PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb24 Juli hlm. 10-16
  • 5-11 Agustus

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 5-11 Agustus
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2024
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2024
mwb24 Juli hlm. 10-16

5-11 AGUSTUS

MAZMUR 70-72

Lagu 59 lan Donga | Pembuka (1 men.)

SINAU SAKA ALKITAB

1. Crita soal Kuwasané Yéhuwah karo Sing Luwih Enom

(10 men.)

Pas enom, Daud ngrasakké perlindungané Yéhuwah (Mzm 71:5; w22.01 6 ¶15)

Pas wis tuwa, Daud terus didhukung Yéhuwah (Mzm 71:9; g04-IN 8/10 23 ¶3)

Daud nyritakké pengalamané karo wong-wong sing luwih enom bèn isa nguwatké meréka (Mzm 71:​17, 18; w14-IN 15/1 23 ¶4-5)

Keluarga ing artikel ”Saran-Saran kanggo Ibadah Keluarga” sing dibahas minggu wingi. Meréka ngundang pasangan lansia ing ibadah keluarga. Meréka ngrungokké tenanan pas pasangan lansia kuwi nyritakké pengalamané lan nduduhké foto-foto.

PIKIRNA: ’Sapa ya sedulur ing jemaat sing wis suwé nglayani Yéhuwah sing arep tak wawancara pas ibadah keluarga?’

2. Wulangan Penting

(10 men.)

  • Mzm 72:8—Apa buktiné janjiné Yéhuwah karo Abraham ing Purwaning Dumadi 15:18 dadi kenyataan pas pamréntahané Raja Salomo? (it-1-IN 637 ¶7)

  • Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?

3. Maca Alkitab

(4 men.) Mzm 71:​1-24 (th Pelajaran 5)

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

4. Mulai Omong-omongan

(3 men.) ING OMAH-OMAH. Wektu sing ditemoni ngejak debat, omong-omongané ora perlu dilanjutké. Tapi kudu tetep sopan. (lmd Pelajaran 4 nomer 5)

5. Mupuk Minat

(4 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Nglanjutké omong-omongan karo anggota keluarga utawa sedulur sing ragu-ragu kanggo nampa pelajaran Alkitab. (lmd Pelajaran 8 nomer 4)

6. Njelaské Kepercayaané Njenengan

(5 men.) Ceramah. ijwfq 49—Judhul: Apa Sebabé Ajarané Seksi-Seksi Yéhuwah Ana sing Disesuaikké? (th Pelajaran 17)

URIPÉ WONG KRISTEN

Lagu 76

7. Idé kanggo Ibadah Keluarga

(15 men.) Rembugan.

Keluarga kuwi ngadeg lan latihan nyanyi lagu kanggo pertemuan ibadah.
Keluarga kuwi nonton JW Broadcasting.
Pas ibadah keluarga, anaké wédok sing gedhé latihan njawab nèk misalé ditakoni soal kepercayaané. Ibuné sing éthok-éthok nakoni.

Ibadah keluarga kuwi penting banget, soalé liwat ibadah keluarga, anak-anak isa sinau ”pathokan lan petunjuké Yéhuwah”. (Éf 6:4) Mémang sinau kuwi butuh upaya. Tapi, sinau ya isa nyenengké apamanèh nèk anak-anak wis nduwé kepénginan kanggo ngerti luwih akèh ajaran ing Alkitab. (Yoh 6:27; 1Ptr 2:2) Wong tuwa isa nyoba idé-idé ing kothak ”Idé kanggo Ibadah Keluarga” bèn isa ngajari anak-anaké tapi ibadah keluargané tetep nyenengké. Rembugen kothak kuwi singkat waé, terus takona:

  • Njenengan péngin nyoba idé sing endi?

  • Apa njenengan nduwé idé liya sing isa dicoba?

IDÉ KANGGO IBADAH KELUARGA

ALKITAB:

  • Ngrungokké rekaman audio pembacaan Alkitab saka jadwal maca Alkitab minggu kuwi, utawa wacanen ayat-ayaté gentènan. Isa dibagi sesuai karo tokoh Alkitab ing ayat-ayat kuwi

  • Nggawé pertanyaan-pertanyaan berdasarkan jadwal maca Alkitab minggu kuwi. Saben anggota keluarga dikon milih siji pertanyaan lan riset soal kuwi, terus nyritakké hasil riseté

  • Nggawé pertanyaan utawa skénario soal masalah sing isa waé dialami, terus ngrembug pathokan Alkitab sing cocog ing Tuntunan saka Alkitab

  • Meragakké kisah ing Alkitab

  • Saben minggu nggawé kartu sing isiné ayat Alkitab, misalé ayat sing ana ing Lampiran A saka brosur Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid. Apalna ayaté. Minggu-minggu berikuté isa ngéling-éling manèh ayat-ayat kuwi

  • Ngrembug sak pelajaran utawa beberapa nomer saka buku Bahagia Saklawasé

  • Anggota keluarga dikèki tugas kanggo njelaské siji artikel saka kumpulan artikel ”Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab ” utawa ”Penjelasan Ayat Alkitab”, sing ana ing bagéan AJARANÉ ALKITAB ing jw.org

PERTEMUAN IBADAH:

  • Persiapan bahan kanggo pertemuan ibadah

  • Latihan njawab lan didelok wektuné

  • Latihan nyanyi lagu kanggo pertemuan ibadah

  • Ngrembug arep nguwatké sapa ing pertemuan ibadah berikuté, terus ngomongé piyé. Bar kuwi latihan

  • Nèk ana sing éntuk tugas siswa, isa latihan ing ngarepé anggota keluarga

NGINJIL:

  • Persiapan kanggo nginjil ing omah-omah

  • Persiapan kanggo marani manèh

  • Latihan mulai omong-omongan pas ketemu sapa waé

  • Ngrembug rencana kanggo merintis utawa luwih kerep nginjil selama sasi-sasi Peringatan utawa pas prèinan

KEBUTUHANÉ KELUARGA:

  • Ngrembug masalah sing lagi diadhepi utawa sing mungkin bakal diadhepi, misalé soal hormat bendéra, bully, pacaran, utawa hari raya. Terus latihan nèk ngadhepi kuwi bakal piyé

  • Anak-anak ijolan peran karo wong tuwa. Anak-anak éthok-éthok dadi wong tuwa lan riset soal topik tertentu, terus njelaské kuwi karo wong tuwané

IDÉ LIYANÉ:

  • Nonton lan ngrembug acara JW Broadcasting®

  • Maca artikel utawa nonton vidéo saka jw.org, terus dirembug bareng

  • Ngrembug bahan saka bagéan ”Cah Enom” utawa ”Bocah-Bocah” ing bagéan AJARANÉ ALKITAB ing jw.org

  • Mbahas manèh acara pertemuan wilayah utawa gabungan wilayah

  • Ngamati utawa riset soal ciptaan, terus ngrembug apa sing isa dipelajari soal Yéhuwah saka ciptaan kuwi

  • Kadhang isa ngejak sedulur liya mèlu ibadah keluargané njenengan, terus dhèwèké diwawancara

  • Nggawé rencana bèn isa nglayani luwih akèh utawa bèn isa tambah akrab karo Yéhuwah, terus mbahas piyé carané bèn rencana kuwi tercapai

  • Nggawé miniatur misalé kapalé Nuh, utawa mempelajari péta lan tabèl sing ana ing Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar utawa bacaan liyané

Setèlen VIDÉO Piyé Bèn Ibadah Keluarga Isa Luwih Nyenengké? Terus takona:

  • Meskipun wong loro thok, kepala keluarga kudu piyé bèn bojoné isa menikmati ibadah keluarga?

8. Sinau Alkitab Jemaat

(30 men.) bt Bab 13 ¶17-24

Penutup (3 men.) | Lagu 123 lan Donga

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim