PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w21 Februari hlm. 14-19
  • Ngerti Pathokané Yéhuwah soal Wewenang ing Jemaat

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ngerti Pathokané Yéhuwah soal Wewenang ing Jemaat
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • PANDHANGAN SING BENER SOAL SEDULUR WÉDOK
  • APA KABÈH SEDULUR LANANG KUWI KEPALANÉ KABÈH SEDULUR WÉDOK?
  • WEWENANGÉ PINITUWA LAN KEPALA KELUARGA
  • NGAJÈNI YÉSUS KEPALANÉ JEMAAT
  • ”Kepalané Saben Wong Lanang Kuwi Kristus”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Ndhukung Para Sedulur Wédok ing Jemaat
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Sedulur-Sedulur Lanang, Apa Njenengan Niru Carané Yéhuwah Memperlakukan Wong Wédok?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Ngajèni Saben Umaté Yéhuwah ing Jemaat
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
w21 Februari hlm. 14-19

ARTIKEL PELAJARAN 7

Ngerti Pathokané Yéhuwah soal Wewenang ing Jemaat

”Kristus kuwi kepalané jemaat, yaiku badané, sing wis dislametké.”—ÉF. 5:23.

LAGU 137 Wong-Wong Wadon sing Dadi Tuladha

ISINÉ ARTIKEL IKIa

1. Kenapa umaté Yéhuwah isa rukun?

AWAKÉ DHÉWÉ mesthi seneng dadi umaté Yéhuwah. Umaté Yéhuwah isa rukun merga kabèh wis ngupaya manut marang wong-wong sing diwènèhi wewenang karo Yéhuwah. Nèk ngerti tenan pathokané Yéhuwah soal wewenang sing ana ing jemaat, awaké dhéwé ya bakal luwih bersatu.

2. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug pathokané Yéhuwah soal wewenang sing ana ing jemaat. Awaké dhéwé ya bakal njawab pitakonan-pitakonan iki: Piyé sedulur wédok isa ndhukung pinituwa lan sedulur liyané ing jemaat? Apa kabèh sedulur lanang kuwi kepalané kabèh sedulur wédok? Apa bédané wewenangé pinituwa lan kepala keluarga? Saiki, ayo ngrembug dhisik piyé kuduné pandhangané awaké dhéwé marang sedulur-sedulur wédok sing ana ing jemaat.

PANDHANGAN SING BENER SOAL SEDULUR WÉDOK

3. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa luwih menghargai sedulur wédok?

3 Awaké dhéwé mesthi menghargai sedulur wédok sing wis ngupaya tenanan bèn isa ngurusi keluargané, semangat nginjil, lan mbantu sedulur-sedulur ing jemaat. Awaké dhéwé isa luwih menghargai sedulur wédok nèk ngrenungké apa sing ditindakké Yéhuwah, Yésus, lan Rasul Paulus marang wong-wong wédok.

4. Apa buktiné nèk Yéhuwah ora nganggep wong wédok luwih rendah timbang wong lanang?

4 Yéhuwah ora nganggep wong wédok luwih rendah timbang wong lanang. Misalé, pas jamané para rasul, Yéhuwah mènèhi roh suciné marang kabèh muridé Yésus sing lagi ngumpul, termasuk sing wédok. Hasilé, murid-muridé Yésus wektu kuwi isa ngomong nganggo basa-basa liya. (Kis. 2:1-4, 15-18) Kabèh wong sing wis dipilih roh suci, termasuk wong-wong wédok, sukmbèn bakal mréntah bareng Yésus ing swarga. (Gal. 3:26-29) Terus, Yéhuwah ya mènèhi harapan urip saklawasé ing bumi ora mung kanggo wong lanang, ning ya kanggo wong wédok. (Why. 7:9, 10, 13-15) Sakliyané kuwi, Yéhuwah mènèhi wong lanang lan wong wédok tugas sing padha, yaiku mbantu wong liya bèn ngerti soal kabar apik. (Mat. 28:19, 20) Misalé, buku Kisah nyritakké soal sedulur wédok sing jenengé Priskila. Dhèwèké lan bojoné, yaiku Akuila, mbantu Apolos sing wis trampil mulang bèn isa luwih paham isiné Kitab Suci.​—Kis. 18:24-26.

5. Nurut Lukas 10:38, 39, lan 42, piyé sikapé Yésus marang wong wédok?

5 Yésus ora ngrèmèhké wong wédok. Pas jamané Yésus, wong Farisi seneng ngrèmèhké wong wédok. Pas ing ngarepé wong akèh, wong Farisi ora gelem omong-omongan utawa ngrembug Kitab Suci karo wong wédok. Ning, Yésus ora ngono. Yésus malah seneng nèk wong wédok isa mèlu rembugan soal Kitab Suci bareng karo dhèwèké lan murid-murid liyané.b (Wacanen Lukas 10:38, 39, 42.) Yésus ya ora keberatan wektu ana wong-wong wédok sing ngancani dhèwèké pas nginjil. (Luk. 8:1-3) Sakliyané kuwi, Yésus mènèhi wong-wong wédok tugas istiméwa kanggo ngandhani para rasulé nèk dhèwèké wis diuripké manèh.​—Yoh. 20:16-18.

6. Apa buktiné nèk Rasul Paulus menghargai wong wédok?

6 Rasul Paulus nduduhké nèk dhèwèké menghargai wong wédok. Misalé, dhèwèké ngandhani Timotius bèn menghargai wong wédok. Paulus kandha, ”Wektu ngomong karo wong wédok sing luwih tuwa, kowé kudu apikan kaya nèk kowé ngomong karo ibumu. Wektu ngomong karo wong wédok sing luwih enom, kowé ya kudu apikan kaya nèk kowé ngomong karo adhimu.” (1 Tim. 5:1, 2) Pancèn, sing mbantu Timotius bèn nduwé iman sing kuwat kuwi Paulus. Ning, Paulus ya ngerti nèk sakjané sing mulang Timotius kèt cilik bèn ngerti isiné Kitab Suci kuwi ibuné lan mbahé Timotius. (2 Tim. 1:5; 3:14, 15) Terus, pas nulis surat kanggo jemaat ing Roma, Paulus nyebutké jenengé sedulur-sedulur wédok lan titip salam kanggo sedulur-sedulur wédok kuwi. Saka kata-katané, Paulus nduduhké nèk dhèwèké menghargai sedulur-sedulur wédok kuwi sing wis kerja keras kanggo ndhukung gawéan nginjil.​—Rm. 16:1-4, 6, 12; Flp. 4:3.

7. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug?

7 Saka ayat-ayat sing wis dirembug mau, awaké dhéwé ngerti nèk sedulur wédok ora dianggep luwih rendah timbang sedulur lanang. Sedulur-sedulur wédok sing apikan kuwi berharga banget kanggo jemaat. Para pinituwa ya butuh dhukungané sedulur-sedulur wédok bèn jemaat isa rukun lan bersatu. Ning, mungkin ana sing mikir: Kenapa kok kadhang sedulur wédok kudu nganggo kudhung? Sing dilantik dadi pinituwa lan abdiné jemaat kuwi kan sedulur lanang, apa kuwi berarti kabèh sedulur lanang kuwi kepalané kabèh sedulur wédok? Ayo ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi.

APA KABÈH SEDULUR LANANG KUWI KEPALANÉ KABÈH SEDULUR WÉDOK?

Yésus sing wis dadi raja lungguh ing takhtané lan kemuliaané Yéhuwah bersinar. Ing ngisoré ana gambar sedulur-sedulur sing lagi berhimpun, kepala keluarga sing lagi Ibadah Keluarga bareng karo anak lan bojoné, lan sedulur wédok sing lagi sinau Alkitab pribadi. Gambar-gambar kuwi dirembug ing paragraf 8 lan 11-14.

8. Nurut Éfésus 5:23, apa kabèh sedulur lanang kuwi kepalané kabèh sedulur wédok? Jelasna.

8 Jawabané ora. Sing dadi kepalané sedulur-sedulur wédok ing jemaat kuwi Yésus, dudu sedulur lanang. (Wacanen Éfésus 5:23.) Sakliyané kuwi, nèk ing keluarga, sing dadi kepala kanggo istri kuwi suami, lan nèk ana anak lanang sing wis dibaptis, dhèwèké ora dadi kepala kanggo ibuné. (Éf. 6:1, 2) Ing jemaat, wewenangé para pinituwa ya terbatas. (1 Tés. 5:12; Ibr. 13:17) Terus, piyé nèk ana sedulur wédok sing durung nikah, ning wis ora manggon sak omah manèh karo wong tuwané? Bapaké wis ora dadi kepalané manèh, lan kaya sedulur-sedulur lanang liyané, sing dadi kepalané sedulur wédok kuwi Yésus. Senajan ngono, dhèwèké bakal tetep ngajèni wong tuwané lan para pinituwa ing jemaat.

Sedulur wédok sing lagi sinau Alkitab pribadi.

Nèk ana sedulur sing durung nikah ning wis ora manggon sak omah manèh karo wong tuwané, sing dadi kepalané sedulur kuwi Yésus (Deloken paragraf 8)

9. Kenapa kadhang sedulur wédok kudu nganggo kudhung?

9 Yéhuwah wis milih Yésus dadi kepalané wong lanang bèn kabèh isa teratur. Yéhuwah ya wis milih sedulur-sedulur lanang bèn mulang lan mimpin ibadah ing jemaat bèn jemaat isa teratur. (1 Tim. 2:12) Senajan sakjané sedulur wédok ora éntuk mulang ing jemaat, ning ana keadaan sing nggawé sedulur wédok kudu nindakké tugasé sedulur lanang. Nèk kuwi kelakon, Yéhuwah péngin sedulur wédok kuwi nganggo kudhung.c (1 Kor. 11:4-7) Yéhuwah mènèhi préntah kuwi dudu merga péngin ngrèmèhké sedulur-sedulur wédok, ning merga Yéhuwah péngin sedulur-sedulur wédok isa nduduhké nèk ngajèni wong-wong sing wis diwènèhi wewenang. Saiki, ayo dirembug apa bédané wewenangé pinituwa lan kepala keluarga.

Kapan Sedulur Wédok Kudu Nganggo Kudhung?

Sedulur wédok sing lagi mandhu pakumpulan sakdurungé nginjil. Sedulur kuwi lagi lungguh lan nggunakké kudhung.

Bèn sedulur wédok ngerti kapan kuduné nganggo kudhung, dhèwèké isa mikirké pitakonan-pitakonan iki:

  1. 1. Apa dhèwèké kudu mimpin donga utawa mulang Alkitab pas ana sedulur lanang sing wis dibaptis?​—1 Kor. 11:4, 5.

  2. 2. Senajan ora ana wong lanang sing wis dibaptis, apa tugas kuwi biasané ditindakké karo sedulur lanang sing wis dibaptis?​—1 Tim. 2:11, 12; Ibr. 13:17.

  3. 3. Nèk sedulur wédok kuwi wis nikah, apa bojoné isa krungu utawa ndelok sedulur wédok kuwi pas sedulur wédok kuwi mimpin donga utawa mulang Alkitab?​—1 Kor. 11:3.

Nèk jawabané iya, sedulur wédok kuwi kudu nganggo kudhung. Nèk jawabané ora, dhèwèké ora perlu nganggo kudhung.e

WEWENANGÉ PINITUWA LAN KEPALA KELUARGA

10. Kenapa ana pinituwa sing péngin nggawé aturan kanggo para sedulur?

10 Para pinituwa nresnani Yésus lan nresnani domba-dombané Yéhuwah. (Yoh. 21:15-17) Merga perduli karo sedulur-sedulur, ana pinituwa sing mikir nèk dhèwèké kudu dadi kaya bapak kanggo para sedulur. Dhèwèké mungkin mikir nèk kepala keluarga waé isa nggawé aturan kanggo nglindhungi keluargané, dhèwèké ya isa nggawé aturan kanggo nglindhungi sedulur-sedulur. Sakliyané kuwi, ana sedulur-sedulur sing nggawé para pinituwa dadi kaya bapak merga njaluk para pinituwa kuwi nggawé keputusan kanggo dhèwèké utawa keluargané. Ning, apa pancèn para pinituwa lan kepala keluarga nduwé wewenang sing padha?

Pinituwa sing lagi nyampèkké ceramah ing perhimpunan.

Para pinituwa kudu mbantu para sedulur bèn nduwé iman sing kuwat lan ngrasa disayangi. Nèk ana sedulur sing nindakké dosa sing gedhé lan ora mertobat, para pinituwa ya kudu ngetokké sedulur kuwi saka jemaat (Deloken paragraf 11-12)

11. Apa buktiné wewenang lan tugasé pinituwa lan kepala keluarga kuwi mèh padha?

11 Rasul Paulus nduduhké nèk wewenang lan tugasé pinituwa lan kepala keluarga kuwi mèh padha. (1 Tim. 3:4, 5) Misalé, Yéhuwah péngin anggota jemaat manut karo pinituwa, lan anggota keluarga manut karo kepala keluargané. (Kol. 3:20) Terus, Yéhuwah péngin para pinituwa mbantu para sedulur bèn nduwé iman sing kuwat, ngrasa disayangi, lan isa ngetrapké pathokané Alkitab. Yéhuwah ya péngin kepala keluarga kaya ngono karo keluargané. Kaya kepala keluarga sing siap mbantu keluargané pas ngadhepi masalah, para pinituwa kudu siap mbantu para sedulur sing nduwé masalah. (Yak. 2:15-17) Sakliyané kuwi, Yéhuwah ora seneng nèk pinituwa lan kepala keluarga ”ngluwihi apa sing wis ditulis ing Kitab Suci”.​—1 Kor. 4:6.

Sedulur lanang sing lagi mimpin Ibadah Keluarga.

Yéhuwah mènèhi wewenang marang kepala keluarga kanggo nggawé aturan. Suami sing apik bakal rembugan dhisik karo bojoné sakdurungé nggawé keputusan (Deloken paragraf 13)

12-13. Nurut Roma 7:2, apa bédané wewenangé kepala keluarga lan pinituwa?

12 Senajan mèh padha, ning tugasé para pinituwa lan kepala keluarga kuwi béda. Misalé, Yéhuwah mènèhi wewenang marang para pinituwa bèn ngadili sedulur sing nindakké dosa sing gedhé. Nèk sedulur kuwi ora mertobat, para pinituwa ya kudu ngetokké sedulur kuwi saka jemaat. Yéhuwah ora mènèhi wewenang kuwi marang kepala keluarga.​—1 Kor. 5:11-13.

13 Ning, ana wewenang sing diwènèhké marang kepala keluarga lan wewenang kuwi ora diwènèhké marang para pinituwa. Misalé, Yéhuwah mènèhi wewenang marang kepala keluarga kanggo nggawé aturan lan mastèkké bèn aturan kuwi ditindakké. (Wacanen Roma 7:2.) Contoné, kepala keluarga nduwé wewenang kanggo nggawé aturan jam pira anak-anaké kudu tekan omah. Kepala keluarga ya nduwé wewenang kanggo ngukum anak-anaké nèk ora manut aturan kuwi. (Éf. 6:1) Ning mesthiné, kepala keluarga ngrembug dhisik karo bojoné sakdurungé nggawé aturan ing omah merga dhèwèké lan bojoné kuwi wis dadi ”siji”.d—Mat. 19:6.

NGAJÈNI YÉSUS KEPALANÉ JEMAAT

Yésus sing wis dadi raja lungguh ing takhtané lan kemuliaané Yéhuwah bersinar.

Yéhuwah mènèhi Yésus wewenang dadi kepalané jemaat (Deloken paragraf 14)

14. (a) Kaya sing disebutké ing Markus 10:45, kenapa Yésus pantes dadi kepalané jemaat? (b) Apa tugasé Pengurus Pusat? (Deloken kothak ”Tugasé Pengurus Pusat”.)

14 Liwat tebusan, Yéhuwah wis nylametké uripé manungsa, termasuk para sedulur ing jemaat lan wong-wong liyané sing nduduhké iman marang Yésus. (Wacanen Markus 10:45; Kis. 20:28; 1 Kor. 15:21, 22) Yésus ya pantes dadi kepalané jemaat merga dhèwèké wis gelem ngorbanké uripé dadi tebusan. Merga dadi kepalané jemaat, Yésus isa nggawé aturan kanggo awaké dhéwé, keluarga-keluarga, lan sedulur-sedulur ing jemaat, lan mastèkké bèn aturan kuwi ditindakké. (Gal. 6:2) Ning, Yésus kuwi dudu kepala sing senengé mung nggawé aturan. Yésus ya nresnani lan nggatèkké awaké dhéwé.—Éf. 5:29.

Tugasé Pengurus Pusat

Anggota Pengurus Pusat sing lagi rapat.

Pengurus Pusat kuwi dudu majikan sing ngatur-ngatur imané sedulur-sedulur. (2 Kor. 1:24) Pengurus Pusat ngerti nèk kepalané jemaat kuwi Yésus. Kaya kandhané Yésus, Pengurus Pusat ya nganggep nèk kabèh muridé Yésus ”kuwi sedulur”. (Mat. 23:8) Pengurus Pusat nresnani sedulur-sedulur lan nggatèkké kebutuhané umaté Yéhuwah. Pas mènèhi arahan kanggo organisasiné Yéhuwah, Pengurus Pusat manut karo arahané Yésus. Pengurus Pusat nglantik anggota Panitia Cabang lan pinituwa wilayah, terus pinituwa wilayah nglantik para pinituwa ing jemaat. (Éf. 4:7-13; Kis. 14:23; Tit. 1:5) Pengurus Pusat ngupaya tenanan bèn isa nyedhiakké katrangan-katrangan sing isa mbantu para sedulur bèn nduwé iman sing kuwat lan arahan-arahan liyané sing dhasaré saka Alkitab. Kabèh kuwi diwènèhké liwat surat, bacaan, acara JW Broadcasting®, sekolah-sekolah sing dianakké organisasi, perhimpunan, lan kebaktian. (Kis. 15:22-35) Pengurus Pusat bener-bener nresnani para sedulur. Mula, pas ana bencana alam utawa masalah-masalah liyané sing kelakon ing salah siji dhaérah, Pengurus Pusat bakal langsung ngubungi Panitia Cabang sing ngawasi dhaérah kuwi bèn sedulur-sedulur sing ana ing kono isa éntuk bantuan sing dibutuhké.f

15-16. Saka komentaré Marley lan Benjamin, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

15 Sedulur-sedulur wédok isa nduduhké nèk ngajèni Yésus nèk manut karo arahané para pinituwa. Sedulur wédok saka Amerika Serikat sing jenengé Marley kandha, ”Aku ora nganggep nèk tugasku dadi istri lan sedulur wédok ing jemaat kuwi nggawé aku dadi kurang penting. Kadhang, aku pancèn ngrasa angèl ngajèni sedulur-sedulur sing nduwé wewenang, termasuk bojoku lan para pinituwa. Ning kuwi dadi luwih gampang, merga aku isa ngrasakké nèk bojoku lan para pinituwa menghargai aku.” Sedulur-sedulur wédok mesthi ya setuju karo pendapaté Sedulur Marley.

16 Sedulur lanang sing ngerti tenan pathokané Yéhuwah soal wewenang bakal menghargai sedulur-sedulur wédok. Sedulur Benjamin saka Inggris kandha, ”Aku éntuk akèh manfaat saka komentaré sedulur-sedulur wédok pas ing perhimpunan. Sedulur-sedulur wédok kuwi ya mènèhi saran-saran sing apik sing isa ditrapké pas sinau Alkitab utawa pas nginjil. Sedulur-sedulur liyané mesthi ya éntuk manfaat saka kerja kerasé sedulur-sedulur wédok kuwi.”

17. Kenapa awaké dhéwé kudu manut karo pathokané Yéhuwah soal wewenang?

17 Nèk kabèh sedulur lanang, sedulur wédok, kepala keluarga, lan para pinituwa ing jemaat ngerti lan manut karo pathokané Yéhuwah soal wewenang, jemaat bakal rukun. Sing paling penting, awaké dhéwé bakal ngluhurké jenengé Yéhuwah.​—Mzm. 150:6.

APA JAWABANÉ?

  • Piyé kuduné pandhangané awaké dhéwé marang sedulur-sedulur wédok?

  • Apa kabèh sedulur lanang kuwi kepalané kabèh sedulur wédok? Jelasna.

  • Apa bédané wewenangé kepala keluarga lan para pinituwa?

LAGU 123 Setya Manut marang Gusti

a Piyé sedulur wédok isa ndhukung pinituwa lan sedulur liyané ing jemaat? Apa kabèh sedulur lanang kuwi kepalané kabèh sedulur wédok? Apa bédané wewenangé pinituwa lan kepala keluarga? Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug pathokané Alkitab sing isa njawab pitakonan-pitakonan kuwi.

b Deloken paragraf 6 saka artikel ”Ndhukung Para Sedulur Wédok ing Jemaat” ing Warta Penting September 2020.

c Deloken kothak ”Kapan Sedulur Wédok Kudu Nganggo Kudhung?”

d Bèn isa ngerti sapa sing kuduné mutuské kanggo keluarga arep nggabung jemaat endi, deloken paragraf 17-19 saka artikel ”Ngajèni Saben Umaté Yéhuwah ing Jemaat” ing Warta Penting Agustus 2020.

e Bèn isa ngerti luwih akèh soal iki, deloken buku ”Tetaplah Berada Dalam Kasih Allah” halaman 209-212.

f Bèn isa ngerti luwih akèh soal tugasé Pengurus Pusat, deloken Menara Pengawal 15 Juli 2013 halaman 20-25.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim