ARTIKEL PELAJARAN 24
Cita-Cita Rohani Isa Dadi Kenyataan
”Aja nyerah nindakké apa sing apik. Nèk awaké dhéwé ora nyerah, awaké dhéwé bakal manèn hasilé nèk wis wektuné.”—GAL. 6:9.
LAGU 84 Terus Marani
ISINÉ ARTIKEL IKIa
1. Apa waé sing dialami akèh sedulur?
APA njenengan nduwé cita-cita rohani, tapi rasané angèl terwujud?b Akèh sing ngrasa kaya ngono. Misalé, Philip péngin luwih kerep ndonga saka ati, tapi wektuné ora ana. Erika péngin tepat waktu teka ing pertemuan sakdurungé nginjil, tapi dhèwèké telat terus. Tomáš péngin maca Alkitab nganti rampung. Tapi dhèwèké ngomong, ”Aku ora menikmati maca Alkitab. Aku wis nyoba ping telu, tapi pas tekan buku Kaimaman aku mesthi mandheg maca.”
2. Ngapa kok aja nyerah nèk cita-citané durung kelakon?
2 Nèk tujuané durung kelakon, aja nyerah. Nyatané, cita-cita sing kétoké gampang waé butuh wektu lan upaya. Nganti saiki, njenengan isih berusaha bèn cita-cita isa kelakon. Kuwi bukti nèk njenengan sayang lan péngin mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah. Yéhuwah menghargai upayané njenengan. Yéhuwah ora njaluk sing ngluwihi kemampuané njenengan. (Mzm. 103:14; Mi. 6:8) Mula, nggawéa cita-cita sing masuk akal, sing sesuai karo kesanggupané njenengan. Terus, piyé carané kuwi isa kelakon? Ayo dirembug.
MOTIVASI KUWI PENTING
Ndonga (Deloken paragraf 3-4)
3. Kenapa motivasi kuwi penting?
3 Motivasi kuwi penting. Wong sing nduwé motivasi bakal berupaya tenanan bèn cita-citané isa kelakon. Motivasi padha kaya angin. Bèn prau isa tekan tujuané, butuh angin. Nèk anginé banter, luwih cepet tekan tujuané. Padha kaya ngono, saya gedhé motivasiné, saya cepet kelakon cita-citané. David, sedulur lanang saka El Salvador crita, ”Nèk nduwé motivasi, mesthi bakal berupaya tenanan. Ora ana masalah sing isa ngalangi.” Dadi, piyé carané bèn njenengan nduwé motivasi sing luwih gedhé?
4. Awaké dhéwé ndonga njaluk apa? (Filipi 2:13) (Deloken gambar kanggo paragraf 4.)
4 Ndonga. Liwat roh suciné, Yéhuwah isa mènèhi kepénginan bèn cita-cita kelakon. (Wacanen Filipi 2:13.) Kadhang awaké dhéwé ngerti nèk kudu nduwé cita-cita rohani, tapi ora nduwé motivasi. Kuwi sing dialami Norina, sedulur wédok saka Uganda. Dhèwèké péngin isa mandhu sinau Alkitab, tapi dhèwèké ngrasa ora trampil. Terus piyé? Norina crita, ”Saben dina aku ndonga bèn kepénginanku kanggo mandhu sinau Alkitab saya gedhé. Sakwisé ndonga, aku berupaya bèn luwih trampil. Beberapa bulan bar kuwi, aku ngrasa nèk kepénginanku saya gedhé. Ora suwé bar kuwi, ana loro sing sinau Alkitab karo aku.”
5. Apa sing isa dipikirké bèn motivasiné tambah gedhé?
5 Mikirké berkah-berkah saka Yéhuwah. (Mzm. 143:5) Merga Paulus mikirké Yéhuwah sing wis apikan, dhèwèké dadi péngin nglayani Yéhuwah luwih akèh. (1 Kor. 15:9, 10; 1 Tim. 1:12-14) Padha kaya ngono, nèk mikirké berkah-berkahé Yéhuwah kanggo njenengan, motivasiné njenengan ya bakal saya gedhé. (Mzm. 116:12) Gatèkna pengalamané sedulur wédok saka Honduras sing péngin dadi perintis biasa. Dhèwèké crita, ”Aku dadi ngerti nèk Yéhuwah sayang karo aku. Yéhuwah narik aku, ngopèni aku, lan nglindhungi aku. Merga mikirké kuwi, aku dadi tambah sayang karo Yéhuwah lan motivasiku tambah gedhé.”
6. Piyé bèn isa nduwé motivasi sing gedhé?
6 Mikirké manfaaté. Gatèkna pengalamané Erika sing péngin tepat waktu teka ing pertemuan sakdurungé nginjil. Dhèwèké crita, ”Sakjané éman-éman nèk tekané telat. Nèk teka gasik aku isa ngobrol karo sedulur-sedulur. Aku ya isa éntuk saran-saran sakdurungé nginjil bèn aku tambah trampil.” Erika mikirké manfaaté lan akhiré isa berhasil. Nèk njenengan piyé? Nèk nduwé tujuan kanggo maca Alkitab lan ndonga saben dina, apa manfaaté? Njenengan bakal tambah akrab karo Yéhuwah. (Mzm. 145: 18, 19) Nèk péngin nduwé sipat-sipat sing luwih apik, apa manfaaté? Njenengan isa luwih akrab karo sedulur-sedulur. (Kol. 3:14) Nèk nduwé cita-cita, coba tulisen manfaaté nèk misalé cita-cita kuwi kelakon. Terus, kerep-kerepa maca kuwi. Tomáš sing disebutké mau ngomong, ”Semakin akèh manfaat sing tak pikirké, semakin gedhé tékadku bèn cita-cita kuwi isa kelakon.”
7. Sapa sing mbantu Julio karo bojoné?
7 Bergaul karo sing isa nyemangati. (WB. 13:20) Gatèkna pengalamané Julio karo bojoné sing péngin nglayani ing dhaérah sing luwih mbutuhké penginjil. Julio crita, ”Aku bergaul karo wong-wong sing isa nyemangati aku. Aku ya crita soal cita-citaku. Kanca-kancaku kuwi nduwé cita-cita sing padha lan wis berhasil. Dadi isa ngèki saran-saran sing bermanfaat. Kanca-kancaku ya kerep takon apa waé sing wis tercapai. Terus ya selalu nyemangati aku.”
PAS ORA NDUWÉ MOTIVASI
Terus Berusaha (Deloken paragraf 8)
8. Nèk nunggu nganti nduwé motivasi, apa cita-citané njenengan bakal kelakon? Jelasna. (Deloken gambar kanggo paragraf 8.)
8 Kadhang, awaké dhéwé ngrasa ora nduwé motivasi. Apa kuwi berarti tujuané awaké dhéwé ora bakal kelakon? Misalé ngéné, prau butuh angin sing gedhé bèn isa tekan tujuané. Tapi kadhang anginé ora banter utawa malah ora ana. Nah nèk ngono, apa berarti prauné ora isa tekan tujuan? Ora ngono. Ana prau sing nduwé mesin utawa dayung. Kuwi isa dienggo bèn isa tekan tujuan. Padha kaya angin, kadhang motivasiné awaké dhéwé isa gedhé, kadhang ora ana babar blas. Nèk nunggu nganti nduwé motivasi, tujuané ya ora bakal kelakon. Awaké dhéwé isa nyoba cara-cara liya bèn isa tekan tujuan meskipun ora nduwé motivasi. Mémang nèk ora nduwé motivasi, awaké dhéwé kudu luwih berjuang. Tapi, awaké dhéwé ora bakal nyesel nèk cita-cita kuwi kelakon. Sakdurungé ngrembug cara-carané, ayo ngrembug pertanyaan sing mungkin njenengan pikirké.
9. Apa salah nèk terus berjuang meskipun ora péngin?
9 Yéhuwah péngin awaké dhéwé bahagia lan réla wektu nglayani Dhèwèké. (Mzm. 100:2; 2 Kor. 9:7) Lha nèk ngono, apa awaké dhéwé kudu tetep berjuang meskipun sakjané ora péngin? Gatèkna contoné Paulus. Paulus ngomong, ”Aku nggebugi badanku, lan kuwi tak préntah kaya budhak.” (1 Kor. 9:25-27, cathetan ngisor) Paulus tetep berjuang bèn isa manut karo Yéhuwah meskipun sakjané ora péngin. Apa Paulus nyenengké Yéhuwah? Ya. Malah, Yéhuwah mberkahi upayané Paulus.—2 Tim. 4:7, 8.
10. Apa waé manfaaté nèk terus berjuang meskipun ora nduwé motivasi?
10 Yéhuwah ya seneng nèk awaké dhéwé tetep berjuang meskipun ora nduwé motivasi. Meskipun ora seneng karo kegiatané, Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé berjuang merga sayang karo Yéhuwah. Kaya Yéhuwah mberkahi Paulus, Yéhuwah ya bakal mberkahi awaké dhéwé. (Mzm. 126:5) Pas ngrasakké dhéwé berkah saka Yéhuwah, njenengan mungkin dadi ngrasa termotivasi. Sedulur Lucyna saka Polandia crita, ”Kadhang aku males mangkat nginjil. Apa manèh nèk lagi kesel. Tapi ternyata bar rampung nginjil aku ngrasa bahagia. Kuwi berkah saka Yéhuwah.” Saiki ayo dirembug kudu piyé nèk ora nduwé motivasi.
11. Piyé carané Yéhuwah mbantu bèn awaké dhéwé isa ngendhalèni dhiri?
11 Ndonga bèn isa ngendhalèni dhiri. Wong sing isa ngendhalèni dhiri berarti sanggup ngendhalèni pikiran lan perbuatané. Dhèwèké ora bakal nglakoni sing salah. Sakliyané kuwi, dhèwèké ya isa nglakoni sing bener bahkan nèk kuwi angèl utawa ora nduwé motivasi. Wong isa ngendhalèni dhiri merga dituntun roh suci, mula njaluka karo Yéhuwah bèn dibantu roh suciné. (Luk. 11:13; Gal. 5:22, 23) David wis ngrasakké dhéwé nèk kuwi bener. Dhèwèké péngin isa rutin sinau Alkitab. Dhèwèké crita, ”Aku ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa ngendhalèni dhiri. Merga dibantu Yéhuwah, aku isa rutin sinau Alkitab.”
12. Menurut Pengkhotbah 11:4, piyé bèn cita-cita isa terwujud?
12 Aja ngentèni nganti keadaané bener-bener apik. Jaman saiki, aja berharap keadaané isa bener-bener apik. Nèk terus-terusan ngentèni, tujuané awaké dhéwé ora bakal isa kelakon. (Wacanen Pengkhotbah 11:4.) Sedulur Dayniel crita, ”Ora ana keadaan sing bener-bener apik. Keadaané bakal dadi apik nèk aku mulai waé.” Sedulur Paul saka Uganda crita kenapa kok aja nundha-nundha, ”Nèk awaké dhéwé mulai sik meskipun ora gampang, kuwi berarti mènèhi Yéhuwah kesempatan kanggo mberkahi awaké dhéwé.”—Mal. 3:10.
13. Apa manfaaté nèk mulai saka sing sederhana sik?
13 Mulai saka sing sederhana sik. Nèk cita-cita kedhuwuren, isa dadi ora nduwé motivasi. Nèk njenengan ngrasa ngono, apa isa nèk mulai saka sing sederhana sik? Misalé, njenengan péngin nduwé sipat-sipat sing luwih apik. Apa isa mulai nduduhké sipat kuwi ing kegiatan saben dina? Nèk péngin maca Alkitab nganti rampung, apa isa mulai macané sithik-sithik sik? Tomáš, sing disebutké mau, ora isa rampung maca Alkitab setaun. Dhèwèké crita, ”Aku sadhar nèk langsung maca sakmono akèhé, aku ora sanggup. Mula aku nyoba manèh, tapi saiki aku macané mung beberapa ayat saben dina terus tak renungké. Hasilé, aku dadi menikmati pas maca Alkitab.” Merga wis menikmati, saben maca Alkitab, macané dadi luwih akèh. Hasilé, dhèwèké isa rampung maca Alkitab.c
AJA NYERAH NÈK GAGAL
14. Apa waé sing isa nggawé gagal?
14 Meskipun nduwé motivasi lan wis berjuang tenanan, awaké dhéwé tetep isa gagal. Misalé, awaké dhéwé ora nduwé wektu merga ngalami ”kedadéan sing ora disangka-sangka”. (Pkh. 9:11) Awaké dhéwé ya isa dadi ora semangat merga ngalami masalah. (WB. 24:10) Merga ora sampurna, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing klèru. (Rm. 7:23) Utawa awaké dhéwé kesel. (Mat. 26:43) Nèk ngono piyé?
15. Nèk gagal, kenapa aja nyerah? (Mazmur 145:14)
15 Nèk gagal, ora kudu nyerah. Menurut Alkitab, awaké dhéwé isa waé gagal merga ngalami masalah. Tapi, awaké dhéwé sanggup ngatasi kuwi, apa manèh nèk dibantu Yéhuwah. (Wacanen Mazmur 145:14.) Sedulur Philip, sing disebutké mau, crita, ”Ora penting aku gagal ping pira. Aku tetep berhasil merga terus berusaha.” David ya ngomong, ”Kegagalan kuwi dudu rintangan, tapi kesempatan mbuktèkké nèk sayang karo Yéhuwah.” Nèk terus berjuang, kuwi bukti nèk njenengan péngin nggawé Yéhuwah seneng. Yéhuwah mesthi bangga karo njenengan.
16. Njenengan isa sinau apa saka kegagalan?
16 Sinau saka kegagalan. Coba pikirna, ’Kenapa kok isa gagal? Apa ana sing kudu diperbaiki bèn ora gagal manèh?’ (WB. 27:12) Kadhang kegagalan kuwi ya bukti nèk cita-cita kurang masuk akal. Nèk ngono, coba pikirna cita-cita sing sesuai karo kesanggupané njenengan.d Yéhuwah ora nganggep njenengan gagal mung merga nduwé cita-cita sing ngluwihi kesanggupan.—2 Kor. 8:12.
17. Kenapa kudu mikirké cita-cita sing wis kelakon?
17 Mikirké cita-cita sing wis kelakon. Menurut Alkitab, Gusti Allah ”ora bakal lali karo apa sing wis mbok tindakké”. (Ibr. 6:10) Dadi njenengan ya aja lali. Pikirna apa waé sing wis tercapai. Misalé, isa akrab karo Yéhuwah, crita karo wong liya soal Yéhuwah, utawa dibaptis. Nèk mbiyèn waé isa tercapai, cita-citané njenengan saiki ya isa tercapai nèk terus berjuang.—Flp. 3:16.
Menikmati Perjalanan (Deloken paragraf 18)
18. Apa sing terus dipikirké? (Deloken gambar kanggo paragraf 18.)
18 Nèk dibantu Yéhuwah, cita-citané njenengan mesthi isa terwujud. Kuwi kaya prau sing tekan tujuan. Sakliyané seneng merga tekan tujuan, sing numpak prau mesthi ya menikmati perjalanané. Padha kaya ngono, pikirna berkah-berkah lan bantuané Yéhuwah selama iki. (2 Kor. 4:7) Nèk ora nyerah, njenengan bakal éntuk berkah sing luwih akèh.—Gal. 6:9.
LAGU 126 Terus Kuwatna Imanmu
a Awaké dhéwé kerep disemangati bèn nduwé cita-cita rohani. Tapi piyé nèk awaké dhéwé ngrasa cita-cita kuwi angèl terwujud? Ing artikel iki bakal dibahas saran-saran bèn cita-cita kuwi isa kelakon.
b KATRANGAN: Cita-cita rohani kuwi apa waé sing diupayakké bèn isa nglayani luwih akèh lan nggawé Yéhuwah seneng. Misalé, nduwé sipat-sipat sing luwih apik, maca Alkitab saben dina, rajin sinau Alkitab, utawa luwih semangat nginjil.
c Deloken buku Memperoleh Manfaat dari Pendidikan Sekolah Pelayanan Teokratis halaman 10-11 paragraf 5.
d Deloken artikel ”Pupuklah Harapan yang Masuk Akal, dan Bersukacitalah” ing Menara Pengawal 15 Juli 2008.