URIPÉ WONG KRISTEN
Tandhané Wong Kristen Kuwi Katresnan—Bungah Merga Apa sing Bener
PENTING MERGA: Bèn isa niru Yésus, kita kudu martakké wulangan sing bener bab kersané Gusti Allah. (Yoh 18:37) Senajan urip ing donya sing kebak bab-bab ala, kita kudu seneng karo apa sing bener, ngomongké apa sing bener, lan mikirké apa sing bener.—1Kor 13:6; Flp 4:8.
CARANÉ:
Aja ngrungokké utawa nyebarké omongan sing ora bener.—1Tés 4:11
Aja seneng nèk ndelok wong liya sengsara
Seneng karo bab-bab sing positif lan sing isa nguwatké
DELOKEN VIDEO ”PADHA TRESNA-TINRESNANANA”—BUNGAH ORA AWIT SAKA ANANÉ TUMINDAK KANG ORA ADIL, NANGING MERGA KAYEKTÈN, LAN JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Apa sing ditindakké Debi sing nduduhké nèk dhèwèké ”bungah merga apa sing ora bener”?
Piyé Elis ngarahké omongané ing bab sing luwih positif wektu omong-omongan karo Debi?
Bab apik apa waé sing isa kita omongké?
Bungah merga apa sing bener, dudu merga apa sing ora bener