Sedulur-Sedulur sing Réla Pindhah ing Albania lan Kosovo
Sedulur Gwen, sing asalé saka Inggris, pindhah kanggo nginjil ing Albania.a Dhèwèké ngomong, ”Aku ora nyangka, ternyata ana akèh sing isa tak lakoni kanggo Yéhuwah.”
Selain Gwen, ana sedulur-sedulur liya sing pindhah ing Albania kanggo ngumpulké wong-wong sing kaya ”harta sing berharga saka kabèh bangsa”. (Hagai 2:7) Ngapa kok sedulur-sedulur kuwi gelem pindhah? Apa waé sing diupayakké? Apa waé berkahé?
Péngin Nglayani Luwih Akèh
Para sedulur kuwi pindhah ing Albania merga sayang Yéhuwah lan péngin mbantu wong liya bèn kenal karo Yéhuwah.
Tapi, apa meréka langsung pindhah? Gwen ngomong, ”Awalé, aku mèlu kelompok basa Albania ing Inggris. Aku ya mèlu pertemuan gabungan wilayah ing Albania. Bar kuwi, aku pindhah sedhéla ing Albania bèn basaku luwih lancar.”
Gwen
Sedulur Manuela manggon ing Italia. Pas umuré 23, dhèwèké pindhah ing jemaat sing luwih cilik. Dhèwèké crita, ”Aku wis mbantu jemaat kuwi patang taun. Terus, aku ngerti nèk ing Albania butuh luwih akèh penginjil. Dadi, aku coba merintis ing kono selama beberapa bulan.”
Manuela (sing tengah)
Wektu umuré pitung taun, Federica krungu laporan soal Albania ing pertemuan gabungan wilayah. Dhèwèké ngomong, ”Jaréné ing Albania kuwi sing gelem sinau Alkitab lan gelem teka ngibadah ana akèh. Dadi, aku langsung ngomong karo wong tuwaku nèk aku péngin lunga ing Albania. Terus, meréka kagèt. Ning bapakku ngomong, ’Didongakké waé. Nèk kuwi karepé Yéhuwah, mengko mesthi dikabulké.’ Beberapa bulan sakwisé kuwi, aku sak keluarga diundang nglayani ing Albania.” Saiki Federica wis nikah karo Orges, lan meréka dadi penginjil sepenuh waktu ing Albania.
Orges and Federica
Bar pènsiun, Gianpiero lan Gloria pindhah ing Albania. Gianpiero crita, ”Asalku saka Italia. Anakku ana lima, lan sing nomer siji nganti telu wis pindhah ing dhaérah sing butuh luwih akèh penginjil. Wektu maca artikel ’Bisakah Saudara Melangkah ke Makedonia?’ aku karo bojoku ya dadi péngin. Terus, kami ngrembug piyé nèk dhuwit pènsiunku dienggo pindhah ing Albania.”
Gianpiero and Gloria
Nggawé Rencana
Sakdurungé pindhah, sedulur-sedulur mau kudu nggawé rencana. (Lukas 14:28) Misalé, meréka kudu mikirké piyé carané bèn isa nyukupi kebutuhan. Contoné Sedulur Gwen. Pas isih ing Inggris, dhèwèké manggon ing omahé mbakyuné bèn isa nabung. Sophia karo Christopher, sing asalé saka Inggris, crita, ”Kami ngedol mobil lan perabotan, bèn isa pindhah ing Albania paling ora setaun.” Ning, akhiré meréka isa manggon ing Albania luwih saka setaun.
Christopher and Sophia
Ana sing manggon ing Albania beberapa bulan, terus mulih kanggo kerja lan nggolèk dhuwit, bar kuwi balik manèh ing Albania. Misalé, Eliseo lan Miriam. Eliseo crita, ”Dhaérah asalé Miriam kuwi tempat wisata. Nggolèk gawéan ing kono gampang banget. Dadi, pas musim panas kami kerja ing kono selama telung sasi. Nah, dhuwité isa dienggo ing Albania selama sangang sasi. Kami wis kaya ngono selama limang taun.”
Miriam and Eliseo
Ngatasi Tantangané
Bar pindhah, keadaané ora langsung gampang. Ning, sedulur-sedulur ing Albania seneng mbantu. Misalé, Sophia crita, ”Pas musim dingin, ing Albania kuwi adhem banget, luwih adhem timbang ing Inggris. Aku ndelok para sedulur ing kéné, dadi akhiré aku ngerti kudu nganggo klambi apa bèn ora kadhemen.” Sedulur Grzegorz karo bojoné, Sona, asalé saka Polandia. Meréka pindhah ing kutha Prizren, ing Kosovo.b Sedulur Grzegorz ngomong, ”Para sedulur ing kéné apikan lan sabar. Meréka mbantu kami sinau basané, ngandhani toko endi sing murah, lan ngajari carané blanja ing pasar.”
Seneng Merga Nglayani
Sedulur-sedulur sing pindhah mau seneng isa kenal lan akrab karo sedulur-sedulur ing jemaat sing anyar. Misalé, Sedulur Sona crita, ”Aku dicritani piyé meréka isa kenal Yéhuwah lan isa dadi Seksi Yéhuwah. Imanku dadi dikuwatké merga ndelok Yéhuwah sayang banget karo meréka. Dadi, ing jemaat kabèh isa padha-padha nguwatké. Meréka ora mung dadi sedulur seimanku, tapi ya dadi sahabatku.” (Markus 10:29, 30) Sedulur Gloria ya crita, ”Aku ngerti ing kéné ana sedulur-sedulur wédok sing dianiaya karo wong sing ora seneng karo Seksi Yéhuwah. Aku terharu banget merga meréka tetep setya karo Yéhuwah.”
Grzegorz and Sona
Para sedulur mau ya isa éntuk pengalaman sing anyar. Awalé mungkin ora gampang, ning sakwisé dicoba ternyata kuwi nyenengké. Contoné, Sedulur Stefano crita, ”Ing jemaatku mbiyèn, nginjilé nganggo interkom, dadi mung isa ngobrol sedhéla. Ning nèk wong-wong Albania kuwi seneng ngobrol, biasané karo ngopi. Aku ki wongé isinan, dadi aku bingung arep ngomong apa. Ning, suwé-suwé aku isa menikmati.”
Alida and Stefano
Leah karo bojoné, William, pindhah saka Amerika ing Albania. Leah crita, ”Ing kéné aku isa dadi luwih murah hati, ngajèni wong liya, lan éntuk luwih akèh kanca. Aku ya isa nyoba cara-cara anyar kanggo nginjil lan carané njelaské topik-topik ing Alkitab.” William ya crita, ”Akèh wong sing dolan ing Albania ngomong nèk pantainé apik-apik. Nèk aku, senengé munggah ing Pegunungan Albania. Tapi, sing marahi aku betah ing kéné kuwi wong-wongé. Ing dhaérahku, ana akèh désa sing mung dikunjungi Seksi-Seksi Yéhuwah wektu ana kegiatan khusus. Dadi, pas kami mrono isa ngobrol suwé banget. Sedina mung isa marani beberapa keluarga thok.”
William and Leah
Sing paling marahi seneng kuwi merga ana akèh wong sing tanggepané apik. (1 Tésalonika 2:19, 20) Sedulur Laura crita, ”Aku tau nglayani ing kutha Fier. Lagi rong taun setengah waé, wis ana 120 penginjil anyar, lan sing 16 mbiyèn sinau Alkitabé karo aku.” Sedulur Sandra ya crita, ”Aku nginjil karo ibu-ibu ing pasar. Dhèwèké dadi Seksi Yéhuwah, terus bali ing désané. Jaréné, dhèwèké saiki mbantu wong 15 sinau Alkitab.”
Laura
Sandra
Berkah saka Yéhuwah
Beberapa sedulur sing pindhah kuwi saiki isih nglayani ing Albania. Meréka seneng banget merga akèh wong sing mbiyèn tau dikabari saiki wis dadi Seksi Yéhuwah. (Pengkhotbah 11:6) Sedulur Christopher crita, ”Aku ketemu manèh karo wong sing mbiyèn tau tak bantu sinau Alkitab pas awal-awal aku ing Albania. Dhèwèké ngomong nèk dhèwèké isih kèlingan apa sing tak omongké soal Alkitab wektu kuwi. Saiki, dhèwèké karo bojoné wis dibaptis.” Sedulur Federica crita, ”Ana sedulur wédok sing nemoni aku, terus takon apa aku isih éling karo dhèwèké. Dhèwèké ngomong nèk sangang taun mbiyèn, aku sing pertama kali ngandhani dhèwèké soal Yéhuwah. Bar aku pindhah ing kutha liya, dhèwèké sinau Alkitab lan akhiré dibaptis. Pas awal-awal aku ing Albania, tak pikir aku nginjil ora ana hasilé. Jebulé ana.”
Sedulur-sedulur sing pindhah ing Albania utawa Kosovo bener-bener bahagia lan ngrasakké berkah saka Yéhuwah. Misalé, Sedulur Eliseo sing wis nglayani bertaun-taun ing Albania. Dhèwèké crita, ”Menurut wong-wong, bahagia kuwi nèk wis mapan. Ning nyatané ora ngono. Awaké dhéwé isa bener-bener bahagia nèk ngendelké Yéhuwah. Merga luwih akèh nglayani Yéhuwah, aku bener-bener puas lan bahagia. Aku ya dadi nduwé akèh kanca sing padha-padha péngin nglayani Yéhuwah luwih akèh.” Sedulur Sandra ngomong, ”Cita-citaku kuwi péngin dadi utusan injil. Pas pindhah ing Albania, rasané kaya cita-citaku wis kelakon. Aku seneng banget pindhah ing Albania.”
a Wacanen keterangan soal gawéan nginjil ing Albania ing Buku Tahunan Saksi-Saksi Yehuwa 2010.
b Kosovo kuwi ing sebelah timur lauté Albania. Ing kono, ana akèh wong sing ngomong nganggo dialèk Albania. Seksi Yéhuwah saka Albania, Amerika, lan beberapa negara ing Eropa gelem pindhah mrono bèn isa nginjil karo wong-wong sing nganggo dialèk Albania. Ing taun 2020, wis ana wolung jemaat, telung kelompok, lan rong kelompok awal. Total penginjilé ana 256.