PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp23 No. 1 hlm. 10-11
  • 3 | Contoné Wong-Wong sing Kisahé Ditulis ing Alkitab

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 3 | Contoné Wong-Wong sing Kisahé Ditulis ing Alkitab
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2023
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Maksudé Ayat Kuwi
  • Piyé Ngetrapkéné?
  • 2 | ’Ayat-Ayat Kuwi Mènèhi Penghiburan’
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2023
  • 4 | Saran-Saran ing Alkitab
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2023
  • 1 | Donga—”Kowé Kudu Masrahké Kabèh Rasa Kuwatirmu marang Gusti Allah”
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2023
  • Yéhuwah Bener-Bener Nresnani Njenengan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2023
wp23 No. 1 hlm. 10-11

3 | Contoné Wong-Wong sing Kisahé Ditulis ing Alkitab

ING ALKITAB DISEBUTKÉ: Ana wong lanang lan wong wédok sing ”nduwé perasaan kaya awaké dhéwé”.​—YAKOBUS 5:17.

Maksudé Ayat Kuwi

Ing Alkitab ana akèh banget kisahé wong lanang lan wong wédok sing tau ngrasa seneng, sedhih, kecéwa, wedi, utawa lara ati. Isa waé perasaané wong-wong kuwi ana sing padha karo awaké dhéwé.

Piyé Ngetrapkéné?

Kabèh mesthi péngin dipahami, apamanèh nèk lagi berjuang ngadhepi masalah keséhatan méntal. Nèk maca kisahé tokoh-tokoh ing Alkitab, isa dadi ngerti nèk ana wong liya sing pikiran lan perasaané padha kaya sing lagi awaké dhéwé alami. Hasilé, merga ngerti wong liya ya berjuang ngadhepi kesusahané, awaké dhéwé dadi ora ngrasa dhèwèkan wektu wedi, susah, utawa kuwatir.

  • Ing Alkitab ana akèh banget ungkapan perasaané wong-wong sing putus asa. Apa njenengan tau ngrasa, ’Aku wis ora kuwat manèh’? Musa, Èlia, lan Daud tau ngrasa kaya ngono.​—Wilangan 11:14; 1 Para Raja 19:4; Mazmur 55:4.

  • Ing Alkitab ana kisahé wong wédok sing jenengé Hana, bojoné Èlkana. Hana ngrasa ”sedhih banget” merga ora isa nduwé anak lan atiné dilarani terus karo bojoné Èlkana sing keloro.​—1 Samuèl 1:6, 10.

  • Mungkin awaké dhéwé ya tau ngrasakké sing dialami Ayub. Ing Alkitab disebutké, meskipun imané kuwat, Ayub tau ngrasa sedhih banget lan susah nganti ngomong, ”Aku sengit karo uripku, aku ora gelem urip terus.”​—Ayub 7:16.

Meskipun wong-wong kuwi awalé nduwé pikiran èlèk, bahkan ana sing péngin mati waé, tapi meréka berhasil ngatasi perasaan-perasaan kuwi. Kuwi isa nguwatké awaké dhéwé bèn ora nyerah pas ngrasa susah banget.

Manfaaté Alkitab kanggo Kevin

Sing Tak Rasakké Merga Nduwé Gangguan Bipolar

”Pas umurku mèh 50, dokter ngomong nèk aku kena gangguan bipolar. Kadhang aku ngrasa isa ngatasi kabèh masalah ing uripku. Tapi kadhang aku ngrasa uripku ora ana gunané.”

Manfaaté Alkitab kanggo Aku

”Kisahé Rasul Pétrus sing ditulis ing Alkitab cocog karo keadaanku. Merga tau nggawé kesalahan, dhèwèké ngrasa ora berguna. Tapi Pétrus ora terus-terusan ngrasa kaya ngono. Pétrus njaluk bantuané kanca-kancané sing perduli karo dhèwèké. Nèk pas gangguan bipolarku kumat, mesthi sing tak pikirké kuwi mung kelemahanku. Aku ya ngrasa ora berguna. Tapi kaya Pétrus, aku berupaya terus akrab karo kanca-kancaku sing péngin mbantu aku bèn ora nyerah.

”Kisah soal Raja Daud ya nguwatké aku. Dhèwèké kerep ngrasa sedhih lan gela merga kesalahané mbiyèn. Aku ya kaya ngono, kerep gela merga omongan lan perbuatanku. Omongané Daud ing Mazmur 51 bener-bener nguwatké aku. Ing ayat 3, Daud ngomong, ’Aku ngakoni kesalahanku, lan aku terus kepikiran karo dosaku.’ Kuwi sing tak rasakké pas aku strès banget. Aku ora isa mikir sing apik soal awakku dhéwé. Ing ayat 10, Daud ngomong manèh, ’Oh Gusti Allah, bantu aku bèn nduwé kepénginan sing bener, lan wènèhana aku pikiran sing bener bèn aku isa tetep setya.’ Kaya Daud, aku ya ndonga kaya ngono karo Gusti Allah. Terus, ing ayat 17 Daud ngomong, ’Oh Gusti Allah, Njenengan ora bakal nolak wong sing rendah hati lan sing ngrasa gela.’ Kata-kata kuwi marakké aku yakin nèk Gusti Allah sayang karo aku.

”Merga terus sinau saka kisah-kisah ing Alkitab lan fokus karo berkahé Yéhuwah sing tak tampa saiki, aku dadi tambah yakin soal harapan ing masa depan. Janji ing Alkitab kuwi sing marakké aku terus semangat lan ora nyerah.”

Keterangan Luwih Akèh:

Wacanen artikel ”Hidup dengan Gangguan Afektif”, ing majalah Sedarlah! 8 Januari 2004 ing jw.org/id.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim