SINAU SAKA ALKITAB | KISAH 1-3
Roh Suci Mbantu Jemaat Kristen ing Abad Kapisan
Akèh wong Yahudi sing asalé saka bangsa sing béda-béda teka ing Yérusalèm wektu Péntakosta taun 33 M. (Kis 2:9-11) Wong-wong kuwi wis sinau Hukum Musa, ning ya wis suwé manggon ing negara asing. (Ym 44:1) Mula, ana sing penampilan lan carané ngomong wis ora kaya wong Yahudi. Banjur, ana 3.000 wong sing dibaptis lan dadi anggota jemaat Kristen. Senajan asalé béda-béda, tapi ”wong-wong kuwi ajeg ngumpul bareng ing bait”.—Kis 2:46.
Piyé panjenengan isa nduduhké rasa tresna marang . . .
wong-wong ing dhaérah panjenengan sing asalé saka dhaérah liya?
para sedulur ing jemaat sing asalé saka dhaérah liya?