PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • hf bagéan 2 hlm. 6-8
  • Kudu Setya karo Bojoné

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kudu Setya karo Bojoné
  • Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • 1 KUDU MENTINGKÉ URIP BEBOJOAN PANJENENGAN
  • 2 KUDU NJAGA ATI PANJENENGAN SAKA SING SALAH
  • Nyuwuna Tuntunané Gusti Allah Bèn Ayem Tentrem
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Urip Bebojoan sing Rukun lan Bahagia
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Carané Tetep Rukun karo Maratuwa
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Carané Ngadhepi Masalah
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
Delok Kabèh
Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
hf bagéan 2 hlm. 6-8
Wong wédok dipayungi bojoné wektu arep mlebu mobil

BAGÉAN 2

Kudu Setya karo Bojoné

”Apa kang wis didadèkaké siji déning Allah iku, ora kena dipisah déning manungsa.”​—Markus 10:9

Yéhuwah péngin kabèh wong setya karo bojoné. (Jabur 18:26) Kuwi penting banget merga nèk setya karo siji lan sijiné kuwi isa marakké percaya. Nèk wong bebojoan nduwèni rasa percaya, kuwi isa gawé tambah tresna.

Saiki akèh banget perkara sing marahi urip bebojoan bubrah. Mulané, wong bebojoan kudu nindakké rong bab sing arep dirembug iki, merga isa ndadèkké urip bebojoan panjenengan langgeng.

1 KUDU MENTINGKÉ URIP BEBOJOAN PANJENENGAN

ALKITAB KANDHA: ’Miliha apa kang becik’, utawa sing penting. (Filipi 1:10) Urip bebojoan panjenengan kuwi penting banget, dadi kudu didhisikké.

Yéhuwah péngin wong sing wis nduwé bojo padha nggatèkké bojoné lan isa ’ngrasakké nikmating urip’ bareng-bareng. (Kohèlèt 9:9) Yéhuwah ora ngéntukké wong bebojoan ora mikirké bojoné, ning kudu ngupaya nyenengké bojoné. (1 Korinta 10:24) Panjenengan kudu ngupaya bèn bojo panjenengan krasa dibutuhké lan diajèni.

Pas bojoné lara, wong lanang masak kanggo bojoné; wong lanang mulih kerja lan bojoné lagi masak

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Kudu nduwé wektu kanggo omong-omongan karo bojomu, tanpa ana sing ngganggu

  • Aja mikir awaké dhéwé, ning kudu mikir kanggo butuhé wong loro

Wong bebojoan lagi plesir

2 KUDU NJAGA ATI PANJENENGAN SAKA SING SALAH

ALKITAB KANDHA: ”Nanging Aku pitutur marang kowé: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan nduwèni krenteg marang dhèwèké, iku wus laku jina sajroning atiné.” (Matéus 5:28) Nèk wong terus mikirké sing saru-saru, wong kuwi ora setya karo bojoné.

Yéhuwah ngendika nèk panjenengan kudu ’ngreksa ati’, utawa njaga ati panjenengan. (Wulang Bebasan 4:23; Yérémia 17:9) Bèn isa njaga ati, panjenengan kudu milih apa sing arep didelok. (Matéus 5:29, 30) Panjenengan kudu niru Ayub sing nduwèni tékad ora bakal ndelok wong wédok kanthi nepsu. (Ayub 31:1) Panjenengan kudu nduwé tékad ora nonton film lan gambar sing saru. Panjenengan uga ora olèh ngesir utawa yang-yangan karo wong liya.

Wong lanang masang foto bojoné ing méja kerja

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Panjenengan kudu nduduhké ing ngarepé wong liya, nèk panjenengan kuwi setya banget karo bojo panjenengan

  • Kudu mikirké prasaané bojo panjenengan, lan kudu medhot katresnan karo wong liya merga kuwi nglarani atiné

SING KUDU DIUPAYAKKÉ

Panjenengan kudu ngakoni nèk nduwé kekurangan. (Jabur 15:2) Aja isin nèk arep njaluk tulung. (Wulang Bebasan 1:5) Panjenengan kudu terus ngupaya nyingkirké pikiran sing saru. Aja cilik ati. (Wulang Bebasan 24:16) Yéhuwah bakal mberkahi wong sing terus setya karo bojoné.

COBA DIPIKIR . . .

  • Piyé carané aku nyisihké wektu kanggo bojoku?

  • Apa aku nganggep bojoku kuwi kanca akrabku?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim