SINAU SAKA ALKITAB | KAIMAMAN 1-3
Tujuané Mènèhi Persembahan
Nurut Hukum Musa, wong Israèl kudu mènèhi persembahan utawa korban. Kuwi nggawé Yéhuwah seneng. Kuwi ya nggambarké korban tebusan Yésus lan manfaaté kanggo awaké dhéwé.—Ibr 8:3-5; 9:9; 10:5-10.
Yésus ngorbanké awaké sing sampurna, sing ora ana cacadé. Kuwi kaya kéwan sing dikorbanké, sing séhat lan ora ana cacadé.—1Ptr 1:18, 19; deloken gambar ing halaman ngarep dhéwé
Yésus mènèhi sak kabèhé kanggo Yéhuwah. Kuwi kaya korban sing diobong nganti entèk kanggo Gusti Allah
Wong sing dipilih munggah swarga mangan lan ngombé wektu Pèngetan Sédané Yésus merga rukun karo Gusti Allah. Kuwi kaya wong sing mènèhi korban kanggo Gusti Allah merga rukun karo Dhèwèké