Cobanen Iki
Ngapalké Lagu-Lagu saka Organisasi
”Nèk pas aku lagi sedhih banget, Yéhuwah nguwatké aku nganggo lagu-lagu saka JW Broadcasting®.”—Lorraine, Amerika Serikat.
Kèt mbiyèn, wong Kristen seneng nyanyi kanggo muji Gusti Allah. (Kol. 3:16) Nèk wis apal liriké, njenengan isa tetep nyanyi meskipun ora nduwé HP, tablèt, utawa buku nyanyian. Nah, piyé carané ngapalké? Njenengan isa nyoba saran-saran iki:
Dipahami tenan liriké bèn ngerti artiné. Biasané isa dadi luwih éling nèk paham artiné. Nèk péngin ngerti lirik lagu-lagu JW Broadcasting® utawa lagu anak-anak, bukaken jw.org ing bagéan Perpustakaan, terus Musik.
Tulisen liriké ing kertas. Biasané nèk ditulis manèh, mengko dadi gampang éling kata-katané.—PT. 17:18.
Latihan. Wacanen liriké, terus nyanyèkna kuwi ping bola-bali.
Ajar ngéling-éling. Coba nyanyia, tapi ora karo ndelok liriké.