PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwfq artikel 15
  • Sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Kaya Piyé?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Kaya Piyé?
  • Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sinauné piyé?
  • Apa sinauné mbayar?
  • Apa sinauné suwé?
  • Nèk péngin sinau kudu piyé?
  • Apa éntuk nyoba sik?
  • Nèk sinau, apa kudu dadi Seksi Yéhuwah?
  • Apa éntuk nganggo Alkitabku dhéwé?
  • Sinauné apa éntuk ngejak wong liya?
  • Nèk mbiyèn wis tau sinau karo Seksi-Seksi Yéhuwah, apa éntuk sinau manèh?
  • Apa éntuk nèk sinau dhéwé?
  • Apa njenengan seneng karo buku sing wis dipelajari iki?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Awal Sinau Alkitab
  • Vidéo-Vidéo soal Sinau Alkitab
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Manfaat Tebusané Yésus
    Topik Liyané
  • Yèn Sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah, Apa Aku Kudu Dadi Seksi Yéhuwah?
    Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
Delok Kabèh
Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
ijwfq artikel 15
Wong lanang sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah nganggo buku ”Bahagia Saklawasé”.

Sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Kaya Apa?

Seksi-Seksi Yéhuwah seneng mbantu njenengan sinau Alkitab. Nèk sinau Alkitab, njenengan isa ngerti soal:

  • Carané bèn bahagia

  • Carané bèn cedhak karo Gusti Allah

  • Janji ing Alkitab kanggo masa depan

Ing artikel iki bakal dibahas:

  • Sinauné piyé?

  • Apa sinauné mbayar?

  • Apa sinauné suwé?

  • Nèk péngin sinau kudu piyé?

  • Apa éntuk nyoba sik?

  • Nèk sinau, apa kudu dadi Seksi Yéhuwah?

  • Apa éntuk nganggo Alkitabku dhéwé?

  • Sinauné apa éntuk ngejak wong liya?

  • Nèk mbiyèn wis tau sinau karo Seksi-Seksi Yéhuwah, apa éntuk sinau manèh?

  • Apa éntuk nèk sinau dhéwé?

Sinauné piyé?

Mengko ana sing mbantu njenengan sinau Alkitab nganggo buku Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab. Sinauné urut sesuai topiké, bèn njenengan isa ngerti isiné Alkitab lan apa manfaaté. Nèk péngin ngerti luwih akèh, setèlen vidéo iki.

Apa sinauné mbayar?

Ora. Yésus ngandhani murid-muridé, ”Kowé nampa tanpa mbayar, mula wènèhna tanpa njaluk bayaran.” (Matius 10:8) Nèk njenengan njaluk Alkitab utawa buku Bahagia Saklawasé ora perlu mbayar.

Apa sinauné suwé?

Ing buku iki ana 60 pelajaran. Akèh sing seneng nèk sinau sak pelajaran utawa luwih saben minggu. Tapi, kuwi bergantung karo keadaané njenengan.

Nèk péngin sinau kudu piyé?

  1. 1. Ngisi formulir ing jw.org. Njenengan isa ngisi data pribadi bèn njenengan isa dihubungi.

  2. 2. Ana Seksi Yéhuwah sing bakal ngubungi. Dhèwèké bakal njelaské mengko sinauné piyé, terus njenengan ya éntuk takon-takon.

  3. 3. Janjian. Sinauné isa ketemu langsung, liwat télépon, video call, surat, utawa email. Biasané sinauné kira-kira sak jam, tapi kuwi bergantung karo keadaané njenengan.

Apa éntuk nyoba sik?

Ya. Njenengan isa ngisi formulir ing jw.org. Mengko nèk wis dihubungi, njenengan isa ngomong nèk péngin nyoba sik. Mengko njenengan bakal sinau nganggo buku Bahagia Saklawasé—Pelajaran Awal Sinau Alkitab sing isiné mung telu pelajaran.

Buku ”Bahagia Saklawasé” karo ”Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar”.

Nèk sinau, apa kudu dadi Seksi Yéhuwah?

Ora. Seksi Yéhuwah seneng mbantu sinau Alkitab, tapi ora meksa wong-wong dadi Seksi Yéhuwah. Seksi Yéhuwah menghargai keputusané kabèh wong arep mèlu agama apa.​—1 Pétrus 3:15.

Apa éntuk nganggo Alkitabku dhéwé?

Ya. Njenengan isa nganggo Alkitab sing biasané dienggo. Meskipun luwih seneng nganggo Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar sing terjemahané gampang dipahami lan isa dipercaya, Seksi Yéhuwah ora meksa bèn wong liya ya nganggo kuwi.

Sinauné apa éntuk ngejak wong liya?

Éntuk. Njenengan isa ngejak keluarga utawa kanca.

Nèk mbiyèn wis tau sinau karo Seksi-Seksi Yéhuwah, apa éntuk sinau manèh?

Ya. Apa manèh saiki carané sinau wis béda. Sinauné luwih akèh nganggo vidéo, gambar, lan rembugan bareng.

Apa éntuk nèk sinau dhéwé?

Ya. Meskipun akèh sing seneng nèk sinauné ana sing mbantu, tapi ya ana sing seneng nèk sinau dhéwé sik. Njenengan isa mbukak bagéan Bantuan kanggo Sinau Alkitab ing jw.org. Ing kono ana:

  • Vidéo Ajaran ing Alkitab.

  • Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab. Ana artikel-artikel sing mbahas pertanyaan sing jawabané ana ing Alkitab.

  • Ayat-Ayat Alkitab Dijelaské. Ana penjelasan soal artiné ayat-ayat sing terkenal ing Alkitab.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim