URIPÉ WONG KRISTEN
Apa Njenengan Isa Njelaské Imané Njenengan?
Nèk ana sing takon kenapa njenengan percaya kabèh iki diciptakké Gusti Allah, apa jawabané njenengan? Bèn isa njawab, njenengan kudu piyé? Pertama, njenengan dhéwé kudu yakin nèk kabèh kuwi pancèn ana merga diciptakké. (Rm 12:1, 2) Terus, njenengan kudu mikirké piyé carané njelaské imané njenengan.—WB 15:28.
DELOKEN VIDÉO SALAH SIJI AHLI BEDAH ORTOPÈDI NJELASKÉ IMANÉ LAN VIDÉO SALAH SIJI AHLI ZOOLOGI NJELASKÉ IMANÉ BÈN NGERTI APA SEBABÉ WONG-WONG PERCAYA PENCIPTAAN, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Apa sebabé Irène Hof Laurenceau percaya nèk kabèh kuwi ana merga diciptakké dudu merga évolusi?
Apa sebabé Yaroslav Dovhanych percaya nèk kabèh kuwi ana merga diciptakké dudu merga évolusi?
Piyé carané njenengan njelaské apa sebabé njenengan percaya karo penciptaan?
Bahan apa waé saka organisasi sing isa mbantu njenengan lan wong liya yakin nèk kabèh diciptakké Gusti Allah?