PENGALAMAN
Wong sing Kuwat Imané Bakal Tetep Setya
SÈKET taun kepungkur, pas ing Kenya, aku karo kancaku lagi ngobrol ing cedhak api unggun. Aku karo dhèwèké crita-crita soal film sing ana hubungané karo agama. Terus kancaku ngomong, ”Wah, kuwi film-é ora sesuai karo Alkitab.”
Terus aku ngguyu, soalé kancaku ora tau ngomongké agama. Dadi aku takon, ”Mémangé kowé ngerti apa soal Alkitab?” Dhèwèké ora langsung njawab. Terus, dhèwèké kandha nèk ibuné Seksi Yéhuwah. Dhèwèké ngerti soal Alkitab saka ibuné. Dadi, dhèwèké tak takon-takoni terus.
Aku ngobrol karo dhèwèké nganti bengi. Kancaku ngomong nèk menurut Alkitab, sing nguwasani donya kuwi Sétan. (Yoh. 14:30) Kanggoku kuwi sesuatu sing anyar. Sak ngertiku, donya iki dikuwasani karo Gusti Allah sing apikan. Tapi, menurutku kuwi ora masuk akal, soalé ing donya iki ana akèh masalah. Mémang, umurku wektu kuwi isih 26 taun, tapi aku wis ndelok akèh masalah ing sekitarku.
Bapakku mbiyèn dadi pilot ing Angkatan Udara Amerika Serikat. Dadi meskipun isih enom, aku ngerti akèh soal perang. Kapan waé tentara isa ngirim bom nuklir. Pas aku isih kuliah ing Kalifornia, Amerika lagi perang nglawan Vietnam. Aku mèlu démo karo mahasiswa liyané. Aku dioyak polisi, terus ditémbaki gas air mata. Mripatku rasané pedes banget, terus aku ya ora isa ambegan. Selama Amerika perang nglawan Vietnam, keadaané kacau banget. Ana akèh pemimpin politik sing dipatèni, terus ya ana akèh démo lan kerusuhan. Aku bingung banget, soalé kabèh wong nduwé pendapaté dhéwé-dhéwé.
Saka London ing Afrika Tengah
Taun 1970, aku nyambut gawé ing Alaska bagéan lor. Pas kuwi, dhuwitku akèh. Terus, aku pindhah ing London. Aku ya tuku motor. Motor kuwi tak tumpaki ing arah kidul. Tapi aku ora ngerti arep ing endi. Beberapa bulan bar kuwi aku tekan Afrika. Sepanjang perjalanan, aku ketemu karo akèh wong sing ya péngin bébas saka masalah.
Merga apa sing tak delok kuwi, aku dadi mikir nèk ajarané Alkitab kuwi masuk akal. Donya iki mémang dikuwasani karo Sétan. Lha tapi nèk ngono, Gusti Allah saiki lagi ngapa? Aku péngin ngerti jawabané.
Beberapa bulan bar kuwi, aku ngerti jawabané. Terus aku ya ketemu karo akèh wong sing kuwat imané lan terus nglayani Yéhuwah ora soal apa keadaané.
IRLANDIA UTARA ”NEGARA SING KEBAK BOM LAN PELURU”
Aku balik manèh ing London. Aku ngobrol karo ibuné kancaku, terus dhèwèké mènèhi aku Alkitab. Pas ing Amsterdam, Belanda, pas aku lagi maca Alkitab ing ngisor lampu dalan, ana Seksi Yéhuwah sing marani aku. Dhèwèké mbantu aku sinau Alkitab. Terus pas ing Dublin, Irlandia, aku lunga ing kantor cabangé Seksi Yéhuwah. Aku ndhodhog lawangé, terus ketemu karo Arthur Matthews, sedulur sing pengalaman. Aku njaluk tulung karo dhèwèké ngajari aku Alkitab, terus dhèwèké gelem.
Aku semangat banget sinauné. Buku-buku sing digawé karo Seksi Yéhuwah tak waca kabèh. Aku ya maca Alkitab. Kuwi nyenengké banget. Pas pertemuan ibadah, aku terkesan. Ing kono bocah-bocah padha ngerti jawaban saka pertanyaan-pertanyaan iki: ’Kenapa ana wong jahat? Gusti Allah kuwi sapa? Terus nèk wong mati kuwi piyé?’ Kanca-kancaku kuwi Seksi-Seksi Yéhuwah, soalé aku ora kenal sapa-sapa manèh. Wong-wong kuwi sing mbantu aku sayang karo Yéhuwah.
Nigel, Denis, karo aku
Taun 1972, aku dibaptis. Taun ngarepé, aku dadi perintis ing jemaat cilik ing Newry, Irlandia Utara. Aku nyéwa omah sing digawé saka watu ing lèrèng gunung. Ing kono ana akèh sapi. Aku latihan ceramah ing ngarepé sapi-sapi sing lagi mangan suket. Mémang sapi-sapi kuwi ora isa mènèhi saran. Tapi, aku dadi ora wedi ceramah ing ngarepé akèh wong. Taun 1974, aku nglayani dadi perintis istiméwa. Aku dikancani karo Nigel Pitt, sing akhiré dadi sahabatku.
Ing Irlandia Utara mulai ana perang. Malah, ana sing ngomong nèk Irlandia Utara kuwi ”negara sing kebak bom lan peluru”. Ana kerusuhan, akèh wong ditémbaki, terus akèh mobil ya dibom. Kerep-kerepé kuwi kabèh merga masalah politik karo agama. Tapi, wong Kristen karo wong Katolik ngerti nèk Seksi Yéhuwah ora mèlu-mèlu politik. Dadi Seksi-Seksi Yéhuwah tetep isa nginjil. Pas nginjil, biasané sing nduwé omah ngandhani aku sik nèk misalé ana kerusuhan.
Tapi aku ana masalah. Pas kuwi, aku nginjil karo perintis jenengé Denis Carrigan. Aku nginjil ing dhaérah sing ora ana penginjilé. Aku lagi ping pisan ing kono. Ngerti-ngerti, ana wong wédok sing nudhuh nèk aku mata-mata tentara Inggris. Wektu kuwi, nèk wong konangan apikan karo tentara isa waé dipatèni utawa ditémbak dhengkulé. Aku wedi banget. Wong wédok kuwi kaya ngono mungkin merga aku karo Denis logaté ora kaya wong Irlandia. Pas aku nunggu bis, ana mobil sing marani wong wédok mau. Wong wédok kuwi ana ing cafe. Dhèwèké metu terus omong-omongan karo wong lanang loro sing ana ing njero mobil karo nunjuk-nunjuk aku. Wong lanang kuwi marani aku terus takon-takon karo aku soal jadwal bis. Pas bisé teka, wong lanang loro mau omong-omongan karo supir bisé. Merga ora ana wong liya, aku ngira nèk bakal digawa lunga terus digebugi. Tapi jebulé ora. Terus pas tekan tujuan, aku takon karo supiré, ”Wong mau takon apa?” Terus supir bisé ngomong, ”Aku ngerti nèk kowé Seksi Yéhuwah. Wongé mau tak omongi ngono. Wis kowé tenang waé.”
Pas aku nikah, sasi Maret 1977
Pas taun 1976, ing kebaktian distrika ing Dublin, aku ketemu karo Pauline Lomax. Dhèwèké kuwi perintis istiméwa saka Inggris. Dhèwèké kuwi wongé apik, rendah hati, terus ya ayu. Dhèwèké karo Ray, adhiné, wis kenal Yéhuwah kèt cilik. Setaun bar kuwi, aku nikah karo dhèwèké. Terus, aku karo dhèwèké dadi perintis istiméwa ing Ballymena, Irlandia Utara.
Aku sempet dadi pinituwa wilayah ing Belfast, Londonderry, karo kutha-kutha liyané sing kerep ana kerusuhan. Sedulur-sedulur ing kana kuwat imané, ora prasangka manèh, terus ya gelem ninggalké agama palsu merga péngin nglayani Yéhuwah. Hasilé, Yéhuwah mberkahi lan nglindhungi sedulur-sedulur kuwi.
Aku manggon ing Irlandia nganti sepuluh taun. Terus taun 1981, aku diundang ing Sekolah Giléad kelas ke-72. Bar kuwi, aku ditugaské ing Sierra Leone, Afrika Barat.
SEDULUR-SEDULUR ING SIERRA LEONE SING MISKIN TAPI KUWAT IMANÉ
Ing Sierra Leone, aku manggon karo utusan injil liyané. Aku sak omah wong 11. Ing kono dapuré siji, WC-né telu, kamar mandi loro, télponé mung siji, mesin cuciné siji, terus mesin pengering ya siji. Listriké ya kerep mati. Terus ana akèh tikus karo ula kobra.
Nyebrang kali bèn isa teka ing pertemuan gabungan wilayah ing Guinea
Meskipun uripé sak anané, tapi nglayani ing kono nyenengké banget. Wong-wong gelem ngrungokké kabar apik. Akèh sing sinau Alkitab terus akhiré dibaptis. Ing kono aku kerep diundang ”Pak Robert” terus Pauline diundang ”Bu Robert”. Tapi bar kuwi aku éntuk akèh tugas saka kantor cabang. Dadi aku nginjilé ora kerep kaya mbiyèn. Suwé-suwé, Pauline diundang ”Bu Pauline”, terus aku diundang ”Pak Pauline”. Pauline malah seneng aku diundang ngono.
Pas perjalanan arep nginjil ing Sierra Leone
Akèh sedulur-sedulur ing kono miskin banget. Tapi Yéhuwah selalu nyukupi kebutuhané sedulur-sedulur kuwi. (Mat. 6:33) Aku kèlingan banget ana sedulur wédok sing mung nduwé dhuwit kanggo tuku maeman kanggo dhèwèké lan anaké. Tapi, dhuwité kuwi malah diwènèhké sedulur lanang sing lagi lara malaria kanggo tuku obat. Ngerti-ngerti, ana wong wédok sing njaluk tulung karo dhèwèké kon nata rambuté bèn kétok luwih ayu. Terus dhèwèké dibayar. Kerep banget ana pengalaman sing kaya ngono.
BUDAYA SING BÉDA ING NIGERIA
Sakwisé nglayani ing Sierra Leone selama sangang taun, aku karo bojoku ditugaské ing Bètel ing Nigeria. Kuwi kantor cabang sing gedhé banget. Gawéanku ya ing kantor kaya pas ing Sierra Leone. Dadi kanggoku perubahan iki gampang. Tapi iki ora gampang kanggo Pauline. Sakdurungé, dhèwèké kan perintis istiméwa. Dhèwèké kudu nginjil 130 jam saben sasi. Terus, ana akèh sing sinau Alkitab karo dhèwèké. Saiki dhèwèké ditugaské ing bagéan njait. Dadi saben dina, dhèwèké gawéané njait. Mémang butuh wektu, tapi akhiré dhèwèké ngerti nèk sedulur-sedulur menghargai kerja kerasé. Pauline ya seneng nguwatké anggota Bètel liyané.
Budaya ing Nigeria kuwi béda banget karo budayaku. Wis tau ana sedulur lanang mara ing kantorku terus ngenalké sedulur wédok sing lagi waé mlebu Bètel. Pas mèh tak salami, sedulur wédok kuwi malah sujud ing sikilku. Aku kagèt banget. Aku kèlingan karo ayat ing Kisah 10:25, 26 karo Wahyu 19:10. Aku mikir, ’Dhèwèké kudu tak kandhani ora ya?’ Tapi dhèwèké kan wis kerja ing Bètel. Mesthiné wis ngerti soal Alkitab.
Pas kuwi, suasanané dadi ora pénak. Terus, aku mempelajari budaya ing kono. Ternyata, kuwi kebiasaan sing lumrah ing beberapa dhaérah ing negara kuwi. Jebulé, wong lanang ya sujud kaya ngono. Kuwi dudu maksudé nyembah wong, tapi bukti nèk ngajèni liyané. Kebiasaan kuwi mèh mirip karo sing dicathet ing Alkitab. (1 Sam. 24:8) Untung waé aku ora sida ngélikké sedulur wédok mau.
Akèh sedulur ing Nigeria sing imané kuwat. Misalé Sedulur Isaiah Adagbona.b Dhèwèké sinau Alkitab pas isih enom. Tapi ora suwé bar kuwi, dhèwèké lara kusta. Dhèwèké kudu dikarantina ing panti khusus penderita kusta. Mung dhèwèké sing Seksi Yéhuwah. Meskipun ana sing ora seneng merga dhèwèké nginjil ing panti, tapi dhèwèké isa mbantu 30 penderita kusta bèn isa dadi Seksi Yéhuwah. Malah ing panti kuwi nganti ana jemaat.
SEDULUR-SEDULUR ING KENYA SABAR BANGET
Ing Kenya ketemu badak
Taun 1996, aku karo bojoku ditugaské ing kantor cabang Kenya. Wis suwé aku ora ing Kenya. Ing Bètel ana akèh kethèk. Kethèk-kethèk kuwi kadhang ngrampok buah-buahan sing digawa sedulur-sedulur wédok. Wis tau ana sedulur wédok sing lali nutup jendhéla kamaré. Pas bali, dhèwèké ndelok ana kethèk sak keluarga lagi mangan panganané. Dhèwèké njerit terus mlayu. Kethèk-kethèk mau ya mèlu mlayu karo njerit-njerit.
Aku karo Pauline gabung ing jemaat basa Swahili. Durung suwé gabung, aku ditugasi mandhu Pelajaran Buku Sidang (saiki disebut Sinau Alkitab Jemaat), padahal aku durung lancar basa Swahili. Makané, aku persiapan sik bahané bèn isa maca pertanyaané. Tapi nèk jawabané béda karo paragrafé, aku ora paham. Mesakké sedulur-sedulur wektu kuwi. Tapi sedulur-sedulur tetep sabar karo aku.
SEDULUR-SEDULUR ING AMERIKA SING URIPÉ MAPAN TETEP NDUWÉ IMAN
Ora ana setaun aku ing Kenya. Taun 1997, aku karo Pauline diundang ing Bètel Brooklyn, New York. Ing kéné kabèh kecukupan. Tapi kuwi ya isa dadi masalah. (WB. 30:8, 9) Untungé sedulur-sedulur kuwi pikirané ora nggolèk dhuwit terus. Sedulur-sedulur nggunakké kabèh sing diduwèni bèn isa ndhukung organisasiné Yéhuwah. Sedulur-sedulur kuwi imané kuwat banget.
Selama bertahun-tahun, aku wis ndelok sedulur-sedulur sing kuwat imané. Ing Irlandia, sedulur-sedulur tetep kuwat imané meskipun ana perang lan kerusuhan. Ing Afrika, sedulur-sedulur tetep kuwat imané meskipun miskin lan ana sing dikarantina. Ing Amerika Serikat, sedulur-sedulur sing kecukupan ya tetep kuwat imané. Yéhuwah mesthi seneng banget merga umaté sayang karo Dhèwèké ora soal piyé keadaané.
Karo Pauline ing Bètel Warwick
Wektu rasané cepet banget, malah ”luwih cepet timbang alat sing dienggo nenun”. (Ayb. 7:6) Saiki, aku kerja ing kantor pusat ing Warwick, New York. Aku seneng banget isa nglayani bareng karo wong-wong sing saling menyayangi. Aku ya bahagia merga isa terus ndhukung Yésus sing sukmbèn bakal mberkahi wong-wong sing kuwat imané.—Mat. 25:34.
a Saiki, kebaktian distrik disebut pertemuan gabungan wilayah.
b Kisahé Sedulur Isaiah Adagbona dicritakké ing Menara Pengawal 1 April 1998 halaman 22-27. Dhèwèké mati taun 2010.