SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 44-45
Yusuf Ngapurani Kakang-kakangé
Awaké dhéwé isa waé kangèlan kanggo ngapurani wong sing nglarani awaké dhéwé, apa manèh nèk kuwi disengaja. Apa sing isa mbantu Yusuf kanggo ngapurani wektu dijahati karo kakang-kakangé?
Yusuf ora péngin balas dendam, ning péngin ngapurani. Mula, dhèwèké péngin ngerti apa kakang-kakangé wis berubah.—Ms 86:5; Luk 17:3, 4
Yusuf ora gelem terus-terusan lara ati. Ning, dhèwèké niru Yéhuwah sing seneng ngapurani.—Mi 7:18, 19
Piyé carané bèn aku seneng ngapurani kaya Yéhuwah?