URIPÉ WONG KRISTEN
”Aja Nganti Kuwatir”
Mbiyèn, Yéhuwah perduli karo wong miskin ing Israèl. Saiki, Yéhuwah ya perduli karo umaté sing miskin. Apa buktiné?
Yéhuwah ngandhani piyé kuduné pandhangané awaké dhéwé soal dhuwit.—Luk 12:15; 1Tim 6:6-8
Yéhuwah ngandhani nèk awaké dhéwé kabèh berharga.—Ayb 34:19
Yéhuwah wis ngandhani bèn awaké dhéwé dadi wong sing rajin lan ora nglakoni kebiasaan sing salah.—WB 14:23; 20:1; 2Kor 7:1
Yéhuwah wis mbantu awaké dhéwé bèn dadi bagéan saka umaté sing padha-padha nresnani.—Yoh 13:35; 1Yoh 3:17, 18
Yéhuwah mènèhi harapan.—Mzm 9:18; Yés 65:21-23
Ora soal piyé keadaané, awaké dhéwé ora perlu kuwatir. (Yés 30:15) Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané awaké dhéwé nèk awaké dhéwé terus ngutamakké Kerajaané Gusti Allah.—Mat 6:31-33.
DELOKEN VIDÉO KATRESNAN BAKAL ANA SAKTERUSÉ SENAJAN . . . URIP MISKIN—KONGO, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Apa buktiné nèk para sedulur sing manggon ing kutha kebaktian murah hati karo para sedulur sing saka luar kota?
Ing vidéo iki, apa buktiné nèk Yéhuwah perduli karo wong miskin?
Ora soal awaké dhéwé sugih apa ora, piyé carané niru Yéhuwah sing murah hati?