URIPÉ WONG KRISTEN
Mbantu Bojoné Njenengan Bèn Gelem Nglayani Yéhuwah
Sedulur wédok isa mbantu bojoné bèn gelem nglayani Yéhuwah liwat tumindaké sing apik. Ning, sedulur kuwi isa waé kudu ngadhepi tantangan nganti pirang-pirang taun. (1Ptr 2:21-23; 3:1, 2) Nèk ngalami tumindak sing ora adil, njenengan kudu terus ngupaya nindakké sing apik. (Rm 12:21) Mungkin bojoné njenengan ora gelem ngrungokké kabar apik. Ning, nèk ndelok tumindaké njenengan sing apik, dhèwèké isa waé gelem berubah.
Pikirna perasaané bojoné njenengan. (Flp 2:3, 4) Duduhna nèk njenengan perduli karo dhèwèké, lan ngupayaa nindakké tanggung jawabé njenengan. Njenengan ya kudu seneng ngrungokké. (Yak 1:19) Njenengan kudu sabar lan mbuktèkké nèk sayang karo dhèwèké. Njenengan isa yakin nèk Yéhuwah nggatèkké upayané njenengan senajan kuwi ora digatèkké karo bojoné njenengan.—1Ptr 2:19, 20.
DELOKEN VIDÉO YÉHUWAH NGGAWÉ AKU KUWAT NANGGUNG BEBANKU, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Apa waé sing dialami Sedulur Grace Li ing awal urip bebojoané?
Apa sing nggawé dhèwèké gelem sinau Alkitab?
Apa sing ditindakké Sedulur Li kanggo ngadhepi tantangan sakwisé dhèwèké dibaptis?
Ing dongané, apa sing dijaluk Sedulur Li soal bojoné?
Berkah apa waé sing dirasakké Sedulur Li merga njaga tumindaké tetep apik?
Tumindak sing apik kuwi gedhé pengaruhé