ARTIKEL PELAJARAN 51
Carané Bèn Tetep Ngrasa Ayem
”Kowé ora usah kuwatir utawa wedi.”—YOH. 14:27.
LAGU 112 Yéhuwah sing Nggawé Ayem
ISINÉ ARTIKEL IKIa
1. Awaké dhéwé isa ngrasa ayem nèk piyé, lan apa manfaaté? (Filipi 4:6, 7)
WONG-WONG ing donya iki ora isa bener-bener ngrasa ayem. Tapi, awaké dhéwé isa ayem nèk akrab karo Yéhuwah. Merga ”rasa ayem” saka Yéhuwah kuwi, awaké dhéwé isa tetep tenang. (Wacanen Filipi 4:6, 7.) Terus, awaké dhéwé isa nduwé kanca-kanca sing sayang karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya isa cedhak karo Yéhuwah, ”Gusti Allah sing nggawé ayem”. (1 Tés. 5:23) Pas ana masalah, awaké dhéwé ora bakal terlalu kuwatir merga percaya lan manut karo Yéhuwah.
2. Kenapa awaké dhéwé isa tetep ngrasa ayem wektu ana masalah?
2 Apa awaké dhéwé mémang isa ngrasa ayem wektu ana wabah penyakit, bencana, kerusuhan, utawa dianiaya? Pancèn, kabèh masalah kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi wedi. Tapi Yésus ngomong, ”Kowé ora usah kuwatir utawa wedi.” (Yoh. 14:27) Akèh sedulur sing wis manut naséhaté Yésus kuwi. Terus, merga dibantu Yéhuwah, sedulur-sedulur kuwi ya isa tetep tenang wektu ngadhepi masalah.
PAS ANA WABAH PENYAKIT
3. Apa akibaté nèk ana wabah penyakit?
3 Nèk ana wabah penyakit, kuwi mesthi ana pengaruhé kanggo wong-wong. Misalé, pas virus corona nyebar ing sak donya, ana penelitian sing nyebutké nèk akèh wong dadi ora isa turu. Terus ana manèh sing dadi terlalu kuwatir, putus asa, malah nganti péngin bunuh diri. Sing liyané manèh nganggo narkoba, ngombé-ngombé, lan KDRT. Nèk ing dhaérahé njenengan ana wabah penyakit, piyé carané bèn isa tetep ngrasa ayem lan ora terlalu kuwatir?
4. Kenapa ora perlu nggumun nèk saiki ana wabah penyakit?
4 Yésus tau ngomong nèk ing dina-dina terakhir bakal ana wabah penyakit ”ing endi-endi”. (Luk. 21:11) Kuwi sebabé, awaké dhéwé ora perlu nggumun nèk saiki ana wabah penyakit. Awaké dhéwé isa tetep ngrasa ayem nèk manut karo naséhaté Yésus iki, ”Kowé aja kuwatir.”—Mat. 24:6.
Njenengan isa ngrasa ayem pas ana wabah penyakit nèk ngrungokké rekaman audio Alkitab (Deloken paragraf 5)
5. (a) Awaké dhéwé isa ndonga apa pas ana wabah penyakit? (Filipi 4:8, 9) (b) Apa manfaaté nèk ngrungokké rekaman audio Alkitab?
5 Nèk ana wabah penyakit, awaké dhéwé isa dadi kuwatir banget utawa wedi. Kuwi sing dialami sedulur wédok sing jenengé Desi.b Omé, sepupuné, lan dokteré mati kena corona. Desi kuwatir piyé nèk dhèwèké ya kena, terus nulari ibuné sing wis lansia. Nèk nganti di-PHK utawa panggonan nyambut gawéné bangkrut, Desi ya kuwatir apa keluargané isa tetep mangan lan piyé carané isa mbayar kontrakan. Merga kepikiran terus, Desi malah dadi ora isa turu. Tapi, akhiré Desi isa ngrasa ayem. Piyé carané? Desi ndonga njaluk Yéhuwah mbantu bèn isa tetep tenang lan ora mikir sing èlèk-èlèk sik. (Wacanen Filipi 4:8, 9.) Dhèwèké ya ngrungokké rekaman audio Alkitab. Desi ngomong, ”Swarané sing maca Alkitab kuwi nggawé aku ayem. Aku ya dadi rumangsa digatèkké Gusti Allah.”—Mzm. 94:19.
6. Apa manfaaté nèk sinau Alkitab lan teka ing pertemuan ibadah?
6 Nèk ana wabah penyakit, kegiatané awaké dhéwé isa dadi terbatas. Tapi, aja nganti awaké dhéwé dadi ora sinau Alkitab utawa ora teka ing pertemuan ibadah. Ing sak donya, ana sedulur-sedulur sing ngadhepi masalah sing padha. (1 Ptr. 5:9) Tapi, sedulur-sedulur kuwi isa tetep kuwat. Awaké dhéwé mesthi éntuk manfaat nèk maca pengalamané utawa nonton vidéoné. Terus nèk teka ing pertemuan ibadah, awaké dhéwé isa dikuwatké lan nguwatké wong liya. (Rm. 1:11, 12) Awaké dhéwé ya isa ndelok dhéwé piyé Yéhuwah nggatèkké umaté sing lagi lara, ngrasa kuwatir, utawa ngrasa kesepian. Nèk wis ngono, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah mesthi ya bakal nggatèkké awaké dhéwé.
7. Piyé carané niru Yohanes?
7 Pas ana wabah penyakit, awaké dhéwé ya kudu ngupaya cedhak karo sedulur-sedulur. Mémang kuwi ora gampang, soalé ora isa ketemu langsung. Kuwi padha karo Rasul Yohanes lan Gayus mbiyèn. (3 Yoh. 13, 14) Wong loro kuwi ora isa ketemu langsung. Meskipun ngono, Yohanes nulis surat kanggo Gayus. Nèk ora isa ketemu langsung karo sedulur-sedulur, awaké dhéwé isa video-call, chatting-an, utawa télponan. Nèk ngupaya terus cedhak karo sedulur-sedulur, awaké dhéwé isa ngrasa ayem. Tapi nèk ngrasa kuwatir banget, awaké dhéwé isa crita karo para pinituwa. Nèk ngrungokké saran-sarané para pinituwa, awaké dhéwé mesthi ngrasa dikuwatké.—Yés. 32:1, 2.
PAS ANA BENCANA
8. Nèk kena bencana, njenengan isa waé ngrasa piyé?
8 Nèk njenengan tau kebanjiran, kena gempa, utawa omahé kebakaran, njenengan mungkin dadi trauma. Perasaan kuwi mungkin isih ana nganti suwé. Terus gara-gara bencana kuwi, mungkin ana keluarga utawa kancané njenengan sing dadi korban. Njenengan mesthi sedhih banget utawa ngrasa ora trima. Sakliyané kuwi, barang-barangé njenengan mungkin dadi rusak utawa ora isa dienggo manèh. Njenengan isa waé dadi bingung kudu piyé. Tapi, kuwi ora berarti njenengan mata dhuwiten utawa ora percaya manèh karo Yéhuwah. (Ayb. 1:11) Dadi nèk njenengan ngrasa bingung, sedhih, utawa ora trima, kuwi wajar. Tapi, njenengan tetep isa ngrasa ayem. Piyé carané?
9. Menurut Yésus, apa waé sing bakal kelakon pas akhir jaman?
9 Akèh wong mikir nèk ora bakal kena bencana. Tapi kaya sing disebutké Yésus, bakal ana akèh bencana, lan awaké dhéwé isa waé kena. Yésus ngomong nèk pas akhir jaman bakal ana ”gempa bumi sing gedhé” lan bencana-bencana liyané. (Luk. 21:11) Terus, bakal ana ”akèh sing nglanggar hukum”. (Mat. 24:12) Dadi, ing endi-endi ana kejahatan lan térorisme. Yésus ora ngomong nèk mung wong-wong jahat sing bakal kena bencana. Umaté Yéhuwah ya isa dadi korbané. (Yés. 57:1; 2 Kor. 11:25) Terus, Yéhuwah ya ora nggawé mukjijat bèn umaté ora kena bencana-bencana kuwi. Tapi, Dhèwèké bakal mènèhi umaté rasa ayem.
10. Piyé carané mbuktèkké nèk percaya karo Yéhuwah? (Wulang Bebasan 22:3)
10 Awaké dhéwé isa tetep tenang lan ora kuwatir nèk wis siap-siap sakdurungé ana bencana. Kuwi ya bukti nèk awaké dhéwé percaya karo Yéhuwah. Kok isa? Ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé kudu siap-siap sakdurungé ana bahaya. (Wacanen Wulang Bebasan 22:3.) Liwat majalah, pertemuan ibadah, lan pengumuman, organisasi kerep ngélingké bèn siap-siap sakdurungé ana bencana.c Nèk percaya karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal manut naséhat kuwi saiki, sakdurungé ana bencana.
Njenengan isa slamet nèk siap-siap sakdurungé ana bencana (Deloken paragraf 11)d
11. Piyé carané niru Margaret?
11 Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Margaret. Wektu kuwi, ing dhaérahé ana kebakaran hutan. Dhèwèké dikongkon metu saka dhaérah kuwi. Tapi dalané macet, merga kabèh wong ya dikongkon metu saka dhaérah kuwi. Terus dalané dadi peteng banget merga ketutupan asap. Margaret terjebak ing kono. Tapi, Margaret nggawa péta lan wis ngerti kudu ing endi. Bahkan, dhèwèké ya wis nyoba liwat dalan kuwi. Hasilé, Margaret isa slamet.
12. Kenapa kudu manut arahan pas ana bencana?
12 Pas ana bencana, pamréntah biasané bakal mènèhi arahan, misalé awaké dhéwé dikon metu saka dhaérah kuwi. Akèh wong biasané ora gelem manut merga mikirké hartané. Nèk awaké dhéwé piyé? Ing Alkitab disebutké, ”Demi Gustiné awaké dhéwé, kowé kudu manut karo kabèh pamréntahané manungsa, termasuk marang raja sing kuwasané luwih gedhé timbang kowé utawa marang gubernur, sing diutus Gusti Allah.” (1 Ptr. 2:13, 14) Organisasi ya mènèhi arahan-arahan. Misalé, awaké dhéwé dikongkon mènèhi para pinituwa nomer HP sing paling anyar. Awaké dhéwé mungkin ya dikandhani nèk tetep kudu ana ing omah, carané éntuk bantuan, utawa carané mbantu sedulur liyané. Nèk ora manut, kuwi bahaya banget, ora mung kanggo njenengan tapi ya kanggo para pinituwa, sing nduwé tanggung jawab njaga umaté Yéhuwah. (Ibr. 13:17) Margaret ngomong, ”Aku isa slamet merga manut arahané para pinituwa lan organisasi.”
13. Nèk kudu ngungsi merga ana bencana utawa kerusuhan, piyé carané bèn isa tetep bahagia lan ayem?
13 Ana sedulur-sedulur sing kudu ngungsi merga bencana utawa ana kerusuhan. Sedulur-sedulur kuwi langsung menyesuaikan diri lan malah isa nglayani Yéhuwah luwih akèh. Semangaté sedulur-sedulur kuwi padha kaya wong Kristen jaman mbiyèn. Meskipun dianiaya, wong Kristen jaman mbiyèn tetep ”martakké kabar apik soal omongané Gusti Allah”. (Kis. 8:4) Merga terus martakké kabar apik, wong-wong kuwi ora mung mikirké masalahé thok, tapi ya mikirké soal Kerajaané Gusti Allah. Hasilé, wong-wong kuwi isa tetep bahagia lan ayem.
PAS DIANIAYA
14. Kenapa nèk dianiaya isa waé dadi ngrasa ora ayem?
14 Awaké dhéwé mesthi seneng nèk isa ngumpul karo para sedulur lan bébas nginjil. Dadi nèk dianiaya, awaké dhéwé mungkin dadi ngrasa ora ayem lan bingung kudu piyé. Yésus tau ngomong nèk murid-muridé dianiaya, isa waé ana sing dadi ora setya karo dhèwèké. (Yoh. 16:1, 2) Tapi, Yésus ora péngin kuwi kelakon. Piyé carané bèn isa tetep ayem meskipun dianiaya?
15. Kenapa awaké dhéwé isa tetep ayem meskipun dianiaya? (Yohanes 15:20; 16:33)
15 Nurut 2 Timotius 3:12, ”Kabèh wong sing dadi muridé Kristus Yésus lan ngabdi marang Gusti Allah ya bakal dianiaya.” Sedulur lanang sing jenengé Andrei ngrasa nèk kuwi ora mungkin kelakon. Pas Seksi-Seksi Yéhuwah ing negarané dilarang, dhèwèké mikir, ’Seksi Yéhuwah ing kéné kan ana akèh, mosok mèh ditangkep kabèh?’ Merga terus-terusan mikir kaya ngono, dhèwèké dadi ngrasa ora ayem lan kuwatir. Tapi, sedulur-sedulur liyané percaya karo Yéhuwah. Dadi nèk nganti dipenjara, sedulur-sedulur kuwi ora kagèt utawa bingung. Sedulur Andrei niru sedulur-sedulur kuwi. Hasilé, Andrei dadi bahagia meskipun tetep ana masalah. Awaké dhéwé ya isa niru Andrei. Meskipun Yésus ngomong nèk murid-muridé bakal dianiaya, tapi dhèwèké ya yakin nèk murid-muridé isa tetep setya.—Wacanen Yohanes 15:20; 16:33.
16. Awaké dhéwé éntuk arahan apa waé wektu ana penganiayaan?
16 Nèk Seksi-Seksi Yéhuwah ing dhaérahé awaké dhéwé dilarang, awaké dhéwé mungkin éntuk arahan saka kantor cabang utawa para pinituwa bèn isa tetep aman, tetep cedhak karo Yéhuwah, lan tetep isa nginjil. Mula awaké dhéwé kudu manut, meskipun ora ngerti kenapa ana arahan kuwi. (Yak. 3:17) Terus nèk ana sing takon-takon soal sedulur-sedulur, awaké dhéwé ya kudu ngati-ati. Aja nganti awaké dhéwé mènèhi informasi soal sedulur-sedulur karo wong sing ora perlu ngerti.—Pkh. 3:7.
Meskipun Seksi-Seksi Yéhuwah dilarang, piyé carané awaké dhéwé isa tetep ngrasa ayem? (Deloken paragraf 17)e
17. Kaya para rasul mbiyèn, apa tékadé awaké dhéwé?
17 Sakjané, awaké dhéwé dianiaya merga Sétan ora seneng karo wong-wong sing ”éntuk tugas kanggo mènèhi kesaksian soal Yésus”. (Why. 12:17) Tapi aja wedi. Nèk tetep nginjil lan mulang meskipun dianiaya, awaké dhéwé isa bahagia lan ayem. Mbiyèn, para rasul tau dilarang nginjil. Tapi, wong-wong kuwi luwih manut karo Gusti Allah timbang para penguasa. Hasilé, wong-wong kuwi isa tetep bahagia. (Kis. 5:27-29, 41, 42) Nèk dilarang nginjil, mémang nginjilé kudu ngati-ati. (Mat. 10:16) Tapi nèk tetep berusaha nginjil, awaké dhéwé isa ayem merga wis nyenengké Yéhuwah lan mbantu wong liya bèn dislametké.
”GUSTI ALLAH SING NGGAWÉ AYEM MBERKAHI KOWÉ”
18. Meskipun ana masalah, kenapa awaké dhéwé isa tetep ngrasa ayem?
18 Awaké dhéwé isa ngrasa ayem meskipun ana masalah, merga rasa ayem kuwi asalé saka Gusti Allah. Wektu ana wabah penyakit, bencana alam, lan penganiayaan, tetepa cedhak karo Yéhuwah lan sedulur-sedulur. Yakina nèk ing masa depan keadaané bakal luwih apik. ”Gusti Allah sing nggawé ayem” bakal mberkahi njenengan. (Flp. 4:9) Ing artikel berikuté, awaké dhéwé bakal mbahas piyé carané mbantu sedulur-sedulur sing ngadhepi masalah bèn isa ngrasa ayem.
LAGU 38 Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat
a Yéhuwah janji bakal mènèhi rasa ayem kanggo umaté. Tapi, ”rasa ayem” saka Yéhuwah kuwi maksudé apa? Piyé carané bèn isa ngrasa ayem? Terus nèk ngrasa ayem, awaké dhéwé bakal piyé nèk ana wabah penyakit, bencana, lan dianiaya? Pertanyaan-pertanyaan kuwi bakal dirembug ing artikel iki.
b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.
c Deloken artikel ”Cara Agar Bisa Selamat Saat Terjadi Bencana” ing Sadarlah! No. 5 2017.
d GAMBAR: Sedulur wédok sing ngungsi merga ing dhaérahé ana bencana. Dhèwèké wis siap-siap sakdurungé.
e GAMBAR: Sedulur lanang iki tetep nginjil meskipun dilarang.