Apa Panjenengan Ngerti?
Kok isa bata lan carané kuwi digawé ing jaman Babilon dadi bukti nèk Alkitab isa dipercaya?
BEBERAPA ahli arkéologi nemokké bata saka jaman Babilon sing dienggo mbangun kutha kuwi. Menurut ahli sing jenengé Robert Koldewey, bata kuwi digawé lan dibakar ing ruang pembakaran ”ing njaba kutha merga ing kono tanah liaté apik lan akèh suket sing isa dienggo mbakar bata kuwi”.
Ana ahli arkéologi sing nemokké bukti nèk ruang pembakaran pas jaman Babilon mbiyèn ora mung dienggo mbakar bata thok. Profésor Paul-Alain Beaulieu saka Universitas Toronto, sing ahli basa lan sejarah Asiria, ngomong, ”Ana tulisan sing isiné préntahé raja Babilon kanggo ngobong wong-wong sing ora manut raja lan sing ngécé déwa-déwa.” Ana tulisan saka jamané Raja Nébukhadnézar sing isiné, ”Wong-wong kuwi kudu diremuk, diobong, dipanggang, . . . ing ruang pembakarané juru masak . . . nganti asapé kebul-kebul lan nganti entèk.”
Mungkin awaké dhéwé dadi kèlingan karo kisah sing dicathet ing Danièl bab 3. Ing kisah kuwi disebutké nèk Raja Nébukhadnézar nggawé patung emas sing gedhé ing dataran Dura ing njaba kutha Babilon. Pas cah enom Yahudi sing jenengé Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ora gelem sujud nyembah patung kuwi, Nébukhadnézar nesu banget, terus mréntahké bèn ruang pembakaran ”dipanaské nganti ping pitu luwih panas timbang biasané”. Cah telu kuwi ”diuncalké ing ruang pembakaran” kuwi. Ana malaékat sing nylametké wong telu kuwi.—Dan. 3:1-6, 19-28.
© The Trustees of the British Museum. Licensed under CC BY-NC-SA 4.0. Source
Bata sing ditulisi jeneng Nébukhadnézar
Ana bata-bata sing ditemokké ing Babilon sing mbuktèkké nèk Alkitab isa dipercaya. Ing bata-bata kuwi ana tulisan sing isiné pujian-pujian kanggo raja. Misalé, ”Nébukhadnézar, raja Babilon . . . aku raja sing agung sing mbangun istana iki . . . muga-muga keturunanku mréntah nganti saklawasé.” Kata-kata kuwi mirip karo Danièl 4:30. Ing kono Nébukhadnézar ngomong, ”Luar biasa tenan Babilon sing tak bangun iki. Kuwi tak bangun nganggo kekuwatan lan kuwasaku dhéwé bèn dadi istanaku lan bèn padha ngerti nèk aku iki mulya lan hébat.”