PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwfq artikel 63
  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nolak Divaksin?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nolak Divaksin?
  • Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nampa Perawatan Dhokter?
    Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Kudu Siap Nèk Ana Keadaan Darurat Mèdis
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Urip Kuwi Hadiah sing Berharga saka Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Saran kanggo sing Lagi Lara
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
ijwfq artikel 63
Suntikan karo botol vaksin.

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nolak Divaksin?

Ora. Seksi-Seksi Yéhuwah ora nolak divaksin. Akèh Seksi Yéhuwah sing gelem divaksin. Tapi, arep divaksin apa ora kuwi keputusané dhéwé-dhéwé.

Seksi-Seksi Yéhuwah berusaha bèn éntuk perawatan mèdis sing apik. Seksi-Seksi Yéhuwah ya menghargai upayané tenaga keséhatan kanggo nambani penyakit, misalé nggawé vaksin, apa manèh pas ana pandemi.

Seksi-Seksi Yéhuwah menganjurkan bèn padha manut karo petugas keséhatan. Misalé, kèt ana pandemi COVID-19, Seksi-Seksi Yéhuwah terus ngekèki pengingat ing akèh basa ing jw.org bèn padha manut protokol keséhatan. Contoné soal jaga jarak, pengaturan soal kumpul-kumpul, karantina, cuci tangan, nganggo masker, lan aturan liyané saka pamréntah.​—Roma 13:1, 2.

Kèt mbiyèn, Seksi-Seksi Yéhuwah ngetrapké pathokan-pathokan iki:

  • Soal milih perawatan keséhatan kuwi keputusané dhéwé-dhéwé.​—Galatia 6:5.

    ”[Majalah iki] ora nyaranké nganggo obat, terapi, utawa perawatan keséhatan tertentu. Iki mung mènèhi keterangan bèn sing maca isa nggawé keputusan dhéwé.”​—Gatèkna! 8 Februari 1987.

    ”Njenengan karo anaké njenengan arep divaksin apa ora kuwi keputusané njenengan dhéwé.”​—Gatèkna! 22 Agustus 1965.

  • Seksi-Seksi Yéhuwah nggolèk perawatan mèdis merga nganggep urip kuwi berharga.​—Kisah 17:28.

    ”Pas lara, Seksi-Seksi Yéhuwah bakal nggolèk tamba merga nganggep urip kuwi berharga. Tapi, ora bakal nggolèk perawatan mèdis sing nglanggar pathokan ing Alkitab.”​—Warta Penting 1 Juli 1975.

    ”Seksi-Seksi Yéhuwah gelem nampa perawatan mèdis bèn tetep séhat lan bèn tetep urip. Malah, kaya Lukas sing disebutké ing Alkitab, ana Seksi Yéhuwah sing ya dadi dokter. . . . Seksi-Seksi Yéhuwah bener-bener menghargai lan maturnuwun banget karo tenaga keséhatan sing wis kerja keras kanggo nambani wong-wong.”​—Warta Penting 1 Februari 2011.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim