PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb18 November hlm. 8
  • Nggarap Dhaérah sing Basané Luwih saka Siji

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nggarap Dhaérah sing Basané Luwih saka Siji
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Tambah Trampil Anggoné Nginjil—Nèk Ketemu Wong sing Nganggo Basa Liya
    Kagiyatané Abdiné Allah—2015
  • Yéhuwah Péngin Kabèh Krungu Kabar Apik
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
  • Tambah Trampil Nginjil—Nginjil marang Sapa Waé sing Ana ing Dhaérah Kita
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
mwb18 November hlm. 8

URIPÉ WONG KRISTEN

Nggarap Dhaérah sing Basané Luwih saka Siji

Sedulur lanang lan bojoné nginjil marang wong lanang lan anaké sing basané béda

Wong-wong biasané dadi luwih gampang nampa kabar apik sing disampèkké nganggo basané dhéwé. Mungkin kuwi sebabé Yéhuwah ngatur bèn ”wong-wong Yahudi sing salèh saka saben bangsa ing donya” isa krungu kabar apik ing ’basa asliné dhéwé’ wektu Péntakosta taun 33 M, senajan wong-wong kuwi ya isa nggunakké basa sing umum kaya Ibrani utawa Yunani. (Kis 2:5, 8) Ing jaman saiki, ana jemaat-jemaat sing nganakké pakumpulan ibadah ing basa sing béda-béda, ning mungkin dhaérah dinasé padha. Piyé carané bèn para penginjil ing jemaat-jemaat kuwi isa kerja sama kanthi apik, ora nganti tempuk lan marahi sing nduwé omah dadi risi?

  • HP

    Rembugan (WB 15:22): Pengawas penginjilan kudu rembugan kanggo mutuské cara sing paling apik kanggo nginjil ing kono. Jemaat-jemaat basa liya mbokmenawa ora péngin kita nginjil ing omah-omah sing nggunakké basané jemaat liya. Ning, nèk dhaérahé amba banget, mungkin kita isa nginjil ing saben omah ing dhaérah kuwi, tapi nèk ana wong sing nggunakké basa liya lan nduduhké minat kita kudu ngandhani jemaat basa kuwi. (od-IN 93 ¶37) Mbokmenawa jemaat basa liya njaluk bantuan kanggo nemokké wong-wong sing nggunakké basané lan masrahké alamaté bèn dikunjungi jemaat basa kuwi. (km-IN 7/12 5, kothak) Élinga nèk ing sak omah isa waé ana luwih saka siji basa sing digunakké. Sakliyané kuwi, mungkin ana negara-negara sing nduwé hukum bab perlindungan data, dadi wektu nggunakké data pribadi penghuni rumah aja nganti nglanggar hukum kuwi.

  • Omah-omah ing dhaérah

    Kerja sama (Éf 4:16): Manuta karo arahan saka pengawas penginjilan. Apa panjenengan nduwé PAR sing luwih seneng nggunakké basa liya? Dhèwèké mungkin isa luwih cepet maju rohani nèk sinau karo sedulur saka jemaat utawa kelompok sing nggunakké basané wong kuwi.

  • Milih basa

    Persiapan (WB 15:28; 16:1): Nèk sing nduwé omah nggunakké basa liya, panjenengan isih isa martakké kabar apik sak isa isané. Panjenengan isa ngira-ngira dhisik bakal ketemu wong sing nggunakké basa apa lan download Alkitab utawa video-video ing basa kuwi. Panjenengan uga isa nggunakké aplikasi JW Language bèn isa sinau carané mènèhi salam ing basa liya.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim