PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp21 No. 1 hlm. 14-15
  • Manfaaté Donga kanggo Njenengan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Manfaaté Donga kanggo Njenengan
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Donga—Gunané kanggo Panjenengan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
  • Kaurmatan Gedhé kanggo Donga
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Ndonga karo Gusti Allah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Apa Gusti Allah Ngrungokké Dongané Awaké Dhéwé?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
wp21 No. 1 hlm. 14-15

Manfaaté Donga kanggo Njenengan

Putri lara kanker. Sakliyané berobat ing dokter, Putri ya ndonga njaluk kekuwatan bèn isa ngadhepi penyakité. Apa manfaaté donga kanggo Putri?

Putri ngomong, ”Wektu berobat, aku kerep ngrasa wedi. Tapi, wektu ndonga, aku dadi luwih tenang lan ora wedi manèh. Meskipun aku isih lara, tapi merga ndonga aku nduwé pikiran sing positif. Wektu ana sing takon kabarku, aku njawab, ’Aku isih lara. Tapi, aku tetep semangat.’”

Mémang, awaké dhéwé ora kudu ngalami masalah sing abot sik lagi ndonga. Awaké dhéwé mesthi ngadhepi masalah lan butuh bantuan kanggo ngadhepi kuwi. Apa ndonga isa mbantu awaké dhéwé?

Ing Alkitab disebutké, ”Pasrahna kuwatirmu marang Yéhuwah, lan Dhèwèké bakal ndhukung kowé. Dhèwèké ora bakal meneng waé nèk wong sing bener tiba.” (Mazmur 55:22) Kata-kata kuwi mesthi nggawé awaké dhéwé ayem. Nèk awaké dhéwé ndonga nganggo cara sing bener, Gusti Allah mesthi bakal mbantu awaké dhéwé ngadhepi masalah.​—Deloken kothak ”Manfaaté Nèk Ndonga”.

Manfaaté Nèk Ndonga

Pikiran sing tenang

Wong lanang sing di-PHK isa tetep bahagia.

’Kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah. Nèk kowé nindakké kuwi, Gusti Allah bakal mènèhi kowé rasa ayem sing ora isa dipahami manungsa. Terus, liwat Kristus Yésus, Gusti Allah bakal njaga ati lan pikiranmu.’ (Filipi 4:6, 7) Nèk nyritakké kabèh masalah sing njenengan alami karo Gusti Allah, njenengan bakal dibantu bèn tetep tenang lan isa nggawé keputusan sing apik.

Kawicaksanan saka Gusti Allah

Wong wédok sing mauné maca buku donga saiki maca Alkitab.

”Nèk ing antaramu ana sing kurang wicaksana, dhèwèké kudu terus njaluk marang Gusti Allah bèn diwènèhi kawicaksanan, merga Gusti Allah bakal murah hati wektu mènèhké kuwi lan ora nggolèk-nggolèk salahmu.” (Yakobus 1:5) Wektu lagi strès, isa waé awaké dhéwé nggawé keputusan sing ora apik. Nèk njenengan ndonga njaluk kawicaksanan, Gusti Allah isa ngélingké njenengan pathokan-pathokan ing Alkitab.

Kekuwatan lan penghiburan

Suami istri sing mau ana ing rumah sakit saiki lagi mlaku-mlaku ing taman. Suaminé nuntun istriné sing nganggo teken.

”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé, merga Gusti mènèhi aku kekuwatan.” (Filipi 4:13) Merga Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing mahakuwasa, Dhèwèké isa mbantu njenengan tetep kuwat wektu ngadhepi masalah. (Yésaya 40:29) Ing Alkitab ya disebutké nèk Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing mènèhi penghiburan” sing bakal menghibur ”wektu awaké dhéwé ngalami akèh kesusahan”.​—2 Korintus 1:3, 4.

NDONGA KARO GUSTI ALLAH

Mémang, Yéhuwah ora meksa awaké dhéwé ndonga. Tapi, Yéhuwah péngin awaké dhéwé ndonga karo Dhèwèké. (Yérémia 29:11, 12) Apa njenengan tau ngrasa nèk dongané njenengan ora dijawab? Nèk iya, aja cilik ati lan aja nyerah. Wong tuwa isa waé ora langsung mbantu anaké. Carané wong tuwa mbantu mungkin ya ora sesuai karo sing dikarepké anaké. Mungkin wong tuwané ngerti sing luwih apik kanggo anaké. Tapi sing jelas, wong tuwa mesthi péngin mbantu anaké.

Yéhuwah, Bapak sing paling apikan, ya péngin mbantu njenengan. Nèk njenengan tenanan sinau lan ngetrapké pathokan-pathokan sing dirembug ing Alkitab, Gusti Allah bakal njawab dongané njenengan lan mènèhi bantuan sesuai karo sing njenengan butuhké.​—Mazmur 34:15; Matius 7:7-11.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim