PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb17 Desember hlm. 8
  • Tambah Trampil Nginjil—Nginjil marang Sapa Waé sing Ana ing Dhaérah Kita

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Tambah Trampil Nginjil—Nginjil marang Sapa Waé sing Ana ing Dhaérah Kita
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Tambah Trampil Anggoné Nginjil—Nèk Ketemu Wong sing Nganggo Basa Liya
    Kagiyatané Abdiné Allah—2015
  • Yéhuwah Péngin Kabèh Krungu Kabar Apik
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
  • Nggarap Dhaérah sing Basané Luwih saka Siji
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
mwb17 Desember hlm. 8
Sedulur wédok ing Namibia bareng karo wong wédok sing wis tuwa

URIPÉ WONG KRISTEN

Tambah Trampil Nginjil​—Nginjil marang Sapa Waé sing Ana ing Dhaérah Kita

PENTING MERGA: Zakharia ngramalké nèk wong-wong saka kabèh basa lan bangsa bakal gelem nampa kabar apik. (Za 8:23) Ning, sapa sing bakal mulang wong-wong kuwi? (Rm 10:13-15) Kita kabèh nduwé hak istiméwa lan tanggung jawab kanggo martakké kabar apik marang sapa waé sing ana ing dhaérah kita.​—od-IN 84 ¶10-11.

CARANÉ:

  • Persiapan. Apa panjenengan ketemu karo wong sing nggunakké basa liya? Panjenengan isa nggunakké aplikasi JW Language bèn isa sinau cara sing sedherhana kanggo nginjil. Utawa gunakna piranti èlèktronik panjenengan kanggo nduduhké marang wong kuwi carané éntuk katrangan luwih akèh ing basané dhéwé sing ana ing situs wèb jw.org

  • Kudu tanggap. Nèk pas nginjil ing omah-omah, gunakna kabèh kesempatan kanggo mènèhi kesaksian marang sapa waé sing panjenengan temoni ing dalan utawa sing lagi ngentèni ing njero mobil. Nèk pas nginjil ing panggonan umum, aja nganti keslimur karo bab-bab liya

  • Kudu sregep. Ngupayaa kanggo nemoni wong-wong sing ora ana ing omah wektu nginjil sepisanan. Ngupayaa kanggo nemoni wong ing saben omah, mbokmenawa ing jam utawa dina sing béda. Kita isa uga nginjil liwat surat, télépon, utawa nginjil ing dalan bèn isa ketemu karo wong-wong sing ora isa ditemoni ing omahé

  • Marani manèh. Kudu cepet marani manèh kanggo mupuk minaté. Nèk wong kuwi nggunakké basa liya, ngupayaa kanggo ngubungi penginjil liya sing cocog kanggo mbantu wong kuwi nganggo basané. Panjenengan kudu terus ngubungi wong kuwi nganti wong kuwi ditemoni karo penginjil sing nggunakké basané wong kuwi.​—od-IN 94 ¶39-40

SETÈLEN VIDEO NGINJIL ING DHAÉRAH TERPENCIL, BANJUR JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Para sedulur nggawé rencana kanggo nginjil kusus ing Namibia

    Persiapan apa waé sing digawé karo para sedulur kanggo nginjil marang wong-wong ing dhaérah terpencil? (1Kr 9:22, 23)

  • Kendaraan-kendaraan sing digunakké kanggo nginjil ing dhaérah sing durung tau digarap ing Namibia

    Tantangan apa waé sing kudu diadhepi?

  • Bocah-bocah ing Namibia seneng ndelok video ing jw.org

    Berkah apa waé sing dirasakké?

  • Upaya apa waé sing isa kita tindakké kanggo nemoni luwih akèh wong ing dhaérah kita?

Pengawas penginjilan kudu mesthèkké nèk kabèh dhaérah nginjilé jemaat wis ajeg digarap. Ana badan pinituwa sing nganakké kagiyatan nginjil ing dina-dina kusus menyang dhaérah sing arang digarap. Kuwi isa mènèhi kesempatan kanggo para penginjil bèn isa nginjil sedina muput ing dhaérah kuwi.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim