngané wis kebak, kabèh dhuwité disumbangké kanggo gawéan nginjil. Ana sedulur lanang ing India sing nduwé kebon klapa. Dhèwèké nyumbangké klapa pirang-pirang kanggo kantor penerjemahan jarak jauh basa Malayalam. Sumbangan kuwi aji banget merga kantor kuwi pancèn lagi mbutuhké klapa. Kuwi tegesé ”duwé akal”. Semono uga, para sedulur ing Yunani ajeg nyumbangké minyak jaitun, kèju, lan panganan liyané kanggo keluarga Bètèl.
Maca Alkitab
(Lukas 14:1-14) Ing dina Sabat, Yésus lunga menyang omahé sawijiné pemimpin Farisi kanggo maem. Wong-wong ing kono padha tenanan ngematké Yésus. 2 Ing ngarepé Yésus, ana wong lanang sing nduwé penyakit sing marakké awaké abuh. 3 Yésus banjur takon marang para ahli Taurat lan wong-wong Farisi, ”Apa miturut hukum éntuk marèkké wong ing dina Sabat?” 4 Nanging wong-wong kuwi meneng waé. Mula Yésus ndemèk wong lanang kuwi, marèkké dhèwèké, lan ngongkon wong lanang kuwi mulih. 5 Yésus banjur takon marang wong-wong kuwi, ”Nèk ing antaramu, anak utawa sapiné kecemplung sumur pas dina Sabat, mesthi bakal cepet-cepet kok angkat metu saka sumur kuwi, ta?” 6 Wong-wong kuwi ora isa njawab. 7 Yésus nggatèkké nèk para tamu ing kono seneng milih panggonan kanggo tamu penting. Mula Yésus nyritakké umpama iki, 8 ”Nèk kowé diundang ing pésta mantènan, aja lungguh ing panggonan kanggo tamu penting. Mbokmenawa sing nduwé gawé uga ngundang wong sing luwih dihormati ketimbang kowé. 9 Terus wong sing ngundang kowé bakal marani lan kandha marang kowé, ’Panggonan iki kanggo dhèwèké.’ Banjur kowé kepeksa pindhah ing panggonan mburi dhéwé karo kisinan. 10 Nanging nèk kowé diundang, lungguha ing panggonan sing mburi dhéwé, supaya wektu wong sing ngundang mau marani kowé, dhèwèké bakal kandha, ’Kancaku, ayo lungguh ing ngarep.’ Lan kowé bakal diajèni ing ngarepé kabèh tamu liyané. 11 Saben wong sing ngunggulké dhèwèké dhéwé bakal diasorké, lan sapa waé sing ngasorké dhèwèké dhéwé bakal diunggulké.” 12 Banjur Yésus kandha marang wong sing ngundang dhèwèké, ”Nèk kowé nggawé acara mangan ing wayah awan utawa bengi, aja ngundang kancamu utawa kakangmu utawa adhimu utawa sedulurmu utawa tanggamu sing sugih, merga isa waé wong-wong kuwi uga bakal ngundang kowé kanggo mbales kowé. 13 Kowé bakal bungah merga wong-wong kuwi ora nduwé apa-apa kanggo mbales kowé. Kowé bakal éntuk balesané wektu wong-wong bener diuripké manèh.”