SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 15-17
Apa Sebabé Yéhuwah Ngganti Jenengé Abram lan Sarai?
Abram dianggep bener karo Yéhuwah. Wektu mènèhi Abram katrangan luwih akèh soal janjiné, Yéhuwah ya mènèhi Abram lan Sarai jeneng sing isa nggambarké apa sing bakal kelakon ing masa depan.
Cocog karo jenengé, Abraham dadi bapaké akèh bangsa lan Sara dadi leluhuré para raja.
Abraham
Bapaké Wong Akèh
Sara
Putri Raja
Wektu dilairké, awaké dhéwé ora isa milih jeneng dhéwé. Ning, kaya Abraham lan Sara, awaké dhéwé isa ngupaya nduwé réputasi sing apik. Pikirna:
’Piyé carané bèn aku isa dianggep bener karo Yéhuwah?’
’Apa aku lagi ngupaya bèn isa dianggep bener karo Yéhuwah?’