PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwbq artikel 183
  • Kanca sing Apik Kuwi sing Kaya Apa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kanca sing Apik Kuwi sing Kaya Apa?
  • Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Jawaban ing Alkitab
  • Kanca sing apik kuwi sing kaya apa?
  • Conto wong-wong sing dadi sahabat
  • Apa awaké dhéwé isa dadi kancané Gusti Allah?
  • Miliha Kanca sing Nresnani Yéhuwah
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Gusti Allah Ngundang Panjenengan Dadi Kancané
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Dadi Kancané Yéhuwah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
ijwbq artikel 183
Kumpul-kumpul karo kanca ing cedhak api unggun. Ana sing nggitar.

Kanca sing Apik Kuwi sing Kaya Apa?

Jawaban ing Alkitab

Nèk nduwé kanca, awaké dhéwé isa bahagia. Terus nèk nduwé kanca sing apik, kuwi isa mbantu awaké dhéwé dadi wong sing luwih apik.​—Wulang Bebasan 27:17.

Ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé kudu ngati-ati wektu milih kanca. Nèk milih kanca sing ora apik, awaké dhéwé isa waé dadi mèlu-mèlu kelakuané lan sipaté sing ora apik.​—Wulang Bebasan 13:20; 1 Korintus 15:33.

Ing artikel iki bakal dibahas:

  • Kanca sing apik kuwi sing kaya apa?

  • Conto wong-wong sing dadi sahabat

  • Apa awaké dhéwé isa dadi kancané Gusti Allah?

  • Ayat-ayat ing Alkitab soal kanca

Kanca sing apik kuwi sing kaya apa?

Menurut Alkitab, kanca sing apik kuwi ora merga hobiné padha. Misalé ing Mazmur 119:63 disebutké, ”Aku kekancan karo wong sing wedi marang Njenengana lan sing manut karo peraturan-Mu.” Sing nulis mazmur milih kanca sing padha-padha nglayani Gusti Allah lan manut pathokané Gusti Allah.

Kanca sing apik kuwi sipaté piyé?

  • ”Kanca sejati kuwi terus nresnani lan dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.”​—Wulang Bebasan 17:17.

  • ”Ana wong sing nggawé kancané cilaka, ning ana kanca sing luwih akrab timbang sedulur kandhung.”​—Wulang Bebasan 18:24.

Menurut ayat-ayat mau, kanca sing apik kuwi apikan, murah hati, setya, lan bener-bener nresnani kancané. Kanca sing apik bakal terus ndhukung lan wani ngandhani wektu kancané salah.​—Wulang Bebasan 27:6, 9.

Conto wong-wong sing dadi sahabat

Ing Alkitab disebutké wong-wong sing dadi sahabat meskipun béda umuré, budayané, lan kedudukané. Misalé:

  • Rut karo Naomi. Rut kuwi mantuné Naomi, dadi umuré mesthi béda adoh. Apa manèh latar belakangé meréka béda. Tapi, meréka isa dadi sahabat.​—Rut 1:16.

  • Daud karo Yonatan. Yonatan umuré 30 taun luwih tuwa timbang Daud, tapi meréka ”dadi sahabat sing akrab”.​—1 Samuèl 18:1.

  • Yésus karo para rasulé. Yésus kuwi guru, dadi kedudukané luwih dhuwur ketimbang rasul-rasulé. (Yohanes 13:13) Tapi Yésus akrab banget karo rasul-rasulé, khususé sing gelem manut dhèwèké. Yésus ngomong, ”Aku nyebut kowé sahabat merga kowé wis tak kandhani kabèh sing wis tak rungokké saka Bapakku.”​—Yohanes 15:14, 15.

Apa awaké dhéwé isa dadi kancané Gusti Allah?

Isa. Menurut Alkitab, ”Dhèwèké akrab karo wong sing bener.” (Wulang Bebasan 3:32) Kuwi artiné Gusti Allah gelem kekancan karo sing tingkah lakuné bener, jujur, lan manut karo pathokan-pathokané Gusti Allah. Misalé, ing Alkitab Abraham kuwi disebut sahabaté Gusti Allah.​—2 Babad 20:7; Yésaya 41:8; Yakobus 2:23.

a Saka ayat-ayat liya ing mazmur iki, ”Njenengan” kuwi maksudé Gusti Allah.

Ayat-ayat ing Alkitab soal kanca

Mazmur 119:63: ”Aku kekancan karo wong sing wedi marang Njenengan lan sing manut karo peraturan-Mu.”

Artiné: Awaké dhéwé kudu milih kanca sing padha-padha nglayani Gusti Allah lan gelem manut pathokané.

Wulang Bebasan 3:32: ”Yéhuwahb sengit karo wong sing licik, ning Dhèwèké akrab karo wong sing bener.”

Artiné: Nèk péngin dadi kancané Gusti Allah, tingkah lakuné kudu bener lan kudu jujur.

Wulang Bebasan 13:20: ”Wong sing bergaul karo wong sing wicaksana bakal dadi wicaksana, ning wong sing dadi kancané wong bodho bakal cilaka.”

Artiné: Awaké dhéwé isa dadi wong sing apik utawa ora, bergantung awaké dhéwé bergaul karo sapa.

Wulang Bebasan 17:17: ”Kanca sejati kuwi terus nresnani lan dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.”

Artiné: Kanca sing apik kuwi bakal terus ndhukung.

Wulang Bebasan 18:24: ”Ana wong sing nggawé kancané cilaka, ning ana kanca sing luwih akrab timbang sedulur kandhung.”

Artiné: Kanca sing apik kuwi isa dipercaya lan terus setya.

Wulang Bebasan 27:6: ”Kanca sing setya mènèhi naséhat senajan kuwi isa nggawé lara ati.”

Artiné: Kanca sing apik wani ngandhani wektu awaké dhéwé salah.

Wulang Bebasan 27:17: ”Wong sing mbantu kancané dadi luwih apik kuwi kaya wesi sing nglandhepké wesi.”

Artiné: Nèk nduwé kanca sing apik, awaké dhéwé ya bakal dadi wong sing luwih apik.

b Menurut Alkitab, Gusti Allah kuwi jenengé Yéhuwah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim