PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb19 Juni hlm. 8
  • Éntuk Luwih Akèh Manfaat saka Sinau Alkitab Pribadi

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Éntuk Luwih Akèh Manfaat saka Sinau Alkitab Pribadi
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Kaya Piyé?
    Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Carané Bèn Sinauné Isa Nyenengké lan Ana Manfaaté
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Piyé Bèn Isa Terus Sinau Alkitab?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
mwb19 Juni hlm. 8

URIPÉ WONG KRISTEN

Éntuk Luwih Akèh Manfaat saka Sinau Alkitab Pribadi

PENTING MERGA: Sinau Alkitab pribadi isa mbantu awaké dhéwé ”paham tenan bab sepira ambané, dawané, dhuwuré, lan jeroné” isiné Alkitab. (Éf 3:18) Kuwi ya mbantu awaké dhéwé tetep murni ing antarané wong-wong sing jahat lan mbantu awaké dhéwé bèn ”terus nggegem kenceng sabda sing marakké urip”. (Flp 2:15, 16) Sinau Alkitab pribadi ya mènèhi awaké dhéwé kesempatan kanggo milih dhéwé bahan sing cocog karo kebutuhané awaké dhéwé. Piyé carané awaké dhéwé isa éntuk luwih akèh manfaat saka maca lan sinau Alkitab?

CARANÉ:

  • Tandhai ayat-ayat lan gawéa cathetan ing Alkitab, tercetak utawa elektronik, sing biasané njenengan gunakké kanggo sinau

  • Wektu maca Alkitab, pikirna pitakonan-pitakonan iki: ’Sapa? Apa? Kapan? Ing ngendi? Apa sebabé? Piyé?’

  • Nggolèk luwih akèh informasi. Njenengan isa nggolèki nurut ayat utawa topiké nggunakké sarana riset sing ana

  • Renungna bèn ngerti carané ngetrapké sing wis diwaca

  • Apa sing wis disinaoni kudu ditindakké saben dina.​—Luk 6:47, 48

DELOKEN VIDEO TERUSA ”NGGEGEM KENCENG”—LIWAT SINAU PRIBADI SING EFEKTIF, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Apa waé manfaaté sinau Alkitab pribadi?

  • Apa sebabé kudu ndonga dhisik sakdurungé mulai sinau Alkitab pribadi?

  • Piyé carané bèn awaké dhéwé isa luwih paham ayat ing Alkitab?

  • Wektu sinau, awaké dhéwé isa nandhai Alkitabé awaké dhéwé nganggo cara apa waé?

  • Apa sebabé perenungan kuwi penting wektu sinau Alkitab pribadi?

  • Apa sing kudu ditindakké karo apa sing wis disinaoni?

Sedulur wédok lagi sinau Alkitab pribadi; sedulur lanang nandhai Alkitabé sing ana ing tablèt; sedulur wédok lagi mbagi hasil riseté karo wong lanang loro; sedulur lanang lagi ndonga

”Kawula punika tresna sanget dhateng angger-angger Paduka, sadinten muput kawula gilut-gilut.”​—Ms 119:97

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim