PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w24 Juli hlm. 14-19
  • Terus Waspada Bèn Aja Nganti Kegodha

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Terus Waspada Bèn Aja Nganti Kegodha
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • KUDU LUWIH WASPADA ING HAL APA?
  • CARANÉ BÈN ORA GAMPANG KEGODHA
  • TERUS WASPADA
  • BERKAHÉ NÈK TERUS WASPADA
  • Njenengan Mesthi Isa Nglawan Kepénginan sing Salah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • ”Terus Ngetutké” Yésus Sakwisé Dibaptis
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
w24 Juli hlm. 14-19

ARTIKEL PELAJARAN 29

LAGU 121 Kudu Terus Ngendhalèni Dhiri

Terus Waspada Bèn Aja Nganti Kegodha

”Kowé kudu terus jaga-jaga lan terus ndonga bèn kowé ora nyerah lan nindakké dosa.”—MAT. 26:41.

INTI

Kudu waspada bèn aja nganti nggawé dosa. Bahkan, ya kudu menghindari hal-hal sing isa marakké kegodha nggawé dosa.

1-2. (a) Yésus ngélikké murid-muridé bèn aja nganti ngapa? (b) Ngapa kok murid-murid akhiré ninggalké Yésus? (Deloken gambar.)

SAKDURUNGÉ Yésus mati, murid-muridé percaya diri banget nèk ora bakal ninggalké Yésus. (Mat. 26:35) Tékadé meréka apik. Tapi meréka ora nyangka nèk pas situasiné angèl, meréka dadi gampang nyerah lan akhiré nglakoni sing salah. Yésus ngerti nèk murid-muridé ora sampurna lan bakal nggawé kesalahan. Makané, dhèwèké ngomong, ”Senajan wong semangaté gedhé, ning awaké ora kuwat nglakoni.”a (Mat. 26:41b) Tapi saka kata-kata kuwi, Yésus ya ngélikké murid-muridé, termasuk awaké dhéwé, bèn aja terlalu percaya diri. Makané Yésus ngomong, ”Kowé kudu terus jaga-jaga lan terus ndonga bèn kowé ora nyerah lan nindakké dosa.”—Mat. 26:41a.

2 Sayangé, murid-murid ora terus waspada utawa ”jaga-jaga”. Akibaté, wektu Yésus ditangkep, meréka malah ninggalké Yésus, padahal sakdurungé wis janji nèk ora bakal ninggalké Yésus.—Mat. 26:56.

Gambar: Pas bengi-bengi, Yésus karo para rasulé ing Taman Gètsemani. 1. Yésus omong-omongan karo para rasulé. 2. Para rasul keturon. 3. Para rasul mlayu pas Yésus ditangkep.

Yésus naséhati murid-muridé bèn terus jaga-jaga lan waspada, tapi meréka akhiré malah ninggalké dhèwèké (Deloken paragraf 1-2)


3. (a) Bèn isa terus setya karo Yéhuwah, ngapa kok ora éntuk terlalu percaya diri? (b) Apa sing arep dibahas ing artikel iki?

3 Awaké dhéwé aja nganti terlalu percaya diri. Mémang, awaké dhéwé mesthi bertékad bèn aja nganti nggawé Yéhuwah sedhih. Tapi, awaké dhéwé ora sampurna lan gampang kegodha nglakoni sing salah. (Rm. 5:12; 7:​21-23) Isa waé, ngerti-ngerti ana keadaan sing marakké awaké dhéwé dadi mikir nèk nglakoni sing salah kuwi ora apa-apa. Bèn isa terus setya karo Yéhuwah lan Yésus, kudu manut naséhaté Yésus kanggo terus waspada bèn aja nganti kegodha nglakoni sing salah. Ing artikel iki arep dibahas: Pertama, awaké dhéwé kudu luwih waspada ing hal-hal apa? Keloro, piyé carané bèn ora gampang kegodha? Ketelu, piyé bèn isa terus waspada?

KUDU LUWIH WASPADA ING HAL APA?

4-5. Apa bahayané nèk melakukan hal-hal salah sing sakjané dudu dosa gedhé?

4 Hal-hal salah sing sakjané dudu dosa gedhé ya isa marakké awaké dhéwé ora akrab manèh karo Yéhuwah. Kuwi ya isa marakké awaké dhéwé nggawé dosa sing luwih gedhé.

5 Awaké dhéwé mesthi bakal ngadhepi godhaan. Tapi, saben wong kuwi kelemahané béda-béda. Ana sing kudu berjuang bèn ora nglakoni hubungan sèks sing ora pantes. Terus ya ana sing kudu berjuang bèn ora nglakoni kebiasaan sing najis, misalé masturbasi utawa ndelok pornografi. Ana manèh sing kudu berjuang bèn ora gampang nesu, sombong, utawa wedi karo wong. Kuwi sebabé, Yakobus ngomong, ”Saben wong diuji wektu dhèwèké ditarik lan digodha karo kepénginané dhéwé.”—Yak. 1:14.

6. Awaké dhéwé kudu ngerti lan ngakoni apa?

6 Apa njenengan ngerti kelemahané njenengan? Nèk ora ngakoni nduwé kelemahan kuwi utawa malah mikir nèk ora bakal kegodha nggawé dosa, kuwi bahaya. (1 Yoh. 1:8) Élinga, Paulus ngomong nèk bahkan wong ”sing dituntun roh suci” ya isa kegodha nèk ora waspada. (Gal. 6:1) Makané, penting kanggo ngerti lan ngakoni kelemahané awaké dhéwé.—2 Kor. 13:5.

7. Awaké dhéwé kudu luwih ngati-ati soal apa? Kèkana perumpamaan.

7 Nah, bar ngerti kelemahané apa, kudu piyé? Ya kudu berupaya ngatasi kuwi. Perumpamaané ngéné: Ing jaman Alkitab, bagéan kutha sing paling lemah kuwi gerbangé. Makané, kuwi sing dijaga paling ketat. Padha kaya ngono, awaké dhéwé kudu luwih ngati-ati ing hal-hal sing dadi kelemahané awaké dhéwé.—1 Kor. 9:27.

CARANÉ BÈN ORA GAMPANG KEGODHA

8-9. Sakjané, cah lanang sing disebutké ing Wulang Bebasan bab 7 ora bakal nggawé dosa nèk dhèwèké ngapa? (Wulang Bebasan 7:​8, 9, 13, 14, 21)

8 Nah, bèn ora gampang kegodha, kudu piyé? Ayo nggatèkké pelajaran saka cah lanang enom sing disebutké ing Wulang Bebasan bab 7. Dhèwèké nglakoni hubungan sèks sing ora pantes karo wong wédok sing kelakuané bejat. Ing ayat 22 disebutké nèk cah lanang kuwi ”langsung” ngetutké wong wédok kuwi. Tapi, ing ayat-ayat sakdurungé disebutké nèk ternyata ana hal-hal sing dhèwèké lakukan sing alon-alon marakké dhèwèké nggawé dosa gedhé.

9 Sakdurungé nggawé dosa gedhé, cah lanang kuwi ngapa waé? Awalé, pas soré-soré, ”dhèwèké ngliwati dalan cedhak omahé wong wédok kuwi”, terus ”mlaku menyang omahé”. (Wacanen Wulang Bebasan 7:​8, 9.) Pas ndelok wong wédok kuwi, dhèwèké ora lunga. Malah, dhèwèké meneng waé wektu diambung. Dhèwèké ya ngrungokké pas wong wédok kuwi crita nèk bar mènèhké korban kerukunan. Padahal, mungkin wong wédok kuwi crita kaya ngono bèn cah lanang kuwi mikir nèk wong wédok kuwi wongé apik. (Wacanen Wulang Bebasan 7:​13, 14, 21.) Nèk kèt awal cah lanang kuwi menghindari hal-hal sing disebutké mau, dhèwèké mesthi ora bakal kegodha nglakoni dosa gedhé.

10. Umaté Yéhuwah saiki ya isa ngalami kaya cah lanang enom mau. Kok isa?

10 Sing dialami cah lanang kuwi ya isa dialami karo kabèh penyembahé Yéhuwah. Kerep-kerepé, wong sing nggawé dosa gedhé mungkin ngomong nèk dhèwèké nggawé dosa kuwi merga ngerti-ngerti ana godhaan sing muncul. Padahal nèk dhèwèké gelem mikirké manèh, mungkin dhèwèké dadi sadhar nèk sakjané wis nggawé beberapa kesalahan cilik sing ngarah ing dosa gedhé kuwi. Misalé, dhèwèké mulai kancanan karo sing dudu penyembahé Yéhuwah. Utawa, dhèwèké seneng mbukak situs wèb, milih hiburan, utawa lunga ing panggonan sing ora pantes kanggo wong Kristen. Terus, mungkin dhèwèké wis ora maca Alkitab, ndonga, teka ngibadah, utawa nginjil manèh. Dadi, kaya cah lanang ing Wulang Bebasan mau, dhèwèké nganti nggawé dosa gedhé kuwi dudu merga ngerti-ngerti ana godhaan.

11. Apa sing kudu dihindari bèn aja nganti nggawé dosa?

11 Apa pelajarané? Aja mung berupaya bèn ora nggawé dosa, tapi ya aja nganti nglakoni hal-hal sing isa marakké nggawé dosa. Kuwi sing ditandheské Salomo bar nyritakké soal cah lanang enom lan wong wédok kuwi. Dhèwèké ngomong, ”Aja nganti ngetutké wong wédok kuwi.” (WB. 7:25) Dhèwèké ya ngomong, ”Aja cedhak-cedhak karo dhèwèké. Aja nyedhaki lawang omahé.” (WB. 5:​3, 8) Dadi, bèn aja nganti nggawé dosa, kudu menghindari hal-hal lan situasi sing isa marakké kegodha.b Kuwi termasuk menghindari hal-hal sing mungkin sakjané ora salah, tapi isa marakké awaké dhéwé gampang kegodha nglakoni sing salah.—Mat. 5:​29, 30.

12. Menurut Ayub 31:​1, Ayub nduwé tékad apa, terus apa manfaaté kuwi kanggo dhèwèké?

12 Kudu nduwé tékad sing kuwat bèn isa menghindari hal-hal utawa situasi sing isa marakké kegodha. Kaya Ayub, dhèwèké ’wis nggawé perjanjian karo mripaté’ nèk ora bakal ndelok wong wédok liya karo mikir sing saru-saru. (Wacanen Ayub 31:​1, cathetan ngisor.) Merga bertindak sesuai tékadé, Ayub dadi ora laku jina. Awaké dhéwé ya isa nduwé tékad kanggo menghindari apa waé sing isa marakké kegodha.

13. Ngapa kok kudu ngati-ati karo sing dipikirké? (Deloken gambar.)

13 Awaké dhéwé ya kudu ngati-ati karo sing dipikirké. (Pa. 20:17) Ana sing mikir nèk mbayangké sing salah kuwi ora apa-apa, sing penting ora dilakoni. Kuwi penalaran sing salah. Nèk wong wis nduwé kepénginan sing salah tapi dipikirké terus, kepénginan kuwi bakal dadi tambah kuwat. Akibaté, dhèwèké bakal dadi luwih angèl kanggo nolak godhaan. Mémang, pikiran sing salah kuwi isa waé kadhang-kadhang muncul. Tapi sing penting, kudu langsung ditolak, terus ganti mikirké sing apik-apik. Manfaaté, kepénginan sing salah kuwi ora dadi tambah kuwat, lan awaké dhéwé dadi ora nggawé dosa sing gedhé.—Flp. 4:8; Kol. 3:2; Yak. 1:​13-15.

Gambar: 1. Pas bengi-bengi, sedulur lanang nonton TV. 2. Dhèwèké nglirik kanca kerjané sing wédok. 3. Dhèwèké karo kanca kerjané wédok kuwi ngombé ing bar.

Kudu menghindari hal-hal lan situasi apa waé sing isa marakké kegodha (Deloken paragraf 13)


14. Apa manèh sing isa dilakukan bèn ora gampang kegodha?

14 Apa manèh sing kudu dilakukan bèn ora gampang kegodha? Kudu yakin tenan nèk manut préntahé Yéhuwah kuwi mesthi ana manfaaté. Mémang, bèn isa mikir lan nduwé pandhangan sing padha kaya karepé Yéhuwah kuwi kadhang ora gampang. Tapi nèk berjuang kanggo ngupayakké kuwi, awaké dhéwé mesthi bakal bener-bener bahagia.

15. Nèk bertékad nglakoni sing bener, ngapa kok awaké dhéwé dadi ora gampang kegodha?

15 Awaké dhéwé kudu bertékad nglakoni sing bener. Nèk ngupaya ”sengit karo apa sing jahat lan seneng karo apa sing apik”, tékadé awaké dhéwé isa dadi tambah kuwat lan ya isa menghindari situasi sing marakké kegodha. (Am. 5:15) Terus, nèk tiba-tiba ana ing situasi sing marakké kegodha, awaké dhéwé ya isa wani nolak.

16. Ngapa kok isa terus waspada nèk sibuk nglakoni kegiatan rohani? (Deloken gambar.)

16 Piyé bèn isa bertékad nglakoni sing bener? Kudu sibuk nglakoni kegiatan rohani. Pas ngibadah utawa nginjil, tékadé awaké dhéwé kanggo nggawé Yéhuwah seneng isa tambah kuwat lan dadi ora gampang kegodha nglakoni sing salah. (Mat. 28:​19, 20; Ibr. 10:​24, 25) Wektu mempelajari lan ngrenungké Alkitab, awaké dhéwé dadi tambah seneng karo apa sing apik lan sengit karo apa sing jahat. (Yos. 1:8; Mzm. 1:​2, 3; 119:​97, 101) Sakliyané kuwi, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Kowé kudu . . . terus ndonga bèn kowé ora nyerah lan nindakké dosa.” (Mat. 26:41) Wektu ndonga, awaké dhéwé ngekèki Yéhuwah kesempatan kanggo mbantu awaké dhéwé, lan tékadé awaké dhéwé kanggo nggawé Yéhuwah seneng ya dadi tambah kuwat.—Yak. 4:8.

Bèn ora gampang kegodha, kudu sibuk nglakoni kegiatan rohani (Deloken paragraf 16)c


TERUS WASPADA

17. Pétrus isih kudu berjuang ngatasi kelemahan apa?

17 Mungkin awaké dhéwé nduwé kelemahan sing wis isa diatasi. Tapi isa waé, ana kelemahan liya sing isih durung isa diatasi. Gatèkna Rasul Pétrus. Merga wedi manungsa, dhèwèké nganti ping telu ora ngakoni Yésus. (Mat. 26:​69-75) Kétoké kelemahan kuwi wis isa diatasi. Buktiné, dhèwèké kendel banget ngekèki kesaksian soal Yésus ing ngarepé Sanhèdrin. (Kis. 5:​27-29) Tapi beberapa taun bar kuwi, Pétrus ora gelem mangan bareng karo wong-wong Kristen sing dudu Yahudi merga ”wedi karo wong-wong sing ndhukung sunat”. (Gal. 2:​11, 12) Pétrus wedi manèh karo manungsa. Mungkin, Pétrus durung isa bener-bener ngatasi kelemahan kuwi.

18. Kelemahan sing kétoké wis berhasil diatasi isa waé dadi piyé?

18 Kaya Pétrus, mungkin ana kelemahan sing awaké dhéwé pikir wis berhasil diatasi, tapi bar kuwi muncul manèh. Misalé, ana siji sedulur lanang sing crita, ”Wis sepuluh taun aku ora nonton pornografi. Aku yakin nèk kelemahanku kuwi wis isa tak atasi. Tapi ternyata kelemahanku kuwi kaya kéwan buas sing lagi ngumpet lan nunggu wektu sing pas kanggo nyerang.” Untungé, sedulur kuwi terus berjuang ngatasi kelemahané. Dhèwèké ngerti nèk sakdurungé donya anyar, dhèwèké kudu terus berjuang nglawan kepénginan sing salah seumur hidupé. Dhèwèké isa luwih waspada soal pornografi merga dibantu bojoné lan para pinituwa.

19. Nèk isih nduwé kelemahan sing durung isa diatasi, kudu piyé?

19 Piyé bèn kelemahan sing durung isa diatasi ora marakké awaké dhéwé nglakoni dosa? Kudu manut naséhaté Yésus, ”Kowé kudu terus jaga-jaga.” Maksudé, waspada bèn aja nganti kegodha. Bahkan pas ngrasa kuwat, ya kudu tetep menghindari situasi sing isa marakké kegodha. (1 Kor. 10:12) Upayakna terus cara-cara sing wis marakké njenengan berhasil nolak godhaan. Ing 2 Pétrus 3:14 disebutké nèk ”kudu ngupaya tenanan” kanggo terus waspada bèn aja nganti kegodha.

BERKAHÉ NÈK TERUS WASPADA

20-21. (a) Apa waé berkahé nèk terus waspada bèn aja nganti kegodha? (b) Nèk awaké dhéwé wis berjuang, Yéhuwah bakal piyé? (2 Korintus 4:7)

20 Awaké dhéwé yakin nèk berupaya terus waspada kuwi berkahé akèh. Nèk nggawé dosa, mungkin isa ”ngrasakké seneng sedhéla”, tapi awaké dhéwé bakal luwih bahagia nèk manut karepé Yéhuwah. (Ibr. 11:25; Mzm. 19:8) Soalé, awaké dhéwé mémang dirancang kanggo terus manut karepé Yéhuwah. (PD. 1:27) Berkahé, hati nurani isa ngrasa pénak lan sukmbèn isa urip saklawasé.—1 Tim. 6:12; 2 Tim. 1:3; Yud. 20, 21.

21 Awaké dhéwé nduwé kelemahan, tapi ora berarti kelemahan kuwi ora isa diatasi. Yéhuwah siap ngekèki kekuwatan sing dibutuhké. (Wacanen 2 Korintus 4:7.) Mémang Yéhuwah bakal ngekèki kekuwatan sing luar biasa. Tapi, awaké dhéwé ya kudu nggunakké kabèh kekuwatan kanggo berjuang bèn aja nganti kegodha. Nèk wis berjuang, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal njawab donga lan ngekèki kekuwatan tambahan pas dibutuhké. (1 Kor. 10:13) Merga dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé isa terus waspada bèn aja nganti kegodha.

APA JAWABANÉ?

  • Awaké dhéwé kudu luwih waspada ing hal-hal apa?

  • Piyé carané bèn ora gampang kegodha?

  • Ngapa kok kudu terus waspada?

LAGU 47 Ayo Ndonga Saben Dina

a KETERANGAN: Kata ’semangat’ sing disebutké Yésus ing Matius 26:41 kuwi maksudé kepénginané awaké dhéwé kanggo nglakoni sing bener. Terus, kata ’awak’ utawa ’daging’ kuwi maksudé keadaané awaké dhéwé sing dosa lan ora sampurna. Dadi, meskipun sakjané péngin nglakoni sing bener, tapi nèk ora ngati-ati, isa dadi nyerah lan kegodha nglakoni sing salah.

b Nèk wis tau nggawé dosa gedhé, ana naséhat sing apik ing buku Bahagia Saklawasé, Pelajaran 57 nomer 1-3, lan artikel ”’Terus Mandeng’ Masa Depan” ing Warta Penting November 2020, halaman 27-29, paragraf 12-17.

c PENJELASAN GAMBAR: Sedulur lanang pas ésuk-ésuk maca ayat harian, pas istirahat makan siang maca Alkitab, terus benginé teka ing pertemuan ibadah tengah pekan.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim