PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • hf bagéan 1 hlm. 3-5
  • Nyuwuna Tuntunané Gusti Allah Bèn Ayem Tentrem

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nyuwuna Tuntunané Gusti Allah Bèn Ayem Tentrem
  • Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • 1 TINDAKNA PATHOKANÉ YÉHUWAH BÈN DADI BOJO SING APIK
  • 2 PIKIRNA PERASAANÉ BOJOMU
  • 3 NDUWÉA PIKIRAN SING PADHA
  • Kudu Setya karo Bojoné
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Urip Bebojoan sing Rukun lan Bahagia
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Urip Bebojoan Kuwi Anugrah
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Carané Tetep Rukun karo Maratuwa
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
Delok Kabèh
Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
hf bagéan 1 hlm. 3-5
Wong lanang lan wédok nikah

BAGÉAN 1

Nyuwuna Tuntunané Gusti Allah Bèn Ayem Tentrem

”Kang nitahaké manungsa iku wiwit sakawit anggoné ndadèkaké wis arupa lanang lan wadon.”​—Matéus 19:4

Allah Yéhuwaha kuwi sing pisanan ndadèkké keluarga. Alkitab kandha nèk Yéhuwah nggawé wong wédok sing sepisanan. Wong wédok kuwi diwènèhké Adam bèn dadi bojoné. Adam seneng banget terus ngomong, ”Yaiki balung saka balungku lan daging saka dagingku.” (Purwaning Dumadi 2:22, 23) Nganti saiki, Yéhuwah péngin wong bebojoan uripé ayem tentrem.

Wong mikir nèk nduwé bojo mesthi uripé seneng, lan ora ana masalah. Ning, senajan wong bebojoan kuwi nduwèni rasa tresna, tetep waé ngadhepi masalah. (1 Korinta 7:28) Nèk maca lan ngetrapké pathokané Alkitab sing ana ing buku iki, uripé keluarga isa ayem tentrem.​—Jabur 19:9-12.

1 TINDAKNA PATHOKANÉ YÉHUWAH BÈN DADI BOJO SING APIK

ALKITAB KANDHA: Wong lanang kuwi sing mimpin keluarga.—Éfesus 5:23.

Yéhuwah péngin wong lanang ora kasar karo bojoné. (1 Pétrus 3:7) Yéhuwah nggawé wong wédok kanggo mbantu sing lanang. Dadi, wong lanang kudu nresnani lan ngajèni bojoné. (Purwaning Dumadi 2:18) Nèk wong lanang nresnani bojoné, dhèwèké bakal luwih mentingké kebutuhané bojoné timbang kebutuhané dhéwé.—Éfesus 5:25-29.

Yéhuwah péngin wong wédok tenanan ngajèni lan mbantu bojoné. (1 Korinta 11:3; Éfesus 5:33) Nèk sing lanang nggawé keputusan, sing wédok gelem nampa lan nindakké bareng-bareng keputusané kuwi, ora merga kepeksa. (Kolosé 3:18) Nèk wong wédok gelem nindakké kuwi, dhèwèké aji kanggoné Yéhuwah lan bojoné.​—1 Pétrus 3:1-6.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Takonana bojomu, piyé carané isa dadi bojo sing luwih apik. Rungokna tenanan lan tindakna kaya sing diomongké dhèwèké

  • Panjenengan kudu sabar. Butuh wektu bèn ngerti carané nyenengké siji lan sijiné

2 PIKIRNA PERASAANÉ BOJOMU

ALKITAB KANDHA: Kepentingané bojoné didhisikké. (Filipi 2:3, 4) Ajènana bojomu merga dhèwèké sing paling aji. Yéhuwah péngin para abdiné alus karo sapa waé. (2 Timotéus 2:24) ”Tembung sing ora dipikir isa natoni ati sing larané ngungkuli dituwek ing pedhang, nanging tembungé wong wicaksana gawé lilihing ati.” Dadi, nèk ngomong aja kasar lan nglarani ati. (Wulang Bebasan 12:18, Basa Jawi Padintenan) Roh Suciné Yéhuwah bakal mbantu panjenengan ngomong sing pénak dirungokké lan nyenengké ati.​—Galati 5:22, 23; Kolosé 4:6.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Ndongaa dhisik bèn pikirané tenang lan sabar, sakdurungé ngrembug masalah sing penting karo bojomu

  • Pikiren dhisik apa sing arep diomongké lan piyé carané ngomong

3 NDUWÉA PIKIRAN SING PADHA

ALKITAB KANDHA: Wong sing wis nduwé bojo ”manunggal” karo bojoné. (Matéus 19:5) Ning, tetep waé kuwi wong loro sing béda, mula panemuné ya ora padha. Dadi, kudu sinau carané bèn isa sakpikiran lan sakperasaan. (Filipi 2:2) Iki penting wektu nggawé keputusan. Alkitab nulis, ”Rancangan bisané kelakon merga saka panglimbang.” (Wulang Bebasan 20:18) Pas nggawé keputusan sing penting, isa nggunakké pathokan saka Alkitab.​—Wulang Bebasan 8:32, 33.

Wong bebojoan umbah-umbah lan isah-isah bareng

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Critakna bab apa waé karo bojomu, klebu kabèh sing ana ing jero ati

  • Rembugen dhisik sakdurungé nggawé keputusan

a Yéhuwah kuwi asmané Gusti Allah sing dicathet ing Alkitab.

PERCAYA LAN PANGERTÈN KARO BOJONÉ

Aja nuntut bojo sing sampurna, merga awaké dhéwé iya ora sampurna. (Jabur 103:14; Yakobus 3:2) Deloken sipat-sipaté sing apik. Percayaa nèk Alkitab isa mbantu lan panjenengan kudu sabar. (2 Timotéus 3:16) Yéhuwah bakal mberkahi nèk panjenengan gelem manut tuntunané. Saya suwé urip bebojoan dadi saya kuwat.​—Galati 6:9.

COBA DIPIKIR . . .

  • Apa bojoku isa ngrasakké nèk aku luwih mikirké kepentingané timbang kepentinganku dhéwé?

  • Dina iki, apa sing wis taklakoni kanggo nduduhké nèk aku nresnani lan ngajèni bojoku?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim