PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwhf artikel 28
  • Piyé Carané Dadi Bapak sing Apik?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Carané Dadi Bapak sing Apik?
  • Bantuan kanggo Keluarga
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Tanggung jawabé bapak
  • Tanggung jawabé bapak kuwi penting
  • Hubungané bapak karo anaké wédok
  • Nduduhké Rasa Sayang Liwat Omongan
    Pengalaman
Bantuan kanggo Keluarga
ijwhf artikel 28
Bapak mlaku-mlaku karo anaké wédok.

BANTUAN KANGGO KELUARGA | NDHIDHIK ANAK

Piyé Carané Dadi Bapak sing Apik?

Ing artikel iki bakal dibahas:

  • Tanggung jawabé bapak

  • Tanggung jawabé bapak kuwi penting

  • Hubungané bapak karo anaké wédok

  • Saran-saran kanggo bapak

Tanggung jawabé bapak

  • Sakdurungé anak lair. Nèk dadi bojo sing apik, biasané ya bakal dadi bapak sing apik. Ing buku Do Fathers Matter? disebutké:

    ”Nèk suami nukokké kabèh kebutuhan istri pas hamil, ngeterké ing dokter, ngancani USG, lan mèlu ngrungokké detak jantung bayiné, suami bakal dadi tambah akrab karo istri lan tambah sayang karo anaké.”

    ”Aku ora péngin bojoku ngrasa dhèwèkan pas hamil. Dadi aku terus ngancani dhèwèké. Kami seneng banget wektu nyiapké kamar kanggo anak kami mengko.”​—James.

    Ayat: ”Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.”​—Filipi 2:4.

  • Sakwisé anak lair. Bèn tambah akrab karo anak, bapak ya kudu mèlu momong. Misalé, mèlu nggéndhong utawa ngejak dolanan anaké. Nèk bapak mèlu momong, anak-anak mesthi ngrasa disayang.

    ”Anak-anak kudu ngrasa disayangi karo wong tuwané. Dadi, wong tuwa kudu gelem dolanan lan guyon karo anak-anak. Aja terlalu serius.”​—Richard.

    Bapak nggéndhong anaké sing isih bayi.

    Ayat: ”Anak-anak kuwi hadiah saka Yéhuwah. Anak-anak kuwi berkah saka Dhèwèké.”​—Mazmur 127:3.

  • Pas anak tambah gedhé. Nèk akrab karo bapaké, anak-anak biasané dadi luwih pinter ing sekolahan, ora gampang nesu, ora nganggo narkoba, lan ora dadi bocah sing nakal. Makané bapak kudu berupaya bèn luwih akrab karo anaké.

    ”Merga kerep bareng-bareng, aku karo anakku dadi kerep crita-crita. Nah pas dhèwèké wis ora tinggal sak omah karo aku, dhèwèké ngomong nèk kangen crita-crita karo aku.”​—Dennis.

    Bapak lagi ngobrol karo anaké ing kapal.

    Ayat: ”Mula, kowé kudu terus nggatèkké tumindakmu. Kowé kudu tumindak kaya wong sing wicaksana, dudu kaya wong sing ora wicaksana. Gunakna wektumu kanggo nindakké apa sing penting.”—Éfésus 5:15, 16.

Tanggung jawabé bapak kuwi penting

Lumrahé tanggung jawabé bapak kuwi kerja lan nglindhungi keluargané. Terus biasané, sing akrab lan cedhak karo anak-anak kuwi ibuké. (Pangandharing Torèt 1:31; Yésaya 49:15) Nèk misalé salah sijiné ora ana, mungkin ana wong tuwa sing kudu berperan dadi bapak lan ya dadi ibu. Tapi sakjané embuh bapak utawa ibu, masing-masing perané penting.a

Ahli ing bidang keluarga sing jenengé Judith Wallerstein ngomong, ”Pas anakku wédok umur 12 taun, dhèwèké ditabrak mobil. Pas digawa ing ambulans, dhèwèké njaluk dikancani bapaké, merga dhèwèké ngrasa luwih aman. Tapi pas ing rumah sakit, dhèwèké njaluk aku sing ngancani.”b

”Suami istri kudu kerja sama. Bapak kudu nggawé keluargané ngrasa aman. Nah nèk ibu kudu sayang lan gelem ngrungokké anak-anaké.”​—Daniel.

Ayat: ”Anakku, rungokna dhidhikané bapakmu, lan aja nolak apa sing diwulangké ibumu.”​—Wulang Bebasan 1:8.

Hubungané bapak karo anaké wédok

Bapak isa mbantu anaké wédok ngerti wong lanang sing menghargai wong wédok kuwi sing piyé. Carané ana loro:

  • Kudu sayang karo istri. Nèk njenengan sayang lan menghargai bojoné njenengan, anaké njenengan dadi ngerti kudu nggolèk bojo sing kaya apa.​—1 Pétrus 3:7.

    Anak wédok ndélok bapaké sayang karo ibuké.
  • Kudu sayang karo anak. Njenengan kudu menghargai anaké njenengan bèn dhèwèké ngrasa berharga. Dhèwèké ya dadi ngerti nèk wong lanang kudu menghargai wong wédok.

    Tapi nèk sering disenèn-senèni, anaké njenengan dadi ngrasa ora berharga. Akibaté dhèwèké isa waé nggolèk perhatian saka wong lanang liya, padahal durung tentu wong lanang kuwi tulus menyayangi dhèwèké.

    ”Cah wédok sing disayang bapaké mesthi mengko bakal nggolèk bojo sing sayang lan menghargai dhèwèké.”​—Wayne.

a Tapi ya ana akèh ibu sing isa ngopèni anaké dhèwèkan.

b Saka buku The Unexpected Legacy of Divorce.

Saran-saran kanggo bapak

Gregory; anaké wédok, Olivia; lan bojoné, Audrey.

”Meskipun anakku wédok wis remaja, aku tetep berupaya bèn isa akrab karo dhèwèké. Hasilé, dhèwèké dadi ngrasa disayang lan leluasa arep crita apa-apa karo aku. Nèk wong tuwa terlalu sibuk, anak-anak bakal nggolèk perhatian saka wong liya.”​—Gregory, karo anaké wédok, Olivia, lan bojoné, Audrey.

Kesimpulan: Piyé carané bèn aku isa dadi bapak sing apik?

  • Gelem mbantu istri kèt isih hamil. Nèk nggatèkké lan perduli karo istri kèt isih hamil, mengko ya bakal dadi luwih sayang karo anaké.

  • Berupaya bèn tetep akrab karo anak. Nèk akrab karo bapaké, anak-anak biasané dadi luwih pinter ing sekolahan, ora gampang nesu, ora mabuk-mabukan, lan ora nganggo narkoba.

  • Dadi suami sing apik. Kudu menghargai lan sayang karo istri bèn anak-anak ngerti wong lanang sing menghargai wong wédok kuwi sing piyé.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim