Ngajèni Kebébasan kanggo Milih
”Ing ngendi ana Rohing Allah ing kono ana kamardikan.”—2 KR. 3:17.
1, 2. (a) Apa waé kandhané wong-wong bab kebébasan kanggo milih? (b) Apa kandhané Alkitab bab kebébasan kanggo milih, lan pitakonan apa waé sing bakal dirembug?
WEKTU nggawé keputusan, ana wong wédok sing kandha, ”Aku wegah mikir. Omonga waé aku kudu piyé.” Wong wédok kuwi luwih seneng digawèkké keputusan karo wong liya, timbang nggunakké apa sing wis Yéhuwah paringké, yaiku kebébasan kanggo milih. Nèk panjenengan piyé? Luwih seneng nggawé keputusan dhéwé, utawa digawèkké wong liya? Piyé pandhangan panjenengan bab kebébasan kanggo milih?
2 Wong-wong nduwé pandhangan sing béda-béda bab kebébasan kanggo milih. Ana sing kandha nèk kita ora isa bébas milih merga kabèh wis ditakdirké Gusti Allah. Liyané kandha nèk manungsa kuwi nduwé kebébasan kanggo milih nèk isa bébas nindakké apa waé sak senengé dhéwé. Ning, Alkitab kandha nèk manungsa kuwi dirancang nduwé kebébasan lan isa nggawé keputusan sing apik. (Wacanen Yusak 24:15.) Alkitab mènèhi jawaban kanggo pitakonan-pitakonan iki: Apa kebébasan kita ana watesé? Piyé kuduné awaké dhéwé nggunakké kebébasan wektu nggawé keputusan? Piyé rasa tresna kita marang Yéhuwah isa kétok saka keputusané awaké dhéwé? Piyé carané ngajèni keputusané wong liya?
NIRU YÉHUWAH LAN YÉSUS
3. Piyé carané Yéhuwah nggunakké kebébasané sing mutlak?
3 Mung Yéhuwah sing nduwé kebébasan sing mutlak lan kita isa sinau saka carané Yéhuwah nggunakké kebébasané. Contoné, Yéhuwah milih bangsa Israèl dadi umaté ”kang kinasihan”. (PT. 7:6-8) Yéhuwah nindakké kuwi merga péngin netepi janjiné mbiyèn marang Abraham. (Pd. 22:15-18) Sakliyané kuwi, tumindaké Yéhuwah mesthi welas asih. Kuwi kétok saka carané Yéhuwah wektu maringi disiplin kanggo bangsa Israèl sing ora manut. Merga welas asihé, Yéhuwah ngapura bangsa Israèl sing mertobat. Yéhuwah ngendika, ”Ingsun bakal mulihaké wong-wong iku saka ing pamurtadé, lan bakal ngasihi kanthi legawaning galih.” (Hs. 14:5) Yéhuwah maringi tuladha sing apik bab carané nggunakké kebébasan kanggo mbantu wong liya.
Wektu ing swarga, Yésus pilih tetep setya marang Yéhuwah sarta ora mèlu-mèlu Sétan lan balané
4, 5. (a) Piyé Yésus nggunakké kebébasané kanggo milih? (b) Pitakonan apa sing kudu dipikirké?
4 Yéhuwah maringi kebébasan kanggo milih marang para malaékat lan manungsa. Yésus uga diparingi kebébasan kanggo milih lan digawé nurut gambaré Yéhuwah. (Kl. 1:15) Piyé Yésus nggunakké kebébasané? Wektu ing swarga, Yésus pilih tetep setya marang Yéhuwah sarta ora mèlu-mèlu Sétan lan balané. Wektu ing bumi, Yésus pilih nolak godhané Sétan. (Mt. 4:10) Banjur, wengi sakdurungé séda, Yésus kandha karo Yéhuwah nèk dhèwèké péngin nindakké kersané Yéhuwah. Yésus kandha, ”Dhuh Rama, manawi Paduka marengaken, mugi tuwung punika kapundhuta saking Kawula. Nanging sampun pikajeng Kawula, namung karsa Paduka ingkang kalampahana.” (Lk. 22:42) Kayadéné Yésus, apa awaké dhéwé pancèn isa nggawé keputusan sing ngajèni Yéhuwah lan cocog karo kersané?
5 Awaké dhéwé isa niru Yésus merga manungsa uga digawé nurut gambaré Yéhuwah. (Pd. 1:26) Ning, Alkitab ngandhani nèk kebébasané awaké dhéwé kuwi ana watesé. Yéhuwah maringi aturan lan péngin awaké dhéwé manut karo aturan kuwi. Contoné, ing keluarga, wong wédok kudu manut karo bojoné lan anak-anak kudu manut marang wong tuwané. (Éf. 5:22; 6:1) Piyé carané nggawé keputusan sing cocog karo aturané Yéhuwah? Pitakonan kuwi kudu dipikirké merga ana pengaruhé kanggo urip kita mbésuk.
NGGUNAKKÉ KEBÉBASAN KANGGO MILIH
6. Terangna apa sebabé aturan kuwi penting.
6 Senajan ana aturan, awaké dhéwé tetep nduwé kebébasan. Aturan kuwi digawé kanggo njaga kita, ora kanggo ngalang-ngalangi. Contoné, awaké dhéwé lunga adoh numpak mobil. Piyé nèk ing ndalan ora ana aturané lan wong-wong padha numpak kendaraan sak karepé dhéwé? Apa panjenengan rumangsa aman ing ndalan kuwi? Mesthiné ora. Aturan kuwi perlu bèn kita kabèh isa nyaman. Ayo dirembug conto-conto saka Alkitab bab gunané aturan sing digawé Yéhuwah kanggo awaké dhéwé.
7. (a) Apa bédané Adam karo kéwan? (b) Critakna salah siji carané Adam nggunakké kebébasan kanggo milih.
7 Béda karo kéwan, manungsa lan malaékat digawé nduwé kebébasan kanggo milih. Dadi, Adam uga nduwé kebébasan kuwi. Salah siji carané Adam nggunakké kebébasan kuwi yaiku njenengi kéwan-kéwan. Alkitab kandha nèk kéwan-kéwan kuwi ”padha ditekakaké ana ing sangarepé manungsa, karsané supaya pirsa kapriyé anggoné bakal njenengaké”. Sakwisé ngematké tenanan, Adam banjur njenengi kéwan-kéwan kuwi. Yéhuwah ora ngowahi pilihané Adam. Alkitab kandha, ”Jeneng kang diwènèhaké manungsa marang sadhéngah kang urip mau, iya iku dadia jenengé.”—Pd. 2:19.
8. Piyé Adam nggunakké kebébasan nganggo cara sing salah, lan apa akibaté?
8 Yéhuwah ndhawuhi Adam bèn nggawé bumi dadi pirdus. Yéhuwah ngendika, ”Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; ngebakana bumi lan telukna. Iwak ing segara lan manuk ing awang-awang sarta sakabèhing sato-kéwan kang rumangkang ana ing bumi iku padha sira kuwasanana.” (Pd. 1:28) Ning, Adam malah milih ora manut karo aturané Yéhuwah lan mangan woh sing wis dilarang. Kabèh wong ngalami kasusahan nganti saiki, merga Adam nggunakké kebébasané nganggo cara sing salah. (Rm. 5:12) Dadi, keputusan sing klèru isa ndadèkké cilaka. Mula, kita kudu nggunakké kebébasan nganggo cara sing bener lan manut karo aturané Yéhuwah.
Wong-wong Israèl gelem dadi umaté Yéhuwah lan manut karo aturané Yéhuwah
9. Bangsa Israèl nduwé kesempatan apa, lan bangsa kuwi wis janji arep ngapa?
9 Kabèh manungsa éntuk warisan dosa lan pati saka Adam lan Kawa. Ning, awaké dhéwé isih nduwé kebébasan kanggo milih. Kuwi nyata saka tumindaké Yéhuwah marang bangsa Israèl. Yéhuwah maringi bangsa Israèl kesempatan kanggo dadi umat pilihané. (Pa. 19:3-6) Bangsa kuwi gelem dadi umaté lan manut karo aturané. Bangsa Israèl kandha, ”Punapa sadhawuhipun Pangéran Yéhuwah punika badhé sami kula èstokaken.” (Pa. 19:8) Ning, akiré bangsa kuwi ora netepi janjiné. Awaké dhéwé kudu nggunakké kebébasan nganggo cara sing bener lan terus nyedhak marang Yéhuwah sarta manut karo hukumé.—1 Kr. 10:11.
10. Manungsa sing ora sampurna isa nggunakké kebébasan nganggo cara sing bener. Sapa waé contoné lan piyé critané? (Deloken gambar ing kaca 9.)
10 Ana 16 wong sing setya, lanang lan wédok, sing disebutké jenengé ing Ibrani bab 11. Wong-wong kuwi gelem manut karo aturané Yéhuwah. Hasilé, wong-wong kuwi nampa berkah sing akèh lan nduwé pengarep-arep urip sukmbèn. Contoné, Nuh nduwé iman sing kuwat lan gelem manut marang préntahé Yéhuwah kanggo mbangun bahtera, bèn isa nylametké keluargané lan bakal keturunané sukmbèn. (Ib. 11:7) Abraham lan Sara gelem manut karo Yéhuwah lan lunga menyang dhaérah sing dijanjèkké. Wong loro kuwi sakjané ”kagungan wektu kang ombèr kanggo kondur” menyang kutha Ur. Ning, Abraham lan Sara terus mikirké janjiné Yéhuwah bab urip mbésuk. Alkitab kandha nèk wong loro kuwi ’kapéngin marang tanah kang luwih becik’. (Ib. 11:8, 13, 15, 16) Musa nolak kamulyan ing Mesir lan pilih ”nandhang sangsara karo umaté Gusti Allah, katimbang karo ngraosaké kamuktèning dosa sawatara mangsa”. (Ib. 11:24-26) Ayo niru imané wong-wong kuwi lan nggunakké kebébasan kanggo nindakké kersané Yéhuwah.
11. (a) Apa berkahé nèk nggunakké kebébasan kanggo milih? (b) Apa sebabé panjenengan péngin nggunakké kebébasan nganggo cara sing bener?
11 Kétoké pancèn luwih pénak nèk ana sing nggawèkké keputusan, ning awaké dhéwé dadi ora isa ngrasakké berkahé. Apa berkahé? Alkitab nerangké ing Pangandharing Torèt 30:19, 20. (Wacanen.) Ing ayat 19, Yéhuwah maringi pilihan marang bangsa Israèl. Ing ayat 20, bangsa kuwi diparingi kesempatan kanggo nduduhké rasa tresna marang Yéhuwah. Kita uga isa nduduhké rasa tresna marang Yéhuwah, nèk nggunakké kebébasan nganggo cara sing bener lan pilih ngabdi marang Yéhuwah.
AJA TUMINDAK SAK KAREPÉ DHÉWÉ
12. Awaké dhéwé aja nganti nindakké apa?
12 Bayangna nèk panjenengan ngekèki hadiah marang kanca, ning hadiahé malah dibuwang ing tempat sampah. Utawa malah dinggo nyilakani wong liya. Panjenengan mesthi dadi lara ati. Kebébasan kanggo milih kuwi hadiah saka Yéhuwah. Dadi, Yéhuwah mesthi lara ati nèk wong-wong padha nggunakké kebébasan kuwi nganggo cara sing salah lan malah nggawé pilihan sing èlèk utawa nyilakani wong liya. Alkitab kandha nèk ing ”dina-dina wekasan”, wong-wong bakal ”ora duwé panarima”. (2 Tm. 3:1, 2) Mula, piyé carané ngajèni hadiah saka Yéhuwah? Lan piyé carané bèn ora nganti nggunakké kebébasan nganggo cara sing salah?
13. Kebébasané awaké dhéwé aja nganti digunakké kanggo apa?
13 Kita kabèh bébas milih kanca, hiburan, klambi, lan dandanan. Ning, aja nganti kuwi dinggo alesan kanggo mèlu-mèlu modhèl sing wis umum ing donya iki sing ora nyenengké Yéhuwah. (Wacanen 1 Pétrus 2:16.) Awaké dhéwé kuduné nggunakké kebébasan kanggo ”kaluhurané Gusti Allah”.—1 Kr. 10:31; Gl. 5:13.
14. Apa sebabé kita kudu percaya marang Yéhuwah wektu nggawé keputusan?
14 Yéhuwah ngendika, ”Iya Ingsun iki Yéhuwah, Allahira, kang mulang marang sira bab apa kang maédahi, kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati.” (Yé. 48:17) Kita kudu percaya lan manut karo aturané Yéhuwah bèn isa nggawé keputusan sing bener. Awaké dhéwé perlu ngakoni nèk ”manungsa punika boten gadhah pangwaos netepaken marginipun piyambak, lan tiyang ingkang andon lampah boten gadhah pangwaos netepaken jangkahipun”. (Ym. 10:23) Adam lan bangsa Israèl sing ora setya pilih manut karo karepé dhéwé timbang aturané Yéhuwah. Awaké dhéwé aja nganti mèlu-mèlu kaya ngono, ning kudu ’kumandel marang Pangéran Yéhuwah klawan gumolonging ati [kita]’.—WB. 3:5.
NGAJÈNI KEPUTUSANÉ WONG LIYA
15. Apa sing isa disinau saka pathokan ing Galati 6:5?
15 Kita uga kudu ngajèni keputusané wong liya, merga kabèh wong nduwé kebébasan kanggo milih. Dadi, ora mungkin keputusané awaké dhéwé isa padha plek karo wong liya. Contoné keputusan bab tumindak lan ibadah. Élinga pathokan ing Galati 6:5. (Wacanen.) Saben wong Kristen nduwé tanggung jawab marang keputusané dhéwé. Mula, awaké dhéwé kudu ngajèni keputusané wong liya.
Aja meksa wong liya bèn nggawé keputusan sing padha (Deloken paragraf 15)
16, 17. (a) Piyé kebébasan kanggo milih dadi masalah ing jemaat Korintus? (b) Piyé Paulus mbantu para sedulur ing kono, lan apa piwulangé kanggo awaké dhéwé?
16 Gatèkna conto ing Alkitab iki. Wong-wong Kristen ing jemaat Korintus ribut bab mangan daging sing wis dikurbanké kanggo brahala lan bar kuwi didol ing pasar. Ana sing hati nuraniné ngéntukké mangan daging kuwi merga ngerti nèk brahala kuwi ora urip. Ning, ana sing mbiyèné nyembah brahala rumangsa nèk mangan daging mau padha karo nyembah brahala. (1 Kr. 8:4, 7) Kuwi masalah gedhé sing isa nggawé jemaat dadi ora rukun. Piyé Paulus mbantu wong-wong Kristen ing kono ngrampungi masalah kuwi?
17 Sing sepisan, Paulus ngélingké para sedulur mau nèk panganan ora isa nguwatké hubungan karo Yéhuwah. (1 Kr. 8:8) Banjur, Paulus ngélikké wong-wong kuwi bèn aja nganti ’wewenangé [haké kanggo milih]’ nglarani hati nuraniné wong liya. (1 Kr. 8:9) Terus, wong-wong sing hati nuraniné ora pénak mau dikandhani Paulus bèn aja nganggep nèk para sedulur sing pilih mangan daging kuwi salah. (1 Kr. 10:25, 29, 30) Dadi, ing bab penting kaya mau waé saben wong Kristen perlu nggawé keputusan dhéwé. Apa manèh ing bab sing luwih sepélé, kita uga kudu ngajèni keputusané sedulur liya.—1 Kr. 10:32, 33.
18. Apa buktiné nèk panjenengan ngajèni kebébasan kanggo milih?
18 Kebébasan kanggo milih kuwi hadiah sing aji banget saka Yéhuwah. (2 Kr. 3:17) Kuwi nggawé awaké dhéwé nduwé kesempatan kanggo nduduhké katresnan marang Yéhuwah lan nggawé keputusan sing bener. Mula, ayo terus nggawé keputusan sing ngajèni Yéhuwah sarta terus ngajéni keputusané wong liya.