PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Agustus hlm. 31
  • Pertanyaan saka Pembaca

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pertanyaan saka Pembaca
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kratoné Allah Nyingkirké Mungsuhé
    Kratoné Allah Wis Mréntah
  • Terus Ngentèni Tekané Armagédon
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Carané Yéhuwah Ngadili Selama Sengsara Gedhé
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Tetep Setya Bèn Isa Slamet saka ”Sengsara Gedhé”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Agustus hlm. 31

Pertanyaan saka Pembaca

Kapan rampungé gawéan martakké kabar apik?

Yésus ngomong, ”Kabar apik soal Kerajaan bakal diumumké ing kabèh wilayah ing bumi bèn kabèh bangsa krungu, terus akhir kuwi bakal teka.” (Mat. 24:14) Kata ”akhir” ya muncul ing ayat 6 lan 13. Ing basa asliné kuwi teʹlos, sing maksudé akhir saka donya sing dikuwasani Sétan, yaiku pas Armagédon. (Why. 16:​14, 16) Kuwi berarti, tugas kanggo martakké kabar apik soal Kerajaan bakal terus dilakukan nganti persis sakdurungé Armagédon. Iki pemahaman sing anyar.

Mbiyèn, awaké dhéwé ngertiné nèk gawéan martakké kabar apik bakal terus dilakukan mung nganti sengsara gedhé dimulai, yaiku pas Babilon Gedhé dihancurké. (Why. 17:​3, 5, 15, 16) Wektu kuwi, Yéhuwah wis ora ngekèki kesempatan manèh wong-wong nampa kabar apik. (Yés. 61:2) Nèk péngin dislametké, kudu mbuktèkké sik nèk setya nglayani Yéhuwah sakdurungé sengsara gedhé. Menurut pemahaman mbiyèn, kuwi dipadhakké kaya wong Yahudi sing slamet pas Yérusalèm dihancurké taun 607 SM. Meréka ditandhai kanggo dislametké merga wis nglayani Yéhuwah lan ora seneng ndelok perkara-perkara sing njijiki sakdurungé Yérusalèm dihancurké. (Yèh. 5:11; 9:4) Tapi, pemahaman kuwi ora cocog. Soalé menurut Matius 24:14 mau, wong mungkin isih nduwé kesempatan nanggepi kabar apik nganti persis sakdurungé Armagédon.

Merga pemahaman anyar iki, berarti pemahaman soal berita sing dipadhakké kaya udan ès ing Wahyu 16:21 ya kudu disesuaikké. Loro ayat kuwi sakjané saling berkaitan. Ngertiné nèk berkaitan kuwi saka penjelasan ing Alkitab soal tanggepané wong wektu ngrungokké kabar apik. Rasul Paulus tau ngomong, kanggo ”sing bakal dislametké”, berita kuwi bakal dadi kabar apik, kaya ”ambu sing marahi urip”. Tapi kanggo mungsuh-mungsuhé Gusti Allah, berita kuwi bakal dadi kabar èlèk, kaya ”ambu sing nyebabké kematian”. (2 Kor. 2:​15, 16) Berita kuwi nyingkapké nèk donya sing meréka banggak-banggakké kuwi jahat, dikuwasani Sétan, lan bakal dihancurké.—Yoh. 7:7; 1 Yoh. 2:17; 5:19.

Udan ès kuwi ya bakal ”medèni banget”. Mungkin maksudé selama sengsara gedhé, berita kuwi bakal menjangkau luwih akèh wong lan èfèké gedhé banget. Hasilé, luwih akèh wong bakal ngerti jeneng Yéhuwah. (Yèh. 39:7) Kemungkinan, sakwisé Babilon Gedhé dihancurké, bakal ana wong-wong sing tertarik karo ”ambu wangi”, yaiku berita soal Kerajaan. Mungkin meréka dadi éling nèk selama bertaun-taun Seksi-Seksi Yéhuwah wis ngandhani nèk Babilon Gedhé bakal dihancurké, lan saiki meréka ndelok dhéwé kuwi kelakon tenan.

Élinga sing kelakon pas ing Mesir mbiyèn. Sakwisé Yéhuwah ”ngukum déwa-déwané wong Mesir” nganggo Sepuluh Bencana, ana ”wong-wong saka bangsa liya” sing mèlu nggabung bangsa Israèl metu saka Mesir. (Pa. 12:​12, 37, 38) Meréka mungkin dadi gelem nggabung karo umaté Yéhuwah merga ndelok dhéwé nèk omongané Musa soal Sepuluh Bencana kuwi kelakon tenan.

Sapa waé sing milih nglayani Yéhuwah sakwisé Babilon Gedhé dihancurké, isih nduwé kesempatan kanggo ndhukung sedulur-seduluré Kristus sing isih ana ing bumi. (Mat. 25:​34-36, 40) Tapi, kesempatan kanggo disebut domba kuwi mung nganti persis sakdurungé Armagédon. Sakwisé kuwi, sedulur-seduluré Yésus sing isih ing bumi bakal munggah swarga.

Pemahaman sing diperjelas iki bukti nèk Yéhuwah bener-bener sayang lan gampang mesakké. Dhèwèké ”ora péngin ana wong sing disingkirké. Dhèwèké péngin kabèh wong mertobat”.—2 Ptr. 3:9.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim