PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb19 Maret hlm. 5
  • Tambah Trampil Nginjil—Carané Nginjil Nganggo Surat

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Tambah Trampil Nginjil—Carané Nginjil Nganggo Surat
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Panjenengan Nggunakké Kertu Kontak JW.ORG?
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
  • Conto Surat
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
mwb19 Maret hlm. 5

URIPÉ WONG KRISTEN

Tambah Trampil Nginjil​—Carané Nginjil Nganggo Surat

PENTING MERGA: Buku 1 Korintus kuwi salah siji saka 14 surat sing ditulis Rasul Paulus kanggo nguwatké wong-wong Kristen. Nèk nulis surat, awaké dhéwé isa milih kata-kata sing arep ditulis. Terus, surat ya isa diwaca bola-bali karo sing nampa. Nulis surat kuwi cara sing apik kanggo mènèhi kesaksian keluarga lan kanca. Kuwi ya isa dienggo mènèhi kesaksian wong-wong sing angèl ditemoni. Contoné, mungkin ana wong sing nduduhké minat, ning jarang ana ing omah. Mungkin ya ana wong-wong sing manggon ing apartemèn utawa perumahan sing dijaga ketat. Sing liyané manggon ing dhaérah terpencil. Piyé carané nulis surat, khususé kanggo wong sing ora dikenal?

Rasul Paulus nulis surat

CARANÉ:

  • Sedulur wédok mikirké apa sing arep ditulis

    Kata-katané kudu wajar. Ing bagéan awal surat, kenalna sapa njenengan lan apa alesané njenengan nulis surat. Njenengan mungkin isa ngejokké pitakonan kanggo dhèwèké, terus nyebutké situs web resminé awaké dhéwé. Bar kuwi, jelasna soal program sinau Alkitab ing omah, utawa sebutna sebagéan judhul-judhul saka salah siji alat bantu sinau Alkitab. Njenengan ya isa mènèhi publikasi kaya kartu kontak, undangan, utawa selebaran

  • Singkat waé. Isi suraté aja dawa-dawa bèn sing nampa ora bosen.​—Deloken conto surat ing halaman 8

  • Diwaca manèh bèn ora ana sing salah. Pastèkna isi suraté pénak diwaca. Terus, njenengan ya kudu mastèkké nèk kata-katané ramah lan sopan

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim