29 JULI–4 AGUSTUS
MAZMUR 69
Lagu 13 lan Donga | Pembuka (1 men.)
1. Ramalan ing Mazmur 69 soal Apa sing Dialami Yésus
(10 men.)
Yésus disengiti tanpa sebab (Mzm 69:4; Yoh 15:24, 25; w11-IN 15/8 11 ¶17)
Yésus semangat ngabdi lan njaga ibadah karo Yéhuwah tetep murni (Mzm 69:9; Yoh 2:13-17; w10-IN 15/12 8 ¶7-8)
Yésus sedhih banget lan dikèki anggur sing dicampur empedu (Mzm 69:20, 21; Mat 27:34; Luk 22:44; Yoh 19:34; g95-IN 8/11 30 ¶4; it-2-IN 967 ¶8)
KANGGO DIPIKIRKÉ: Ngapa kok Yéhuwah ngatur bèn ramalan soal Mésias ditulis ing Kitab-Kitab Ibrani?
2. Wulangan Penting
(10 men.)
Mzm 69:30, 31—Menurut ayat iki, piyé bèn dongané awaké dhéwé mutuné luwih apik? (w99-IN 15/1 18 ¶11)
Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?
3. Maca Alkitab
(4 men.) Mzm 69:1-25 (th Pelajaran 2)
4. Sabar—Conto saka Yésus
(7 men.) Rembugan. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen brosur Sayang Kabèh Wong Pelajaran 8 nomer 1-2.
5. Sabar—Carané Niru Yésus
(8 men.) Rembugan saka brosur Sayang Kabèh Wong Pelajaran 8 nomer 3-5 lan bagéan ”Deloken Ayat Liyané”.
Lagu 134
6. Kebutuhané Jemaat
(5 men.)
7. Saran-Saran kanggo Ibadah Keluarga
(10 men.) Rembugan.
Mulai Januari 2009, Pelajaran Buku Sidang digabung karo Sekolah Pelayanan Teokratis lan Perhimpunan Dinas. Kuwi kabèh dibahas ing pertemuan ibadah tengah pekan. Dadi, saben minggu ana wektu sing isa digunakké kanggo ibadah keluarga. Akèh sing bersyukur merga pengaturan iki nggawé meréka dadi tambah akrab karo Yéhuwah lan anggota keluargané.—PT 6:6, 7.
Bèn anggota keluarga isa terus menikmati ibadah keluarga, kepala keluarga isa ngetrapké saran-saran iki:
Kudu teratur. Nèk isa, ibadah keluargané kuwi dinané lan wektuné padha saben minggu. Saka awal isa milih dina liya kanggo cadangan nèk misalé ora isa ibadah keluarga ing dina kuwi
Persiapan. Njaluka saran karo bojoné njenengan utawa kadhang ya isa takon karo anak-anak arep mbahas apa. Persiapané ora perlu suwé-suwé, apamanèh nèk ana kegiatan-kegiatan tertentu sing disenengi lan kerep dilakukan pas ibadah keluarga
Nyesuaikké karo kebutuhané anggota keluarga. Nèk anak-anaké njenengan wis tambah gedhé, kebutuhan lan kemampuané mesthi berubah. Bahan kanggo ibadah keluarga isa disesuaikké bèn kabèh anggota keluarga isa tambah akrab karo Yéhuwah
Nggawé suasanané santai lan nyenengké. Ibadah keluargané ora kudu selalu ing omah, misalé isa ing taman pas cuacané cerah. Pas ibadah keluarga, nèk arep istirahat sedhéla ya ora apa-apa. Mémang, mbahas masalah sing lagi dialami anak-anak kuwi penting, tapi aja nganti ibadah keluarga dadi kesempatan kanggo nyenèni
Kegiatané isa ganti-ganti. Misalé, persiapan bareng kanggo pertemuan ibadah, nonton lan ngrembug vidéo saka jw.org, lan latihan nginjil. Meskipun rembugan bareng kuwi bagéan sing penting pas ibadah keluarga, tapi kadhang ibadah keluargané kuwi ya isa sinau Alkitab dhéwé-dhéwé
Rembugen pertanyaan iki:
Apa njenengan tau ngetrapké saran-saran kuwi? Critakna pengalamané njenengan.
8. Sinau Alkitab Jemaat
(30 men.) bt Bab 13 ¶8-16, kothak ing hlm. 105