URIPÉ WONG KRISTEN
Conto Surat
Gunakna alamat omahé njenengan. Nèk kuwi ora aman, isa nggunakké alamat Balé Ibadah nèk éntuk ijin saka para pinituwa. Ning, njenengan AJA nggunakké alamaté kantor cabang.
Nèk njenengan ngerti, sebutna jenengé wong sing dikirimi surat. Iki bèn ora disangka arep nawakké barang.
Penulisan, tata bahasa, lan tanda bacané kudu bener. Suraté kudu rapi. Nèk ditulis tangan, tulisané kudu gampang diwaca. Kata-katané aja terlalu santai, tapi ya aja terlalu resmi.
Bèn isa luwih paham, deloken conto surat iki. Wektu nulis surat, kata-katané ora kudu padha kaya conto surat iki. Njenengan isa nyesuaikké suraté nurut tujuan lan kebiasaan setempat.