PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwbr19 April hlm. 1-9
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2019
  • Subjudhul
  • 1-7 APRIL
  • 8-​14 APRIL
  • 22-​28 APRIL
  • 29 APRIL–​5 MEI
Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2019
mwbr19 April hlm. 1-9

Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

1-7 APRIL

SINAU SAKA ALKITAB | 1 KORINTUS 7-9

”Tetep Lajang Kuwi Anugrah”

(1 Korintus 7:​32) Sakjané, aku péngin kowé bébas saka rasa kuwatir. Wong lanang sing ora nikah mung kuwatir bab nindakké gawéané Gusti merga dhèwèké péngin nyenengké Gusti.

w11-IN 15/1 17-​18 ¶3

Nggunakké Kesempatan Wektu Isih Lajang

3 Wong sing lajang biasané nduwé luwih akèh wektu lan kebébasan ketimbang wong sing wis nikah. (1 Kor. 7:​32-​35) Wong sing lajang dadi isa ngluaské pelayanan, nggunakké wektu lan tenaga kanggo mbantu wong liya, lan dadi luwih akrab karo Yéhuwah. Akèh wong Kristen ngerti manfaaté tetep lajang lan ”milih tetep ora bebojoan” dhisik. Sing liyané sakjané ora nduwé rencana kanggo tetep lajang. Ning, para sedulur kuwi mikirké keadaané sing berubah lan yakin nèk isa nampa keadaané merga dibantu Yéhuwah. Mula, wong-wong kuwi mutuské tetep lajang.​—⁠1 Kor. 7:​37, 38.

(1 Korintus 7:​33, 34) Nanging wong lanang sing nikah kuwatir karo perkara-perkara ing donya iki, merga dhèwèké péngin nyenengké bojoné, 34 mula pikirané dadi kebagi. Wong wadon sing ora nikah uga para prawan kuwatir bab nindakké gawéané Gusti, supaya badan lan pikirané tetep suci. Nanging wong wadon sing nikah kuwatir karo perkara-perkara ing donya iki, merga dhèwèké péngin nyenengké bojoné.

w08-IN 15/7 27 ¶1

Piwulang Penting saka Buku Korintus

7:​33, 34​—⁠Apa sing dimaksud ”perkara-perkara ing donya iki” sing dikuwatirké karo wong lanang utawa wong wédok sing wis nikah? Sing dimaksudké Paulus yaiku kebutuhan saben dina sing dipikirké wong Kristen sing wis nikah. Contoné panganan, pakaian, lan tempat tinggal. Ning, kuwi ora termasuk perkara-perkara donya sing kudu diedohi wong Kristen.​—⁠1 Yohanes 2:​15-​17.

(1 Korintus 7:​37, 38) Nanging, nèk wong mutuské ing atiné kanggo ora nikah lan yakin tenan karo keputusané kuwi, merga dhèwèké rumangsa ora perlu nikah lan isa ngendhalèni nafsuné, dhèwèké bakal éntuk paédah. 38 Dadi, wong sing nikah éntuk paédah, nanging wong sing ora nikah éntuk paédah luwih akèh.

w96-IN 15/10 12-​13 ¶14

Tetep Fokus Merga Tetep Lajang

14 Wong Kristen lajang sing nggunakké kesem­patané pas isih lajang kanggo ngutamakké kepentingané dhéwé ora ”éntuk paédah luwih akèh” ketimbang wong sing wis nikah. Wong kuwi tetep lajang merga kepentingané dhéwé, dudu merga ”supaya isa ngabdi luwih akèh kanggo Kraton swarga”. (Matius 19:12) Wong Kristen lajang kuduné ”kuwatir bab nindakké gawéané Gusti Allah”, péngin ”nyenengké Gusti”, lan ”terus ngabdi marang Gusti tanpa alangan”. Kuwi maksudé kudu ngutamakké ngabdi karo Yéhuwah lan Yésus Kristus. Nèk ngono, wong Kristen lajang isa ”éntuk paédah luwih akèh” ketimbang wong sing wis nikah.

Wulangan Penting

(1 Korintus 7:​11) Nanging nèk pisah, wong wadon kuwi kudu tetep ora nikah. Utawa, wong wadon kuwi kudu rukun manèh karo bojoné. Wong lanang uga ora olèh ninggalké bojoné.

lvs 251

Cathetan

Kadhang kala, ana sing mutuské pisah senajan bojoné ora selingkuh. (1 Korintus 7:​11) Wong Kristen isa mutuské pisah nèk bojoné:

• Ora gelem nyukupi kebutuhan keluarga: Wong lanang ora gelem nyukupi kebutuhan keluargané nganti keluargané ora nduwé dhuwit utawa ora isa mangan.​—⁠1 Timotius 5:⁠8.

• Seneng nganiaya: Bojoné nindakké KDRT.​—⁠Galatia 5:​19-​21.

• Ngrusak hubungané karo Yéhuwah: Terus ngupaya bèn bojoné ora isa ngibadah manèh marang Yéhuwah.​—⁠Kisah 5:​29.

(1 Korintus 7:​36) Nèk ana sing durung nikah lan rumangsa ora isa ngendhalèni nafsuné, lan dhèwèké wis cukup umur, luwih becik dhèwèké nikah. Kuwi dudu dosa.

w00-IN 15/7 31 ¶2

Njenengan Isa Tetep Suci ing Donya sing Amoral

Mula, cah enom kuduné ora kesusu nikah wektu rasa péngin nindakké hubungan sèks lagi kuwat-kuwaté. Wong sing nikah kudu tetep setya karo bojoné. Bèn isa nindakké kuwi, wong sing arep nikah kudu wis diwasa. (Purwaning Dumadi 2:​24) Luwih apik nèk ngentèni nganti ”wis cukup umur”. Sakdurungé kuwi, rasa péngin nindakké hubungan sèks lagi kuwat-kuwaté. Kuwi isa marahi awaké dhéwé nggawé keputusan sing ora bener. (1 Korintus 7:​36) Nèk ana sing nindakké hubungan sèks sakdurungé nikah merga durung nemokké pasangan, wong kuwi berarti nindakké dosa.

Maca Alkitab

(1 Korintus 8:​1-​13) Saiki, bab panganan sing dikurbanké marang brahala: Kita ngerti nèk kita kabèh nduwé pangertèn bab iki. Panger­tèn isa nggawé wong dadi sombong, nanging katresnan isa nguwatké wong. 2 Nèk wong rumangsa wis ngerti sawijiné perkara, sakjané wong kuwi durung ngerti sakabèhé. 3 Nanging nèk wong nresnani Gusti Allah, dhèwèké dikenal karo Gusti Allah. 4 Bab mangan panganan sing dikurbanké marang brahala, kita ngerti nèk brahala kuwi ora ana artiné babar blas, lan Gusti Allah kuwi mung siji. 5 Senajan ana sing disebut allah, ing swarga uga ing bumi, lan pan­cèn ana akèh sing disebut ”allah” lan ”gusti”, 6 kanggo kita mung ana Gusti Allah siji, yaiku Bapak kita. Panjenengané kuwi sing nggawé samubarang kabèh, lan kita urip kanggo Panjenengané. Uga, mung ana Gusti siji yaiku Yésus Kristus. Liwat dhèwèké samubarang kabèh digawé lan kita urip liwat dhèwèké. 7 Nanging ora kabèh wong nduwé pangertèn iki. Merga mbiyèné nyembah brahala, ana sebagéan wong sing mangan panganan kuwi nganggep nèk panganan kuwi dikurbanké marang brahala, mula hati nuraniné sing ringkih dadi keganggu. 8 Sakjané, panganan ora nggawé kita luwih cedhak karo Gusti Allah. Kita ora rugi nèk ora mangan, lan kita ya ora untung nèk mangan. 9 Nanging ngati-atia, aja nganti kebébasanmu kanggo milih nggawé wong-wong sing ringkih dadi kesandhung. 10 Nèk ana wong sing ndelok kowé mangan panganan ing kuil brahala, padahal kowé kuwi wong sing nduwé pangertèn, mesthiné hati nuraniné wong sing ringkih kuwi bakal mengaruhi dhèwèké kanggo mèlu-mèlu mangan panganan sing dikurbanké marang brahala, ta? 11 Nèk kaya ngono, pangertènmu ngrusak imané wong sing ringkih kuwi, padahal dhèwèké kuwi sedulurmu, lan Kristus wis mati kanggo dhèwèké. 12 Nèk kowé nggawé dosa marang sedulurmu nganggo cara kaya ngono lan nglarani hati nuraniné sing ringkih, kowé dosa marang Kristus. 13 Mula, nèk panganan nggawé sedulurku kesandhung, aku ora bakal mangan daging manèh supaya aku ora nggawé sedulurku kesandhung.

8-​14 APRIL

SINAU SAKA ALKITAB | 1 KORINTUS 10-​13

”Yéhuwah Kuwi Setya”

(1 Korintus 10:13) Kowé ngadhepi godhaan sing biasa diadhepi karo wong-wong. Nanging Gusti Allah kuwi setya, lan Panjenengané ora bakal ngejarké kowé digodha ngluwihi apa sing isa kok tanggung. Malah, Panjenengané bakal mbantu kowé supaya kowé isa tekun ngadhepi godhaan kuwi.

w17.02 31-​32

Pitakonané sing Maca

Rasul Paulus nulis nèk Yéhuwah ”ora bakal négakaké kowé kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu”. (1 Kr. 10:13) Apa kuwi tegesé Yéhuwah wis ngerti luwih dhisik bab apa waé sing isa kita tanggung, banjur mutuské ­pacoban apa sing bakal kita adhepi?

▪ Nèk kuwi bener, iku isa ana pengaruhé kanggo awaké dhéwé. Contoné, ana sedulur sing anaké bunuh diri. Dhèwèké sedhih banget, banjur takon apa Yéhuwah pancèn wis ngerti luwih dhisik nèk dhèwèké lan bojoné isa kuwat nanggung musibah kuwi. Ing jaman saiki, akèh sing isa ngalami musibah. Dadi, apa kita percaya nèk Yéhuwah sing ngatur kabèh kedadéan ing urip kita?

Nèk digatèkké tenanan, 1 Korinta 10:13 sakjané ora nerangké nèk Yéhuwah ngerti sakdurungé bab apa waé sing isa kita tanggung, banjur mutuské pacoban apa sing bakal kita adhepi. Apa sebabé? Ayo dirembug patang alesan.

Sing kapisan, Yéhuwah maringi manungsa kebébasan kanggo milih. Yéhuwah péngin kita nggawé keputusan dhéwé. (PT. 30:​19, 20; Ys. 24:15) Nèk nggawé keputusan sing bener, awaké dhéwé isa terus ngendelké tuntunané Yéhuwah. (WB. 16:⁠9) Nanging, nèk nggawé keputusan sing salah, awaké dhéwé bakal nanggung akibaté. (Gl. 6:⁠7) Dadi, nèk Yéhuwah wis mutuské pacoban apa sing bakal kita adhepi, apa kuwi tegesé kita bener-bener bébas milih?

Sing kapindho, Yéhuwah ora njaga kita saka ”kahanan sing ora dinyana-nyana”. (Ko. 9:​11, Terjemahan Dunia Baru) Ana wong sing isa waé ngalami musibah mung merga lagi ana ing panggon­an lan wektu sing ora pas. Yésus tau nyritakké nèk ana 18 wong sing mati merga kambrukan menara. Yésus nerangké nèk kuwi dudu kersané Gusti Allah. (Lk. 13:​1-5) Ora masuk akal nèk sakdurungé musibah kuwi kelakon, Gusti Allah wis mutuské dhisik sapa sing bakal urip utawa mati.

Sing katelu, awaké dhéwé kudu ngupaya tetep setya marang Yéhuwah. Sétan kandha nèk umaté Yéhuwah ngabdi mung merga péngin diberkahi. Sétan uga nudhuh nèk kita ora bakal tetep setya nèk ngalami pacoban. (Ay. 1:​9-​11; 2:4; Wy. 12:10) Dadi, nèk Yéhuwah ngayomi kita saka pacoban-pacoban sing dialami, kuwi isa waé dadi mbenerké tudhuhané Sétan.

Sing kapapat, Yéhuwah pilih ora ngertèni sakdurungé kabèh bab sing bakal kita alami. Nèk gelem, Yéhuwah pancèn isa ngerti kabèh bab sakdurungé kelakon. (Yé. 46:10) Ning, Alkitab nduduhké nèk Yéhuwah pilih ora nindakké kuwi. (Pd. 18:​20, 21; 22:12) Yéhuwah ora nggawèkké keputusan kanggo awaké dhéwé, merga Yéhuwah kuwi welas asih lan tumindaké bener.​—⁠PT. 32:4; 2 Kr. 3:​17.

Nèk ngono, apa maksudé Paulus wektu kandha nèk Yéhuwah ”ora bakal négakaké kowé kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu”? Paulus sakjané lagi nerangké apa sing Yéhuwah tindakké wektu kita ngalami pacoban kuwi, dudu sakdurungé. Yéhuwah bakal mbantu kita ngatasi pacoban-pacoban sing kita alami, nèk kita ngendelké Yéhuwah. (Ms. 55:23) Apa sebabé Paulus ngomong kaya ngono? Ayo dirembug rong alesané.

Alesan sing kapisan yaiku pacoban sing kita alami kuwi ”pacoban kang lumrah”. Merga urip ing donya sing dikuwasani Sétan, kita kabèh isa ngalami kahanan sing angèl, mbokmenawa malah ngalami musibah. Ning, nèk ngendelké Yéhuwah, kita isa tetep tekun lan setya. (1 Pt. 5:​8, 9) Ing bagéan wiwitan saka 1 Korinta bab 10, Paulus nulis bab pacoban-pacoban sing dialami bangsa Israèl ing padhang belantara. (1 Kr. 10:​6-11) Wong-wong sing ngendelké Yéhuwah isa tetep tekun ngadhepi pacoban kuwi. Ning, ana wong Israèl sing ora manut lan ora setya marang Yéhuwah merga ora ngendelké Yéhuwah.

Alesan sing kapindho yaiku ”Gusti Allah iku setya tuhu”. Apa tegesé? Wis kèt mbiyèn Yéhuwah terus ngopèni para abdiné. Kita dadi ngerti nèk Yéhuwah kuwi setya mbantu ”kang padha tresna ing Panjenengané lan netepi dhawuh-dhawuhé”. (PT. 7:⁠9) Kita ngerti nèk Yéhuwah mesthi netepi janjiné. (Ys. 23:14) Kita isa yakin nèk (1) Yéhuwah ora bakal ngejarké pacoban dadi saya angèl nganti kita wis ora isa ngadhepi lan (2) Yéhuwah bakal maringi ”marganing [dalan] luwar” kanggo kita.

Piyé carané Yéhuwah maringi ”marganing luwar” marang wong-wong sing ngendelké Yéhuwah? Pancèn, Yéhuwah isa ngilangké pacoban. Ning, Paulus kandha nèk Yéhuwah bakal ”maringi marganing luwar, satemah kowé padha bisa mbetahaké”. Dadi, kerep-kerepé Yéhuwah maringi dalan lan nguwatké bèn kita tetep setya. Ayo direm­bug cara-carané Yéhuwah nindakké kuwi.   

▪ Yéhuwah ”kang nglipur aku kabèh ing sajroning kasusahanku”. (2 Kr. 1:​3, 4) Yéhuwah isa nggawé ati, pikiran, lan perasaan kita dadi ayem liwat Alkitab, roh suci, lan abdi sing setya.​—⁠Mt. 24:45; Yo. 14:16; Rm. 15:⁠4.

▪ Yéhuwah isa nggunakké roh suciné kanggo nun­tun kita. (Yo. 14:26) Roh suci isa mbantu kita ngéling-éling ayat lan pathokan ing Alkitab bèn isa nggawé keputusan sing wicaksana.

▪ Yéhuwah isa nggunakké para malaékaté kanggo mbantu kita.—Ib. 1:​14.

▪ Yéhuwah isa nggunakké para sedulur ing jemaat kanggo mbantu kita. Para sedulur isa nguwatké liwat omongan lan tumindaké.​—⁠Kl. 4:​11.

Dadi, apa sing isa disinau saka kandhané Paulus ing 1 Korinta 10:13? Yéhuwah ora mutuské paco­ban apa sing bakal kita adhepi. Ning, nèk percaya marang Yéhuwah, kita isa tetep tekun ngadhepi pacoban. Kita ngerti nèk Yéhuwah mesthi bakal maringi dalan bèn kita isa tetep setya marang Yéhuwah.

(1 Korintus 10:13) Kowé ngadhepi godhaan sing biasa diadhepi karo wong-wong. Nanging Gusti Allah kuwi setya, lan Panjenengané ora bakal ngejarké kowé digodha ngluwihi apa sing isa kok tanggung. Malah, Panjenengané bakal mbantu kowé supaya kowé isa tekun ngadhepi godhaan kuwi.

(1 Korintus 10:13) Kowé ngadhepi godhaan sing biasa diadhepi karo wong-wong. Nanging Gusti Allah kuwi setya, lan Panjenengané ora bakal ngejarké kowé digodha ngluwihi apa sing isa kok tanggung. Malah, Panjenengané bakal mbantu kowé supaya kowé isa tekun ngadhepi godhaan kuwi.

Wulangan Penting

(1 Korintus 10:⁠8) Aja nindakké hubungan sèks sing ora sah kaya sing ditindakké sapérangan wong saka ing antarané para leluhur kita, sing nyebabké 23.000 wong mati ing wektu sedina.

w04-IN 1/4 29

Pitakonané sing Maca

Apa sebabé 1 Korintus 10:8 ngomong nèk ana 23.000 wong Israèl sing mati ing wektu sedina merga nindakké hubungan sèks, padahal ing Wilangan 25:9 ngomong nèk ana 24.000 wong sing mati?

Ana kemungkinan-kemungkinan sing isa njelaské kenapa loro ayat iki nyebutké jumlah sing béda. Salah sijiné yaiku merga jumlahé antara 23.000 nganti 24.000. Mula, isa waé jumlah kuwi digenepké dadi 23.000 utawa 24.000.

Ana kemungkinan liyané. Kutha Korintus kuwi terkenal merga wong-wongé seneng nindakké hubungan sèks sing ora sah. Mula, Rasul Paulus nggunakké contoné wong Israèl wektu ing Syitim kanggo mènèhi naséhat wong Kristen ing Korintus. Paulus nulis, ”Aja nindakké hubungan sèks sing ora sah kaya sing ditindakké sapérangan wong saka ing antarané para leluhur kita, sing nyebabké 23.000 wong mati ing wektu sedina.” Paulus nyebutké wong-wong sing dipatèni Yéhuwah merga nindakké hubungan sèks sing ora sah kuwi jumlahé 23.000.​—⁠1 Korintus 10:⁠8.   

Ning, Wilangan bab 25 kandha nèk ”bebenduné Pangéran Yéhuwah mulad-mulad marang Israèl” merga ”Israèl gegandhèngan karo Baal-Péor”. Terus, Yéhuwah mréntahké bèn ”sakèhé lelurahé bangsa iku” dipatèni. Bar kuwi, Musa ngongkon para hakim kanggo nindakké kuwi. Akhiré, wektu Pinéhas matèni wong Israèl sing ngejak wong wédok Midian mlebu ing per­kémahan, ”wewelak [utawa, hukuman] kang nempuh wong Israèl tumuli sirep”. Akhir ayat kuwi ngomong nèk ”wong kang wus padha mati kena ing wewelak iku cacahé ana patlikur èwu”.​—⁠Wilangan 25:​1-9.

Kétoké sing dicathet ing buku Wilangan kuwi maksudé wong-wong sing dipatèni langsung karo Yéhuwah lan ”lelurahé bangsa iku” sing dipatèni para hakim. Mungkin jumlah ”lelurahé bangsa iku” sing dipatèni para hakim mau ana sewu, mula totalé dadi 24.000. ”Lelurahé bangsa iku” salah merga ”gegandhèngan karo Baal-Péor”, ora soal wong-wong kuwi nindakké hubungan sèks sing ora sah, mèlu pésta, utawa setuju karo wong-wong sing nindakké kuwi.   

Salah siji referensi Alkitab njelaské nèk kata ”gegandhèngan” kuwi artiné ”dadi siji karo wong liya”. Bangsa Israèl wis dadi umaté Yéhuwah. Ning, wektu bangsa kuwi ”gegandhèngan karo Baal-Péor”, hubungané karo Yéhuwah dadi rusak. Kira-kira 700 taun sakwisé kuwi, Yéhuwah ngomong liwat nabi Hoséa, ”Nanging iku banjur padha marani Baal-Péor sarta ngabekti marang déwaning kanisthan, satemah padha dadi nistha padha karo barang kang didhemeni.” (Hoséa 9:​10) Kabèh sing nindakké kuwi pantes dihukum Gusti Allah. Mula, Musa ngélingké wong-wong Israèl, ”Mripatmu dhéwé wus padha ndeleng apa kang ditandukaké déning Sang Yéhuwah tumrap Baal-Péor; awitdéné saben wong kang manut marang Baal-Péor iku wus ditumpes kasirnakaké saka ing tengahmu déning Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahmu.”​—⁠Pangandharing Torèt 4:⁠3.

(1 Korintus 11:​5, 6) Nèk wong wadon ndonga utawa martakké warta saka Gusti Allah tanpa ngudhungi sirahé, dhèwèké ngisin-isinké kepalané, merga dhèwèké padha kaya wong wadon sing rambuté dicukur entèk. 6 Nèk wong wadon ora ngudhungi sirahé, luwih becik rambuté dikethok. Nanging nèk dhèwèké isin nèk rambuté dikethok utawa dicukur entèk, dhèwèké kudu ngudhungi sirahé.

(1 Korintus 11:10) Kuwi sebabé, demi para malaékat, wong wadon kudu ngudhungi sirahé kanggo tandha nèk dhèwèké manut karo kepalané.

w15-IN 15/2 30

Pitakonané sing Maca

Apa sedulur wédok kudu nganggo kudhung pas mandhu sinau Alkitab bareng sedulur lanang?

▪ Artikel ”Pertanyaan Pembaca” ing Menara Pengawal 15 Juli 2002 nyebutké nèk sedulur wédok kudu nganggo kudhung pas mandhu sinau Alkitab bareng sedulur lanang, ora masalah sedulur lanang kuwi wis dibaptis apa durung. Ning, sakwisé dipikirké tenanan, petunjuk kuwi kudu disesuaikké.   

Nèk mandhu sinau Alkitab bareng sedulur lanang sing wis dibaptis, sedulur wédok kudu nganggo kudhung. Sedulur wédok kuwi lagi nindakké tugas sing biasané dadi tanggung jawabé sedulur lanang sing wis dibaptis. Mula, nèk nganggo kudhung, kuwi berarti dhèwèké ngajèni pengatur­ané Yéhuwah soal kekepalaan ing jemaat Kristen. (1 Kor. 11:​5, 6, 10) Pilihan liyané yaiku sedulur wédok kuwi isa njaluk tulung sedulur lanang mau mandhu sinau Alkitab nèk sedulur lanang mau isa nindakké kuwi.

Nèk mandhu sinau Alkitab bareng sedulur lanang sing dudu bojoné lan durung dibaptis, sedulur wédok ora kudu nganggo kudhung. Ning, isa waé ana sedulur wédok sing tetep péngin nganggo kudhung merga hati nuraniné.

Maca Alkitab

(1 Korintus 10:​1-​17) Sedulur-sedulur, aku péngin kowé ngerti nèk kabèh leluhur kita padha mlaku ing ngisoré méga lan nyebrangi laut. 2 Kabèh dibaptis dadi pengikuté Musa wektu mlaku ing ngisoré méga lan nyebrangi laut. 3 Kabèh mangan panganan rohani sing padha, 4 lan kabèh ngombé ombènan rohani sing padha. Wong-wong kuwi biasa ngombé saka watu rohani sing lunga bareng wong-wong kuwi, yaiku Kristus. 5 Senajan ngono, Gusti Allah ora seneng karo akèh-akèhé wong saka ing antarané para leluhur kita, buktiné wong-wong kuwi dipatèni ing padhang belantara. 6 Kabèh bab kuwi dadi piwulang kanggo kita, supaya kita ora dadi kaya wong-wong kuwi sing péngin nindakké bab-bab sing ala. 7 Aja nyembah brahala, kaya sing ditindakké sapérangan wong saka ing antarané para leluhur kita. Ana tulisan sing kandha, ”Wong-wong kuwi padha mangan lan ngombé, banjur padha seneng-seneng.” 8 Aja nindakké hubungan sèks sing ora sah kaya sing ditindakké sapérangan wong saka ing antarané para leluhur kita, sing nyebabké 23.000 wong mati ing wektu sedina. 9 Aja nguji Yéhuwah kaya sing mbiyèn ditindakké sapérangan wong saka ing antarané para leluhur kita sing nyebabké wong-wong kuwi padha mati dicokot ula. 10 Aja seneng nggrundel kaya wong-wong kuwi, sing akiré dipatèni karo malaékat. 11 Kabèh sing dialami wong-wong kuwi dadi piwulang, lan ditulis dadi pangéling-éling kanggo kita sing urip ing akir jaman iki. 12 Mula, wong sing rumangsa nèk dhèwèké lagi ngadeg jejeg, kudu ngati-ati supaya ora tiba. 13 Kowé ngadhepi godhaan sing biasa diadhepi karo wong-wong. Nanging Gusti Allah kuwi setya, lan Panjenengané ora bakal ngejarké kowé digodha ngluwihi apa sing isa kok tanggung. Malah, Panjenengané bakal mbantu kowé supaya kowé isa tekun ngadhepi godhaan kuwi. 14 Mula, sedulur-sedulur sing tak tresnani, mlayua saka penyembahan brahala. 15 Kowé kabèh kuwi wong-wong sing wicaksana, mula putusna dhéwé apa sing tak omongké iki bener apa ora. 16 Cawan ucapan sokur marang Gusti Allah nglambangké getihé Kristus, ta? Roti sing kita cuwil-cuwil nglambangké badané Kristus, ta? 17 Roti kuwi mung ana siji, lan kita kabèh mangan roti kuwi. Mula, senajan kita ana akèh, nanging kita iki sak badan.

22-​28 APRIL

SINAU SAKA ALKITAB | 1 KORINTUS 14-​16

”Yéhuwah Bakal Dadi ’Panguwasa Siji-Sijiné kanggo Sakabèhé’ ”

(1 Korintus 15:​24, 25) Lan akiré, sakwisé nyir­nakké kabèh pamréntahan lan kabèh sing nduwé kuwasa, dhèwèké bakal nyerahké Kraton kuwi marang Gusti Allah, Bapaké. 25 Dhèwèké bakal mréntah dadi raja nganti Gusti Allah ngalahké kabèh mungsuhé.

w98-IN 1/7 21 ¶10

”Pati Bakal Disirnakké”

10 Kata ”akiré” kuwi maksudé wektu Yésus masrahké Kratoné marang Gusti Allah ing akhir Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus. (Wahyu 20:⁠4) Wektu kuwi, kepénginané Yéhuwah kanggo ”nglumpukké sakabèhé ing Kristus” wis kelakon. (Éfésus 1:​9, 10) Tapi sakdurungé kuwi, Yésus kudu nyirnakké ”kabèh pamréntahan lan kabèh sing nduwé kuwasa” sing ora cocog karo kepénginané Gusti Allah. Ning, kuwi ora mung apa sing kelakon ing Armagédon. (Wahyu 16:16; 19:​11-​21) Paulus ngomong, ”[Kristus] bakal mréntah dadi raja nganti Gusti Allah ngalahké kabèh mung­suhé. Lan mungsuh sing pungkasan yaiku pati bakal disirnakké.” (1 Korintus 15:​25, 26) Kematian lan akibat liyané saka dosané Adam bakal disirnakké. Bar kuwi, Gusti Allah bakal ngosongké ”kuburan”. Carané yaiku Gusti Allah bakal nguripké manèh wong mati.​—⁠Yohanes 5:​28.

(1 Korintus 15:26) Lan mungsuh sing pungkasan yaiku pati bakal disirnakké.

kr 237 ¶21

Kratoné Allah Mujudké Kersané Allah ing Bumi

21 Piyé bab pati, ”mungsuh kang pungkasan”? Kabèh wong sing nduwé dosa ora isa nglawan mungsuh kuwi. (1 Kr. 15:26) Ning apa pati kuwi bakal dadi mungsuh sing medèni kanggo Yéhuwah? Gatèkna ramalané Yésaya, ”Panjenengané bakal ngicali pati ing saterusé; tuwin Pangéran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakèhing rai.” (Yé. 25:⁠8) Bayangna wektu kuwi kelakon, ora bakal ana acara layatan, ngubur wong mati, lan luh merga rasa sedhih ditinggal mati. Wektu Yéhuwah wis netepi janjiné sing nggumunké kanggo nguripké manèh wong mati, awaké dhéwé bakal nangis merga sa­king senengé. (Wacanen Yésaya 26:19.) Akiré rasa susah merga pati bakal dimarèkké.

(1 Korintus 15:​27, 28) Gusti Allah ”nggawé sakabèhé padha tundhuk ana ing ngisor wewenangé Kristus”. Nanging senajan diomongké ’sakabèhé wis digawé tundhuk’, mesthiné iki ora klebu Gusti Allah, sing wis nggawé sakabèhé tundhuk marang Kristus. 28 Nanging, sakwisé kabèh digawé tundhuk marang dhèwèké, Putra dhéwé bakal tundhuk marang Gusti Allah sing wis nggawé kabèh padha tundhuk marang Putra. Nganggo cara kuwi, Gusti Allah dadi Panguwasa siji-sijiné kanggo sakabèhé.

w12-IN 15/9 12 ¶17

Damai Nganti Sèwu Taun lan Sakterusé

17 Kalimat sing cocog kanggo nggambarké akhir Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus yaiku ”Gusti Allah dadi Panguwasa siji-sijiné kanggo sakabèhé”. Apa maksudé? Coba pikirna pas Adam lan Hawa isih sampurna ing Èden lan dadi bagéan saka keluargané Yéhuwah sing rukun. Yéhuwah sing nguwasani kabèh ciptaané ing swarga lan bumi. Kabèh ciptaané isa ngomong langsung karo Yéhuwah, isa ngibadah, lan diberkahi Yéhuwah. Wektu kuwi, Yéhuwah ”dadi Panguwasa siji-sijiné kanggo sakabèhé”.

Wulangan Penting

(1 Korintus 14:​34, 35) wong-wong wadon kudu meneng ing jemaat. Merga wong-wong wadon ora diijinké kanggo ngomong. Nanging, wong-wong wadon kudu manut, padha kaya sing dikandhakké ing hukum Taurat. 35 Nèk péngin ngerti sawijiné bab, wong-wong wadon kuwi kudu takon marang bojoné ing omah, merga ora pantes nèk wong wadon ngomong ing jemaat.

w12-IN 1/9 9, kothak

Apa Rasul Paulus Nglarang Wong Wédok Mènèhi Komentar?

Rasul Paulus nulis, ”Wong-wong wadon kudu meneng ing jemaat.” (1 Korintus 14:34) Apa maksudé? Apa Paulus ngrèmèhké wong wédok? Ora. Paulus malah kerep nyebutké wong-wong wédok sing pinter mulang. (2 Timotius 1:5; Titus 2:​3-5) Ing suraté kanggo wong-wong ing Korintus, Paulus mènèhi naséhat ora mung kanggo wong wédok, ning kanggo sapa waé sing nduwé karunia bernubuat lan ngomong nganggo basa liya. Paulus ngongkon wong-wong kuwi ”meneng” wektu ana sing lagi ngomong. (1 Korintus 14:​26-​30, 33) Ana wong-wong wédok Kristen sing mungkin semangat banget soal kepercayaané sing anyar. Wong-wong kuwi isa waé nyela sing lagi ngomong bèn isa takon. Kuwi dadi kebiasaan sing umum wektu kuwi. Mula, bèn ora kisruh, Paulus ngandhani bèn wong-wong wadon kuwi ”takon marang bojoné ing omah”.​—⁠1 Korintus 14:⁠35.

(1 Korintus 15:53) Badan sing isa sirna kudu digawé malih dadi badan sing ora isa sirna, lan badan sing isa mati kudu digawé malih dadi badan sing ora isa mati.

it-1-IN 1257

Ora Isa Sirna

Carané wong Kristen terurap diuripké manèh padha kaya carané Yésus diuripké manèh. Mula, wong-wong kuwi ya diuripké manèh nganggo badan sing ora isa mati lan ora isa sirna. Wektu isih ana ing bumi, wong-wong kuwi terus setya. Sakwisé mati, wong-wong kuwi nampa badan rohani sing ora isa sirna. Kuwi kaya sing diomongké Pau­lus ing 1 Korintus 15:​42-​54. Badan sing ora isa mati iki isa waé maksudé wong kuwi ora bakal mati. Terus, badan sing ora isa sirna maksudé yaiku badan sing ora bakal rusak, bosok, utawa hancur. Dadi, Gusti Allah mènèhi wong-wong kuwi kemampuan kanggo urip sing ora bergantung karo sumber energi saka njaba, yaiku energi sing dibutuhké karo makhluk roh lan makhluk jasmani. Kuwi bukti nèk Gusti Allah percaya karo wong-wong kuwi. Ning, keadaané wong-wong kuwi sing ora bergantung karo apa-apa, ora berarti ora mbutuhké manèh tuntunané Gusti Allah. Kaya Yésus, wong-wong kuwi kudu tetep manut karo Yéhuwah.​—⁠1Kor 15:​23-​28; deloken jiwa; ora isa mati.

Maca Alkitab

(1 Korintus 14:​20-​40) Sedulur-sedulur, aja mikir kaya bocah, kowé kudu mikir kaya wong sing diwasa. Nanging ing bab kejahatan, kowé kudu kaya bocah. 21 Hukum Taurat kandha, ” ’Aku bakal ngomong marang wong-wong iki nganggo basané wong asing lan tembung-tembungé wong sing ora dikenal, nanging wong-wong iki tetep ora gelem ngrungokké Aku,’ ngendikané Yéhuwah.” 22 Mula, anugrah nganggo basa liya kuwi bukti kanggo wong sing ora nduwé iman, dudu kanggo wong sing nduwé iman. Nanging, anugrah kanggo mènèhi ramalan kuwi bukti kanggo wong sing nduwé iman, dudu kanggo wong sing ora nduwé iman. 23 Nèk kabèh jemaat ngumpul bareng lan kabèh ngomong nganggo basa liya, banjur ana wong biasa utawa sing durung dadi wong percaya uga teka, apa wong-wong kuwi ora bakal ngira nèk kowé kabèh kuwi ora waras? 24 Nanging, nèk kowé kabèh ngomongké ramalan, banjur ana wong biasa utawa sing durung dadi wong percaya uga teka, dhèwèké bakal rumangsa diélikké lan bakal nliti apa sing ana ing atiné. 25 Dhèwèké bakal ngerti rahasia sing ana ing atiné, banjur dhèwèké bakal sujud lan nyembah Gusti Allah. Wong kuwi bakal kandha, ”Gusti Allah ana ing antaramu.” 26 Terus piyé, sedulur-sedulur? Wektu kowé ngumpul bareng, ana sing nyanyi kanggo muji Gusti Allah, ana sing mulang, ana sing nduduhké pangandika lan piwulang sing ditampa saka Gusti Allah, ana sing ngomong nganggo basa liya, lan ana sing nerjemahké. Tindakna kabèh mau kanggo nguwatké jemaat. 27 Nèk ana sing ngomong nganggo basa liya, beciké mung wong loro utawa akèh-akèhé telu waé lan nindakké kuwi nganggo cara giliran, uga kudu ana sing nerjemahké. 28 Nèk ora ana wong sing nerjemahké, wong kuwi kudu meneng waé ing jemaat lan ngomong marang Gusti Allah ing njero atiné. 29 Nèk ana nabi, loro utawa telu nabi kuwi bakal ngomong, lan sing liyané bakal ngupaya ngerti apa maksudé. 30 Nanging, nèk Gusti Allah maringi pangandika lan piwulang marang sawijiné wong sing lagi lungguh ing kana, wong sing lagi ngomong kudu meneng. 31 Kowé kabèh isa gentènan mènèhi ramalan supaya kabèh wong isa sinau lan dikuwatké. 32 Para nabi kudu nggunakké anugrah rohani sing ditampa nganggo cara sing bener. 33 Gusti Allah kuwi dudu Gusti Allah sing kisruh, nanging Gusti Allah sing tentrem. Padha kaya ing kabèh jemaaté para wong suci, 34 wong-wong wadon kudu meneng ing jemaat. Merga wong-wong wadon ora diijinké kanggo ngomong. Nanging, wong-wong wadon kudu manut, padha kaya sing dikandhakké ing hukum Taurat. 35 Nèk péngin ngerti sawijiné bab, wong-wong wadon kuwi kudu takon marang bojoné ing omah, merga ora pantes nèk wong wadon ngomong ing jemaat. 36 Apa pangandikané Gusti Allah asalé saka kowé, utawa apa kuwi mung diparingké marang kowé? 37 Nèk ana wong sing rumangsa nèk dhèwèké kuwi nabi utawa diparingi anugrah rohani, dhèwèké kudu ngakoni nèk apa sing tak tulis marang kowé iki préntahé Gusti. 38 Nèk ana sing ngrèmèhké iki, dhèwèké uga bakal dirèmèhké. 39 Mula sedulur-sedulur, terusa ngupaya éntuk anugrah kanggo mènèhi ramalan, nanging aja nglarang wong ngomong nganggo basa liya. 40 Kabèh perkara kudu kelakon kanthi apik lan tumata.

29 APRIL–​5 MEI

SINAU SAKA ALKITAB | 2 KORINTUS 1-3

”Yéhuwah Kuwi ’Gusti Allah sing Maringi Pang­lipuran ing Kahanan Apa Waé’ ”

(2 Korintus 1:⁠3) Pinujia Gusti Allah, yaiku Bapaké Gusti kita Yésus Kristus, Bapak sing welas asih lan Gusti Allah sing maringi panglipuran ing kahanan apa waé.

w17.07 10 ¶4

”Nangisa karo Wong sing Lagi Nangis”

4 Yéhuwah uga wis tau kélangan wong sing ditresnani, contoné yaiku Abraham, Iskak, Yakub, Musa, lan Raja Dawud. (Wi. 12:​6-8; Mt. 22:​31, 32; PR. 13:22) Alkitab nduduhké nèk Yéhuwah péngin banget nguripké manèh wong-wong sing setya kuwi. (Ay. 14:​14, 15) Wektu diuripké manèh sukmbèn, wong-wong kuwi bakal dadi bungah, séhat, lan sampurna. Yéhuwah uga wis tau kélangan Putrané mbarep. Alkitab kandha nèk Yésus kuwi sing paling ditresnani Yéhuwah. (WB. 8:​22, 30) Yéhuwah mesthi sedhih banget wektu ndelok Putrané sengsara nganti mati.​—⁠Yo. 5:​20; 10:⁠17.

(2 Korintus 1:⁠4) Panjenengané nglipur kita ing kabèh pacoban sing kita alami, supaya kita isa nglipur wong-wong liya sing ngalami pacoban apa waé nganggo panglipuran sing kita tampa saka Panjenengané.

w17.07 12 ¶14

”Nangisa karo Wong sing Lagi Nangis”

14 Isa waé ora gampang kanggo ngertèni apa sing arep diomongké marang wong sing lagi sedhih. Ning, Alkitab kandha nèk ”ilaté wong wicaksana nekakaké kawarasan”. (WB. 12:18) Ana sing isa nemokké tetembungan sing nguwatké saka buku Bila Seseorang yang Anda Kasihi Mening­gal. (Deloken katrangan ing ngisor.) Biyasané, sing isa panjenengan tindakké yaiku ’nangis karo wong sing lagi nangis’. (Rm. 12:​15, Basa Jawi Padintenan [BJP]) Gaby, sing bojoné wis mati, kandha nèk kadhang kala dhèwèké mung péngin nangis. Dhèwèké kandha, ”Aku dadi lega lan ora rumangsa dhèwèkan manèh nèk ana kanca sing nangis bareng aku.”

Wulangan Penting

(2 Korintus 1:​22) Panjenengané uga wis ndèlèhké meterainé marang kita, yaiku roh suci ing ati kita, lan kuwi dadi jaminan kanggo apa sing bakal teka.

w16.04-IN 32

Pitakonané sing Maca

Apa sing dimaksud ”jaminan” lan ’meterai’ sing ditampa wong Kristen terurap saka Gusti Allah?​—⁠2 Kor. 1:​21, 22.

▪ Jaminan: Nurut salah siji buku referensi, istilah Yunani sing diterjemahké ”jaminan” ing 2 Korintus 1:​22 kuwi termasuk ”istilah hukum lan perdagangan”. Istilah kuwi maksudé ”cicilan pertama, uang muka, jaminan, sing wis dibayarké sebagéan sakdurungé nglunasi barang”. Kuwi ”nggawé barang mau dadi haké pembeli, utawa nggawé perjanjian dadi sah”. Ing 2 Korintus 5:​1-5, wong Kristen terurap bakal dibayar lunas, utawa éntuk upah, wektu éntuk badan sing ora isa sirna lan ora isa mati.​—⁠1 Kor. 15:​48-​54.

Ing basa Yunani modern, tembung sing artiné cincin tunangan ana hubungané karo tembung Yunani ”jaminan”. Iki dadi gambaran sing cocok merga wong Kristen terurap bakal dadi bagéan saka ”bojoné” Yésus.​—⁠2 Kor. 11:2; Why. 21:​2, 9.

▪ Meterai: Ing jaman mbiyèn, meterai digunakké dadi tandha sah, tandha setuju, lan bukti nèk wong nduwé salah siji barang. Wong Kristen terurap diwènèhi ”meterai”, utawa kaya-kayané dicap, nganggo roh suci. Kuwi dadi tandha nèk wong Kristen terurap dadi duwèké Gusti Allah. (Éf. 1:​13, 14) Ning, meterai iki durung permanèn. Iki bakal dadi permanèn persis sakdurungé wong kuwi mati lan tetep setya, utawa persis sakdurungé sengsara gedhé dimulai.​—Éf. 4:​30; Why. 7:​2-4.

(2 Korintus 2:​14-​16) Matur nuwun marang Gusti Allah, sing tansah nuntun kita ing pawai kemenangan bareng Kristus, lan sing wis nggunakké kita kanggo nggawé pangertèn bab Panjenengané nyebar ing ngendi-endi, kaya ambu sing wangi! 15 Kanggoné Gusti Allah, wektu kita martakké bab Kristus, kita dadi kaya ambu wangi sing nyebar ing antarané wong-wong sing dislametké lan uga wong-wong sing disirnakké. 16 Kanggo sing disirnakké, kuwi kaya ambu sing nggawa pati, nanging kanggo sing dislametké kuwi kaya ambu sing nggawa urip. Sapa sing pantes nindakké tugas iki?

w10-IN 1/8 23

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa sing dipikirké Rasul Paulus wektu ngomong soal ”pawai kemenangan”?

▪ Paulus nulis, ”Gusti Allah . . . nuntun kita ing pawai kemenangan bareng Kristus, lan sing wis nggunakké kita kanggo nggawé pangertèn bab Panjenengané nyebar ing ngendi-endi, kaya ambu sing wangi! Kanggoné Gusti Allah, wektu kita martakké bab Kristus, kita dadi kaya ambu wangi sing nyebar ing antarané wong-wong sing dislametké lan uga wong-wong sing disirnakké. Kanggo sing disirnakké, kuwi kaya ambu sing nggawa pati, nanging kanggo sing dislametké kuwi kaya ambu sing nggawa urip.”​—⁠2 Korintus 2:​14-​16.

Sing dimaksudké Paulus yaiku kebiasaan wong Romawi nggawé pawai kanggo penghormatan jéndral sing wis ngalahké mungsuhé Negara. Pas pawai kuwi, jarahan, para tawanan perang, lan sapi-sapi jantan sing bakal dikorbanké ya diarak. Para jéndral lan prajurité ya bakal disanjung-sanjung. Ing akhir acara, sapi-sapi kuwi dikorbanké, lan akèh tawanan sing mungkin dipatèni.

Istilah ”ambu wangi” nduduhké nèk ana wong-wong sing bakal tetep urip lan sing liyané bakal mati. The International Standard Bible Encyclopedia ngomong nèk istilah kuwi ”mungkin asalé saka kebiasaané bangsa Romawi mbakar dupa wektu pawai. Ambu wangi nduduhké kemenang­ané para jéndral lan prajurité. Tapi, kuwi ya ngélingké para tawanan nèk bakal dipatèni”.

Maca Alkitab

(2 Korintus 3:​1-​18) Apa aku kabèh perlu kenalan manèh karo kowé? Utawa kaya sing ditindakké wong-wong liya, apa aku kabèh perlu mènèhi kowé surat-surat sing mbuktèkké nèk aku kabèh iki abdi? Utawa apa kowé sing kudu mènèhi aku kabèh surat-surat kuwi? 2 Kowé kabèh kuwi suratku saka Kristus, sing padha katulis ing atiku, sing dingertèni lan diwaca karo kabèh wong. 3 Cetha banget nèk kowé kabèh kuwi suraté Kristus, sing ditulis karo aku kabèh yaiku para abdiné Gusti Allah. Kowé kabèh ora ditulis nganggo tinta nanging nganggo roh suciné Gusti Allah sing urip, ora ditulis ing watu nanging ing ati. 4 Liwat Kristus, aku kabèh nduwé keyakinan kaya ngéné iki marang Gusti Allah. 5 Aku kabèh ora kandha nèk sanggup nindakké tugas iki merga upayaku dhéwé, nanging merga bantuané Gusti Allah, 6 sing nggawé aku kabèh sanggup dadi abdiné perjanjian anyar, dudu nganggo tuntunané hukum sing ditulis, nanging nganggo tuntunané roh suci. Hukum sing ditulis nggawa hukuman mati, nanging roh suci mènèhi urip. 7 Hukum sing nggawa pati, sing ditulis ing watu, teka nganggo kamulyan sing gedhé, nganti wong-wong Israèl ora isa ndelok wajahé Musa merga kamulyan sing sumunar ing wajahé. Nanging kamulyan kuwi bakal sirna. 8 Mula, mesthiné apa sing ditindakké roh suci kuwi nduwé kamulyan sing luwih gedhé, ta? 9 Nèk hukum sing nggawa hukuman mati waé mulya, pelayanan sing nggawé wong-wong dianggep bener mesthiné luwih mulya! 10 Malah, hukum sing mbiyèné mulya kuwi dadi ora ana artiné dibandhingké kamulyané perjanjian anyar. 11 Nèk hukum sing bakal sirna waé nduwé kamulyan, perjanjian anyar mesthiné nduwé kamulyan sing luwih gedhé! 12 Merga nduwé pangarep-arep kaya ngono, kita nduwé kebébasan kanggo ngomong, 13 lan ora tumindak kaya Musa, sing nutupi wajahé nganggo kain supaya wong-wong Israèl ora ndelok kamulyané hukum sing bakal sirna kuwi. 14 Pikirané wong-wong kuwi ketutup, lan nganti saiki, pikirané wong-wong kuwi isih ketutup kain sing padha lan wong-wong kuwi ora isa ngertèni perjanjian lawas, merga kain kuwi mung isa disingkirké nganggo bantuané Kristus. 15 Malah, nganti dina iki, saben Hukum Musa diwacakké, atiné wong-wong kuwi isih padha ketutup kain. 16 Nanging, wektu ana wong sing bali marang Yéhuwah, kain kuwi disingkirké. 17 Yéhuwah kuwi Roh, lan ing ngendi ana roh suciné Yéhuwah, ing kono ana kemerdékaan. 18 Kita kabèh, sing wajahé ora ditutupi, kaya cermin sing mantulké kamulyané Yéhuwah. Kita digawé malih kanggo dadi kaya Gusti Allah lan kanggo mantulké kamulyané Gusti Allah sing saya suwé saya gedhé, cocog karo sing dikersakké Yéhuwah, Roh kuwi.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim