Pitakonané Sing Maca
Kenapa ing 2 Samuèl 21:7-9 disebutké nèk Daud ”mesakké marang Méfibosyèt” tapi nyerahké Méfibosyèt bèn dipatèni?
Nèk mung diwaca sekilas, kétoké kisah kuwi mbingungké. Ning sakjané, ing ayat-ayat kuwi ana wong loro sing jenengé padha-padha Méfibosyèt. Ayo nggatèkké apa buktiné lan apa sing isa dipelajari saka kisah kuwi.
Raja Saul nduwé anak lanang pitu lan anak wédok loro. Anaké lanang Saul sing pertama kuwi Yonatan. Yonatan nduwé anak lanang sing jenengé Méfibosyèt. Tapi, Saul ya nduwé anak lanang sing jenengé Méfibosyèt saka seliré sing jenengé Rizpa. Dadi, Raja Saul nduwé anak lanang lan putu sing jenengé padha-padha Méfibosyèt.
Pas isih dadi raja, Saul ora seneng karo wong Gibéon lan akèh wong Gibéon sing dipatèni karo Saul. Padahal pas jamané Yosua, para pemimpin Israèl janji nèk ora bakal matèni wong Gibéon.—Yos. 9:3-27.
Apa akibaté? Merga matèni wong Gibéon, ”Saul lan keluargané dianggep salah”. (2 Sam. 21:1) Sakwisé Saul mati, Daud nggantèni Saul dadi raja. Wong Gibéon sing isih urip nemoni Daud lan kandha nèk Saul wis nglanggar janjiné wong Israèl karo wong Gibéon. Terus, Daud takon piyé carané nebus kesalahan kuwi bèn wong Gibéon gelem mberkahi umaté Yéhuwah. Wong Gibéon kandha nèk masalah kuwi ora isa dirampungi nganggo dhuwit. Merga Saul wis ”nggawé rencana” matèni wong Gibéon, mula wong Gibéon njaluk wong lanang pitu saka keturunané Saul diserahké bèn isa dipatèni. (Wi. 35:30, 31) Raja Daud gelem nuruti wong-wong kuwi.—2 Sam. 21:2-6.
Pas kuwi, Saul karo Yonatan wis mati merga perang nglawan wong Filistin. Tapi, anaké Yonatan sing jenengé Méfibosyèt isih urip. Dhèwèké cacad merga tau tiba pas cilik. Méfibosyèt mesthiné ya ora ngerti apa-apa soal rencanané Saul sing arep matèni wong Gibéon. Terus, Daud ya tau janji karo Yonatan nèk bakal apikan karo keturunané Yonatan. (1 Sam. 18:1; 20:42) Mula, ”Raja [Daud] mesakké marang Méfibosyèt anaké Yonatan, putuné Saul, merga sumpah sing wis diucapké Daud lan Yonatan anaké Saul ing ngarepé Yéhuwah”.—2 Sam. 21:7.
Kaya sing wis disebutké mau, Daud gelem nuruti wong Gibéon. Dhèwèké nyerahké loro anaké lanang Saul lan lima putu lanangé Saul. Salah siji anaké lanang Saul sing diserahké yaiku Méfibosyèt. (2 Sam. 21:8, 9) Hasilé, kelaparan sing wis kelakon telung taun kuwi akhiré mandheg.
Ana sing isa dipelajari saka kisah iki. Hukumé Gusti Allah kuwi cetha. Ing Pangandharing Torèt 24:16 disebutké nèk ’anak aja nganti dipatèni merga kesalahané bapaké. Wong kudu dipatèni merga kesalahané dhéwé’. Nèk misalé loro anaké lanang Saul lan lima putu lanangé Saul ora salah, Yéhuwah mesthi bakal nesu pas wong-wong kuwi dipatèni. Dadi mungkin, wong-wong kuwi mèlu-mèlu pas Saul nggawé rencana arep matèni wong Gibéon. Akibaté, wong-wong kuwi kudu dihukum.
Padha kaya ngono, saiki mungkin ya ana wong sing manut karo préntah sing jelas-jelas salah. Wong kuwi mungkin mikir, ’Lha piyé manèh, wong aku mung dikongkon kok.’ Awaké dhéwé aja nganti kaya ngono. Awaké dhéwé kudu manut karo naséhat iki, ”Singkirna kabèh sing ngalangi kowé, bèn kowé isa terus nindakké sing bener.”—WB. 4:24-27; Éf. 5:15