”Kowé kudu nyedhak marang Gusti Allah, lan Dhèwèké bakal nyedhak marang kowé.”—Yakobus 4:8
Apa Gusti Allah Ngrungokké Dongané Awaké Dhéwé?
Apa njenengan ragu nèk Gusti Allah ngrungokké dongané njenengan? Nèk ragu, njenengan ora dhèwèkan. Akèh wong wis ndonga lan nyritakké masalahé karo Gusti Allah. Tapi, masalahé tetep isih ana. Apa kuwi berarti Gusti Allah ora ngrungokké dongané awaké dhéwé? Ora ngono. Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk Gusti Allah bakal ngrungokké nèk awaké dhéwé ndonga nganggo cara sing bener. Gatèkna keterangan ing Alkitab.
GUSTI ALLAH BENER-BENER NGRUNGOKKÉ.
”Oh Gusti Allahku, Njenengan kuwi sing ngrungokké donga. Kabèh wong bakal marani Njenengan.”—Mazmur 65:2.
Ana sing ora yakin nèk dongané dirungokké. Wong-wong kuwi ndonga mung bèn ngrasa luwih tenang. Tapi, awaké dhéwé ndonga ora mung bèn isa ngrasa luwih tenang pas ngadhepi masalah. Saka keterangan ing Alkitab, awaké dhéwé isa yakin nèk ”Yéhuwaha cedhak karo kabèh wong sing njaluk tulung marang Dhèwèké, yaiku sing tulus njaluk tulung marang Dhèwèké. . . . Dhèwèké ngrungokké dongané”.—Mazmur 145:18, 19.
Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ngrungokké dongané umaté. Dhèwèké ngomong, ”Kowé bakal njaluk tulung lan ndonga marang Aku, lan Aku bakal ngrungokké kowé.”—Yérémia 29:12.
GUSTI ALLAH PÉNGIN NJENENGAN NDONGA KARO DHÈWÈKÉ.
”Kowé kudu terus ndonga.”—Roma 12:12.
Ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé kudu ”terus ndonga” lan ’ndonga ing saben kesempatan’. Iki nduduhké nèk Gusti Allah Yéhuwah péngin awaké dhéwé ndonga karo Dhèwèké.—Matius 26:41; Éfésus 6:18.
Ngapa kok Gusti Allah péngin awaké dhéwé ndonga? Pikirna: Apa ana bapak sing ora seneng dijaluki tulung karo anaké? Bapaké mungkin wis ngerti apa sing dibutuhké lan sing dirasakké anaké. Tapi, wektu krungu langsung anaké njaluk tulung, kuwi nduduhké nèk anaké cedhak lan percaya karo bapaké. Dadi, wektu awaké dhéwé ndonga karo Yéhuwah, kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé percaya lan péngin cedhak karo Dhèwèké.—Wulang Bebasan 15:8; Yakobus 4:8.
GUSTI ALLAH BENER-BENER PERDULI KARO NJENENGAN.
”Kowé kudu masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé.”—1 Pétrus 5:7.
Gusti Allah péngin awaké dhéwé ndonga merga Dhèwèké sayang lan perduli karo awaké dhéwé. Gusti Allah ngerti kabèh masalah lan apa sing awaké dhéwé kuwatirké. Dhèwèké ya péngin mbantu awaké dhéwé.
Raja Daud kerep ndonga karo Yéhuwah kanggo nyritakké apa sing dipikirké lan sing dirasakké. Dhèwèké ya ndonga kanggo njaluk bantuané Yéhuwah. (Mazmur 23:1-6) Gusti Allah sayang karo Daud lan ngrungokké kabèh dongané. (Kisah 13:22) Merga perduli, Gusti Allah ya ngrungokké donga-dongané awaké dhéwé.
”AKU SAYANG KARO YÉHUWAH MERGA DHÈWÈKÉ NGRUNGOKKÉ AKU”
Kuwi kata-katané salah siji penulis buku Mazmur. Dhèwèké yakin nèk Gusti Allah ngrungokké dongané. Hasilé, dhèwèké dadi luwih cedhak karo Gusti Allah lan semangat wektu ngadhepi masalah.—Mazmur 116:1-9.
Awaké dhéwé péngin terus ndonga karo Gusti Allah merga yakin nèk Dhèwèké bakal ngrungokké. Gatèkna pengalamané Pedro sing manggon ing Spanyol. Anaké lanang sing umuré 19 taun mati merga kecelakaan. Wektu sedhih, Pedro ndonga karo Gusti Allah lan nyritakké kabèh sing dirasakké. Pedro terus njaluk bantuané Yéhuwah bèn kuwat ngadhepi masalah iki. Pedro ngomong, ”Yéhuwah njawab dongaku. Aku karo bojoku ngrasakké bantuané Yéhuwah liwat para sedulur seiman.”
Yéhuwah kerep njawab donga-dongané awaké dhéwé liwat kanca sing perduli
Meskipun anaké ora urip manèh, tapi ndonga bener-bener mbantu keluargané Pedro. Bojoné Pedro sing jenengé María Carmen, ngomong, ”Merga ndonga, aku isa tetep tabah. Wektu ndonga, aku ngrasa tenang lan ayem. Kuwi bukti nèk Yéhuwah ngerti apa sing tak rasakké.”
Saka Alkitab lan pengalamané wong-wong, awaké dhéwé isa ngerti nèk Gusti Allah ngrungokké donga. Tapi, ora kabèh donga dijawab karo Gusti Allah. Ngapa kok Gusti Allah ora njawab kabèh donga?
a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.—Mazmur 83:18.