PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 3
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Kaimaman

      • Korban kerukunan (1-17)

        • Aja mangan gajih utawa getih (17)

Kaimaman 3:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Km 22:21; Wi 6:13, 14

Kaimaman 3:3

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Km 7:29-31
  • +Pa 29:13; Km 7:23-25; 1Raj 8:64

Kaimaman 3:4

Réferènsi Silang

  • +Km 7:1-4

Kaimaman 3:5

Réferènsi Silang

  • +Km 6:12
  • +Km 4:29, 31

Kaimaman 3:6

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Wi 6:13, 14

Kaimaman 3:9

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

  • *

    Domba ing jaman Alkitab nduwé buntut sing ana gajihé. Biasané bobot buntuté paling ora 5 kg.

Réferènsi Silang

  • +Pa 29:22; Km 9:18-20; 2Bb 7:7

Kaimaman 3:10

Réferènsi Silang

  • +Km 4:8, 9; 9:10

Kaimaman 3:11

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”rotiné”. Maksudé, saka korban kerukunan mau, bagéan kuwi dadi duwèké Yéhuwah.

Réferènsi Silang

  • +Km 4:31

Kaimaman 3:14

Réferènsi Silang

  • +Km 4:24, 26

Kaimaman 3:16

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”rotiné”. Maksudé, saka korban kerukunan mau, bagéan kuwi dadi duwèké Yéhuwah.

Réferènsi Silang

  • +Km 7:23; 1Sam 2:15-17

Kaimaman 3:17

Réferènsi Silang

  • +PD 9:4; Km 17:10, 13; PT 12:23; Kis 15:20, 29

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Km. 3:1Km 22:21; Wi 6:13, 14
Km. 3:3Km 7:29-31
Km. 3:3Pa 29:13; Km 7:23-25; 1Raj 8:64
Km. 3:4Km 7:1-4
Km. 3:5Km 6:12
Km. 3:5Km 4:29, 31
Km. 3:6Wi 6:13, 14
Km. 3:9Pa 29:22; Km 9:18-20; 2Bb 7:7
Km. 3:10Km 4:8, 9; 9:10
Km. 3:11Km 4:31
Km. 3:14Km 4:24, 26
Km. 3:16Km 7:23; 1Sam 2:15-17
Km. 3:17PD 9:4; Km 17:10, 13; PT 12:23; Kis 15:20, 29
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kaimaman 3:1-17

Kaimaman

3 ”’Nèk kowé arep mènèhké sapi dadi korban kerukunan*+ ing ngarepé Yéhuwah, kowé kudu mènèhké sing séhat, embuh kuwi sapi lanang apa wédok. 2 Dèlèhna tanganmu ing endhasé sapi kuwi, lan sapi kuwi kudu dibelèh ing lawangé kémah pertemuan. Anak-anaké lanang Harun, yaiku para imam, kudu nyipratké getihé sapi kuwi ing sak ubengé mézbah. 3 Sebagéan saka korban kerukunan* kuwi bakal diwènèhké dadi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah,+ yaiku gajih+ sing nutupi usus, gajih sing nèmplèk ing usus, 4 lan ginjal loro cedhak pinggang sak gajihé. Gajih sing ana ing atiné ya dijupuk bareng karo ginjal mau.+ 5 Anak-anaké lanang Harun kudu ngobong kuwi kabèh ing ndhuwuré persembahan bakaran sing lagi dibakar ing ndhuwuré kayu ing mézbah.+ Kuwi sing disebut persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.+

6 ”’Nèk kowé arep mènèhké domba utawa kambing dadi korban kerukunan* marang Yéhuwah, embuh kuwi lanang apa wédok, kowé kudu mènèhké sing séhat.+ 7 Nèk kowé arep mènèhké domba lanang enom dadi persembahan, gawanen kuwi ing ngarepé Yéhuwah. 8 Dèlèhna tanganmu ing endhasé domba kuwi, lan domba kuwi kudu dibelèh ing ngarepé kémah pertemuan. Anak-anaké lanang Harun kudu nyipratké getihé domba kuwi ing sak ubengé mézbah. 9 Saka korban kerukunan* kuwi, gajihé kudu dijupuk dadi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah.+ Sing dijupuk yaiku buntut sak gajihé* sing ana ing cedhaké tulang punggung, gajih sing nutupi usus, gajih sing nèmplèk ing usus, 10 lan ginjal loro cedhak pinggang sak gajihé. Gajih ing atiné ya dijupuk bareng karo ginjal mau.+ 11 Imam kudu ngobong kuwi kabèh ing mézbah. Kuwi dadi bagéané* Yéhuwah,+ yaiku persembahan sing diobong nganggo geni.

12 ”’Nèk kowé arep mènèhké kambing dadi persembahan, gawanen kuwi ing ngarepé Yéhuwah. 13 Dèlèhna tanganmu ing endhasé kambing kuwi, lan kambing kuwi kudu dibelèh ing ngarepé kémah pertemuan. Anak-anaké lanang Harun kudu nyipratké getihé kambing kuwi ing sak ubengé mézbah. 14 Bagéan sing kudu diwènèhké dadi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah yaiku gajih sing nutupi usus, gajih sing nèmplèk ing usus,+ 15 lan ginjal loro cedhak pinggang sak gajihé. Gajih ing atiné ya dijupuk bareng karo ginjal mau. 16 Imam kudu ngobong kuwi kabèh ing mézbah. Kuwi dadi bagéané* Gusti Allah, yaiku persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Gusti Allah seneng. Kabèh gajih kuwi duwèké Yéhuwah.+

17 ”’Ing endi waé kowé manggon, kowé lan kabèh keturunanmu kudu manut peraturan iki nganti sakterusé: Aja nganti kowé mangan gajih utawa getih.’”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim