Tambah Trampil Anggoné Nginjil—Nèk Ketemu Wong sing Nganggo Basa Liya
Apa Sebabé Kuwi Penting: Yéhuwah péngin nduwé hubungan sing raket karo wong saka bangsa ngendi waé. (Para Rasul 10:34, 35) Yésus uga ngendika nèk kabar apik bakal diwartakké ”ing saindenging jagad” lan ”marang sakabèhing bangsa.” (Mt. 24:14) Zakharia ngramal nèk wong-wong sing omong nganggo ”basa warna-warna” bakal padha nanggepi. (Za. 8:23) Gusti Allah nduduhké marang Yokanan, nèk wong-wong sing slamet saka kasusahan gedhé iku, klebu saben wong saka ”sakèhing bangsa lan taler [suku bangsa] golongan sarta basa.” (Wy. 7:9, 13, 14) Mula, nèk ketemu karo wong sing nganggo basa liya, awaké dhéwé kudu tetep ngupaya martakké kabar apik marang wong kuwi.
Sesasi Iki Cobanen Cara Iki:
Wektu Ibadah Sakluarga, panjenengan isa nyoba carané nginjil nèk ketemu wong sing ora ngerti basa panjenengan.