PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w23 November hlm. 31
  • Kepénginané Hulda Keturutan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kepénginané Hulda Keturutan
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Aplikasi sing Kaya Perpustakaan
    Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
w23 November hlm. 31

Kepénginané Hulda Keturutan

NÈK njenengan tau mara ing Pulau Sangir Besar ing Indonesia, njenengan mungkin tau ketemu karo sedulur wédok telu sing lagi ing pantai. Meréka terkenal ing pulau kuwi merga seneng ngajari wong-wong sinau Alkitab. Tapi, nèk pas ing pantai kuwi meréka lagi nyambut gawé. Gawéané apa?

Péta Indonesia lan negara-negara ing sekitaré. Ana gambar Pulau Sangir Besar.

Pulau Sangir Besar ing bagéan utara Indonesia

Pertama, meréka njupuki watu-watu sing gedhé saka laut, terus digawa ing pantai. Beberapa watuné kuwi gedhéné nganti sak bal. Terus, meréka lungguh ing dhingklik lan nuthuki watu-watu kuwi nganggo palu. Watu-watuné dithuthuki nganti ukurané luwih cilik timbang endhog pitik. Bar kuwi, watu-watuné dilebokké èmbèr plastik, terus digawa mulih. Ing omah, watu-watuné dilebokké karung-karung gedhé, terus karungé diunggahké truk. Watu-watu kuwi mengkoné bakal digunakké dadi bahan kanggo nggawé dalan.

Hulda lagi nglumpukké watu ing pantai

Salah siji sedulur kuwi jenengé Hulda. Merga wektuné luwih longgar, dhèwèké isa luwih kerep kerja timbang liyané. Biasané, dhèwèké kerja mung bèn isa nyukupi kebutuhan keluargané. Tapi saiki, dhèwèké arep nabung merga péngin tuku sesuatu. Dhèwèké péngin tuku tablèt bèn isa mbukak aplikasi JW Library®. Dhèwèké mikir nèk nduwé tablèt mengko dhèwèké isa mbukak vidéo-vidéo utawa artikel-artikel saka JW Library® pas nginjil lan pas pelajaran pribadi.

Selama siji setengah bulan, Hulda kerjané saben ésuk rong jam. Dhèwèké nuthuki akèh watu nganti éntuk sak truk cilik. Akhiré, dhèwèké nduwé dhuwit dienggo tuku tablèt.

Hulda karo tablèté

Hulda crita, ”Sakjané aku ya kesel, awakku ya lara kabèh. Tapi kuwi ora tak rasakké soalé aku seneng banget wis nduwé tablèt anyar. Bar nduwé tablèt iki, persiapan pertemuan ibadah dadi luwih gampang, lan nginjilku ya dadi luwih nyenengké.” Dhèwèké ya ngomong nèk pas awal-awal pandemi, tablèté ya berguna banget. Soalé, kabèh kegiatan ing jemaat kuwi liwat online. Awaké dhéwé mesthi ya mèlu seneng merga sing dipéngini Hulda akhiré keturutan.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim