PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 99
  • Piyé Carané Aku Isa Nglatih Hati Nuraniku?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Carané Aku Isa Nglatih Hati Nuraniku?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa hati nurani kuwi?
  • Apa sebabé hati nuranimu kudu dilatih?
  • Piyé carané kowé isa nglatih hati nuranimu?
  • Hati Nurani sing Apik Nurut Gusti Allah
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Nglatih Hati Nurani Nganggo Hukum lan Pathokané Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 99
Bocah lanang sing lagi nggawé keputusan. Ing mburiné ana panah sing nduduhké keputusan sing bener lan sing salah.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Carané Aku Isa Nglatih Hati Nuraniku?

Hati nuranimu isa dipadhakké kaya apa?

  • kompas

  • cermin

  • kanca

  • hakim

Patang jawaban kuwi bener. Artikel iki bakal njelaské apa alesané.

  • Apa hati nurani kuwi?

  • Apa sebabé hati nuranimu kudu dilatih?

  • Piyé carané kowé isa nglatih hati nuranimu?

  • Kandhané kanca-kancamu

Apa hati nurani kuwi?

Hati nurani kuwi kemampuan kanggo ngertèni apa sing bener lan sing salah. Alkitab kandha nèk hati nurani kuwi kaya ’hukum sing katulis ing njero ati’. (Roma 2:15) Hati nurani sing apik isa mbantu kowé mastèkké apa sing wis mbok tindakké lan sing bakal mbok tindakké.

  • Hati nuranimu kuwi kaya kompas. Hati nurani isa nuntun kowé ing arah sing bener bèn kowé ora éntuk masalah.

  • Hati nuranimu kuwi kaya cermin. Hati nurani isa nduduhké sakjané wong sing kaya apa kowé kuwi.

  • Hati nuranimu kuwi kaya kanca sing apik. Hati nurani isa mènèhi naséhat sing apik lan nèk manut naséhat kuwi kowé isa suksès.

  • Hati nuranimu kuwi kaya hakim. Hati nurani isa ngandhani wektu kowé nggawé kesalahan.

Bocah lanang sing lagi milih game sing arep dituku.

Hati nurani sing wis dilatih isa mbantu kowé nggawé keputusan sing bener

Intiné: Hati nuranimu kuwi penting kanggo mbantu (1) nggawé keputusan sing bener lan (2) ngandhani wektu kowé nggawé kesalahan bèn ora mbalèni kesalahan kuwi manèh.

Apa sebabé hati nuranimu kudu dilatih?

Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu ’njaga hati nurani tetep apik’. (1 Pétrus 3:16) Ning, kuwi angèl ditindakké nèk hati nuranimu ora tau dilatih.

”Aku ngapusi wong tuwaku, lan meneng waé wektu ditakoni lagi ing endi. Awalé, aku ngrasa nèk kuwi salah. Ning, suwé-suwé aku ngrasa biasa waé.”​—Jennifer.

Ning akhiré, hati nuraniné Jennifer nggawé dhèwèké ngomong jujur karo wong tuwané lan ora ngapusi manèh.

Kanggo dipikirké: Apa sing nduduhké nèk hati nuraniné Jennifer wis ngandhani Jennifer wektu dhèwèké nggawé kesalahan?

”Dadi wong sing munafik kuwi nggawé strès. Sepisan waé hati nuranimu ngijinké kowé nindakké sing salah, kowé bakal luwih gampang nindakké kuwi manèh.”​—Matthew.

Ana wong sing bener-bener ora perduli karo hati nuraniné. Alkitab kandha nèk wong-wong kuwi ”ora ngerti pathokan moral”. (Éfésus 4:19) Terjemahan The Good News Translation nerjemahké kuwi dadi, ”Wong-wong kuwi wis ora nduwé rasa isin.”

Kanggo dipikirké: Apa wong-wong sing ora ngrasa salah wektu nindakké kesalahan kuwi uripé luwih apik? Wong-wong kuwi bakal éntuk masalah apa?

Intiné: Bèn nduwé hati nurani sing apik, kowé kudu nduwé ’kesanggupan kanggo mikir, sing wis dilatih kanggo mbédakké sing bener lan sing salah’.​—Ibrani 5:14.

Piyé carané kowé isa nglatih hati nuranimu?

Bèn isa nglatih hati nuranimu, kowé butuh conto sing isa mbok tiru. Terus, kowé isa mbandhingké kuwi karo tumindakmu. Wong-wong biasané niru:

  • keluarga lan budaya

  • kanca-kanca

  • artis

Ning sakjané, pathokané Alkitab kuwi sing paling bener. Kuwi masuk akal merga Alkitab kuwi ”asalé saka Gusti Allah”, yaiku sing wis nyiptakké awaké dhéwé lan ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé.​—2 Timotius 3:16.

Gatèkna conto pathokan-pathokan iki.

PATHOKANÉ: ”Aku kabèh péngin tumindak jujur ing kabèh perkara.”​—Ibrani 13:18.

  • Piyé pathokan kuwi isa mengaruhi hati nuranimu wektu kowé kegodha nyonto pas ulangan, ngapusi wong tuwamu, utawa nyolong?

  • Nèk hati nuranimu isa nggawé kowé jujur soal apa waé, piyé kuwi bakal ana manfaaté kanggo kowé saiki lan ing masa depan?

PATHOKANÉ: ”Cepet nyingkira saka hubungan sèks sing ora sah.”​—1 Korintus 6:18.

  • Piyé pathokan kuwi isa mengaruhi hati nuranimu wektu kowé kegodha ndelok pornografi utawa nindakké hubungan sèks sakdurungé nikah?

  • Nèk hati nuranimu isa nggawé kowé ora nindakké hubungan sèks sakdurungé nikah, piyé kuwi bakal ana manfaaté kanggo kowé saiki lan ing masa depan?

PATHOKANÉ: ”Kowé kudu apikan karo siji lan sijiné, nduwé welas asih, lan kanthi saktulusé ati ngapurani siji lan sijiné.”—Éfésus 4:32.

  • Piyé pathokan kuwi isa mengaruhi kowé wektu nduwé masalah karo keluarga utawa kanca?

  • Nèk hati nuranimu isa nggawé kowé ngapurani wong liya, piyé kuwi bakal ana manfaaté kanggo kowé saiki lan ing masa depan?

PATHOKANÉ: ”Yéhuwah . . . gething marang wong duraka, kang seneng tumindak keras.”​—Jabur 11:5.

  • Piyé pathokan kuwi kuduné mengaruhi kowé wektu arep milih acara TV, film, lan video games?

  • Nèk hati nuranimu isa nggawé kowé nolak hiburan sing isiné kekerasan, piyé kuwi bakal ana manfaaté kanggo kowé saiki lan ing masa depan?

PENGALAMAN: ”Aku lan kancaku seneng dolanan game sing isiné kekerasan. Terus, bapakku ngandhani nèk aku ora éntuk dolanan game kuwi manèh. Ning, aku ngèyèl. Aku tetep dolanan game kuwi ing omahé kancaku. Merga sikapku kétok béda, bapakku takon aku kenapa. Ning, aku njawab nèk aku ora apa-apa. Ora suwé bar kuwi, aku maca Jabur 11:5 lan mulai ngrasa gela merga apa sing wis tak tindakké. Aku ngerti nèk aku kudu mandheg dolanan game sing isiné kekerasan. Akhiré, aku isa nindakké kuwi. Merga ndelok perubahanku, ana salah siji kancaku sing akhiré mèlu mandheg dolanan game sing isiné kekerasan.”​—Jeremy.

Kanggo dipikirké: Kapan hati nuraniné Jeremy mulai ngandhani nèk dhèwèké salah, lan kapan Jeremy mulai ngrungokké hati nuraniné? Apa sing isa mbok sinaoni saka pengalamané Jeremy?

Intiné: Hati nuranimu isa nduduhké kowé kuwi wong sing kaya apa lan apa sing penting kanggomu. Nurut hati nuranimu, kowé kuwi wong sing kaya apa?

Kandhané kanca-kancamu

Alexis.

”Senajan kompas isa ngarahké kowé ing arah sing bener, ning kowé kudu tetep milih arep manut petunjuk kuwi apa ora. Kaya kompas, hati nuraniné awaké dhéwé isa ngerti apa sing bener, ning kuwi ora njamin nèk awaké dhéwé bakal nindakké apa sing bener.”​—Alexis.

Lionel.

”Hati nurani kuwi dudu pager sing mbatesi kowé. Malah, hati nurani kuwi dalan sing isa nuntun kowé tekan tujuanmu. Hati nuranimu kuwi ya dadi petunjuk sing isa nglindhungi kowé saka bahaya.”​—Lionel.

Isabella.

”Merga aku wis nglatih hati nuraniku, aku ora bakal nggawé keputusan sing dhasaré saka hati nuraniné wong liya. Aku ora bakal ngubah pathokanku mung bèn padha karo wong liya.”​—Isabella.

Kesimpulan: Piyé carané aku isa nglatih hati nuraniku?

  • Nggatèkké pathokan-pathokan saka Alkitab. Alkitab kuwi asalé saka Gusti Allah, yaiku sing wis nyiptakké awaké dhéwé lan ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé.

  • Mbandhingké pathokané Alkitab karo hati nuranimu. Apa sing isa mbok tindakké bèn cara mikirmu padha karo cara mikiré Gusti Allah?

  • Manut pathokané Alkitab. Pengetahuanmu soal pathokané Alkitab isa mbantu kowé nggawé keputusan saben dina.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim