PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w22 Juli hlm. 2-7
  • Kerajaané Gusti Allah Wis Mréntah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kerajaané Gusti Allah Wis Mréntah
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • KAPAN KERAJAANÉ GUSTI ALLAH MULAI MRÉNTAH?
  • BUKTI NÈK YÉSUS WIS DADI RAJA
  • MUNGSUH-MUNGSUHÉ GUSTI ALLAH BAKAL DISINGKIRKÉ
  • PERCAYA NÈK YÉHUWAH BAKAL NGLINDHUNGI UMATÉ
  • Sinau Ramalan ing Alkitab
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
w22 Juli hlm. 2-7

ARTIKEL PELAJARAN 28

Kerajaané Gusti Allah Wis Mréntah

”Kerajaané Gustiné awaké dhéwé lan Kristusé saiki wis mréntah donya.”​—WHY. 11:15.

LAGU 22 Ndang Mréntah Kerajaané

ISINÉ ARTIKEL IKIa

1. Kelakoné ramalan soal akhir jaman kuwi bukti nèk apa, lan kenapa awaké dhéwé isa yakin soal kuwi?

NÈK ndelok keadaan donya iki, awaké dhéwé mungkin mikir nèk sukmbèn keadaané bakal tambah parah. Wong-wong mung mikirké kepentingané dhéwé lan kasar. Malah, akèh sing ora sayang karo anggota keluargané. Terus, wong-wong ya ora percaya karo pamréntah. Tapi nèk nggatèkké kuwi, awaké dhéwé isa yakin nèk keadaané mesthi bakal tambah apik. Kok isa? Merga kuwi nduduhké nèk ramalan ing 2 Timotius 3:1-5 soal ”akhir jaman” wis kelakon. Wong-wong sing tulus mesthi ya ngrasakké dhéwé nèk ramalan kuwi mémang bener-bener kelakon jaman saiki. Kelakoné ramalan kuwi ya bukti nèk Yésus wis mréntah dadi raja ing swarga. Sakliyané ramalan kuwi, ana ramalan-ramalan liyané ing Alkitab sing ngrembug soal Kerajaané Gusti Allah. Nèk ngrembug soal kuwi, imané awaké dhéwé bakal tambah kuwat.

Ana potongan gambar sing kudu ditèmpèl bèn puzzle kuwi dadi gambar sing wutuh. Ing potongan gambar kuwi ana watu sing ngancurké patung gedhé. Puzzle kuwi nduduhké ramalan ing buku Danièl lan Wahyu. 1. Ana watu saka gunung sing ngancurké sikilé patung sing gedhé. 2. Wit sing gedhé banget. 3. Jaran papat lan sing numpak jaran kuwi. 4. Pelacur sing lungguh ing ndhuwuré kéwan buas.

Sinau ramalan-ramalan ing buku Danièl lan Wahyu kuwi kaya nggabungké potongan-potongan gambar bèn dadi gambar sing wutuh. Nèk tenanan sinau ramalan-ramalan kuwi, awaké dhéwé isa yakin nèk dinané Yéhuwah mesthi bakal teka pas ing wektuné (Deloken paragraf 2)

2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki, lan kenapa awaké dhéwé kudu sinau soal kuwi? (Deloken gambar halaman 1.)

2 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug (1) ramalan soal kapan Kerajaané Gusti Allah mulai mréntah, (2) ramalan sing nduduhké nèk Yésus wis mréntah dadi Raja, lan (3) ramalan soal mungsuh-mungsuhé Gusti Allah sing bakal disingkirké. Sinau ramalan-ramalan kuwi kaya nggabungké potongan-potongan gambar bèn dadi gambar sing wutuh. Nèk tenanan sinau ramalan-ramalan kuwi, awaké dhéwé isa yakin nèk dinané Yéhuwah mesthi bakal teka pas ing wektuné.

KAPAN KERAJAANÉ GUSTI ALLAH MULAI MRÉNTAH?

3. Saka ramalan ing Danièl 7:13, 14, awaké dhéwé isa ngerti apa?

3 Saka ramalan ing Danièl 7:13, 14, awaké dhéwé ngerti nèk Yésus wis dipilih dadi Raja ing Kerajaané Gusti Allah. Kaya sing wis disebutké ing ayat kuwi, wong-wong saka kabèh bangsa bakal ”nglayani” Yésus lan Yésus bakal mréntah saklawasé. Terus, ana ramalan liya ing buku Danièl sing nduduhké nèk Yésus bakal dadi Raja sakwisé rampung pitung mangsa. Tapi, apa mungkin awaké dhéwé isa ngerti kapan kuwi kelakon?

4. Kok isa awaké dhéwé ngerti nèk Kerajaané Gusti Allah mulai mréntah taun 1914 nèk nggatèkké ramalan ing Danièl 4:10-17? (Deloken cathetan ngisor.)

4 Wacanen Danièl 4:10-17. ”Pitung mangsa” kuwi suwéné 2.520 taun. Kuwi dimulai pas taun 607 SM wektu Yérusalèm dihancurké. Pas kuwi, wis ora ana raja manèh sing mréntah ing Yérusalèm. Nah, 2.520 taun sakwisé 607 SM kuwi taun 1914. Taun kuwi, Yésus, ”sing nduwé hak sing sah”, mréntah dadi Raja ing Kerajaané Gusti Allah.b—Yèh. 21:25-27.

5. Apa manfaaté nèk sinau ramalan soal ”pitung mangsa”?

5 Manfaaté nèk sinau soal ramalan kuwi. Nèk ngerti ramalan soal ”pitung mangsa”, awaké dhéwé isa tambah yakin nèk Yéhuwah bakal nepati janjiné pas ing wektuné. Yéhuwah wis mutuské kapan Yésus dadi Raja. Terus pas wis tekan wektuné, ya kuwi sing kelakon. Dadi, Yéhuwah mesthi ya bakal nepati ramalan-ramalan liyané sesuai karo wektu sing wis Dhèwèké tentokké. Mula, awaké dhéwé isa yakin nèk dinané Yéhuwah ”ora bakal telat”.​—Hab. 2:3.

BUKTI NÈK YÉSUS WIS DADI RAJA

6. (a) Apa waé sing kelakon sakwisé Yésus mulai mréntah ing swarga? (b) Ramalan apa waé sing disebutké ing Wahyu 6:2-8 sing nduduhké nèk Yésus wis mulai mréntah dadi Raja?

6 Mbiyèn, Yésus tau ngandhani murid-muridé apa sing bakal kelakon wektu Yésus mulai mréntah dadi Raja. Yésus nyebutké nèk bakal ana perang, kelaparan, lan gempa bumi. Dhèwèké ya kandha nèk bakal ana wabah penyakit ”ing endi-endi”. Contoné, beberapa taun iki, ana wabah corona sing nyebar nganti tekan sak donya. Ing Alkitab disebutké nèk kuwi ”tandhané” Yésus wis mulai mréntah dadi Raja. (Mat. 24:3, 7; Luk. 21:7, 10, 11) Tapi sakjané, luwih saka 60 taun sakwisé Yésus mati, Yésus wis ngandhani Rasul Yohanes apa sing bakal kelakon sukmbèn. (Wacanen Wahyu 6:2-8.) Sing disebutké Yésus kuwi kelakon wektu Yésus mulai mréntah dadi Raja taun 1914.

7. Kenapa keadaan donya dadi tambah èlèk wektu Yésus mréntah dadi Raja?

7 Kenapa keadaan donya dadi tambah èlèk wektu Yésus mréntah dadi Raja? Ing Wahyu 6:2 disebutké nèk sakwisé Yésus dadi Raja, Yésus perang nglawan Sétan lan para malaékaté sing jahat. Terus, ing Wahyu bab 12 disebutké nèk Yésus menang lan Sétan kalah. Bar kuwi, Sétan lan para malaékaté sing jahat diuncalké ing bumi. Merga nesu banget, Sétan nyebabké bumi dadi ”cilaka”.​—Why. 12:7-12.

Pasangan suami istri sing lagi nonton TV sing isiné berita sing èlèk. Ing méja ana Alkitab lan buku.

Mémang, awaké dhéwé ora seneng wektu ndelok berita sing èlèk. Tapi, kuwi bukti nèk ramalan ing Alkitab wis kelakon lan Kerajaané Gusti Allah wis mréntah. (Deloken paragraf 8)

8. Apa manfaaté nèk sinau ramalan ing Alkitab sing kelakon jaman saiki?

8 Manfaaté nèk sinau soal ramalan kuwi. Keadaan donya sing tambah èlèk lan kelakuané wong-wong jaman saiki kuwi bukti nèk Yésus wis mréntah dadi Raja. Dadi, awaké dhéwé ora perlu nggumun nèk akèh wong mung mikirké kepentingané dhéwé lan dadi tambah jahat. (Mzm. 37:1) Kelakuané wong-wong kuwi cocog karo ramalan ing Alkitab. Terus sukmbèn, isa waé keadaané dadi tambah parah pas Armagédon wis mèh teka. (Mrk. 13:8; 2 Tim. 3:13) Liwat Alkitab, Yéhuwah wis ngandhani awaké dhéwé kenapa ana akèh banget masalah ing donya iki. Awaké dhéwé mesthi bersyukur karo Yéhuwah merga wis ngerti soal kuwi, ta?

MUNGSUH-MUNGSUHÉ GUSTI ALLAH BAKAL DISINGKIRKÉ

9. Danièl 2:28, 31-35 nyebutké apa soal pamréntahan sing paling kuwat sak donya, lan kapan kuwi mulai ana?

9 Wacanen Danièl 2:28, 31-35. Ing ayat-ayat kuwi diceritakké soal mimpiné Raja Nébukhadnézar. Mimpi kuwi sakjané ramalan soal apa sing bakal kelakon ”ing dina-dina terakhir” sakwisé Yésus mréntah dadi Raja. Dadi, ramalan kuwi sebagéan ya wis kelakon saiki. Ing mimpi kuwi, Raja Nébukhadnézar ndelok ana patung gedhé sing sikilé ”sebagéan saka wesi lan sebagéan saka tanah liat”. Kuwi nggambarké pamréntahan sing paling kuwat sing dadi mungsuhé Gusti Allah. Pamréntahan kuwi ana bar Perang Donya I. Wektu kuwi, Inggris karo Amerika kerja sama lan akhiré dadi pamréntahan sing paling kuwat sak donya. Saka mimpiné Raja Nébukhadnézar iki, awaké dhéwé ya isa ngerti nèk pamréntahan iki béda karo pamréntahan-pamréntahan sakdurungé. Ayo ngrembug apa waé bédané.

10. (a) Kaya wesi sing campur karo tanah liat, pamréntahan Inggris karo Amerika piyé? (b) Awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn aja nganti piyé? (Deloken kothak ”Aja Nganti Terpengaruh”.)

10 Sing pertama, pamréntahan-pamréntahan sakdurungé kan digambarké nganggo logam sing kuwat, misalé emas lan pérak. Tapi, pamréntahan Inggris karo Amerika digambarké nganggo wesi sing campur karo tanah liat. Tanah liat kuwi maksudé wong-wong biasa. (Dan. 2:43, ctn.) Wong-wong kuwi pengaruhé gedhé kanggo pamréntahan Inggris karo Amerika. Misalé, wong-wong kuwi isa milih dhéwé sapa sing bakal mréntah berikuté. Terus, nèk ana sing ora seneng karo keputusané pamréntah, biasané akèh sing démo nuntut hak-haké. Akibaté, kepénginané para pemimpin ing pamréntahan kuwi kadhang malah ora isa kelakon.

Aja Nganti Terpengaruh

Sikilé patung gedhé kuwi sebagéan saka wesi lan sebagéan saka tanah liat. Ing sekitaré sikilé patung kuwi ana wong-wong sing démo. Ing sebelah kiwa, ana gambar anggota Perserikatan Bangsa-Bangsa sing lagi rapat, terus ana petugas keamanan sing nggawa tamèng.

Ing ramalané Danièl, tanah liat ing sikilé patung sing gedhé kuwi nggambarké wong-wong biasa. Wong-wong kuwi nduwé pengaruh sing gedhé kanggo para pemimpin politik. (Dan. 2:41-43) Apa pengaruhé kanggo awaké dhéwé? Nèk ora ati-ati, awaké dhéwé isa waé dadi mèlu-mèlu urusan politik. Misalé, awaké dhéwé isa waé dadi nduwé pandhangan sing padha karo wong-wong sing ora setuju karo keputusané pamréntah. (WB. 4:23; 24:21, ctn.) Piyé carané bèn awaké dhéwé ora nganti terpengaruh? Awaké dhéwé kudu éling nèk Sétan kuwi sing nguwasani donya iki lan mung Kerajaané Gusti Allah sing isa ngrampungké kabèh masalah.​—1 Yoh. 5:19; Mzm. 146:3-5.

11. Kenapa pamréntahan Inggris karo Amerika kuwi bukti nèk saiki wis akhir jaman?

11 Sing keloro, merga pamréntahan kuwi digambarké kaya sikilé patung gedhé mau, kuwi berarti pamréntahan kuwi dadi pamréntahan paling kuwat sing terakhir. Kuwi ora bakal diganti karo pamréntahan liyané. Kerajaané Gusti Allah bakal ngancurké pamréntahan kuwi karo kabèh pamréntahan liyané.c—Why. 16:13, 14, 16; 19:19, 20.

12. Saka ramalan ing buku Danièl, awaké dhéwé isa yakin soal apa?

12 Manfaaté nèk sinau soal ramalan kuwi. Saka ramalan ing buku Danièl, ana bukti liyané nèk saiki wis akhir jaman. Luwih saka 2.500 taun kepungkur, Danièl wis dikandhani nèk sakwisé Babilon, ana papat pamréntahan sing paling kuwat sak donya. Akèh umaté Yéhuwah sing manggon ing dhaérah kekuasaané pamréntahan-pamréntahan kuwi. Terus saka ramalan kuwi, awaké dhéwé ya isa ngerti nèk Inggris karo Amerika dadi pamréntahan paling kuwat sing terakhir. Awaké dhéwé yakin nèk sedhéla manèh Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké pamréntahan kuwi lan mung Kerajaané Gusti Allah sing bakal mréntah bumi.​—Dan. 2:44.

13. ”Raja sing kewolu” lan ”raja sepuluh” sing disebutké ing Wahyu 17:9-12 nggambarké sapa, lan piyé ramalan kuwi kelakon?

13 Wacanen Wahyu 17:9-12. Bar Perang Donya I, keadaané kacau banget. Tapi, ana sesuatu sing kelakon kaya sing disebutké ing Alkitab. Merga péngin nggawé keadaan donya dadi damai, ana organisasi sing dibentuk. Sasi Januari 1920, Liga Bangsa-Bangsa dibentuk. Terus sasi Oktober 1945, kuwi diganti jenengé dadi Perserikatan Bangsa-Bangsa. Alkitab nyebut organisasi kuwi ”raja sing kewolu”. Meskipun disebut raja, tapi kuwi dudu pamréntahan. Organisasi kuwi diwènèhi kuwasa karo pamréntahan-pamréntahan sing ana. Nurut Alkitab, pamréntahan-pamréntahan kuwi disebut ”raja sepuluh”.

14-15. (a) Saka Wahyu 17:3-5, awaké dhéwé isa ngerti apa soal ”Babilon Gedhé”? (b) Wong-wong sing ndhukung agama palsu akhiré bakal piyé?

14 Wacanen Wahyu 17:3-5. Ing wahyu kuwi, Rasul Yohanes ndelok ana pelacur yaiku ”Babilon Gedhé”. Kuwi nggambarké kabèh agama palsu sak donya. Saka wahyu kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk agama palsu kerja sama karo para pemimpin politik lan ndhukung wong-wong kuwi. Tapi, sedhéla manèh Gusti Allah bakal mènèhi kepénginan bèn para pemimpin politik kuwi ”nindakké karepé Gusti Allah”. Terus hasilé apa? Para pemimpin politik kuwi, yaiku ”raja sepuluh”, bakal nyerang lan ngancurké agama palsu.​—Why. 17:1, 2, 16, 17.

15 Tapi, kok isa awaké dhéwé ngerti nèk Babilon Gedhé sedhéla manèh bakal dihancurké? Coba diéling-éling manèh kutha Babilon jaman mbiyèn. Kutha kuwi diubengi Kali Éfrat sing gedhé. Babilon Gedhé ya kaya ngono. Ing buku Wahyu disebutké nèk wong-wong sing ndhukung Babilon Gedhé digambarké kaya ”banyu”. (Why. 17:15) Tapi, ing buku Wahyu ya ditulis nèk banyuné bakal dadi ”asat”. (Why. 16:12) Maksudé, akèh wong sing akhiré ora ndhukung agama palsu. Ya kuwi sing kelakon jaman saiki. Akèh wong ora perduli karo agama lan nganggep nèk agama kuwi ora isa ngrampungké masalahé.

16. Apa manfaaté kanggo awaké dhéwé merga ngerti ramalan soal Perserikatan Bangsa-Bangsa lan soal Babilon Gedhé sing bakal dihancurké?

16 Manfaaté nèk sinau soal ramalan kuwi. Perserikatan Bangsa-Bangsa sing wis dibentuk lan akèh wong sing ora gelem ndhukung agama palsu kuwi bukti nèk saiki wis akhir jaman. Mémang, agama palsu ora bakal hancur mung merga akèh sing ora ndhukung. Kaya sing wis disebutké mau, Yéhuwah bakal mènèhi kepénginan ”raja sepuluh”, yaiku para pemimpin politik sing ndhukung Perserikatan Bangsa-Bangsa, bèn ”nindakké karepé Gusti Allah”. Pas agama palsu ujug-ujug dihancurké, kabèh wong bakal kagèt.d (Why. 18:8-10) Mémang, bar kuwi isa waé ana akèh masalah. Tapi, umaté Yéhuwah mesthi bakal seneng. Kenapa? Merga mungsuhé Gusti Allah akhiré ora ana manèh lan sedhéla manèh awaké dhéwé bakal mlebu ing donya sing anyar.​—Luk. 21:28.

PERCAYA NÈK YÉHUWAH BAKAL NGLINDHUNGI UMATÉ

17-18. (a) Piyé carané bèn imané awaké dhéwé tambah kuwat? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel berikuté?

17 Mbiyèn, Danièl dikandhani nèk pas akhir jaman ”pengetahuan sing bener bakal saya akèh”. Saiki, awaké dhéwé ngrasakké nèk kuwi mémang bener. (Dan. 12:4, 9, 10) Ramalan ing Alkitab kuwi kelakon persis kaya sing wis ditulis. (Yés. 46:10; 55:11) Kuwi nggawé awaké dhéwé luwih percaya Yéhuwah lan isiné Alkitab. Terus, bèn imané dadi tambah kuwat, awaké dhéwé kudu sinau Alkitab lan mbantu wong-wong bèn kenal Yéhuwah. Yéhuwah bakal nglindhungi wong-wong sing percaya karo Yéhuwah lan nggawé wong-wong kuwi ngrasa ”ayem”.​—Yés. 26:3.

18 Ing artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug ramalan soal gawéan nginjil. Saka kono, awaké dhéwé ya isa ngerti nèk saiki mémang wis akhir jaman. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug nèk Yésus, Raja sing wis mréntah ing swarga, lagi ngarahké para pengikuté.

SAKA RAMALAN ING AYAT-AYAT IKI, KENAPA AWAKÉ DHÉWÉ ISA YAKIN NÈK KERAJAANÉ GUSTI ALLAH WIS MRÉNTAH?

  • Danièl 4:10-17

  • Wahyu 6:2-8

  • Danièl 2:28, 31-35; Wahyu 17:3-5, 9-12

LAGU 61 Seksi-Seksi Yéhuwah Kudu Semangat

a Awaké dhéwé mesthi seneng merga ndelok ramalan-ramalan ing Alkitab wis kelakon, termasuk ramalan soal Kerajaané Gusti Allah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug ramalan-ramalan kuwi. Bar ngrembug ramalan-ramalan kuwi, imané awaké dhéwé isa tambah kuwat lan awaké dhéwé isa tetep tenang meskipun mengko keadaan tambah susah.

b Deloken buku Bahagia Saklawasé pelajaran 32 nomer 4 lan vidéo Kerajaané Gusti Allah Mulai Mréntah Taun 1914 ing jw.org.

c Bèn isa ngerti akèh soal patung gedhé sing ana ing mimpiné Raja Nébukhadnézar, deloken Menara Pengawal 15 Juni 2012 halaman 14-19.

d Bèn isa ngerti luwih akèh soal apa sing bakal kelakon sedhéla manèh, deloken buku Kratoné Allah Wis Mréntah! bab 21.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim