PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w21 Juli hlm. 26-28
  • Uripku Bahagia Merga Nglayani Yéhuwah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Uripku Bahagia Merga Nglayani Yéhuwah
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Subjudhul
  • PINDHAH ING AFRIKA SELATAN
  • NIKAH LAN ÉNTUK TUGAS ANYAR
  • BALIK ING BÈTEL
  • DITUGASKÉ ING PERCÉTAKAN MANÈH
  • ÉNTUK TUGAS ANYAR MANÈH
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
w21 Juli hlm. 26-28
John lan Laura Kikot.

PENGALAMAN

Uripku Bahagia Merga Nglayani Yéhuwah

DICRITAKKÉ KARO JOHN KIKOT

AKU mulai nglayani ing Bètel Kanada taun 1958. Wektu kuwi umurku isih 18 taun. Tugas pertamaku nyapu panggonan sing dienggo nyétak majalahé organisasi. Ora suwé sakwisé kuwi, tugasku ganti. Aku dikon ngratakké pinggirané majalah sing bar dicétak nggunakké mesin potong. Aku seneng banget isa nglayani ing Bètel.

Taun 1959, sedulur-sedulur sing nglayani ing Bètel Kanada dikandhani nèk kantor cabang Afrika Selatan butuh bantuan merga ing kono bakal ana mesin cétak sing anyar. Aku langsung ndaftar, lan seneng banget pas akhiré kepilih. Sakliyané aku, ana sedulur-sedulur liyané sing kepilih yaiku, Dennis Leech, Bill McLellan, karo Ken Nordin. Aku karo sedulur-sedulur kuwi dikandhani nèk bakal suwé nglayani ing kono.

Aku nélpon ibuku lan kandha nèk bakal ditugaské ing Afrika Selatan. Wektu kuwi, ibuku ora akèh ngomong. Ibuku kuwi percaya banget karo Yéhuwah. Dadi, meskipun ora akèh omong, tapi aku ngerti nèk ibuku ndhukung keputusanku. Wong tuwaku mémang sedhih merga aku bakal adoh saka meréka. Tapi meréka ora keberatan.

PINDHAH ING AFRIKA SELATAN

Taun 1959, pas numpak sepur saka Cape Town ing Johannesburg karo Dennis Leech, Ken Nordin, lan Bill McLellan

Taun 2019, pas aku, Dennis, Ken, karo Bill ketemu manèh ing kantor cabang Afrika Selatan

Sakdurungé mangkat ing Afrika Selatan, kami dilatih sik carané nggunakké mesin cétak ing Bètel Brooklyn nganti telung sasi. Bar kuwi, kami mangkat ing Cape Town, Afrika Selatan numpak kapal. Saka Cape Town, kami numpak sepur ing Johannesburg. Sepuré kan mangkaté bengi. Dadi pas ésuk-ésuk sepuré mandheg sedhéla ing Karoo, kami kagèt banget pas ndelok jendhéla. Jebulé dhaérahé panas lan tandhus. Kami dadi kuwatir mengko bakal piyé. Apa manèh pas kuwi umurku isih 20 taun. Tapi belakangan pas kami mréné manèh, kami lagi sadhar nèk nglayani ing Afrika Selatan kuwi jebulé nyenengké merga wong-wongé apikan.

Selama bertahun-tahun, tugasku kuwi nggawé huruf nganggo mesin Linotype sing mengkoné dienggo nyétak majalah Warta Penting lan Gatèkna! Kantor Cabang ora mung nyétak majalah ing basa-basa sing digunakké ing Afrika Selatan thok, ning ya ing negara-negara liyané ing Afrika. Kami seneng banget merga mesin cétak sing dikirim saka Kanada isa bermanfaat kanggo sedulur-sedulur ing Afrika.

Sakwisé kuwi, aku ditugaské ing Kantor Percétakan sing ngurusi percétakan, pengiriman, lan terjemahan. Pancèn aku sibuk banget, ning aku bahagia.

NIKAH LAN ÉNTUK TUGAS ANYAR

Taun 1968, pas aku karo Laura ditugaské dadi perintis istiméwa

Wektu kuwi, ana sedulur wédok sing omahé cedhak Bètel. Jenengé Laura Bowen. Dhèwèké kuwi perintis sing mbantu ngetik ing Departemèn Terjemahan. Taun 1968, aku nikah karo dhèwèké. Pas kuwi, wong sing lagi waé nikah ora isa nglayani ing Bètel. Dadi, kantor cabang nugaské aku karo Laura dadi perintis istiméwa. Nèk saben sasi jumlahé jam dinas, sing diparani manèh, lan majalah sing dibagèkké sesuai karo sing dijaluk kantor cabang, kami isa éntuk dhuwit penggantian ongkos. Tapi, jumlahé ya ora akèh. Dhuwit kuwi bakal kami gunakké kanggo mbayar kontrakan, tuku panganan lan bènsin, berobat, lan liya-liyané. Kuwi béda banget karo ing Bètel merga nèk ing Bètel kabèh wis disedhiakké. Mula, aku karo Laura dadi kuwatir.

Aku karo Laura ditugaské ing cedhaké Durban, kutha sing cedhak karo Samudra Hindia. Pas akhir taun 1800-an, akèh wong India sing kerja ing pabrik gula sing ana ing kono. Mula, saiki ing kono ana akèh wong India. Aku dadi isa ngerti kebudayaané wong India kuwi kaya piyé. Aku ya seneng isa ngrasakké masakané wong India sing énak-énak, misalé kari. Wong India kuwi ya isa ngomong nganggo basa Inggris. Dadi, aku karo Laura ya luwih gampang nèk arep nginjil ing kono.

Merga perintis istiméwa kudu nginjil 150 jam saben sasi, aku karo Laura nggawé rencana paling ora kudu nginjil enem jam saben dina. Tapi, ing kono kuwi hawané panas banget. Terus, aku ya isané mung nginjil thok, merga durung ana sing isa tak parani manèh utawa sinau Alkitab karo aku. Pas dina pertama nginjil, rasané kesel banget padahal nginjilé lagi waé 40 menit. Aku karo Laura dadi kurang semangat.

Tapi, kami ora nyerah. Kami cepet-cepet nggawé penyesuaian. Misalé sakdurungé mangkat nginjil, kami nyiapké roti lan kopi kanggo sangu. Terus nèk kami kesel, VW-ku tak parkir ing ngisor wit, lan kami istirahat ing kono. Kadhang, ana bocah-bocah India sing terus ndeloki kami merga penasaran. Pancèn, awal-awal rasané abot. Tapi, suwé-suwé kami terbiasa lan isa menikmati nginjil ing kono.

Aku seneng banget isa martakké kabar apik karo wong-wong India. Wong-wong India kuwi ramah, apikan, lan sregep ngibadah. Akèh wong Hindu sing akhiré gelem sinau Alkitab karo kami. Wong-wong kuwi seneng merga isa sinau luwih akèh soal Yéhuwah, Yésus, Alkitab, donya anyar, lan harapan kanggo wong mati. Sakwisé setaun, ana 20 sing sinau Alkitab karo kami. Terus, saben dina ya ana sing ngejak kami mangan awan ing omahé sakwisé sinau Alkitab. Kuwi nyenengké banget.

Ora suwé sakwisé kuwi, aku éntuk tugas dadi pinituwa wilayah. Wilayah sing kudu tak kunjungi kuwi dhaérah-dhaérah ing cedhaké Samudra Hindia. Saben minggu, kami nginep ing omahé salah siji sedulur. Kami ya nginjil bareng karo sedulur-sedulur ing kono bèn isa nguwatké meréka. Pas nginep ing omahé sedulur-sedulur kuwi, kami kerep dolanan karo anak-anaké utawa héwan piaraané. Sedulur-sedulur kuwi wis tak anggep kaya keluargaku dhéwé. Ora krasa wis rong taun aku nglayani dadi pinituwa wilayah. Terus, aku éntuk télpon saka kantor cabang. Aku dikandhani nèk aku ditugaské manèh ing Bètel. Aku ngomong nèk kami wis kadhung menikmati nglayani ing kéné. Tapi, kami tetep gelem ditugaské manèh ing Bètel.

BALIK ING BÈTEL

Sakwisé balik ing Bètel, aku ditugaské ing Departemèn Dinas. Aku seneng banget merga isa kerja sama karo sedulur-sedulur sing wis pengalaman. Wektu kuwi, pinituwa wilayah sing bar ngunjungi salah siji jemaat bakal ngirim laporan ing kantor cabang. Terus, Departemèn Dinas bakal ngirim surat kanggo jemaat sing bar dikunjungi mau bèn isa nyemangati lan mènèhi arahan sing dibutuhké. Departemèn Dinas nduwé sekretaris sing tugasé nerjemahké surat-surat saka basa Xhosa, Zulu, lan basa-basa Afrika liyané ing basa Inggris utawa saka basa Inggris ing basa-basa kuwi. Aku menghargai banget kerja kerasé sedulur-sedulur kuwi. Saka meréka, aku dadi ngerti masalah apa waé sing diadhepi sedulur-sedulur kulit ireng ing kono.

Wektu kuwi, pamréntah Afrika Selatan nglarang wong-wong sing béda warna kulité manggon ing dhaérah sing padha. Merga ana aturan kuwi, sedulur-sedulur sing kulité ireng ora isa bergaul, ngibadah, lan nginjil bareng karo sedulur-sedulur sing warna kulité béda.

Merga pas dadi perintis istiméwa lan pinituwa wilayah aku ditugaské ing dhaérah sing nggunakké basa Inggris, mula aku dadi jarang bergaul karo sedulur-sedulur sing kulit ireng. Tapi, saiki aku isa ngerti kebudayaan lan kebiasaané wong Afrika sing kulit ireng. Aku ya dadi ngerti nèk sedulur-sedulur sing kulit ireng ngadhepi akèh masalah merga ora gelem mèlu-mèlu kebiasaan lan ajaran agama sing ora sesuai karo Alkitab. Misalé, ana sing nganti dibenci karo keluarga lan tangga-tanggané merga ora gelem mèlu-mèlu tradhisi sing ana hubungané karo arwahé wong mati. Tapi, sedulur-sedulur kuwi tetep kendel. Ing dhaérah pedésaan, akèh sedulur sing miskin lan ora sekolah. Tapi, sedulur-sedulur kuwi tetep seneng lan semangat sinau Alkitab.

Wektu kuwi, ana anak-anaké sedulur-sedulur sing ditokké saka sekolah merga ora gelem mèlu ndonga lan nyanyi lagu-lagu agama. Aku seneng isa mbantu sedulur-sedulur pas masalah kuwi akhiré digawa tekan pengadilan. Imané bocah-bocah kuwi bener-bener nguwatké aku.

Sedulur-sedulur ing Swaziland ya ngalami masalah sing abot. Pas Raja Sobhuza mati, kabèh wong lanang ing Swaziland dikongkon nggundhul sirahé lan sing wédok dipotong pèndèk rambuté. Wong-wong ing kono percaya nèk kuwi isa nggawé arwahé wong sing wis mati kuwi tenang. Merga ora gelem mèlu-mèlu tradhisi kuwi, sedulur-sedulur ing kono akhiré dianiaya. Tapi, kami seneng banget merga sedulur-sedulur kuwi tetep setya karo Yéhuwah. Sedulur-sedulur sing kulité ireng kuwi dadi conto sing apik merga tetep setya lan sabar. Kuwi nggawé imané kami dadi saya kuwat.

DITUGASKÉ ING PERCÉTAKAN MANÈH

Pas taun 1981, aku ditugaské manèh ing bagéan percétakan. Aku seneng banget merga carané nyétak bacaan wektu kuwi wis berubah lan mulai nggunakké komputer. Wong-wong ya wis mulai jarang nggunakké mesin Linotype merga ana mesin sing luwih canggih. Ana perusahaan sing dodol mesin kuwi sing nawani kantor cabang bèn nyoba nggunakké mesin sing anyar, lan kantor cabang ya ora perlu mbayar sik. Merga mesiné luwih canggih, akhiré kantor cabang tuku lima mesin kuwi kanggo nggantèni sanga mesin Linotype sing biasané dienggo kantor cabang. Hasilé, nyétaké majalah isa luwih akèh lan luwih cepet.

Merga tèknologi saya canggih, organisasi isa nggawé program komputer sing disebut MEPS. Liwat program kuwi, majalah-majalah sing arep dicétak isa didelok sik hasilé ing layar komputer. Iki béda banget karo pas pertama kali aku teka ing Afrika Selatan. (Yés. 60:17) Bill, Ken, lan Dennis ya wis padha nikah, lan bojoné meréka ya perintis. Tapi, sing isih nglayani ing Bètel mung aku karo Bill thok.

Gawéan ing kantor cabang dadi saya akèh merga bacaané awaké dhéwé kudu diterjemahké lan dicétak ing akèh basa. Terus, kuwi ya kudu dikirim ing kantor-kantor cabang liyané. Mula, butuh bangunan sing luwih gedhé. Sedulur-sedulur mbangun kantor cabang sing anyar ing Johannesburg sisih kulon, lan kuwi diresmèkké taun 1987. Aku seneng banget merga isa mèlu mbantu gawéan ing kéné lan nglayani dadi Panitia Cabang Afrika Selatan nganti beberapa taun.

ÉNTUK TUGAS ANYAR MANÈH

Taun 2001, aku diundang nglayani dadi salah siji anggota Panitia Cabang Amerika Serikat sing lagi waé dibentuk. Kami kagèt banget nampa tugas kuwi. Sakjané, aku karo Laura ya sedhih merga kudu ninggalké tugas lan kanca-kanca ing Afrika Selatan. Tapi, kami ya seneng merga isa éntuk tugas sing anyar.

Sakjané, kami kuwatir merga ibuné Laura wis tuwa. Nèk kami ing New York, mengko nèk ana apa-apa kami ora isa mbantu. Untungé, adhi-adhiné Laura gelem ngrawat ibuné. Meréka ngomong, ”Kami mémang ora isa merintis. Dadi, kami waé sing ngrawat Ibu bèn kowé tetep isa nglayani ing Bètel.” Aku karo Laura bener-bener bersyukur merga adhi-adhiné Laura gelem ndhukung kami.

Merga bapakku wis mati, ibuku manggon karo masku ing Toronto, Kanada, kèt taun 1981. Aku bersyukur banget merga masku lan bojoné gelem ngopèni ibuku. Tapi, ibuku mati ora suwé sakwisé aku pindhah ing New York. Aku ngerti nèk ngrawat wong tuwa kuwi ora gampang. Mula, aku menghargai banget upayané masku karo bojoné kuwi.

Pas ing Bètel Amerika Serikat, aku mbantu ing bagéan percétakan. Merga tèknologi semakin canggih, nyétaké majalah ya dadi luwih cepet lan luwih gampang. Sakwisé beberapa taun nglayani ing kono, aku ditugaské ing Departemèn Pembelian. Saiki wis 20 taun aku nglayani ing kéné. Ing Bètel Amerika Serikat, ana 5.000 anggota Bètel lan 2.000 sedulur liyané sing mbantu. Aku seneng banget isa nglayani bareng karo sedulur-sedulur kuwi.

Ora krasa wis 60 taun aku dadi pelayan sepenuh-waktu. Aku seneng merga Laura terus ndhukung aku. Saiki, umurku wis 80 taun. Tugas-tugasku ya wis dikurangi, merga akèh cah enom sing nglayani ing kéné. Tapi aku bahagia merga wis diwènèhi tugas sing béda-béda. Aku ya seneng isa nglayani bareng sedulur-sedulur saka kantor cabang liyané.

Sing nulis Mazmur ngomong, ”Bangsa sing Gusti Allahé yaiku Yéhuwah mesthi bahagia.” (Mzm. 33:12) Aku isa ngrasakké nèk omongané sing nulis Mazmur kuwi pancèn bener. Aku ya bersyukur isa nglayani Yéhuwah bareng karo umaté sing bahagia.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim