PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 60 hlm. 144-hlm. 145 par. 2
  • Kerajaan sing Bakal Terus Mréntah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kerajaan sing Bakal Terus Mréntah
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Mimpi soal Wit Gedhé
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Nabi Danièl Kuwi Sapa?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Intiné Buku Danièl
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 60 hlm. 144-hlm. 145 par. 2
Raja Nébukhadnézar mimpi ana patung gedhé sing hancur merga diantem watu

PELAJARAN 60

Kerajaan sing Bakal Terus Mréntah

Raja Nébukhadnézar tau éntuk mimpi sing anèh. Dhèwèké bingung banget nganti ora isa turu. Dhèwèké ngundang para ahli ilmu gaib, terus ngomong, ’Jelasna arti mimpiku.’ Wong-wong kuwi ngomong, ’Tulung critakna mimpiné njenengan.’ Tapi, Nébukhadnézar ngomong, ’Kowé sing kuduné nyritakké mimpiku. Nèk ora, kowé kabèh bakal tak patèni.’ Wong-wong kuwi njawab, ’Tulung critakna mimpiné njenengan, mengko tak jelaské artiné.’ Nébukhadnézar ngomong, ’Kowé arep ngapusi aku ya. Saiki critakna mimpiku!’ Terus, wong-wong kuwi ngomong, ’Ora ana manungsa sing isa nuruti apa sing dijaluk njenengan.’

Nébukhadnézar ngamuk. Dhèwèké ngongkon bèn kabèh ahli ilmu gaib lan wong pinter ing negri kuwi dipatèni. Kuwi berarti Danièl, Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ya bakal dipatèni. Danièl njaluk diwènèhi kesempatan kanggo njelaské mimpiné Raja. Danièl lan kanca-kancané ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Terus, Yéhuwah piyé?

Yéhuwah ngandhani Danièl soal mimpiné Nébukhadnézar lan artiné liwat wahyu. Sésuké, Danièl nemoni pelayané raja. Terus, dhèwèké ngomong, ’Aja matèni wong-wong pinter. Aku isa njelaské arti mimpiné Raja.’ Bar kuwi, pelayan mau ngejak Danièl nemoni Nébukhadnézar. Terus, Danièl ngomong karo Raja, ’Gusti Allah ngandhani apa sing bakal kelakon ing masa depan. Iki mimpiné njenengan: Njenengan ndelok ana patung sing gedhé banget. Sirahé saka emas, dhadha lan tangané saka pérak, weteng lan pupuné saka tembaga, sikilé saka wesi, lan sikil sing bagian ngisor saka wesi sing dicampur tanah liat. Terus, ana watu sing dipotong saka gunung. Watu kuwi ngantem sikil bagian ngisor patung. Patungé remuk dadi bubuk, terus ketiup angin. Akhiré, watu kuwi dadi gunung sing gedhé lan ngebaki bumi.’

Terus, Danièl ngomong, ’Iki artiné mimpi kuwi: Sirah saka emas kuwi nggambarké kerajaané njenengan. Bagian saka pérak kuwi nggambarké kerajaan sing bakal mréntah sakwisé kerajaané njenengan. Terus, bakal ana kerajaan sing kaya tembaga. Kerajaan iki bakal nguwasani bumi. Bar kuwi, ana kerajaan sing kuwat kaya wesi. Terus, bakal ana kerajaan sing sebagian kuwat kaya wesi, tapi sebagian manèh rapuh kaya tanah liat. Watu sing dadi gunung kuwi maksudé Kerajaané Gusti Allah. Kerajaan kuwi bakal ngancurké kabèh kerajaan lan bakal terus mréntah nganti saklawasé.’

Nébukhadnézar sujud ing ngarepé Danièl. Nébukhadnézar ngomong, ’Gusti Allahmu sing ngandhani kowé soal mimpi iki. Ora ana Gusti Allah sing kaya Dhèwèké.’ Danièl ora dipatèni Nébukhadnézar. Danièl malah didadèkké penguasa ing Babilon lan kepalané para pejabat. Yéhuwah njawab dongané Danièl, ta?

”Raja-raja kuwi diklumpukké ing panggonan sing ing basa Ibrani disebut Armagédon.”​—Wahyu 16:16

Pertanyaan: Kenapa Danièl isa njelaské arti mimpiné Nébukhadnézar? Apa arti mimpi kuwi?

Danièl 2:1-49

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim