PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwbr19 Januari hlm. 1-11
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2019
  • Subjudhul
  • 7-13 JANUARI
  • 14-20 JANUARI
  • 21-27 JANUARI
  • 28 JANUARI–3 FEBRUARI
Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2019
mwbr19 Januari hlm. 1-11

Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

7-13 JANUARI

SINAU SAKA ALKITAB | KISAH 21-22

”Muga-Muga Kersané Yéhuwah Kelakon”

(Kisah 21:8-12) Ing dina sakbanjuré, aku kabèh mangkat manèh lan tekan ing Kaisaréa. Ing kana, aku kabèh mlebu ing omahé penginjil sing jenengé Filipus, yaiku salah siji saka antarané wong pitu kuwi, lan aku kabèh manggon karo dhèwèké. 9 Filipus nduwé anak wadon papat sing isih prawan, sing isa mènèhi ramalan. 10 Sakwisé aku kabèh manggon ing kana kanggo sawetara dina, ana nabi sing jenengé Agabus teka saka Yudéa. 11 Dhèwèké marani aku kabèh lan njupuk sabuké Paulus. Sabuk mau dienggo nalèni sikil lan tangané dhéwé, banjur dhèwèké kandha, ”Iki sing diomongké liwat roh suci, ’Wong sing nduwé sabuk iki bakal ditalèni kaya ngéné karo wong-wong Yahudi ing Yérusalèm, lan dhèwèké bakal diserahké marang tangané wong-wong saka bangsa liya.’” 12 Wektu krungu kuwi, aku kabèh lan wong-wong sing ana ing kono padha njaluk kanthi tenanan marang Paulus supaya ora lunga menyang Yérusalèm.

bt-IN 177-178 ¶15-16

”Muga-Muga Kersané Yéhuwah Kelakon”

15 Wektu Paulus nginep ing omahé Filipus, uga ana tamu liya, yaiku Agabus. Wong-wong sing ngumpul ing omahé Filipus ngerti nèk Agabus kuwi nabi merga Agabus tau ngramalké anané kelaparan ing pamréntahané Klaudius. (Kis. 11:27, 28) Mungkin wong-wong kuwi mikir, ’Ana apa Agabus teka? Dhèwèké arep ngomong apa?’ Wektu padha ndeloki, Agabus njupuk sabuké Paulus. Sabuk yaiku kain dawa sing dienggo ing pinggang lan kanggo nyimpen dhuwit utawa barang liyané. Terus, Agabus nalèni tangan lan sikilé dhéwé nganggo sabuk kuwi. Bar kuwi dhèwèké ngomong, ”Iki sing diomongké liwat roh suci, ’Wong sing nduwé sabuk iki bakal ditalèni kaya ngéné karo wong-wong Yahudi ing Yérusalèm, lan dhèwèké bakal diserahké marang tangané wong-wong saka bangsa liya.’”​—Kis. 21:11.

16 Ramalan kuwi nduduhké nèk Paulus bakal lunga menyang Yérusalèm lan dhèwèké bakal dipasrahké ”marang tangané wong-wong saka bangsa liya” merga urusan karo wong-wong Yahudi. Ramalan kuwi pengaruhé gedhé banget marang wong-wong sing ngrungokké. Lukas nulis, ”Wektu krungu kuwi, aku kabèh lan wong-wong sing ana ing kono padha njaluk kanthi tenanan marang Paulus supaya ora lunga menyang Yérusalèm. Paulus banjur njawab, ’Ngapa kowé padha nangis lan ngupaya nggawé susah atiku? Percayaa, aku wis siap ora mung kanggo ditalèni, nanging uga kanggo mati ing Yérusalèm demi jenengé Gusti Yésus.’”​—Kis. 21:12, 13.

(Kisah 21:13) Paulus banjur njawab, ”Ngapa kowé padha nangis lan ngupaya nggawé susah atiku? Percayaa, aku wis siap ora mung kanggo ditalèni, nanging uga kanggo mati ing Yérusalèm demi jenengé Gusti Yésus.”

bt-IN 178 ¶17

”Muga-Muga Kersané Yéhuwah Kelakon”

17 Bayangna peristiwa kuwi. Para sedulur, klebu Lukas nyuwun supaya Paulus ora mangkat. Ana sing nganti nangis. Merga trenyuh karo para sedulur sing perduli kuwi, Paulus ngomong kanthi alus nèk wong-wong kuwi nggawé ’susah atiné’, utawa ing terjemahan liya ditulis ’ngremukké atiné’. Ning, keputusané Paulus ora berubah, kaya wektu dhèwèké nemoni sedulur-sedulur ing Tirus. Paulus tetep mangkat senajan para sedulur nyegah nganti nangis-nangis. Paulus nerangké apa sebabé dhèwèké tetep kudu mangkat. Paulus bener-bener nduwé tékad sing kuwat lan uga kendel. Kaya Yésus mbiyèn, Paulus uga wis nduwé tékad mangkat menyang Yérusalèm. (Ibr. 12:2) Paulus sakjané ora péngin mati, ning nèk nganti kudu mati merga dadi muridé Yésus, Paulus nganggep kuwi kaurmatan.

(Kisah 21:14) Nanging merga Paulus ora isa dipenggak, mula aku kabèh ora meksa dhèwèké manèh, banjur aku kabèh kandha, ”Muga-muga kersané Yéhuwah kelakon.”

bt-IN 178 ¶18

”Muga-Muga Kersané Yéhuwah Kelakon”

18 Para sedulur padha ngajèni keputusané Paulus. Ing Alkitab ditulis, ”Nanging merga Paulus ora isa dipenggak, mula aku kabèh ora meksa dhèwèké manèh, banjur aku kabèh kandha, ’Muga-muga kersané Yéhuwah kelakon.’” (Kis. 21:14) Wong-wong kuwi akhiré ora nyegah Paulus manèh. Para sedulur kuwi gelem ngrungokké Paulus, ngalah, lan nrima apa sing dadi kersané Yéhuwah senajan kuwi abot banget. Paulus dadi luwih gampang ngadhepi iki nèk wong-wong sing nresnani Paulus ora ngalang-alangi dhèwèké.

Wulangan Penting

(Kisah 21:23, 24) Mula tindakna apa sing tak omongké iki: Ing kéné, ana wong papat sing wis nggawé janji marang Gusti Allah. 24 Gawanen wong-wong kuwi bareng kowé, lan tindakna upacara nyucèkké badan bareng wong-wong kuwi, lan bayarana kabèh ragad sing ditokké wong-wong kuwi, supaya wong-wong kuwi isa nyukur rambuté. Banjur kabèh wong bakal ngerti nèk kabar bab kowé kuwi ora bener, merga tumindakmu apik lan kowé nindakké hukum Taurat.

bt-IN 184-185 ¶10-12

”Rungokna Pembélaanku Iki”

10 Senajan ngono, Paulus ngajèni wong-wong sing nindakké kebiasaan Yahudi, contoné ora nyambut gawé pas dina Sabat utawa bab pantangan mangan. (Rm. 14:1-6) Paulus uga ora nggawé aturan soal sunat. Pancèn, Paulus ngongkon Timotius disunat supaya wong-wong Yahudi ora dadi curiga karo Timotius, merga bapaké wong Yunani. (Kis. 16:3) Sunat kuwi keputusan pribadi. Paulus ngomong karo jemaat ing Galatia, ”Sing penting kuwi dudu disunat utawa ora, nanging sing penting kuwi iman sing diduduhké liwat katresnan.” (Gal. 5:6) Ning, nèk wong disunat merga manut karo Hukum utawa bèn ditresnani Yéhuwah, kuwi bukti kurang iman.

11 Senajan kabar kuwi ora bener, wong-wong Yahudi tetep ngrasa ora nyaman. Mula, merga alesan kuwi, para pinituwa ing kono ngekèki arahan kanggo Paulus, ”Ing kéné, ana wong papat sing wis nggawé janji marang Gusti Allah. Gawanen wong-wong kuwi bareng kowé, lan tindakna upacara nyucèkké badan bareng wong-wong kuwi, lan bayarana kabèh ragad sing ditokké wong-wong kuwi, supaya wong-wong kuwi isa nyukur rambuté. Banjur kabèh wong bakal ngerti nèk kabar bab kowé kuwi ora bener, merga tumindakmu apik lan kowé nindakké hukum Taurat.”​—Kis. 21:23, 24.

12 Paulus isa waé ngomong nèk masalah kuwi ana merga wong-wong Kristen Yahudi sing fanatik karo Hukum Musa. Ning, Paulus gelem nggawé penyesuaian nèk kuwi ora nglanggar pathokané Alkitab. Sakdurungé kuwi, dhèwèké tau ngomong, ”Marang wong sing nindakké hukum, aku dadi wong sing nindakké hukum supaya aku isa mbantu wong-wong kuwi, senajan aku dhéwé ora nindakké hukum.” (1 Kor. 9:20) Paulus kerjasama karo para pinituwa ing Yérusalèm lan dadi ”wong sing nindakké hukum”. Tuladhané Paulus kuwi isa mbantu kita jaman saiki kanggo kerjasama karo para pinituwa lan ora tumindak sakarepé dhéwé.​—Ibr. 13:17.

(Kisah 22:16) Dadi, apa manèh sing kok entèni? Ngadega, ndang baptisa, lan resikana awakmu saka dosa-dosamu kanthi cara nyebut jenengé.’

nwtsty katrangan kanggo sinau Kis 22:16

resikana awakmu saka dosa-dosamu kanthi cara nyebut jenengé: Utawa ”resikana awakmu saka dosa-dosamu lan nyebut jenengé”. Dosa-dosané wong isa diresiki ora nèk merga dibaptis, ning nèk nyebut jenengé Yésus. Kuwi tegesé nduwé iman marang Yésus lan mbuktèkké iman kuwi liwat tumindak.​—Kis 10:43; Yak 2:14, 18.

Maca Alkitab

(Kisah 21:1-19) Aku kabèh akiré ninggalké para sedulur kuwi kanthi rasa sedhih banget, sakwisé kuwi banjur numpak kapal langsung menyang Kos. Lan ing dina sakbanjuré menyang Rodès, lan saka kono banjur menyang Patara. 2 Wektu ngerti ana kapal sing arep nyabrang menyang Fénisia, aku kabèh banjur numpak kapal kuwi lan mangkat. 3 Sakwisé kuwi, ing sisih kiwa kétok Pulau Siprus, nanging aku kabèh mung ngliwati waé. Kapalé terus mlaku menyang Siria lan mandheg ing Tirus, yaiku ing panggonan kapal kuwi arep ngedhunké barang. 4 Aku kabèh nggolèki murid-murid lan akiré ketemu, banjur manggon ing kana suwéné pitung dina. Nanging liwat tuntunan roh suci, para murid bola-bali ngandhani Paulus supaya ora lunga menyang Yérusalèm. 5 Banjur sakwisé tekan wektuné, aku kabèh mangkat lan neruské perjalanan, nanging murid-murid kuwi, bareng karo wong-wong wadon lan bocah-bocah, padha ngeterké aku kabèh nganti tekan njaba kutha. Lan karo jèngkèng ing pantai, aku kabèh ndonga 6 banjur padha pamitan. Sakwisé kuwi, aku kabèh munggah menyang kapal lan wong-wong kuwi padha mulih. 7 Aku kabèh numpak kapal ninggalké Tirus lan tekan ing Ptolémais. Ing kono, aku kabèh ngucapké salam marang sedulur-sedulur lan manggon bareng karo sedulur-sedulur kuwi suwéné sedina. 8 Ing dina sakbanjuré, aku kabèh mangkat manèh lan tekan ing Kaisaréa. Ing kana, aku kabèh mlebu ing omahé penginjil sing jenengé Filipus, yaiku salah siji saka antarané wong pitu kuwi, lan aku kabèh manggon karo dhèwèké. 9 Filipus nduwé anak wadon papat sing isih prawan, sing isa mènèhi ramalan. 10 Sakwisé aku kabèh manggon ing kana kanggo sawetara dina, ana nabi sing jenengé Agabus teka saka Yudéa. 11 Dhèwèké marani aku kabèh lan njupuk sabuké Paulus. Sabuk mau dienggo nalèni sikil lan tangané dhéwé, banjur dhèwèké kandha, ”Iki sing diomongké liwat roh suci, ’Wong sing nduwé sabuk iki bakal ditalèni kaya ngéné karo wong-wong Yahudi ing Yérusalèm, lan dhèwèké bakal diserahké marang tangané wong-wong saka bangsa liya.’” 12 Wektu krungu kuwi, aku kabèh lan wong-wong sing ana ing kono padha njaluk kanthi tenanan marang Paulus supaya ora lunga menyang Yérusalèm. 13 Paulus banjur njawab, ”Ngapa kowé padha nangis lan ngupaya nggawé susah atiku? Percayaa, aku wis siap ora mung kanggo ditalèni, nanging uga kanggo mati ing Yérusalèm demi jenengé Gusti Yésus.” 14 Nanging merga Paulus ora isa dipenggak, mula aku kabèh ora meksa dhèwèké manèh, banjur aku kabèh kandha, ”Muga-muga kersané Yéhuwah kelakon.” 15 Sakwisé pirang-pirang dina ana ing kana, aku kabèh siap-siap kanggo neruské perjalanan lan mangkat menyang Yérusalèm. 16 Ana murid-murid saka Kaisaréa sing uga mèlu, lan ngeterké aku kabèh marang Mnason sing asalé saka Siprus, sing wis suwé dadi murid. Aku kabèh arep nginep ing omahé. 17 Wektu aku kabèh tekan ing Yérusalèm, sedulur-sedulur nampa aku kabèh kanthi bungah. 18 Ing dina sakbanjuré, Paulus lunga bareng aku kabèh nemoni Yakobus, lan kabèh pinituwa ana ing kana. 19 Lan sakwisé ngucapké salam marang para sedulur kuwi, Paulus ngandhani kabèh sedulur kuwi kanthi rinci bab perkara-perkara sing wis ditindakké Gusti Allah liwat gawéan nginjilé.

14-20 JANUARI

SINAU SAKA ALKITAB | KISAH 23-24

”Ditudhuh Tukang Nggawé Masalah lan Ngojok-ojoki”

(Kisah 23:12) Ésuké, wong-wong Yahudi padha nggawé rencana jahat lan padha sumpah nèk ora bakal mangan utawa ngombé nganti wong-wong kuwi isa matèni Paulus.

(Kisah 23:16) Nanging, ponakané lanang Paulus krungu bab rencana serangan kuwi, lan dhèwèké mlebu menyang markasé prajurit lan nglaporké kuwi marang Paulus.

bt-IN 191 ¶5-6

”Tetepa Kendel!”

5 Paulus dikuwatké ing wektu sing pas. Merga sésuké ana luwih saka 40 wong ”padha nggawé rencana jahat lan padha sumpah nèk ora bakal mangan utawa ngombé nganti wong-wong kuwi isa matèni Paulus”. Wong-wong kuwi péngin banget matèni Paulus nganti ”padha nggawé sumpah kaya ngono”. Nèk nganti rencana kuwi gagal, wong-wong kuwi percaya nèk bakal éntuk kesusahan utawa kutukan. (Kis. 23:12-15) Para imam kepala lan para pemimpin setuju karo rencanané wong-wong kuwi kanggo nggawa Paulus menyang Sanhèdrin manèh supaya isa ditakon-takoni luwih akèh. Ning sakjané kuwi mung éthok-éthok, pas perjalanan Paulus bakal diserang lan dipatèni.

6 Ponakané Paulus, sing ora disebutké jenengé, krungu rencana kuwi terus ngomong karo Paulus. Banjur, Paulus ngongkon ponakané nglaporké kuwi marang komandan militèr Romawi sing jenengé Klaudius Lisias. (Kis. 23:16-22) Yéhuwah tresna karo cah-cah enom sing kendel ngutamakké keslametané umaté Yéhuwah lan sing terus ndhukung Kratoné Gusti Allah, kaya ponakané Paulus.

(Kisah 24:2) Lan wektu Tèrtulus dikongkon ngomong, dhèwèké mulai nudhuh Paulus ing ngarepé Gubernur Fèliks, kandhané, ”Matur nuwun kanggo panjenengan merga aku kabèh ngrasakké katentreman, lan merga panjenengan mréntah kanthi wicaksana, ana kemajuan ing bangsa iki.

(Kisah 24:5, 6) Aku kabèh weruh nèk wong iki tukang nggawé masalah. Dhèwèké ngojok-ojoki wong-wong Yahudi ing sak donya, lan dhèwèké kuwi pentholané sèkte wong Nazarèt. 6 Dhèwèké uga ngupaya najiské bait, mula aku kabèh nangkep dhèwèké.

bt-IN 192 ¶10

”Tetepa Kendel!”

10 Ing Kaisaréa Paulus ”ditahan ing istanané Hérodès” kanggo ngentèni wong-wong sing nudhuh teka saka Yérusalèm. (Kis. 23:35) Limang dina sakwisé wong-wong kuwi teka, yaiku Imam Agung Ananias, Tèrtulus sing dadi juru bicara, lan para pemimpin Yahudi. Awalé, Tèrtulus nyanjung Fèliks kanggo apa sing wis ditindakké marang wong-wong Yahudi, ning kuwi dudu pujian sing tulus. Banjur, pas ngomongké masalah utamané, Tèrtulus nyebut Paulus ”tukang nggawé masalah. Dhèwèké ngojok-ojoki wong-wong Yahudi ing sak donya, lan dhèwèké kuwi pentholané sèkte wong Nazarèt. Dhèwèké uga ngupaya najiské bait, mula aku kabèh nangkep dhèwèké”. Wong-wong Yahudi ”mèlu-mèlu nudhuh Paulus lan ngomong nèk tudhuhan-tudhuhan kuwi bener”. (Kis. 24:5, 6, 9) Ngojok-ojoki, dadi pentholane sèkte sing mbebayani, lan najiské bait kuwi tudhuhan-tudhuhan serius sing hukumané mati.

(Kisah 24:10-21) Wektu gubernur mènèhi tandha marang Paulus kanggo ngomong, Paulus kandha, ”Aku ngerti nèk panjenengan wis dadi hakimé bangsa iki suwéné pirang-pirang taun. Lan merga kuwi, aku seneng ngomongké pembélaanku ing ngarepé panjenengan. 11 Ora nganti 12 dina kepungkur, aku lunga ngibadah ing Yérusalèm, nèk panjenengan péngin ngerti apa kuwi pancèn bener, panjenengan isa takon dhéwé. 12 Wong-wong iki ora tau weruh aku bebantahan karo sapa waé ing bait utawa ngojok-ojoki kumpulan wong kanggo nggawé gègèr, ing sinagogé-sinagogé ya ora, ing panggonan liyané ing kutha ya ora. 13 Wong-wong kuwi ya ora isa mbuktèkké marang panjenengan nèk tudhuhan-tudhuhané marang aku kuwi bener. 14 Nanging tak akoni marang panjenengan, nèk miturut cara ngibadah sing disebut wong-wong kuwi ’sèkte’, aku nindakké tugas suci marang Gusti Allahé para leluhurku, merga aku percaya marang kabèh bab sing ana ing Taurat lan Tulisan Para Nabi. 15 Lan aku uga nduwé pangarep-arep marang Gusti Allah, kaya pangarep-arepé wong-wong iki, yaiku nèk Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong sing bener lan sing ora bener. 16 Kuwi sebabé aku terus ngupaya supaya hati nuraniku tetep resik ing ngarsané Gusti Allah lan manungsa. 17 Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, aku bali manèh menyang Yérusalèm kanggo mènèhi dhuwit sumbangan marang bangsaku lan mènèhi kurban marang Gusti Allah. 18 Wektu aku lagi ngurus perkara-perkara kuwi, wong-wong weruh aku lagi nindakké upacara nyucèkké badan ing bait, nanging tanpa wong akèh lan tanpa nggawé ribut. Ing kana, ana sapérangan wong Yahudi saka Provinsi Asia 19 sing saiki kuduné ana ing ngarepé panjenengan kanggo nudhuh aku, nèk wong-wong kuwi pancèn nduwé masalah karo aku. 20 Utawa, ejarna wong-wong ing kéné iki ngomongké dhéwé kesalahan apa sing ditemokké wong-wong iki saka aku, wektu aku ngadeg ing ngarepé Sanhèdrin. 21 Wong-wong iki mung isa nudhuh aku merga siji bab iki, yaiku wektu aku ngadeg ing ngarepé Sanhèdrin, aku kandha, ’Aku saiki lagi diadili merga pangarep-arep bab wong mati sing isa diuripké manèh!’”

bt-IN 193-194 ¶13-14

”Tetepa Kendel!”

13 Paulus mènèhi tuladha kanggo kita nèk ngadhepi pamréntah merga ibadah lan nèk kita ditudhuh nggawé masalah, nglawan pamréntah, utawa dadi anggota organisasi sing bahaya. Paulus ora kaya Tèrtulus sing muji-muji gubernur kanggo kepentingané dhéwé. Paulus tetep tenang lan ngajèni gubernur. Dhèwèké uga mènèhi kesaksian sing jelas lan bener kanthi wicaksana. Paulus kandha nèk ”wong Yahudi saka Provinsi Asia” sing nudhuh dhèwèké najiské bait ora teka, padahal nurut hukum kuduné Paulus ketemu lan ngrungokké dhéwé tudhuhané.​—Kis. 24:18, 19.

14 Sing apik, Paulus ngupaya mènèhi kesaksian bab imané. Kanthi kendel, Paulus nandheské nèk dhèwèké percaya bab kebangkitan, kuwi masalah sing marahi ribut wektu dhèwèké ngadhep Sanhèdrin. (Kis. 23:6-10) Wektu mènèhi pembélaan, Paulus nandheské bab harapan kebangkitan merga dhèwèké lagi mènèhi kesaksian bab Yésus lan kebangkitané. Wong-wong sing nudhuh ora setuju karo kesaksiané Paulus kuwi. (Kis. 26:6-8, 22, 23) Sakjané masalah utamané merga wong-wong kuwi ora percaya bab Yésus lan kebangkitané.

Wulangan Penting

(Kisah 23:6) Paulus ngerti nèk sebagéan anggota Sanhèdrin kuwi wong Saduki, lan liya-liyané wong Farisi. Mula Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, aku iki wong Farisi, keturunané wong Farisi. Aku saiki lagi diadili merga pangarep-arep bab wong mati sing isa diuripké manèh.”

nwtsty katrangan kanggo sinau Kis 23:6

Aku iki wong Farisi: Ing antarané para hadirin ana sing kenal karo Paulus. (Kis 22:5) Wektu Paulus ngomong nèk dhèwèké keturunané wong Farisi, wong-wong kuwi nganggep nèk Paulus padha kaya wong Farisi. Wong-wong Farisi ngerti nèk omongané Paulus kuwi ora salah, merga Paulus wis dadi wong Kristen. Ning, ing crita iki maksudé Paulus madhakké dhèwèké karo wong Farisi timbang wong Saduki, merga wong Farisi percaya karo kebangkitan. Nganggo cara kuwi, Paulus nggolèk persamaané karo wong Farisi sing teka. Maksudé bèn wong-wong Farisi kuwi setuju karo pendapaté Paulus, lan carané Paulus kuwi suksès. (Kis 23:7-9) Omongané Paulus sing ana ing Kis 23:6, padha kaya wektu dhèwèké nggawé pembélaan marang Raja Agripa. (Kis 26:5) Lan wektu nulis surat saka Roma kanggo wong-wong Kristen ing Filipi, Paulus ngomong manèh nèk dhèwèké wong Farisi. (Flp 3:5) Ing Kis 15:5 uga disebutké nèk ana wong-wong Farisi sing wis dadi Kristen.

(Kisah 24:24) Pirang-pirang dina sakbanjuré, Fèliks teka karo bojoné, sing jenengé Drusila, yaiku wong Yahudi. Banjur Fèliks ngongkon wong kanggo nyeluk Paulus, lan dhèwèké ngrungokké Paulus njelaské apa artinè percaya marang Kristus Yésus.

(Kisah 24:27) Sakwisé rong taun, Fèliks banjur diganti Porkius Fèstus. Merga Fèliks péngin wong-wong Yahudi terus nyenengi dhèwèké, Fèliks ngejarké Paulus ditahan.

nwtsty katrangan kanggo sinau Kis 24:24

Drusila: Anak wédok nomer telu lan terakhiré Hérodès Agripa I sing disebutké ing Kis 12:1. Dhèwèké lair kira-kira taun 38 M lan dhèwèké kuwi adhiné Agripa II lan Bèrnike. (Deloken katrangan kanggo sinau Kis 25:13 lan Daftar Istilah Alkitab ”Hérodès”.) Gubernur Fèliks kuwi bojoné sing kapindho. Sakdurungé kuwi dhèwèké tau nikah karo Raja Siria yaiku Azizus saka Emesa ning pegatan terus nikah karo Fèliks kira-kira taun 54 M wektu umuré kira-kira 16 taun. Wektu Paulus ngadhep Fèliks lan ”ngomongké bab tumindak sing bener, ngendhalèni dhiri, lan pengadilan sukmbèn”, mungkin Drusila ya ana ing kono. (Kis 24:25) Wektu Fèliks masrahké jabatan gubernur marang Fèstus, Fèliks ngejarké Paulus dadi tahanan supaya ”wong-wong Yahudi terus nyenengi dhèwèké”. Ana sing mikir kuwi kanggo nyenengké bojoné, sing asliné wong Yahudi.​—Kis 24:27.

nwtsty katrangan kanggo sinau Kis 25:13

Agripa: Sing dimaksud yaiku Hérodès Agripa II. Dhèwèké kuwi buyuté Hérodès Agung. Bapaké jenengé Hérodès Agripa I, lan ibuné jenengé Sipros.​—Kis 12:1; deloken Daftar Istilah Alkitab, ”Hérodès”.

Bèrnike: Sedulur wédoké Hérodès Agripa II. Dhèwèké nindakké hubungan sèks karo seduluré dhéwé yaiku Hérodès Agripa II. Bar kuwi Bèrnike dadi selingkuhané Titus sakdurungé Titus dadi kaisar Romawi.

Maca Alkitab

(Kisah 23:1-15) Karo mandeng para anggota Sanhèdrin, Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, nganti dina iki, aku wis tumindak nganggo hati nurani sing bener-bener resik ing ngarsané Gusti Allah.” 2 Wektu krungu kuwi, Imam Agung Ananias ngongkon wong-wong sing ngadeg ing cedhaké Paulus kanggo napuk tutuké Paulus. 3 Banjur Paulus kandha, ”Gusti Allah bakal nggebug kowé, hé, wong sing kaya témbok dilabur putih. Apa kowé lungguh kanggo ngadili aku miturut hukum Taurat, lan ing wektu sing padha kowé nglanggar hukum kuwi nganggo cara ngongkon supaya aku ditapuk?” 4 Wong-wong sing ngadeg ing cedhaké Paulus kandha, ”Apa kowé ora ngajèni imam agungé Gusti Allah?” 5 Paulus banjur kandha, ”Sedulur-sedulur, aku ora ngerti nèk dhèwèké kuwi imam agung. Merga Kitab Suci kandha, ’Aja ngrèmèhké pemimpiné bangsamu.’” 6 Paulus ngerti nèk sebagéan anggota Sanhèdrin kuwi wong Saduki, lan liya-liyané wong Farisi. Mula Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, aku iki wong Farisi, keturunané wong Farisi. Aku saiki lagi diadili merga pangarep-arep bab wong mati sing isa diuripké manèh.” 7 Merga Paulus ngomong kaya ngono, wong-wong Farisi lan wong-wong Saduki dadi padu, lan wong-wong kuwi banjur pecah dadi rong golongan. 8 Wong-wong Saduki kandha nèk wong mati ora isa diuripké manèh, ora ana malaékat, utawa makhluk roh, padahal wong-wong Farisi percaya kuwi kabèh. 9 Mula banjur ana gègèran sing gedhé, lan sapérangan ahli Taurat saka sèkte Farisi padha ngadeg lan mulai ngomong kanthi kasar, ”Aku kabèh babar blas ora nemokké salahé wong iki. Mbokmenawa ana makhluk roh utawa malaékat sing ngomong marang dhèwèké.” 10 Merga gègèran kuwi saya gedhé, komandan militèr dadi wedi nèk wong-wong kuwi matèni Paulus. Mula dhèwèké mréntahké para prajurité mudhun lan nggèrèd Paulus saka tengah-tengahé wong-wong kuwi lan nggawa dhèwèké menyang markas prajurit. 11 Nanging ing wengi sakbanjuré, Gusti teka marani Paulus lan kandha, ”Tetepa kendel! Kowé kudu mènèhi kesaksian ing Roma, kaya kowé wis mènèhi kesaksian kanthi tliti bab aku ing Yérusalèm.” 12 Ésuké, wong-wong Yahudi padha nggawé rencana jahat lan padha sumpah nèk ora bakal mangan utawa ngombé nganti wong-wong kuwi isa matèni Paulus. 13 Ana luwih saka 40 wong sing wis padha nggawé sumpah kaya ngono. 14 Wong-wong kuwi lunga marang para imam kepala lan para pemimpin, banjur kandha, ”Aku kabèh wis tenanan sumpah nèk ora bakal mangan apa-apa nganti isa matèni Paulus. 15 Mula saiki, panjenengan kabèh lan para anggota Sanhèdrin kudu ngandhani komandan militèr nèk dhèwèké kudu nggawa Paulus marang panjenengan kabèh, éthok-éthoké panjenengan arep mriksa kasusé luwih tliti. Nanging, mengko sakdurungé Paulus tekan, aku kabèh wis siap matèni dhèwèké.”

21-27 JANUARI

SINAU SAKA ALKITAB | KISAH 25-26

”Paulus Njaluk Bandhing marang Kaisar Terus Mènèhi Kesaksian marang Raja Hérodès Agripa”

(Kisah 25:11) Nèk aku pancèn tumindak salah sing nggawé aku pantes mati, aku ora njaluk supaya dibébaské saka hukuman mati. Nanging nèk kabèh sing ditudhuhké marang aku kuwi ora bener, ora ana siji-sijia wong sing nduwé hak kanggo nyerahké aku marang wong-wong kuwi mung merga nuruti penjaluké. Aku njaluk bandhing marang Kaisar!”

bt-IN 198 ¶6

”Aku Njaluk Bandhing marang Kaisar!”

6 Fèstus kepéngin nyenengké wong-wong Yahudi. Kuwi isa mbebayani kanggo Paulus. Mula Paulus nggunakké haké dadi warga negara Romawi. Paulus ngomong karo Fèstus, ”Aku saiki lagi ngadeg ing ngarepé kursi pengadilan Kaisar, lan ya ing kéné iki kuduné aku diadili. Aku ora tumindak salah marang wong Yahudi, lan panjenengan mesthi ya ngerti bab iki. . . . Aku njaluk bandhing marang Kaisar!” Bar diajokké, permohonan naik bandhing kuwi wis ora isa dibatalké. Fèstus nandheské kuwi, lan ngomong, ”Kowé njaluk bandhing marang Kaisar, mula kowé bakal lunga marang Kaisar.” (Kis. 25:10-12) Paulus njaluk bandhing marang pamréntah sing luwih dhuwur. Kuwi isa dadi conto kanggo kita saiki. Nèk wong sing nentang nyoba nggawé ”masalah nganggo dhasar hukum”, Seksi-Seksi Yéhuwah isa nggunakké hak-hak hukum kanggo mbéla kabar apik.​—Ms. 94:20, Terjemahan Dunia Baru.

(Kisah 26:1-3) Agripa kandha marang Paulus, ”Kowé diijinké ngomong kanggo mbéla awakmu dhéwé.” Paulus banjur ngangkat tangané lan mulai nggawé pembélaan. Dhèwèké kandha, 2 ”Raja Agripa, aku seneng banget merga isa ana ing ngarepé panjenengan dina iki, kanggo ngomongké pembélaanku bab kabèh tudhuhané wong-wong Yahudi marang aku, 3 utamané merga panjenengan ahli ing bab kebiasaan lan masalah-masalahé wong Yahudi. Mula, aku nyuwun supaya panjenengan gelem sabar ngrungokké aku.

bt-IN 198-201 ¶10-16

”Aku Njaluk Bandhing marang Kaisar!”

10 Paulus ngucapké maturnuwun marang Raja Agripa merga dikèki kesempatan kanggo ngejokké pembélaan, ngakoni nèk raja kuwi wis ahli ing bab kebiasaan lan masalah ing antarané wong Yahudi. Terus Paulus ngomong, ”Mbiyèn aku saka sèkte Farisi, lan kaya sing panjenengan ngertèni, sèkte iki luwih kaku ketimbang sèkte Yahudi liyané.” (Kisah 26:5) Merga dhèwèké wong Farisi, Paulus percaya nèk Mèsias bakal teka. Saiki, merga wis dadi wong Kristen, Paulus ngenalké nèk Yésus kuwi Mèsias sing wis ditunggu-tunggu. Dina kuwi Paulus diadili merga harapan bab janjiné Gusti Allah marang para leluhuré sing bakal digenepi. Harapan kuwi ya dipercaya karo wong-wong sing nudhuh Paulus. Kahanan iki nggawé Agripa dadi penasaran karo apa sing arep diomongké Paulus.

11 Paulus kèlingan wektu nganiaya wong-wong Kristen. Dhèwèké ngomong, ”Mbiyèn, aku dhéwé yakin banget nèk aku kudu ngupaya tenanan kanggo nentang jenengé Yésus wong Nazarèt . . . Lan merga aku sengit banget, aku nganti nganiaya wong-wong kuwi [utawa, murid-muridé Yésus] tekan kutha-kutha liyané.” (Kis. 26:9-11) Kuwi pancèn bener. Akèh wong ngerti nèk Paulus wis nganiaya wong-wong Kristen. (Gal. 1:13, 23) Agripa mungkin mikir, ’Apa sing nggawé Paulus isa berubah?’

12 Jawabané ing omongané Paulus sakbanjuré, ”Aku lunga menyang Damaskus, merga aku diwènèhi wewenang lan tugas saka para imam kepala. Wektu aku ing dalan, pas awan, ya Raja, aku ndelok ana cahya sing padhangé ngluwihi srengéngé, sumunar saka langit ing sakiwa-tengenku lan wong-wong sing lunga bareng aku. Lan wektu aku kabèh tiba ing lemah, aku krungu swara sing kandha marang aku ing basa Ibrani, ’Saul, Saul, ngapa kowé nganiaya aku? Nèk kowé terus nglawan aku kowé nglarani awakmu dhéwé.’ Nanging aku takon, ’Panjenengan sapa, Pak?’ Lan Gusti njawab, ’Aku Yésus, sing kok aniaya.’”​—Kis. 26:12-15.

13 Sakdurungé ndelok perkara sing ajaib kuwi, Paulus kaya-kaya ”nendhang tongkat wesi.” Kaya kéwan sing nendhangi ujung tongkat wesi sing landhep lan dadi lukak, Paulus nglawan kersané Yéhuwah mula dadi nglarani awaké dhéwé ing bab rohani. Yésus sing wis urip manèh nemoni Paulus ing dalan nuju Damaskus kanggo mbantu Paulus sing sakjané tulus ning salah arah, supaya dhèwèké isa ngowahi uripé.​—Yoh. 16:1, 2.

14 Uripé Paulus saiki dadi béda banget. Paulus ngomong marang Agripa, ”Aku manut karo wahyu saka swarga kuwi. Kapisan marang wong-wong ing Damaskus, banjur marang wong-wong ing Yérusalèm lan ing kabèh dhaérah ing Yudéa, uga marang bangsa-bangsa liya, aku martakké marang wong-wong kuwi nèk wong-wong kuwi kudu mertobat lan mbalik marang Gusti Allah, nganggo cara nindakké perkara-perkara sing nduduhké nèk wong-wong kuwi mertobat.” (Kis. 26:19, 20) Wis pirang-pirang taun, Paulus nindakké tugas sing dikèki Yésus. Apa hasilé? Wong-wong sing nampa kabar apik padha mertobat saka tumindak sing amoral lan ora jujur, terus mbalik marang Gusti Allah. Wong-wong kuwi ya dadi warga negara sing apik, manut lan ngajèni pamréntah.

15 Ning, wong-wong Yahudi sing nentang Paulus ora nggagas manfaat-manfaat kuwi. Paulus ngomong, ”Kuwi sebabé wong-wong Yahudi padha nangkep aku ing bait lan ngupaya matèni aku. Nanging merga aku wis ngrasakké dhéwé bantuané Gusti Allah, nganti saiki aku terus mènèhi kesaksian marang wong cilik lan wong penting.”​—Kis. 26:21, 22.

16 Wong Kristen kudu ”tansah siap mènèhi jawaban” bab imané. (1 Ptr. 3:15) Wektu mbéla iman ing ngarepé hakim lan pamréntah, kita isa niru carané Paulus ngomong karo Agripa lan Fèstus. Kita isa crita piyé urip kita lan wong-wong sing dikabari isa dadi luwih apik merga sinau Alkitab. Kuwi isa nggawé pamréntah dadi luwih ngajèni kita.

(Kisah 26:28) Nanging Agripa kandha marang Paulus, ”Sedhéla manèh, kowé isa nggawé aku dadi wong Kristen.”

bt-IN 202 ¶18

”Aku Njaluk Bandhing marang Kaisar!”

18 Ning Paulus njawab, ”Aku ora édan, Gubernur Fèstus sing tak hormati. Sing tak omongké iki bener lan asalé saka pikiran sing waras. Malah, aku isa ngomong kanthi bébas marang Raja, merga panjenengané ngerti tenan bab perkara-perkara iki . . . Raja Agripa, apa panjenengan percaya marang Tulisan Para Nabi? Aku ngerti nèk panjenengan percaya.” Agripa njawab, ”Sedhéla manèh, kowé isa nggawé aku dadi wong Kristen.” (Kis. 26:25-28) Kita ora ngerti jawabané Agripa kuwi tulus utawa ora, ning kuwi nduduhké nèk kesaksiané Paulus mènèhi pengaruh gedhé marang raja.

Wulangan Penting

(Kisah 26:14, ctn) Lan wektu aku kabèh tiba ing lemah, aku krungu swara sing kandha marang aku ing basa Ibrani, ’Saul, Saul, ngapa kowé nganiaya aku? Nèk kowé terus nendhang tongkat wesi, kowé nglarani awakmu dhéwé.’

nwtsty katrangan kanggo sinau Kis 26:14

terus nglawan: Lit., ”nendhang tongkat wesi”. Kanggo nggiring kéwan biasané nganggo tongkat wesi sing pucuké landhep. (PH 3:31) Paribasan ”nendhang tongkat wesi” ana ing karya tulis basa Yunani. Iki nggambarké sapi sing ngèyèl ora gelem digiring ning malah nendhang-nendhang tongkat wesiné, dadiné lukak. Sakdurungé dadi wong Kristen, Saul ya kaya sapi sing ngèyèl kuwi. Merga nglawan wong Kristen sing didhukung Yéhuwah, Paulus dadi nglarani awaké dhéwé. (Bandhingna Kis 5:38, 39; 1Tim 1:13, 14.) Ing Kohèlèt 12:11 (Basa Jawi Padintenan), istilah ”teken lancip” dipadhakké kaya omongané wong wicaksana sing nggawé wong liya gelem ngetrapké naséhat.

nwt daftar istilah

Tongkat wesi. Tongkat dawa sing pucuké wesi landhep, sing dienggo karo petani kanggo nggiring kéwan. Tongkat wesi dipadhakké kaya omongané wong wicaksana sing nggawé wong liya gelem ngetrapké naséhat. Istilah ”nendhang tongkat wesi” nggambarké sapi sing ngèyèl ora gelem digiring ning malah nendhang-nendhang tongkat wesiné, dadiné lukak.​—Kis 26:14; PH 3:31.

(Kisah 26:27) Raja Agripa, apa panjenengan percaya marang Tulisan Para Nabi? Aku ngerti nèk panjenengan percaya.”

w03-IN 15/11 16-17 ¶14

Mbantu Wong Liya Nampa Kabar Apik

14 Paulus ngerti nèk Agripa kuwi wong Yahudi. Paulus njelaské alesané dhèwèké nginjil kuwi ”mung ngomongké apa sing bakal kelakon miturut Tulisan Para Nabi lan Tulisan Musa” yaiku bab kematian lan kebangkitané Yésus. (Kisah 26:22, 23) Paulus takon marang Agripa, ”Raja Agripa, apa panjenengan percaya marang Tulisan Para Nabi?” Agripa bingung. Nèk dhèwèké ngomong ora percaya, réputasiné dadi wong Yahudi bakal rusak. Ning, nèk dhèwèké setuju karo Paulus, dhèwèké isa diarani dadi wong Kristen. Mula Paulus kanthi wicaksana njawab dhéwé, ”Aku ngerti nèk panjenengan percaya.” Piyé jawabané Agripa? Agripa ngomong, ”Sedhéla manèh, kowé isa nggawé aku dadi wong Kristen.” (Kisah 26:27, 28) Senajan Agripa ora dadi wong Kristen, ning liwat beritané Paulus isa nggugah atiné.​—Ibrani 4:12.

Maca Alkitab

(Kisah 25:1-12) Mula, telung dina sakwisé Fèstus tekan ing provinsi kuwi lan mulai mréntah, dhèwèké lunga saka Kaisaréa menyang Yérusalèm. 2 Banjur para imam kepala lan para panggedhéné wong Yahudi mènèhi katrangan bab Paulus. Wong-wong kuwi banjur padha njaluk marang Fèstus 3 kanggo mikirké penjaluké wong-wong kuwi yaiku ngirim Paulus bali menyang Yérusalèm. Nanging sakjané wong-wong kuwi nduwé rencana jahat kanggo nyerang lan matèni Paulus ing dalan. 4 Nanging, Fèstus njawab nèk Paulus kudu tetep ana ing Kaisaréa, lan nèk Fèstus dhéwé sedhéla manèh arep bali mrana. 5 ”Ngéné waé, para pemimpinmu,” kandhané Fèstus, ”padha mèlua aku lan nudhuh Paulus nèk pancèn dhèwèké wis tumindak salah.” 6 Mula, sakwisé manggon ing antarané wong-wong kuwi suwéné kira-kira wolu utawa sepuluh dina, Fèstus bali menyang Kaisaréa. Lan ing dina sakbanjuré, dhèwèké lungguh ing kursi pengadilan lan ngongkon supaya Paulus digawa mlebu. 7 Wektu Paulus mlebu, wong-wong Yahudi sing teka saka Yérusalèm banjur padha ngadeg ing sakiwa-tengené. Wong-wong kuwi nudhuh Paulus nindakké akèh kesalahan sing serius sing ora isa dibuktèkké. 8 Nanging Paulus nggawé pembélaan, kandhané, ”Aku ora tumindak salah marang Hukum Tauraté wong Yahudi, utawa marang bait, utawa marang Kaisar.” 9 Merga péngin disenengi wong-wong Yahudi, Fèstus takon marang Paulus, ”Apa kowé péngin lunga menyang Yérusalèm lan diadili ing ngarepku ing kana bab kasus iki?” 10 Nanging Paulus njawab, ”Aku saiki lagi ngadeg ing ngarepé kursi pengadilan Kaisar, lan ya ing kéné iki kuduné aku diadili. Aku ora tumindak salah marang wong Yahudi, lan panjenengan mesthi ya ngerti bab iki. 11 Nèk aku pancèn tumindak salah sing nggawé aku pantes mati, aku ora njaluk supaya dibébaské saka hukuman mati. Nanging nèk kabèh sing ditudhuhké marang aku kuwi ora bener, ora ana siji-sijia wong sing nduwé hak kanggo nyerahké aku marang wong-wong kuwi mung merga nuruti penjaluké. Aku njaluk bandhing marang Kaisar!” 12 Mula sakwisé rembugan karo para penaséhaté, Fèstus njawab, ”Kowé njaluk bandhing marang Kaisar, mula kowé bakal lunga marang Kaisar.”

28 JANUARI–3 FEBRUARI

SINAU SAKA ALKITAB | KISAH 27-28

”Paulus Lunga menyang Roma”

(Kisah 27:23, 24) Mau bengi Gusti Allah sing tak sembah, lan sing marang Panjenengané aku nindakké tugas suci, ngutus malaékaté kanggo ngadeg ing cedhakku 24 lan kandha, ’Aja wedi, Paulus. Kowé kudu ngadeg ing ngarepé Kaisar. Gusti Allah bakal nylametké kowé lan wong-wong sing numpak kapal bareng kowé.’

bt-IN 208 ¶15

”Ora Ana Siji-Sijia Wong ing Antaramu sing Bakal Kélangan Nyawa”

15 Mungkin Paulus nginjil marang wong-wong ing kapal bab harapan saka ”janji sing wis diparingké Gusti Allah”. (Kis. 26:6; Kol. 1:5) Saiki merga ana kemungkinan kapalé bakal kandhas, Paulus isa mènèhi harapan. Paulus ngomong, ”Mau bengi Gusti Allah sing tak sembah, lan sing marang Panjenengané aku nindakké tugas suci, ngutus malaékaté kanggo ngadeg ing cedhakku lan kandha, ’Aja wedi, Paulus. Kowé kudu ngadeg ing ngarepé Kaisar. Gusti Allah bakal nylametké kowé lan wong-wong sing numpak kapal bareng kowé.’” Terus Paulus ngomong, ”Mula, tetepa tabah, kanca-kancaku. Aku percaya nèk Gusti Allah bakal tumindak persis kaya sing diomongké malaékat kuwi marang aku. Nanging, awaké dhéwé bakal kandhas ing sawijiné pulau.”​—Kis. 27:23-26.

(Kisah 28:1, 2) Sakwisé tekan kono kanthi slamet, aku kabèh lagi ngerti nèk pulau kuwi jenengé Malta. 2 Penduduk ing pulau kuwi apikan banget marang aku kabèh. Wong-wong kuwi nyumed geni lan nampa aku kabèh kanthi apik, merga wektu kuwi udan lan hawané adhem banget.   

bt-IN 210 ¶18, 21

”Ora Ana Siji-Sijia Wong ing Antaramu sing Bakal Kélangan Nyawa”

18 Jebulé wong-wong kuwi kandhas ing Pulau Malta, ing sisih kidulé Sisilia. (Deloken kothak ”Malta—di Mana?”) Penduduk ing pulau kuwi ”apikan banget”. (Kis. 28:2) Para penduduk nyumedké geni kanggo wong-wong sing teles kebes lan kadhemen kuwi. Wong-wong kuwi dadi ora kadhemen mènèh senajan hawané adhem merga udan. Bar kuwi ana mukjijat.

21 Ana juragan tanah ing Malta sing jenengé Publius. Kétoké dhèwèké kuwi pejabat Romawi sing pangkaté paling dhuwur ing kana. Lukas ngomong nèk dhèwèké kuwi ”pemimpin ing pulau kuwi”. Jabatan kuwi padha kaya sing ana ing tulisan sing ditemokké ing Malta. Publius kanthi ramah nampa Paulus karo kanca-kancané dadi tamuné saksuwéné telung dina. Ning, bapaké Publius lagi lara. Lukas njelaské keadaané kanthi cetha lan nyebutké penyakité. Lukas nulis nèk bapaké Publius ”turon ing ambèn merga demam lan disèntri”. Paulus ndonga, numpangké tangané ing dhuwuré, terus bapaké Publius kuwi mari. Wong-wong kuwi nggumun ndelok mukjijaté Paulus, terus sing lara padha marani Paulus bèn dimarèkké, lan padha mènèhi hadiah barang-barang sing dibutuhké Paulus lan kanca-kancané.​—Kis. 28:7-10.

(Kisah 28:16, 17) Wektu akiré aku kabèh mlebu ing Roma, Paulus diijinké kanggo manggon dhèwèkan lan dijaga karo salah siji prajurit. 17 Telung dina sakbanjuré, Paulus ngundang para panggedhéné wong-wong Yahudi ing kana. Wektu wong-wong kuwi wis padha ngumpul, Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, senajan aku ora nglawan bangsa kita utawa kebiasaané para leluhur kita, aku diserahké menyang tangané wong-wong Romawi dadi tahanan saka Yérusalèm.

bt-IN 213 ¶10

”Mènèhi Kesaksian kanthi Tliti”

10 Wektu rombongan kuwi mlebu ing Roma, ”Paulus diijinké kanggo manggon dhèwèkan lan dijaga karo salah siji prajurit”. (Kis. 28:16) Supaya ora mlayu, biasané tahanan diranté nèng tangané penjagané. Ning merga semangat, Paulus tetep ora mandheg nginjil senajan diranté. Mula sakwisé ngaso telung dina bar perjalanan, Paulus ngundang para panggedhéné wong-wong Yahudi ing Roma supaya isa mènèhi kesaksian.

Wulangan Penting

(Kisah 27:9) Sakwisé pirang-pirang dina, kahanané dadi bahaya kanggo neruské perjalanan, lan wektuné pasa kanggo Dina Pangapurané Dosa uga wis liwat, mula Paulus mènèhi saran

nwtsty katrangan kanggo sinau Kis 27:9

pasa kanggo Dina Pangapurané Dosa: Utawa ”pasa musim gugur.” Lit., ”pasa.” Tembung Yunaniné ”pasa” maksudé siji-sijiné pasa sing diwajibké Hukum Musa, yaiku sing ana hubungané karo Dina Pangapurané Dosa sing dianakké saben taun. Kuwi uga disebut Yom Kippur (Ibrani, yohm hakkippurim, ”dina panutupan”). (Km 16:29-31; 23:26-32; Wi 29:7; deloken Daftar Istilah Alkitab, ”Dina Pangapurané Dosa”.) Istilah ”ngasorké awaké dhéwé” sing ana hubungané karo Dina Pangapurané Dosa kuwi maksudé nyangkal awaké dhéwé nganggo akèh cara, klebu pasa. (Km 16:29) Tembung ”pasa” sing ana ing Kis 27:9 nduduhké nèk carané nyangkal awaké dhéwé wektu Dina Pangapurané Dosa kuwi klebu pasa. Dina Pangapurané Dosa kuwi dianakké ing akhir September utawa awal Oktober.

(Kisah 28:11) Sakwisé manggon telung sasi ing Pulau Malta, aku kabèh numpak kapal sing lambangé ”Putra-Putra Zéus”. Kapal kuwi teka saka Alèksandria lan mandheg ing pulau kuwi saksuwéné musim dingin.

nwtsty katrangan kanggo sinau Kis 28:11

Putra-Putra Zéus: Nurut mitologi Yunani lan Romawi, sing dimaksud ”Putra-Putra Zéus” (Yunani, Dioskouroi) kuwi anak kembaré déwa Zéus (Jupiter) lan Ratu Leda saka Sparta sing jenengé Kastor lan Poluks. Anak kembar iki dianggep dadi pelindhungé pelaut, isa nylametké awak kapal sing ngadhepi bahaya ing laut. Anané perincian bab lambang ing kapal iki dadi bukti nèk crita iki ditulis karo wong sing ndelok langsung.

Maca Alkitab

(Kisah 27:1-12) Sakwisé diputuské nèk aku kabèh bakal numpak kapal menyang Italia, Paulus lan para tahanan liyané diserahké marang Yulius, yaiku perwira saka pasukan Agustus. 2 Aku kabèh numpak kapal sing arep mangkat saka Adramitium menyang pelabuhan-pelabuhan ing Provinsi Asia. Aristarkhus, wong Makédonia saka Tésalonika, uga mèlu. 3 Ing dina sakbanjuré, aku kabèh tekan ing Sidon, lan Yulius tumindak kanthi apikan banget marang Paulus. Yulius ngijinké Paulus marani kanca-kancané supaya dhèwèké isa nampa bantuan saka kanca-kancané. 4 Saka kana, kapalé mlaku ing cedhak Siprus supaya ora kena angin saka arah sing béda. 5 Sakwisé kuwi, aku kabèh numpak kapal njlajahi lautan ing Kilikia lan Pamfilia, banjur mandheg ing Mira sing ana ing Likia. 6 Ing kana, perwira kuwi ngerti nèk ana kapal saka Alèksandria sing bakal lunga menyang Italia, lan dhèwèké ngongkon aku kabèh munggah kapal kuwi. 7 Sakwisé kapalé mlaku alon-alon nganti pirang-pirang dina, aku kabèh tekan ing Knidus kanthi rekasa. Merga anginé nerjang saka arah sing béda, kapalé mlaku ing cedhak Pulau Kréta ing Salmoné, supaya ora kena angin kuwi. 8 Sakwisé ngliwati cedhak pesisir kanthi rekasa, aku kabèh tekan ing panggonan sing disebut Pelabuhan Éndah, cedhak kutha Laséa. 9 Sakwisé pirang-pirang dina, kahanané dadi bahaya kanggo neruské perjalanan, lan wektuné pasa kanggo Dina Pangapurané Dosa uga wis liwat, mula Paulus mènèhi saran 10 marang wong-wong kuwi. Paulus kandha, ”Kanca-kanca, nèk tak delok, perjalanan iki bakal angèl banget lan mbebayani, ora mung kanggo kapal lan barang-barangé, nanging uga kanggo nyawané awaké dhéwé.” 11 Nanging, perwira kuwi luwih ngrungokké kaptèn kapal lan sing nduwé kapal, ketimbang omongané Paulus. 12 Merga ora cocog nèk terus ana ing pelabuhan kuwi pas musim dingin, mula akèh-akèhé wong mènèhi saran supaya mangkat saka kono, lan nèk isa, wis tekan Fèniks saksuwéné musim dingin. Fèniks kuwi pelabuhan ing Pulau Kréta, sing madhep ngétan.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim