Pendapaté Wong-Wong soal Ndonga
”Wektu ndonga, aku ngrasa nèk Gusti Allah kaya ana ing sebelahku, nggandhèng lan nuntun wektu aku ngrasa bingung.”—TUTIK.a
”Bojoku mati sakwisé 13 taun kena kanker. Aku ndonga saben dina. Aku ngrasa nèk Gusti Allah ngrungokké dongaku lan bener-bener ngerti sing tak rasakké. Kuwi nggawé aku ngrasa ayem.”—BAMBANG.
”Donga kuwi hadiah sing berharga saka Gusti Allah kanggo manungsa.”—YANTO.
Tutik, Bambang, Yanto, lan wong-wong liyané nganggep nèk donga kuwi hadiah sing berharga. Wektu ndonga, wong-wong kuwi isa omong-omongan karo Gusti Allah, njaluk bantuané, lan ngucap syukur. Wong-wong kuwi percaya karo keterangan ing Alkitab iki, ”Awaké dhéwé yakin soal iki: Nèk awaké dhéwé njaluk apa waé sing sesuai karo karepé Gusti Allah, Gusti Allah ngrungokké awaké dhéwé.”—1 Yohanes 5:14.
Tapi, akèh wong ora percaya karo keterangan ing Alkitab soal ndonga. Eko nyritakké apa sing dhèwèké rasakké soal ndonga. Dhèwèké ngomong, ”Wektu aku umur 17 taun, ana telu kancaku sing mati. Siji mati merga tabrakan mobil, terus sing loro mati merga kleleb ing laut. Aku ndonga karo Gusti Allah. Aku takon ngapa aku ngalami iki kabèh, tapi aku ora éntuk jawaban. Dadi aku mikir, ’Apa gunané aku ndonga?’ ” Akèh wong ngrasa nèk dongané ora dijawab. Kuwi nggawé wong-wong mikir nèk ndonga kuwi ora ana gunané.
Ana alesan liyané ngapa wong-wong nganggep nèk ndonga kuwi ora ana gunané. Merga Gusti Allah ngerti kabèh, dadi akèh sing mikir nèk Gusti Allah ya wis ngerti kebutuhan utawa masalahé awaké dhéwé. Mula, wong-wong kuwi mikir nèk ora perlu ndonga manèh karo Gusti Allah.
Sing liyané percaya nèk Gusti Allah ora gelem ngrungokké dongané merga mbiyèn dhèwèké wis tau nggawé kesalahan. Sri ngomong, ”Aku ngrasa ora berguna merga wis nggawé akèh kesalahan. Dadi, aku ngrasa nèk Gusti Allah ora bakal ngrungokké dongaku.”
Piyé pendapaté njenengan soal ndonga? Nèk njenengan ragu kanggo ndonga, njenengan isa diyakinké liwat keterangan sing ana ing Alkitab. Keterangan ing Alkitab kuwi isa dipercaya.b Kuwi isa mbantu njenengan éntuk jawaban saka pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa Gusti Allah bener-bener ngrungokké dongané awaké dhéwé?
Ngapa kok ana donga sing ora dijawab?
Piyé carané bèn dongané awaké dhéwé dirungokké Gusti Allah?
Apa manfaaté ndonga?
a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.
b Ing Alkitab dicathet akèh dongané umaté Gusti Allah, termasuk dongané Yésus Kristus. Ana luwih saka 150 donga sing dicathet ing Kitab-Kitab Ibrani utawa Perjanjian Lawas.