ARTIKEL PELAJARAN 12
LAGU 77 Kabar sing Nggawé Donya Padhang
Ngedohi ”Peteng” lan Terus Ana ing ”Padhang”
”Mbiyèn, kowé ana ing panggonan sing peteng, ning saiki kowé ana ing panggonan sing padhang.”—ÉF. 5:8.
INTI
Pelajaran saka istilah ”peteng” lan ”padhang” sing disebutké Rasul Paulus ing Éfésus bab 5.
1-2. (a) Pas nulis surat kanggo wong Kristen ing Éfésus, situasi apa sing lagi diadhepi Paulus? (b) Pertanyaan-pertanyaan apa sing bakal dibahas ing artikel iki?
WEKTU nyurati sedulur-sedulur ing Éfésus, Rasul Paulus lagi dadi tahanan omah ing Roma. Paulus péngin nyemangati para sedulur, tapi merga ora isa teka, dhèwèké nulis surat. Suraté kuwi ditulis kira-kira taun 60 utawa 61 M.—Éf. 1:1; 4:1.
2 Sepuluh taun sakdurungé, Paulus tau nginjil lan mulang ing Éfésus. (Kis. 19:1, 8-10; 20:20, 21) Dhèwèké sayang banget karo para sedulur ing kono lan péngin nguwatké bèn meréka tetep setya karo Yéhuwah. Tapi, ngapa kok wong-wong Kristen sing nduwé harapan munggah swarga kuwi dikèki surat soal ”peteng” lan ”padhang”? Terus, apa pelajarané kanggo awaké dhéwé? Pertanyaan-pertanyaan kuwi bakal dibahas ing artikel iki.
SAKA ”PANGGONAN SING PETENG” ING ”PANGGONAN SING PADHANG”
3. Ing suraté kanggo wong Kristen ing Éfésus, Paulus nyebutké soal apa, lan kuwi nggambarké apa?
3 Paulus nulis kanggo wong Kristen ing Éfésus, ”Mbiyèn, kowé ana ing panggonan sing peteng, ning saiki kowé ana ing panggonan sing padhang.” (Éf. 5:8) Ing surat kuwi, Paulus nyebutké kata ”peteng” lan ”padhang” kanggo nggambarké perubahan sing gedhé banget. Apa maksudé wong Kristen ing Éfésus mbiyèn ”ana ing panggonan sing peteng”?
4. Apa buktiné nèk wong Éfésus ana ing panggonan sing peteng?
4 Agama palsu. Sakdurungé dadi Kristen lan ngerti ajaran sing bener, wong Éfésus percaya ilmu gaib lan ajaran sing salah. Ing kutha Éfésus ana kuilé Dèwi Artémis. Kuil kuwi terkenal banget nganti dianggep salah siji saka tujuh keajaiban dunia. Wong-wong padha teka ing kuil kuwi kanggo nyembah brahala. Ing kono para pengrajin dodolan patung Dèwi Artémis lan patung kuil. Kuwi dadi bisnis sing untungé gedhé banget. (Kis. 19:23-27) Sakliyané kuwi, akèh wong ing Éfésus padha nggunakké ilmu gaib.—Kis. 19:19.
5. Apa buktiné nèk wong-wong ing Éfésus kuwi kelakuané bejat?
5 Kelakuané bejat banget. Wong-wong ing Éfésus kelakuané ora nggenah lan ora nduwé isin. Sing dadi hiburan, bahkan sing ditampilké ing perayaan keagamaan kuwi biasané soal sèks. (Éf. 5:3) Akèh wong Éfésus wis babar blas ”ora nduwé isin”. Istilah kuwi nèk diterjemahké kata per kata artiné ”wis mati rasa”. (Éf. 4:17-19) Sakdurungé ngerti pathokané Yéhuwah soal sing bener lan sing salah, hati nuraniné wong Kristen ing Éfésus kuwi mati rasa. Wektu nglakoni perbuatan sing salah, meréka ora perduli piyé perasaané Yéhuwah. Makané, Paulus ngomong nèk ”pikirané wong-wong kuwi peteng” lan wong-wong kuwi adoh saka urip sing asalé saka Gusti Allah.
6. Apa maksudé wong Kristen ing Éfésus saiki ”ana ing panggonan sing padhang”?
6 Ana wong-wong Éfésus sing mauné ”ana ing panggonan sing peteng” tapi akhiré ”ana ing panggonan sing padhang merga wis dadi duwèké Gusti”. (Éf. 5:8) Meréka saiki gelem dituntun omongané Yéhuwah, sing diumpamakké kaya padhang. (Mzm. 119:105) Meréka wis ora mraktèkké ajaran agama palsu, lan tingkah lakuné wis dadi apik. Meréka ”niru Gusti Allah” lan ngupayakké sing paling apik bèn isa terus ngibadah lan nggawé Yéhuwah seneng.—Éf. 5:1.
7. Apa sing padha saka awaké dhéwé karo wong Kristen ing Éfésus?
7 Sakdurungé ngerti ajaran sing bener, awaké dhéwé ya kaya ”ana ing panggonan sing peteng”. Ana sing ngrayakké perayaan agama palsu, terus ya ana sing kelakuané bejat. Tapi bar ngerti pathokané Yéhuwah soal sing bener lan sing salah, pikiran lan tingkah lakuné awaké dhéwé mulai disesuaikké karo karepé Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé ngrasakké akèh manfaat. (Yés. 48:17) Nah, bèn isa terus ngedohi ”panggonan sing peteng” lan terus ana ing ”panggonan sing padhang”, awaké dhéwé kudu piyé?
Image digitally reproduced with the permission of the Papyrology Collection, Graduate Library, University of Michigan, P.Mich.inv. 6238. Licensed under CC by 3.0
Awaké dhéwé saiki ya isa éntuk manfaat saka suraté Paulus kanggo wong Kristen ing Éfésus (Deloken paragraf 7)b
NGEDOHI ”PANGGONAN SING PETENG”
8. Menurut Éfésus 5:3-5, wong Kristen ing Éfésus aja nganti nglakoni apa waé?
8 Wacanen Éfésus 5:3-5. Bèn isa terus ngedohi ”panggonan sing peteng”, wong Kristen ing Éfésus kudu terus nolak apa waé sing marakké Yéhuwah ora seneng. Kuwi berarti ora mung ora nglakoni hubungan sèks sing ora pantes, tapi ya ora ngomongké sing saru-saru. Paulus ngélingké nèk kelakuané meréka ora nggenah, meréka ”ora bakal nampa warisan ing Kerajaané Gusti Allah”.
9. Ngapa kok kudu nolak apa waé sing isa marakké dadi gampang kegodha hubungan sèks sing ora pantes?
9 Awaké dhéwé kudu berjuang bèn aja nganti ”mèlu-mèlu nindakké apa waé sing ditindakké pas peteng”. (Éf. 5:11) Biasané, nèk wong kerep ndelok, ngrungokké, utawa ngomongké sing saru-saru, kuwi mesthi ujung-ujungé dhèwèké ya bakal nglakoni kuwi. (PD. 3:6; Yak. 1:14, 15) Ing salah siji negara, ana akèh sedulur sing mulai ”berteman” ing média sosial. Awalé, obrolané soal hal-hal rohani. Tapi suwé-suwé, sing diomongké mulai ora nggenah lan malah mbahas soal sèks. Akèh saka meréka sing akhiré melakukan hubungan sèks sing ora pantes. Meréka ngakoni nèk kuwi mulainé gara-gara omongan sing saru-saru.
10. Sétan péngin awaké dhéwé mikir apa soal tingkah laku sing ora nggenah? (Éfésus 5:6)
10 Sétan péngin awaké dhéwé percaya nèk sing dianggep Yéhuwah bejat lan ora nggenah kuwi sakjané ora salah. (2 Ptr. 2:19) Kuwi siasaté Sétan kèt mbiyèn. Dhèwèké péngin nggawé bèn wong-wong ora isa mbédakké sing bener lan sing salah. (Yés. 5:20; 2 Kor. 4:4) Makané akèh film, acara TV, lan situs wèb isiné hal-hal sing ora sesuai karo pathokané Yéhuwah. Sétan péngin awaké dhéwé mikir nèk tingkah laku sing ora nggenah kuwi saiki wis umum lan kuwi ora berbahaya, ning malah nyenengké.—Wacanen Éfésus 5:6.
11. Saka pengalamané Angela, apa bahayané nèk ora ngetrapké naséhat ing Éfésus 5:7? (Deloken gambar.)
11 Sétan péngin awaké dhéwé bergaul karo wong-wong sing ora manut pathokané Yéhuwah. Makané, Paulus ngongkon wong Éfésus, ”Aja kekancan karo wong-wong kuwi”, maksudé wong-wong sing kelakuané ora nggenah. (Éf. 5:7, cathetan ngisor) Awaké dhéwé saiki kudu luwih ngati-ati daripada wong Éfésus mbiyèn. Soalé saiki bergaul kuwi ora mung secara langsung, tapi ya isa liwat média sosial. Angela,a sing manggon ing Asia, ngomong nèk média sosial kuwi ya ana bahayané. Dhèwèké crita, ”Suwé-suwé pikiranku ya mulai terpengaruh. Aku dadi ora masalah nèk ’berteman’ karo wong-wong sing ora manut pathokan ing Alkitab. Terus, akhiré aku ya mèlu-mèlu tingkah lakuné meréka.” Untungé, ana pinituwa sing ngélingké Angela. Angela crita manèh, ”Saiki, wektuku luwih akèh dienggo mikirké Yéhuwah, timbang médsos-an.”
Pilihan kanca bergaul kuwi penting bèn isa terus manut pathokané Yéhuwah (Deloken paragraf 11)
12. Bèn isa terus manut pathokané Yéhuwah, apa waé sing isa dipikirké?
12 Awaké dhéwé ya kudu berjuang bèn aja nganti mikir nèk kelakuan sing ora nggenah kuwi ora masalah. (Éf. 4:19, 20) Pikirna, ’Apa aku isih seneng bergaul karo kanca kerja, kanca sekolah, utawa wong liya sing dudu penyembah Yéhuwah, padahal sakjané urusané ora patia penting? Apa aku wani manut pathokané Yéhuwah meskipun dianggep wong sing kaku?’ Bahkan, kaya sing disebutké ing 2 Timotius 2:20-22, awaké dhéwé ya kudu ngati-ati wektu milih kanca ing jemaat. Soalé, ana sedulur-sedulur sing isa waé marakké awaké dhéwé ora setya karo Yéhuwah.
”TERUS URIP DADI ANAK-ANAKÉ CAHAYA”
13. Apa maksudé ”terus urip dadi anak-anaké cahaya”? (Éfésus 5:7-9)
13 Paulus ora mung ngongkon wong Kristen ing Éfésus bèn ngedohi kelakuan sing ora nggenah, tapi ya ”terus urip dadi anak-anaké cahaya”. (Wacanen Éfésus 5:7-9.) Apa maksudé? Kuwi berarti tingkah lakuné saben dina kudu mbuktèkké nèk bener-bener muridé Yésus. Salah siji carané yaiku kudu rajin mempelajari Alkitab lan publikasi saka organisasi. Sing paling penting, kudu niru teladan lan ngetrapké ajarané Yésus Kristus, ”cahaya sing madhangi donya”.—Yoh. 8:12; WB. 6:23.
14. Roh suci mbantuné piyé?
14 Bèn isa ”terus urip dadi anak-anaké cahaya” sing tingkah lakuné ”suci”, awaké dhéwé butuh bantuan roh suciné Gusti Allah. Soalé, akèh wong saiki kelakuané bejat. (1 Tés. 4:3-5, 7, 8) Roh suci bakal mbantu awaké dhéwé bèn ora terpengaruh wong-wong sing pikirané ora sesuai karo pandhangané Yéhuwah. Roh suci ya bakal mbantu awaké dhéwé ”ngasilké apa waé sing apik, adil, lan bener”.—Éf. 5:9.
15. Apa waé carané bèn isa éntuk roh suci? (Éfésus 5:19, 20)
15 Salah siji cara bèn isa éntuk roh suci kuwi kudu ndonga. Yésus ngomong nèk Yéhuwah bakal ”mènèhi roh suci kanggo wong-wong sing njaluk marang Dhèwèké”. (Luk. 11:13) Cara liyané kuwi muji Yéhuwah ing pertemuan ibadah. (Wacanen Éfésus 5:19, 20.) Wong sing dituntun roh suci mesthi pikiran lan tingkah lakuné selalu nyenengké Yéhuwah.
16. Piyé bèn isa nggawé keputusan sing bener? (Éfésus 5:10, 17)
16 Wektu arep nggawé keputusan, kudu nggolèki sik apa ”karepé Yéhuwah”, terus nggawé keputusan berdasarkan kuwi. (Wacanen Éfésus 5:10, 17.) Nggolèki pathokan ing Alkitab kuwi padha karo péngin ngerti pandhangané Yéhuwah soal masalah sing lagi diadhepi. Nèk pathokané Yéhuwah ditrapké, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener.
17. Sing termasuk nggunakké wektu kanggo sing paling penting kuwi apa? (Éfésus 5:15, 16) (Deloken gambar.)
17 Paulus ya ngekèki naséhat wong Kristen ing Éfésus bèn pinter-pinter nggunakké wektu. (Wacanen Éfésus 5:15, 16.) Sétan péngin bèn awaké dhéwé terlalu sibuk nganti ora nduwé wektu kanggo nglayani Yéhuwah. (1 Yoh. 5:19) Awaké dhéwé isa waé mulai ngutamakké harta, pendidikan, utawa gawéan, timbang nggolèk kesempatan kanggo nglayani Yéhuwah. Nèk kuwi sing kelakon, sakjané kuwi tandha pikirané wis mulai terpengaruh dadi kaya wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah. Mémang, hal-hal kuwi penting tapi aja nganti dadi sing paling penting. Makané bèn isa ”dadi anak-anaké cahaya”, awaké dhéwé kudu nggunakké wektu kanggo ngutamakké sing bener-bener penting.
Wong Kristen ing Éfésus dinaséhati bèn pinter-pinter nggunakké wektuné (Deloken paragraf 17)
18. Bèn isa nggunakké wektuné kanggo sing paling penting, apa sing diupayakké Donald?
18 Kudu nggolèk kesempatan bèn isa nglayani Yéhuwah luwih akèh. Kuwi kaya contoné Donald, sing manggon ing Afrika Selatan. Donald crita, ”Bar mikirké manèh situasiku, aku ndonga njaluk Yéhuwah bèn mbantu aku isa luwih akèh nginjil. Aku ya ndonga bèn isa éntuk gawéan sing wektuné cocog kanggo merintis. Merga dibantu Yéhuwah, akhiré aku éntuk gawéan sing cocog. Bar kuwi, aku karo bojoku mulai nglayani sepenuh waktu.”
19. Piyé bèn isa ”terus urip dadi anak-anaké cahaya”?
19 Suraté Paulus ora mung bermanfaat kanggo wong Kristen ing Éfésus. Kuwi ya isa mbantu awaké dhéwé bèn isa tetep setya karo Yéhuwah. Misalé, awaké dhéwé diélingké nèk kudu pinter-pinter milih hiburan lan kanca. Terus, awaké dhéwé ya kudu rajin sinau Alkitab bèn pikiran lan tingkah lakuné isa sesuai karo ajaran sing bener. Terus, bèn isa nduwé sifat-sifat sing apik, awaké dhéwé butuh bantuané roh suci. Nèk ngetrapké naséhaté Paulus kuwi, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener, sing sesuai karo pandhangané Yéhuwah. Awaké dhéwé ya isa terus dituntun ajaran sing bener lan ora mèlu-mèlu pikiran lan tingkah lakuné wong-wong sing bejat.
APA JAWABANÉ?
Sing dimaksud ”panggonan sing peteng” lan ”panggonan sing padhang” ing Éfésus 5:8 kuwi apa?
Bèn isa ngedohi ”panggonan sing peteng” kuwi kudu ngapa waé?
Bèn isa ”terus urip dadi anak-anaké cahaya”, kudu piyé?
LAGU 95 Dalan sing Bener Saya Padhang
a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.
b PENJELASAN GAMBAR: Salinan suraté Rasul Paulus kanggo wong Kristen ing Éfésus.