PELAJARAN 61
Cah Telu sing Ora Gelem Sujud
Ora suwé sakwisé ngimpi patung gedhé, Raja Nébukhadnézar nggawé patung gedhé saka emas. Patung kuwi dibangun ing Dataran Dura. Bar kuwi, dhèwèké ngongkon kabèh wong penting ngumpul ing kana. Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ya dikon mrana. Nébukhadnézar ngomong, ’Pas krungu swara musik, kowé kabèh kudu sujud nyembah patung kuwi! Sing ora sujud, bakal dilebokké ing ruang pembakaran.’ Apa cah telu kuwi gelem sujud nyembah patung?
Terus, raja ngongkon musiké dimainké. Kabèh wong sujud, tapi Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ora. Ana sing ndelok cah telu kuwi ora sujud. Wong-wong kuwi ngomong karo raja, ’Cah telu kuwi ora gelem sujud.’ Nébukhadnézar ngundang cah telu kuwi, terus ngomong, ’Kowé tak kèki kesempatan manèh. Sujuda. Nèk ora sujud, kowé bakal tak lebokké ing ruang pembakaran. Ora ana allah sing isa nylametké kowé.’ Cah telu kuwi njawab, ’Ora usah. Aku yakin Gusti Allahku isa nylametké aku. Tapi, nèk aku ora dislametké, aku ya tetep ora bakal nyembah patung kuwi.’
Nébukhadnézar dadi nesu banget. Dhèwèké ngongkon pelayané, ’Gawénen ruang pembakaran kuwi ping pitu luwih panas timbang biasané.’ Bar kuwi, dhèwèké ngongkon prajurité, ’Talènana wong-wong iki, terus uncalna mrono.’ Akhiré, cah telu kuwi diuncalké ing ruang pembakaran. Ruang pembakaran kuwi panas banget nganti prajurit sing nyedhak waé langsung mati. Nébukhadnézar ndelok ruang pembakaran kuwi. Ana wong papat sing mlaku ing njero kono. Dhèwèké dadi wedi. Terus, dhèwèké takon karo para pejabaté, ’Sing diuncalké mau kan wong telu, ta? Kok aku ndelok ana papat? Sing sijiné kaya malaékat.’
Nébukhadnézar nyedhaki ruang pembakaran, terus mbengok, ’Kowé para abdiné Gusti Allah sing Mahaluhur, metua!’ Wong-wong kagèt wektu ndelok Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo isih urip. Kulit, rambut, lan pakaiané ora kobong. Cah-cah kuwi ya ora mambu sangit.
Nébukhadnézar ngomong, ’Gusti Allahé Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo hébat banget. Dhèwèké ngongkon malaékaté nylametké cah telu iki. Ora ana allah liya sing kaya Gusti Allahé wong telu iki.’
Kaya cah telu kuwi, apa kowé ya péngin terus manut Yéhuwah senajan keadaané angèl?
”Mung Yéhuwah, Gusti Allahmu sing kudu mbok sembah, lan mung marang Dhèwèké kowé kudu ngabdi.”—Matius 4:10